Anda di halaman 1dari 2

Gempa Mentawai

Gempa bumi 8,3 Skala Richter (SR) ngguncang Kepulauan


Mentawai, Sumatera Barat. Gempa bumi niki berpotensi
kedadosanipun tsunami.
Informasi ingkang dipunklempak saking BMKG, gempa
kedadosan sekitar gebag 19.49 WIB, dinten Rabu (2/3/2016).
Lokasi gempa wonten 5. 16 LS, 94.05 BT utawi 682 Km kilen
Daya Kepulauan Mentawai.

Sawise gempa 8,3 SR, ing Kepulauan Mentawai dina


Rabu (2/3) jebulna ugo kraos cekap dangu ing kitha Padang.
Bahkan gempa ingkang bermula ing gebag 19.49 WIB kraos
sekitar setunggal menit. Nanging mboten kedadosan gempa
susulan.
Salah setunggal Warga Gunung Pangilun, kitha Padang,
Provinsi Sumatera Barat, Satyo Erindra ngginemaken menawi
lampu gantung ing griyanipun sempat obah. Piyambakipun
sempat kuwatos lampu dhawah.
“Nanging namung obah kamawon. Alhamdulillah lampu
mboten dhawah kala gempa,” turin Satyo kala dipunhubungi
Wartawan lewat HP. Dipunpertelakaken piyambakipun,
ngantos kala niki piyambakipun taksih sanguh ngginakaken
jaringan telepon uga internet.
Jaler ingkang disapa Tyo, ngira awale mboten ngelingi
gempa. Amergi kala punika piyambakipun nembe mantuk
nitih mobil. Awale Tyo ngira mobile goyang, nanging kraos
goyangan cekap dangu. Jebulna sampun kedadosan gempa.
Goncangan gempa pancen mboten ageng.
Nanging durasine cekap dangu. Hal punika berdurasi
sekitar setunggal menit. “Kula kinten mobil goyang, jebulna
gempa,” terangipun.
Dipunminggahaken Tyo, ngantos kala niki masyarakat ing
lingkungane taksih was-was mbok menawi enten gempa
susulan. Nanging sakunjukan masyarakat mileh konjuk mlebet
datheng griya. Piyambake sedaya ngupados konjuk mboten
panik. “Nggih taksih nengga informasi. Warga kuwatos
kedadosan Tsunami nanging tetap usaha supados mboten
panik,” terange

Kapethik saka : https://kumparan.com/berita-terkini/4-contoh-pawarta-bahasa-jawa-


singkat-tentang-bencana-alam-1xa3aRkspk6

Anda mungkin juga menyukai