Anda di halaman 1dari 1

SESORAH PENGETAN DINTEN HARI PAHLAWAN

Assalamualaikum Wr Wb.

Dhumateng Kepala SMP Negeri 13 Purworejo, bapak Ahmad Yulianto,S.Pd ingkang kinurmatan. para
bapak/ibu guru Lan para rawuh sedaya ingkang tansah kawula hormati, lan para kanca-kanca ingkang
Kawula tresnani.

Sepisan, mangga kita sedaya Tansah ngaturaken puji syukur dumateng ngersanepun Gusti Allah Kang
Maha Pengasih. awit rahmatipun, kawula lan panjenengan sedaya tasih pinaringan pinten-pinten
rahmat, taufiq, hidayah, saha inayah, saenggo saget rawuh wonten mriki kanthi sehat walafiat, kaping
kalih, sholawat serta salam allahumma sholi ala muhammad, mugi mugi tansah kaaturaken dateng gusti
kanjeng nabi Muhammad saw.

Para bapak/ibu guru lan kanca-kanca ingkang Kawula tresnani, dinten menika kita sedaya mengeti
dinten pahlawan punika ing tanggal 10 november. Dinten menika saget kagem mengeti kita sedaya
marang perjuangan para Pahlawan. semangat 45 Kang sampun di wekdalake Kangge Kamardikaan
bangsa Indonesia, mbebasaken bangsa saking penjajah. ing jaman kepungkur para pahlawan menika
ikhlas tumindak menapa mawon kangge Indonesia, wantun katutup ing getih kangge ngusir penjajah.
kamardikaan, persatuan, lan kesatuan kang sampun diwujudake para pahlawan menika sakedahipun
kita jaga, ampun ngantos wonten perpecahan panjenengan sederek sebangsa.

Para bapak/Ibu guru lan Kanca -kanca ingkang Kawula tresnani, sumangga kita sedaya ndongakaken
kangge perjuangan lan jasa para pahlawan. cekap semanten ingkang saget kawula aturaken, mugiya kita
sedaya saget dados warga negara kang saget njaga persatuan Ian kesatuan bangsa. wassalamualaikum
Wr Wb.

Anda mungkin juga menyukai