Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Dumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan.

Poro bapak/ibu guru lan hadirin sedaya ingkang tansah kawula kurmati, dallah

Poro rencang-rencang ingkang kawula sayangi.

Sepindah, mangga kita sedaya tansah manjataken puji syukur dumateng ngersane
Gusti Allah Kang Maha Pengasih.

Berkat rahmatipun, kawula lan panjenengan sedaya tasih pinaringan pinten-pinten


rahmat, taufiq, hidayah, saha inayah, sehinggo saget rawuh wonten mriki kanthi
sehat walafiat.

Kaping kalih, sholawat serta salam Allahumma sholli ala Muhammad, mugi-mugi
tetep kaaturaken dateng gusti Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Poro bapak/ibu guru lan rencang-rencang ingkang kula tresnani, dinten menika kita
sedaya mengeti Dinten Sumpah Pemuda kaping 94.

Dinten Sumpah Pemuda dipun ngengeti wonten tanggal 28 ing wulan Oktober.

Mengeti Dinten Sumpah Pemuda mboten namung nderek upacara kemawon,


nanging inggih menika kita kedah saget mundut hikmahipun.

Poro rawuh ingkang kula kurmati,

Ing zaman kepungkur, poro muda-mudi gadah semangat kangge merjuangake


kawetahan bangsa Indonesia.

Katah bangsa Walanda ingkang ngalang-ngalangi, nanging muda-mudi tetep


semangat merjuangaken kemerdekaan.

Amarga perjuangan poro muda-mudi lan rahmat saking Allah SWT, kita sedaya ing
wakdal niki sampun saget sinau wonten perguruan tinggi.

Tugas kita sedaya sakniki inggih semangat nerusake perjuangan poro pahlawan
kangge majengaken peradaban.

Dados pemuda niku kedah mados ilmu pengetahuan ingkang katah, langkung-
langkung ilmu agami.

Poro rawuh ingkang kula kurmati,

Cekap semanten ingkang saget kula aturaken, mugiyo kita sedaya saget dados
mudha ingkang sregep pados ilmu.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai