Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr.

wb

Bapak Kepala Sekolah Ingkang Kinurmatan


Bapak Ibu guru ingkang kawula bekteni
Para Karyawan Karyawati ingkang kinurmatan lan
Para rencang ingkang kula tresnani

  Sumangga kita sareng ngaturaken syukur dhumateng gusti ingkang Maha kuwaos ingkang
sampun paring rahmat,taufik sarta hidayah saengga kita saged pinanggihan wonten panggenan
ingkang sae pubika.

Para rawuh ingkang kinurmatan,

  Ing wekdal punika kula badhe medharaken bab pengetan Hardiknas lan dinten kebangkitan
Nasional. Wonten ing pengetan dinten ageng punika kita sedaya saged mirsani bilih bangsa kita
inggih bangsa indonesia taksih ketinggalan menewi dipunbandingaken laiyan bangsa sanes.
Kitam minangka warga Indonesia ingkang "terpelajar" kedah saged ngrekadaya kangge
mejangaken bangsa indonesia.

Para rawuh ingkang mangayu bagya,

Kita sedaya tamtu taksih emut kaliyan Bapak pendidikan nasional inggih punika Bapak Ki Hajar
Dewantara, ingkang ageng sanged jasanipun tumrap pendidikan. Salah satunggalipun inggih
punika ngedegaken sekolah Taman siswa ingkang nggadhah prinsip ing ngarsa sung tuladha, ing
madya mangun karsa, Tut wuri handayani. Prinsip punika taksih dipunagem ing donya
pendidikan ngantos sapunika.

Para rawuh ingkang dahat kinurmatan,

  Nalika jaman penjajahan mengsahipun bangsa kita inggih punika para penjajah. Para pahlawan
berjuang nglawan penjajah kangge kamardikan bangsa nanging sapunika kita kedah nglawan
"kebodohan", narkoba, pornografi lan sapanunggalipun, ingkang saged ngrusak moral generasi
mudha lan saged mbebayan tumrap kamajengan pendidikan.

Kados pundi caranipun supados  kebodohan saget ical saking bangsa indonesia punika ? Tamtu
kemawon mboten namung kita nanging pamarentah ugi kedah cawe cawe supados aslinipun
langkung sae. Kanthi cara punapa ?

1. Pamarentah sampun nyanangaken wajib belajar 12 tahun


2. Pamarentah ngedegaken sekolah sekolah wiwit TK ngantos Perguruan tinggi
3. Pamarentah maringi bantuan sekolah ugi beasiswa dhumateng para siswa ingkang
kacingkrangan nanging nggadhadi prestasi.

Sedherek shedherek ingkang knurmatan,


 Kita sedaya kedah ngregani jasa jasanipun para pahlawan. Ananging boten namung ziarah
wonten pasaraenipun utawi upacara mangeti dintin ageng nasional kemawon, nanging saged
kanthi cara :

1. Kita minangka pelajar kedah sinau ingkang sregep


2. Saget ngginakake wekdal kanthi sae kangge nambah kawruh
3. Ningkataken iman lan taqwa
4. Merangi narkoba, pornografi lan sapanunglipun ingkang saged ngrisak moral kita.

 Menawi kita sareng sareng merangi kebodohan mugi mugi para generasi mudha saget
nglajengakan perjuanganipun para pahlawan lumantar ilmu ingkang migunani kangge bangsa lan
Negara. Sumangga kita buktenaen menawi generasi mudha negara indonesia punika generasi
mudha indkang cerdas, tangkas, saha nggadhadi budi pekerti luhur.

Para rawuh ingkang kanurmatan,

  Cekap semanten atur kawula. Menawi wonten atur kawula ingkang kirang nuju prana ugi tindak
tanduk ingkan kirang suba kula nyuwun gunging pangaksami. Matur suwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai