Anda di halaman 1dari 32

UJIAN AKHIR SEMESTER GANJIL

TUGAS KELOMPOK

Untuk Memenuhi Syarat Lulus Mata Kuliah Bahasa Jawa Lisan Reseptif

Dosen pengampu: Rudy Wiratama, S.I.P, M.A.

Oleh:
Fega Achillea Maydena (23/519618/SA/22510)
Luki Henria Pasadhi (23/519238 /SA/44923)
Maylafaizza Nafisha Zifa (23/515478/SA/22273)
Rafif Wicaksono (23/518957/SA/22473)
Rela Sazkia (23/515225/SA/22255)
Talitha Ulayya Iskandar (23/519645/SA/22511)

PROGRAM STUDI BAHASA, SASTRA, DAN BUDAYA JAWA


FAKULTAS ILMU BUDAYA
UNIVERSITAS GADJAH MADA
2023
DAFTAR ISI

DAFTAR ISI 2
SUMBER 2
Rela Sazkia 2
Luki Henria Pasadhi 7
Maylafaizza Nafisha Zifa 11
Talitha Ulayya Iskandar 19
Fega Achillea M 24
Rafif Wicaksono 28

SUMBER

“AWAN-AWAN KEMALINGAN” Lakon Karya SUDADI (Javanese-Language Radio Drama)

Rela Sazkia
23/515225/SA/22255
MULAI 00.00 - 10.02

[Musik pambuka]

Nuwun para kadang kinasih, salam budaya. Sugeng pepanggihan kaliyan kula warga
Swarabawa tim pengembangan Sandiwara Radio Audio Bahasa Jawa Dinas Kebudayaan
Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Samangke kula warga Swarabawa badhe ngaturaken
cariyos asesirah Awan-Awan Kemalingan anggitanipun Sudadi, mangga sugeng
midhangetaken.

[Musik gamelan]
[Swara rame ing rumah makan]

Warung pratelon lagi dadi guneman, warung iki duweke Bu Rohyati. Sekawit mung warung
templek cilik ing pratelon kutha kecamatan, nanging sakwise randa Rohyati nikah karo
Giman, warung iki dadi gedhe wong-wong padha demen jajan ing warung sing tansah katon
padhang iki. Sega goreng pete dadi menu istimewa, nanging para pamiyarsa, ora mung sega
gorenge lho sing istimewa, warung iki kanthi sesidheman uga nyediani layanan basang
nomer buntutan kanggo para pandhemene. Meh saben mbengi warung iki regeng, malah
para pandhemen nomer buntutan wis teka wiwit awan. Ngepasi jam sepuluh wengi,
kupon-kupon sing wis payu dilumpukake lan direkap. Sing dipercaya Kang Giman ngurusi
rekapan kuwi jenenge Gundul.

Giman : “Ndul, Gundul!”

Gundul : “Nggih.”

Giman : “Wis rampung ta lehmu ngerekap? Dina iki akeh ora?”

Gundul : “Lumayan, Bos.”

Giman : “Syukur.”

Gundul : “Rong bendhel entek, malah tambah sethithik iki, ajeg payune angger
ngene terus kelakon jejeg kendhile, isa rabi meneh, Bos.”

[Gundul ngguyu]

Rohyati : “Owalah, Ndul, Ndul, kowe ki jan.”

Giman : “Ana-ana wae kowe ki, Ndul.”

Rohyati : “Haiya.”

Giman : “Anu, Ndul!”

Gundul : “Heh?”

Giman : “Mengko kaya biasane ya, kowe sing setor bonggol ning markas
besar.”

Gundul : “Nggih.”
Giman : “Ngati-ati, aja nganti konangan hansip.”

Gundul : “Beres, Bos, aman! Ora mungkin kecekel hansip. Wah, ning iki
wetengku kok keroncongan sajake ngelih.”

Giman : “Waiyah.”

Rohyati : “Mangan sik wae, arep tak gawekke sega goreng, pa?”

Gundul : “Oh, iya Mbak Rohyati, pedhes nganggo pete ya, Mbak.”

Rohyati : “Tunggu sedhela tak masakne ra nganti limang menit rampung.”

Gundul : “Nuwun, Mbak, karo tak tata-tata ndhisik iki.”

[Swara nutup rit tas]

Rohyati : “Nyoh, mangan sik.”

[Swara piring didhunke]

Gundul : “Wah, nuwun, Mbak!”

[Swara mangan kepedhesan]

Gundul : “Hah pedhes, pedhes tenan, Mbak Roh, ning muantep pokoke.”

[Rohyati ngguyu]

Gundul : “Petene jan suwer tenan iki.”

Rohyati : “Sukur nek kepeneran, ha nek kepedhesen ya ngombe ndisik. Apa


ngemplok bakwan kono!”

Gundul : “Uwis, Mbak, kopiku ya iseh iki tak entekke sisan.”

[Swara nyeruput kopi]

Giman : “Uwis gek ndang budhal, Ndul, nek nganti keliwat wektu kelakon
kobong kupone. Nek kebobolan wah ha sida gulung koming tenan aku
kelakon entek omah ngko, cepet!”

Gundul : “Lah, tenang wae, Bos, sakjam ya wis tekan kok batese jam rolas ta.”
Giman : “Ha iya.”

Gundul : “Ya wis tak budhal saiki, ya.”

Rohyati & Giman : “Ya, sing ngati-ati!”

[Musik gamelan]

[Swara motor mlaku]

Rohyati : “Pak, jane aku arep ngomong sethithik.”

Giman : “Buk, arep omong apa ta kok sethithik, ha mbok rong ithik.”

Rohyati : “Anggonmu dodolan nomer buntut kuwi lho pak.”

Giman : “Ha kepiye?”

Rohyati : “Aku kuwi terus terang rumangsa waswas lan kuwatir e.”

Giman : “Lha kok?”

Rohyati : “Ha golek dhuwit kok nganggo cara adol buntutan, jare sing kaya
ngana kuwi ora barokah, dhuwite bisa gawe congkrah wusana bakal
bubrah sing omah-omah, lha rak payah.”

Giman : “Mosok iya ah, lho ana lho sing menang lotre njur dadi sugih makmur
jibar-jibur malah dadi dermawan barang.”

Rohyati : “Alah apa iya!”

Giman : “E loh tenan kuwi, lotre utawa buntutan kuwi rak wis ana wiwit
jaman lawas ta, mbiyen ki ya ana lho sik jenenge nalo, lodha, porkas,
SD-SB, terus ganti togel jaran mlayu, lha buntutan ya ra bakal ilang
kok Bu, ana terus bareng mlakune jaman.”

Rohyati : “Apa ya ngana kuwi?”

Giman : “Ha, kuwi rak mung dinggo hiburan wong cilik ta, dhuwite sing
dinggo tuku ra sepira iseng-iseng berhadiah, idhep-idhep kanggo
ngamal.”
Rohyati : “Ngamal?”

Giman : “Ha iya.”

Rohyati : “Ngamal apane, ha wong anggone tuku nomer kuwi genah


ngarep-arep nembus kok ngomong ngamal. Ha coba pira
entuk-entukane nek,”

Giman : “Nek apa?”

Rohyati : “Ha ya nek basahane tembus.”

Giman : “Ha ya gumantung jejeran angkane kok, rong nomeran nampa hadiah
cilik-cilikan.”

[Rohyati gemremeng]

Giman : “Cukup tikel seket, telung nomer tikel ping rongatus seket, lha nek
angkane jejer papat hadiahe tikel ping rong ewu, lho ngedhap-edhape
temenanan.”

[Giman nggebrak meja]

Rohyati : “Ooo, dadi upama tuku sepuluh ewu kuwi tembus patang nomer terus
entuk pira?”

Giman : “Ha ya kari ngepingke ta ya, mung metu dhuwit sepuluh ewu,”

Rohyati : “He’em.”

Giman : “Nek nembus patang angka entuk hadiah rongpuluh yuta, kuwi
dhuwit kabeh ora campur wingko apa meneh wingko babat.”

[Giman ngguyu]

Rohyati : “Iya ta, cetha duwe pamrih kok jare idhep-idhep ngamal, lha nek
nyata niyat ngamal ha mbok wis dhuwite ki diwenehke wong kesrakat
wae ha rak iseh akeh sing dha butuh santunan.”

Giman : “Ning buntutan kuwi tetep dibutuhke wong akeh, Bu. Ha tinimbang
mikir urusan negara sing abot-abot, mikir politik sing ora genah
juntrunge, beda paham malah dadi regejegan rebut benere
dhewe-dhewe njur padu karo tangga, mungsuhan karo kanca rak malah
padha setres ta.”

Rohyati : “Alah.”

Giman : “Lha iki hiburan entheng-enthengan je, ngeramal, tuku nomer, nek
ora nembus idhep-idhep ngamal kelakon tembus sugih dadakan, penak
ta? Mulane ora perlu dipikir abot.”

Rohyati : “Tuku nomer kaya kuwi klebu ngabotohan, Pak, kuwi mono judi!”

[Rohyati nggebrak meja]

Giman : “Iyah ora sah njur nesu ta, Bu, sing ngabotohan tuku nomer buntutan
kuwi rak pelangganku ta, wong-wong kae ta dudu aku, lha aku ki wis
ngerti kok nek wong tuku nomer buntutan kuwi mesthi kalah, ha
mung kaya tuku impen kok. Ha mula aku ya ra sudi tuku nomer
buntutan.”

Rohyati : “Lha kuwi, nek ngerti kaya ngana kena ngapa ngelakoni dadi bandar,
dodolan nomer buntut barang.”

Giman : “Lha bonuse ki gedhe temenan lho, Bu, piye coba?”

Rohyati : “Ning yen konangan sing berwajib arep ngapa coba?”

[Giman ngguyu]

Luki Henria Pasadhi


23/519238 /SA/44923
MULAI 10.10 - 20.22

Giman : “[Ngguyu] “ Tenang bu ... jarene wong – wong semuanya bisa diatur, ya? “

Rohyati : “Hah ... kok tetep wae ora sreg atiku.”

Giman : “ Lhoh?”
Rohyati : “Sampean pancen ora tuku , ning marai wong – wong do mendem buntutan.
Tuku nomer, terus angan- angan e mabur mencit. Rumangsane arep nembus.
Ha … ya arak jeneng racun ta wi? Yo ora?”

Giman : “Bener ... ha ning ya wis ben wae, buk. Ha wong sok do ra mikir. Mengko
angger wis do kolah – kalah terus la suwe – suwe ra ya kapok, tah? Angger
wis do kapok, aku tak leren le dodolan.“

Rohyati : “Ha ... piye kuwi?”

Giman : “Lho piye ta.” (menghela napas)

Rohyati : “Warung e awak e dewe ki rak wis tambah gede. Pemetune turah – turah nek
mung dingo urip wong loro malah bisa nabung. Terus munggah haji. Lha awak
e dew era duwe anak. Lha arep dingo ngopo dhuwit e? ya, po ra?“

Giman : “Ha ya wis. Angger e wis kaya restoran gede, tak mandeg dodol buntutan,
Bu.“

Rohyati : “Mulane ayo mbudidaya supaya warung iki tambah gede. Lha ngene pak.
Aku wis golet rewang sing pinter masak ben pelanggane tambah akeh, marem
jajan ning kene.“

Giman : “Wah mathuk, Bu. Mathuk.”

[Pelanggan warung berbincang]

Warung pertelon tambah rame. Ora mung sega goreng pete sing digandrungi pelanggane,
ayam goreng lalap sambel trasi dadi menu anyar sing digandrungi wong akeh. Tarimah, sing
diangkat dadi karyawan anyar ing warung kuwi nyata pinter ngolah masakan. Yo ra mokal
lha wong masakan e bisa gawe marem para pelanggan. Wis seminggu Tarimah nyambut
gawe ana ing warung kuwi, Omahe Tarimah rada adoh seka warung. Dheweke ora duwe
motor. Wanci bengi uga wis ora ana angkutan tumuju omahe Tarimah sing mapan ing pinggir
desa. Sidane mas Giman sing kudu mapag lan ngeterake mulih Tarimah saben dina.
Rohyati : “Wis meh jam sepuluh, Mah. Ngaso o disik.“

Tarimah : “Nggih, Bu. Nanggung e niki. Kula rampung e riyin sing ngasah – asah.

Rohyati : “Nek durung rampung yo sesuk rapapa.”

Tarimah : “Mpun. Mpun rampun kok ini, bu”

Rohyati : ”Mulih e ben diterke pak Giman meneh. Wong ya ora ana sing mapag. “

Tarimah : “Nggih, bu.”

Giman : “Ayo, ma. Tak terke mulih saiki. Selak wengi.. akeh memedi lho ning dalan.”

Tarimah : “Ah juragan kakung niku mangke kilo ajri, og.”

Tarimah : “Nggih mangga, juragan.”

Giman : “Wes kene. Gek mbonceng.”

Giman : “Wis, Mah. Gek ndang ngaso, aku tak terusan ya.”

Tarimah : “Nggih matur nuwun, Juragan.“

Mengkono, meh saben dina, Giman methuk lan ngeterake mulih Tarimah numpak motor
bebek. Lha.. sak suwene neng dalan mangkat mulih wong loro mau asring
senggol-senggolan. Saben dina goncengan, suwe – suwe ana rasa sing beda tuwuh ing atine
wong loro kuwi. Nganti, sak wijining wengi.

Giman : “Wis ma. Kuwe mlebu ngomah, terus ngaso. Sesuk tak pethuk meneh, ya. “

Tarimah : “Nggih, Juragan e. Napa mboten mampir riyin? Saestu lho.”

Giman : “Hm ... apa ya ngono ya? Tak ngaso – ngaso dhisik.”

Tarimah : “Lha mbok nggih ... ngunjuk – ngunjuk riyin.”

Giman : “Iya ya.”

Giman : “Pancen dumakakan kaya krasa ngelak kang dadi guluku diajeng.”
Tarimah : (ngguyu) “juragan ki ...”

Giman : “Iki ... jam pira ta ya? “

Tarimah : “Nggih antawis e jam sanga. “

Giman : “Hm? Isih ... rada sore. “

Tarimah : “Mangga ta … gek ndang mlebet. Mangke kula sukani bonus “

[NGUNCI PAGER]

Giman : “Arep mbok wenehi bonus apa?”

Tarimah : “Eh? Mireng ta mas? E-eh … juragan. E- eh lha, napa sing di kresak ke? “

Sida ne kang Giman mlebu umah e Tarimah sing sepi kuwi. Tarimah urip icin. Randa sing
isih kepetung enom kaya kembang sing isih seger. Awak e isih weweg, gawe kemecer ngiler
sing nyawang nganti thenger – thenger, atine kesamber. Yo.. umure lagi telung puluhan taun.
Isih kewawa gawe kepincut lan nggugah ati lanange, Giman.

Giman : “Mah …”

Tarimah : “Eh, angger njenengan nyeluk ‘mah ...’ ngoten niku njuk, kok atiku konjur
sir-siran ngoten lho ...”

Giman : “lha opo ta diajeng sing dadi darunan e. Mah ngono rak nyeluk aran mu ta? “

Tarimah : “Mah ... mamah … ra nggih saged ta? “ (cekikikan)

Giman : “Hm ... guyumu kok cekikikan diajeng? (Tarimah cekikikan lagi) gek pipimu
katon dekik, wekhh marai kangen wae lho, Ma …. nanging, masa iya aku
bakal kelakon nggondol sing dadi atimu, diajeng? “

Tarimah : (cekikikan) “angger niat nggih mesti kelampahan ta, juragan e. Sedaya nggih
mung gumantung niat, kok. “

Giman : “Lamun temenan ... sliramu gelem apa ora nampa katresnanku, diajeng?”
Tarimah : “Mboten sah ditares, juragan ... eh, kang mas Giman …. “

Giman : “(ngguyu enteng) “ yen ngono, tiwas kebeneran. Wengi iki tak sok rasaning
atiku mung kanggo sliramu. Rasa jero ning ati sing ra bisa disilaki, ma.
Diajeng Tarimah ... rasa kang tuwuh soko ati sing suci. Ora bakal mblenjani
janji. nadyan nganti tumekeng pati, bakal tak wujudi, diajeng.”

Tarimah : (cekekekan) “aduh aduh ... kok kaya kethoprak mawon, ta ….”

Tarimah sida nglendoti sirah e ana dadane mas Giman, juragan e. Wengi kuwi wong loro
janji bakal mbangun tresna lan nyawijekake ati. Witing tresna jalaran saka kulina, ditambah
karo sembrana, saka kulina karo sembrana. Tresnane kang Giman karo Tarimah dadi
ngrembaka.

Tarimah : “Mas Giman ….”

Giman : “ Piye diajeng? “

Tarimah : “Panjenengan ra tresna temenan, ta, karo aku? “

Giman : “Ora susah mangu – mangu, cah ayu. Ibarat e wong nyabrang kali. Nadyan
teles kebes bakal tak lakoni, diajeng. Upama kudu kelem ing kedhung. Ora
ana rasa waswas lan wedi. Kabeh kuwi minangka bukti tresna kang sejati.
Mula aja tida-tida nampa sih katresnanku sing suci, diajeng.”

Maylafaizza Nafisha Zifa


23/515478/SA/22273
MULAI 20.23 - 30.01

Tarimah : “Mmh, panjenengan pancen pinter main kethoprak, Mas. (tertawa).”

Giman : “Aduh, aja seru seru toh.”


Tarimah : “Mas ….”

Giman : “Piye?”

Tarimah : “Awakedewe ki wis dudu cah enom, Mas Giman.”

Giman : “Banjur?”

Tarimah : “Sesambungan iki ora mung pacaran kaya cah ABG ABG kae. Kudu
dirembug tuwa, lho.”

Giman : “Oh … eh, ning terus piye ya? Aku isih resmi karo juraganmu putri, je.”

Tarimah : “Mengko bisa diatur, sing penting kudu nikah, Mas.”

Giman : “Ah, ning–”

Tarimah : “Aku ki wedi dosa, nek kudu sesambungan kaya ngene terus. Nikah kuwi
mesti ana seranane, wong nikah rak perlu ragat toh, Mas?”

Giman : “Ragat pira wae, aku ra kabotan kok. Angger bisa mlumpat pager. Sawetara
aku durung entuk alesan pisah karo ibumu Rohyati, je”.

Tarimah : “Bisa, Mas. Sing penting, Mas Giman manut aku ya?”

Giman : “Ha … njur piye carane, Jeng?”

Tarimah : “Ya tak golekake cara.”

Giman : “Oh… oh, ya ya. A-aku … aku manut wae. A-aku …”

Tarimah : “Piye Mas?”

Giman : ”Ah, Tarimah … Mmh ….”

Tarimah : “Mas Giman …”

Giman : “Hh … Tarimah ….”

[MUSIK]
Wo wo wo wo … Wong loro iku mabuk asmara. Giman wis kadung ciblok demen karo
Tarimah. Wis ora bisa mikir dawa. Tarimah wis duwe rancangan. Sawijining malem Minggu,
ngepasi jam setengah sepuluh wengi, Giman ngeterake Tarimah. Motor bebek diparkir ana
ing pinggir dalan bubar iku terus mlebu ngomah. Udu sawetara ora metu, lha ya embuh, apa
sing pada ditindakake wong loro iku. Nanging kacapa nalika Giman metu seka omah, Lhoh,
lha kok motore wis ora katon ing pandulu.

Giman : “Waduh, kok ra ono iki? Wahh, maling! Maling! Maling! Maliiing!”

Warga 1 : “Ana sing bengok-bengok kae.”

Warga 2 : “Sapa? Parani yo, parani parani yo!”

Warga 1 : “Napa, Pak?”

Warga 2 : “Napa, Pak? Napa, Pak?”

Giman : “Ah, motorku …. “

Tarimah : “Ana apa toh, Mas Giman?”

Giman : “Motorku, montorku digondol maling. Waduh, piye iki?”

Tarimah : “Aduuh, Ya ampun, kok isa digondol maling iki piye?”

Giman : “Maling! Maling! Maling! Maliiiiiing!”

Tarimah : “Aduh, welah ana maling. Aduh, piye iki?”

Warga : “Iki apa toh iki?

Giman : “Motor kula, motor kula ilang, Mas.”

[warga ribut]

Agil : “Sek ta, Pak Giman toh?”

Giman : “Mas Agil?”

Agil : “Enten napa iki Pak?”

Giman : “Motor kula Mas, motor kula waaah, aduh piye iki, montorku waduh.”
Ibu Warga : “Ngopo iki kok njut do akeh bocah do kemrubut dolan mrene? Wis wengi
ngene je. Duuuh, ndi bocahe mau?”

[warga ribut]

Tarimah : “Piye Mas Giman?”

Warga : “Eh lha iki, Pak RT rawuh ki. Mangga Pak.”

[para warga mempersilakan Pak RT]

Pak RT : “Piye? Ana kedadeyan apa iki?”

[warga bersahut-sahutan menjawab]

Pak RT : “Lho. iki rak Mas Giman toh?

Giman : “Inggih Pak Tuyar, Pak RT.”

Pak RT : “Motor njenengan sing ilang?”

Giman : “Inggih, nggih.”

Pak RT : “Lha maune ki piye?”

[warga bergumam]

Giman : “Eh, anu ….”


Pak RT : “Eh sek shhh ssssh shhh, sek sek sek, sek toh ngko disik toh, sek sek sek, do
meneng disik.”

Giman : “Nganu nganu, wau kula parkir teng pinggir mergi niki Pak Tuyar, terus kula
tilar mlebet griyane Tarimah. Walah, ouuu namung sekedap sanget kok, Pak.”

Tarimah : “Inggih je, Pak RT. Jan ming sak nyuk ngoten iku, Pak.”

Giman : “Ha lha kok, kula medal pun boten wonten.”

Tarimah : “Wah pripun niku Pak RT?”

Pak RT : “Lha mau dikunci ora, Mas Giman?”

Giman : “Aduh, kesupen kula Pak RT.”

[warga bergumam]

Giman : “Lha, kula nganu e, kesesa kok. Niki wau kula kesesa Pak RT. Jan waaah,
apes tenan iki. Waaah, wis jaaan.”

Warga 2 : “Lali kunci toh iki, ya uwis iku pada karo pasrah motor dicolong maling.”

[warga bergumam setuju]

Giman : “Waah, ha terus pripun niki nggih?

Warga 1 : “Mangga, lapor teng polsek mawon, nggih toh Pak RT nggih?”

Pak RT : “Iya, bener. Lapor teng polsek, Pak Giman.”

Giman : “Ah–ha ning–”

Pak RT : “Ah diboncengke Agil niku, lho.”

Agil : “Mangga kula boncengke, sinten ngertos saged ngoyak maling e niku.”
[warga bergumam]

[suara starter motor]

[MUSIK]

[dering telepon]

Gundul : “Wah … bola-bali kok nampa sonji mlebu hape. Iki gek apa ya karepe?”

Rohyati : “Ana apa toh, Ndul?”

Gundul : “Iki Mbak Roh, kok ana kiriman SMS mlebu hapeku bola-bali. Gek unine
pada terus. Sonji apa dudu ki ya?”

Rohyati : “Piye unine?”

Gundul : “Eh, ngene ki Mbak, tak wacakake ya? Awan-awan kemalingan,


entek-entekan ora krasa. Ki karepe apa ya, Mbak?”

Rohyati : “Ha ya mbuh. Umpamane sonji, kira-kira metune angka pira kui, Ndul?”

Gundu : “Ki, tak lanjutke ya Mbak ya?”

Rohyati : “Ya.”

Gundul : “Awan kuwi kosok baline bengi.”

Rohyati : “Hmm.”

Gundul : “Bengi, peteng dianggep nul. Yen awan genah padhang. Padha karo angka
nul sing menga.”

Rohyati : “Mmmm.”

Gundul : “Nul menga kuwi angka enem. Maling kuwi bangsane durjana. Ma lima, ya
tah, Mbak?
Rohyati : “Hmm.”

Gundu : “Cetha angka lima.”

Rohyati : “Hmm.”

Gundul : “Lha iki tak lanjutake, entek-entekan kuwi tegese wis ora ana. Dadi padha
karo angka nul.”

Rohyati : “Hmmm … iya, iya, ya.”

Gundul : “Ora krasa kuwi padha karo mati. Haa yen diracik dadi pitu.”

Rohyati : “Oh … iya ya, hmm.”

Gundul : “Waah, kayane patang nomer metune iki Mbak. Enem, lima, nul, pitu. Wah,
ces pleng tenan iki, Mbak.”

Rohyati : ”Hmmm.”

Gundul : “Nomer iki mesthi jitu. Kuwi sing arep metu bengi iki, Mbak. Ning anehe
kok iki mau ra ono sing masang angka kuwi ya, Mbak.”

Rohyati : “Ha mbok uwis dituku dewe. Lumayan entuk rongpuluh yuta lho.”

Gundul : “Waah, ra elok, Mbak. Bandar lan tukang adol kupon kaya aku iki ora kena
melu tuku, Mbak. Nyalahi adat mengko. Kelakon kuwalat tenan. Trima entuk
persenan sethithik saka Bos Besar.”

Rohyati : “Oh ngono toh. Jebul ana aturan adat barang ya, Ndul?”

Gundul : “Ya ana, Mbak.”

Rohyati : “Ya wes dititeni wae, mengko metu tenan apa ora.”

[dering telepon]

Gundul : “Mbak Rohyati, iki malah ana pesan meneh iki … aku dikongkon ngelingake
Mbak Rohyati supaya waspada lan ngati-ati. Apa toh iki karepe?”
Rohyati : “Kok nyalawadi toh Ndul? Ha mbok digenahke, kuwi SMS saka sapa?
Karepe kepiye?”

Gundul : “Pelanggan lawas Mbak, bocah gemblung. Ra sah digagas Mbak, senengane
gojeg ra mutu.”

Rohyati : “Ha ning genahne ya, Ndul, karepe apa. Aku kok kudu ngati-ati kuwi karepe
piye? Ana bebaya apa piye?”

Gundul : “Ah wis embuh, Mbak. Sesuk tak genahke. Lha iki Juragan Kakung kok,
nyang endi toh, Mbak?”
Talitha Ulayya Iskandar
23/519645/SA/22511
MULAI 30.01 - 40.04

Rohyati : “Lha arêp ngêtêrke Tarimah ta, Ndul. Wiwit sore mau durung mulih.
Sêdulure Tarimah nduwe gawe. Têrus, mas Giman disilih ngancani Tarimah
rêsepsi.”

Gundul : “Njuk boncengan, Mbak? Eh motor anyare beres beres wae to, Mbak?”

Rohyati : “Ketoke beres, (ngguyu) Kok aneh yo, juragan kok malah ngêtêrke rewange
nêkani rêsepsi. Lha gek ana pisan siji iki.”

Gundul : “Lha ya ora aneh ta, Mbak. Wong Tarimah iku saiki lak ya wis kaya kêluarga
dhewe, lha Mbak Rohyati rak ora nêmokake tandha-tandha sing ora beres, ta?”

Rohyati : “Ora, Ndul. Aku pêrcaya karo wong loro kuwi, kok.”

Gundul : “Ya uwis, Mbak Roh. Aku mangkat sêtor sik ya. Iki mêngko warunge enggal
ditutup wae. Uwis bêngi, uwis ora ana tamu mêneh.”

Rohyati : “Iya, aku njur gek leren. Ati-ati ya, Ndul.”

Gundul : “Ya, Mbak.”

[Musik]

MULAI 31:45

Wêngi saya nggrêmêt. Wong-wong wiwit turu kêmulan angêt. Beda karo Gundul, dheweke
lagi mangkat mênyang kota, arêp sêtor bonggol kupon buntutan. Rohyati uwis kêsêl, warung
pratêlon enggal tutup. Ing wêktu sing padha, ora nyana, Giman lagi katrêm ana omahe
Tarimah. Sajake ana sing marai krasan lan gawe tuman, mula kang Giman rumangsa
eman-eman yen kudu ninggal Tarimah ijen. Nanging, mêngka dhisik, ana apa kae?
[Suara ketukan pintu]

Agil : “Kula nuwun, Mbak, Mbak Tarimah! Kula nuwun, Mbak. Mbak, iki Agil,
kêtua pêmuda Kabanaran. Iki ana sek arêp mêrtamu, Mbak. Wong akeh iki,
Mbak. Bukakake, Mbak!”

Warga 1 : “Kok ora ana suarane ya, Mas Agil? Gek gek, ora ning njêro. Lha motore ya
ora katon, ki.”

Warga 2 : “Wontên, Pak.”

Warga 3 : “Wontên pak, kula yakin, haqqul yakin, Pak Giman mlêbêt wau, para
pêmuda sami ngindhik Kang Giman niku mlêbêt, Pak.”

[Warga bergumam]

Wealah, gek lagi pada apa, ya? Aja-aja lagi…

Warga 1 : “Asêm, mbuh. Aku ya ora duwe pêngalaman sing kaya kuwi.”

Warga 2 : “Dhobrak dhobrak, dhobrak wae.”

Warga 1 : “Ha, ya uwis, wis.”

Warga 2 : “Tulungi ya,”

Warga 1 : “Siap, siap,”

Warga-warga : “Siji, loro, têlu! Siji, loro, têlu!”

Tarimah : “Dhuh, kae kok lawange didhobrak ta, Mas?”

Giman : “Ho’o ya, Nduk. Njuk piye ki aku?”

Tarimah : “Mangke riyin, kula bukakne!”

Pak RT : “Mbak Tarimah,”

Tarimah : “Wontên napa, Pak RT?”

Pak RT : “Lagi ngapa? Nang êndi Kang Giman?”

Tarimah : “A-a-a nganu nika, têng nika, Pak, mlêbêt—”


Giman : “Wontên napa Pak RT? Ndalu-ndalu kok ndhobrak lawang, niki—niki
nganu—kula wontên kamar, ndandani lampu. Nggih? Sêkêdhap, kula tak
mêdal.”

Pak RT : “Mas Giman?”

Giman : “Nggih,”

Pak RT : “Saiki jam pira?”

Giman : “Waduh, ora krasa nganthi wis têngah wêngi ta iki. Ah, nganu Pak RT,
pangapuntên Pak RT, niki wau kula niku ndandosi lampu kamare Tarimah.
Pêjah niku mpun pintên-pintên dintên. Lah, kok mbotên wontên sing ndandosi
ta, Pak RT? Ha trus pêtêng. Lah, rak ajrih piyambake—napa—fittinge niku
mbotên pas kalih bonggol lampune. Ha têrus ndadak gantos fitting. Bibar
ngotên, kabêle sek ting inggil nggih mpun risak. Dinganu—dikrikiti tikus niku
lho. Nah têrus, nggih kudu ngganti kabêl barang ta niku.”

Warga 1 : “Alêsan iku.”

Giman : “Tênan niku.”

Pak RT : “Ndandani lampu kok nganthi pirang-pirang jam. Iki bocah-bocah do wêruh
têkamu mrene jam pira, lho.”

Giman : “Waduh saestu Pak RT, kula niku mbotên goroh, estu.”

Pak RT : “Sampeyan mêsthi ngayawara. Aku ora percaya. Sampeyan uwis nêrak pagêr
ayu. Nglanggar tata susila ning kampung kene.”

Giman : “Mbotên, Pak RT. Mbotên saestu. Kula niku criyos napa wontêne estu niku.”

Giman : “Nggih ampun, ampun”

Pak RT : “Mas Giman!”

Giman : “Ng-nggih.”

Pak RT : “Sampeyan arêp ngarang crita kêna wae. Ning aturan lingkungan kene iki
uwis cêtha. Wong lanang sing mlêbu omahe randa utawa prawan nganthi
kliwat wêktu, dianggêp uwis nêrak pagêr ayu.”
Giman : “Lho, kula niku nganu—”

Pak RT : “Nêrak pagêr ayu kudu dihukum! Hukumane kudu tanggung jawab ngrabi
wong wadon kuwi. Karo mbayar dênda, limang yuta!”

Giman : “Waduh! Lhah, kula tasih gadhah sisihan niku têrus pripun?”

Pak RT : “Kuwi urusanmu, Mas Giman,”

Giman : “Ning—”

Pak RT : “Isa dirêmbug mburi. Sing pênting, sampeyan bêngi iki dicêkêl warga lan
pêmuda. Mula kudu nampa hukuman lingkungan. Mas Agil, saiki uga
têmonono sisihane Mas Giman, ning warung pratêlon kae. Digawa mrene, ya.”

Agil : “Siap siap, siap.”

Pak RT : “Aja dhewe, aja dhewe. Ngêjak kanca.”

Agil : “Oh nggih, nggih. Eh ayo sapa melu aku.”

Warga 1 : “Ayo, ayo karo aku.”

Agil : “Kowe nang kene, ngancani Pak RT,”

[Warga bergumam]

[Musik]

MULAI 37:31

[Suara motor]

Rohyati : “Oalah pak, lêlakonmu kok njijiki têmên.”

Giman : “A-anu buk—”

Rohyati : “Kok ora idhêp isin. Mbiyen kaya wong ilang, kleyang kabur kanginan tanpa
dhangka tanpa dêdunung. Urip klambrangan turu pinggir dalan, têrus tak
kukup tak openi, dadi cêtha uripmu. Lhah kok saiki malah sêlewengan, mingêr
mlumpat pagêr lali wewalêr. Jan, ngisin-ngisini tênan lho,”

Giman : “Bu, apuranên aku ya bu, ya. Eh, aduh—”

Warga : “Buh buh buh kula aturi sabar, nggih.”

Rohyati : “Samang uwis lali, ya? Mbiyen tukang mbarang, barêng wis ra payu, têrus
idêr dodolan obat kêliling. Kêntekan dalan urip. Mung nemplek-nemplek
omahe warga. Ha mbok kelingan sêjarahmu ta, Pak.”

Giman : “Iya, buk. Aku kelingan. Pancen aku sing luput. Aku njaluk ngapura ya buk

ya—”

Rohyati : “Wis têlat. Tarimah ki ya padha wae. Wis diwênehi gawean malah
nyangklak. Kuwi mana padha karo diwenehi ati ngrogoh rêmpêla. Wis
ditulung, dibêciki, malah dadi maling awan-awan.”

Warga 2 : “Ayam niku jênelênge, Bu.”

Giman : “Heh! Ssst ssst,”

Tarimah : “Ngapuntên, Buk. Kula mbotelên nyana badhe kados ngotên,”

Rohyati : “Mbotên nyana? Mbotên nyana piye jal tak takon? Ngene kie rak cêtha
disêngaja, ta? Aku ki jane wis mbatin. Anggêr-anggêr wong loro
glênak-glenik kethok rukun, hêh jêbul.”

Pak RT : “Mpun bu, sing sabar, sing sareh. Sêdaya sampun kalajêng. Purun mbotên
purun, panjênêngan kêdah nampi lêlampahan mênika.”

Rohyati : “Nggih, Pak RT. Terus pripun niki?”

Pak RT : “Manut aturan lingkungan mriki, sing nyata nêrak pagêr ayu kêdah dihukum
lingkungan. Sêpisan, kêdah purun ngrabi tiyang estri niku. Lan didênda arta
gangsal yuta kangge kas lingkungan.”
Fega Achillea Maydena
23/519618/SA/22510
MULAI 40.03 - 50.23

Rohyati : “Oh ngatên, lha nek bab dênda gangsal yuta kula sagah nanggung. Ning bab
ngrabi niku sing abot, kula mbotên purun diwayuh, mbotên purun dipêgat, ben
kapok sisan.”

Giman : (Suara lirih) “Waduh ….”

Pak RT : “Lha terus pripun?”

Rohyati : “Kêrsane nikah siri mawon.”

Pak RT : “Oooh, nggih, yen ngotên kêrsane. Lingkungan mriki manut mawon.”

Rohyati : “Pun, dêndane kula sing mbayar benjing enjing.”

Pak RT : “Ooh, nggih, mbotên napa-napa. Bab niku, gampil, Bu.”

Rohyati : “Kula pun sêpêt nyawang tiyang kalih niku.”

Giman : “Aku njaluk ngapura, Bu.”

Tarimah : “Nyuwun pangapuntên, Bu.”

Rohyati : “Kula tak nyuwun pamit mawon, Pak RT.”

Pak RT : “Oh, nggih, Bu. Bab nikah siri kêrsane dipunurusi pêngurus RT. Lha,
mangga, yen ajêng kondur, kêrsane didherekakên mas Agil.”

Rohyati : “Nggih, maturnuwun.”

Pak RT : “Gil!”

Rohyati : “Ayo Mas Agil, aku ditêrke mulih!”

[SUARA MUSIK MENGALUN]


Wêngi sing dadi sêksi, bu Rohyati kudu lara ati. Anggoning ngêntas Kang Giman sing sêg
awit dadi wong klambrangan malah dikhianati. Atine lara rojah-rajeh kaya ditancepi êri. Bu
Rohyati wis gawe putusan sing wigati. Dipegat, gêmang. Diwayuh, ora sudi. Lingkungan
bingung anggone arêp mrantasi. Wusana, Tarimah lan Giman mung bisa nikah siri. Bubar
nikah siri karo Tarimah, Giman wis pisah karo Bu Rohyati nadyan ora pêgatan resmi.
Warung protêlon dadi sepi. Ora (lêt) suwe, warung iku banjur tutup. Bu Rohyati mung kari
bakulan panganan sing diidêrake mlêbu mêtu kampung. Sak wêtara iku, kang Giman urip
bêbarêngan karo Tarimah lan ngêrasakake sênêng atine. Pakulinane dodol kupon buntutan
isih ditêrusake. Lha, setaun sak wis’e nikah, pasangan kuwi wis entuk momongan. Anak’e
wadon Tarimah dijênêngi Putri Lêstari. Limang taun mlaku anggone bêbrayan, ing wanci
bêngi, nalika Kang Giman sêtor bonggol nomor buntutan mênyang markas bêsar, dheweke
ngalami kêcêlakan abot. Dirawat ing rumah sakit 3 dina, nyawane Kang Giman ora
kêtulungan. Ngêpasi Jêmuah Kliwon, wong-wong padha layat ana omah’e Tarimah. Rohyati
uga teka ing layatan kuwi.

[TARIMAH MENANGIS TERSEDU-SEDU]

Rohyati : (Menghibur Tarimah) “Sing sabar yo Mah, kabeh wis ginaris ing pêsthi,
wong urip mono mung sak dêrma nglakoni. Sing tatag atimu.”

Tarimah : (Masih dengan suara menangis) “Nggih, bu … Mbok mênawi niki piwalês
kanggening kula … kula pun ngrumaosi lêpat kalih panjênêngan, bu …
Nyuwun pangapuntên. Nyuwun diapura dosa lan kalêpate mas Giman, nggih,
bu”

Rohyati : “Iyo, Mah. Kabeh wis tak lalekake. Wis tak wenehi pangapura kabeh. Ya
kowe, ya Kang Giman. Wiwit kowe nikah siri karo Kang Giman, kabeh wis
tak lelakake. Wis tak ikhlaske. Dalane urip pancen kudu mangkene. Ayo,
diikhlaske. Karêpe têntrêm arwahe Kang Giman.”

Tarimah : “Nggih, bu…”

Pria : “Keparêng matur wontên ngarsanipun para sêpuh pinisêpuh, para alim
ulama, kulawarga, saha sêdaya ingkang ngrawuhi takziyah dintên mênika.
Innanillahi wa inna ilaihi rojiun. Sampun kawuningan bilih kala wau dalu,
pak Giman katimbalan sowan wontên ngarsanipun Pêngeran jalaran
kêcêlakaan wontên margi. Wondene kêcêlakaan mênika namung kinarya
sêbab sedanipun Pak Giman. Pramila, panjênêngan lan kula sami kêdah sagêd
mêndhêt hikmah saking lêlampahan mênika. Wondene hikmahipun kanthi
sedanipun Pak Giman mênika, mugi-mugi sagêd dados pêpeling bilih
panjênêngan lan kula ugi badhe nglampahi pêjah. Dhawuhipun Gusti Allah,
cêtha bilih sêdaya ingkang gêsang mêsthi badhe dumugi ning pêjah. Mênawi
sampun dumugi titi wanci. Pramila, mangga, mumpung taksih kaparingan
gêsang, kita sami tansah kathah-kathah ngibadah, lan ngamal sholeh …”
(melebur dengan musik yang mengalun)

[SUARA MUSIK MENGALUN]

Wêngine, ana omahe Tarimah digêlar yasinan lan tahlilan kanggo nyampurnakake arwahe
Giman. Sak bubar’e tahlil, lan para santri sing ndêdonga wis kondur, Pak Tuyar laporan
ngênani asil’e dhuwit sumbangan saka para pelayat. Rohyati melu nyêkseni pirêmbugan
kuwi.

Pak RT : “Iki pêrlu tak aturake, laporan sumbangan tuku banyu saka para pelayat
kabeh. Kagêm bu Rohyati uga kowe, mbak Tarimah.”

Tarimah : “Nggih, Pak RT.”

Rohyati : “Nggih, Pak RT.”

Pak RT : “Niki wau wis dietung para pêmuda. Dhuwit sumbangan para pêlayat
gunggunge sak yuta punjul têlung atus sekêt lima ewu rupiah. Kabeh wis
diklumpukake ana amplop soklat gêdhe iki. Mangga, tak pasrahake. Kanggo
sapa iki? Bu ... Rohyati apa mbak Tarimah?”

Rohyati : “Nggih, kêrsane ditampi Tarimah mawon, Pak RT. Sagêd kangge nyêkapi
kabêtahan.”

Tarimah : “Maturnuwun, Bu Rohyati. Maturnuwun, Pak RT.”


Pak RT : “Nggih, sami-sami, mbak. Gandheng iki yo wis bêngi, aku tak pamit dhisik.”

Rohyati : “Aku yo melu pamit sisan. Wis yo, Mah. Sing sabar atimu. Diikhlasake sing
têmênan.”

Tarimah : “Nggih. Maturnuwun, bu Rohyati. Maturnuwun, Pak RT. Mangga,


ndherekakên.”

[SUARA MUSIK MENGALUN]

Ngêpasi pitung dina sak wis’e Kang Giman kapuput yuswa, Tarimah ngadani yasinan lan
tahlilan kaya lumrahe warga ing dêsa Kabanaran kono. Awane, akeh tamu sing têka ana
omahe Tarimah. Rohyati melu nampa têkane tamu-tamu kuwi. Ing antarane tamu sing têka,
ana tamu dinas istimewa sing pancen duwe kapêrluan rêsmi.

Desi : “Nyuwun pangapuntên, kula Desi Pêrtiwi. Saking Jasa Raharja, perlu
ndherek bela sungkawa lan ndêdonga. Mugi-mugi arwahipun Bapak Giman
têntrêm ing alam kalanggêngan, nampisihing Pangeran Ingkang Maha Wêlas
lan Maha Asih.”

Tarimah : “Amin ya Robbal Alamin.”

Rohyati : “Maturnuwun paringipun donga.”

Desi : “Sak lajêngipun, anggen kula manggihi kulawarga mriki minangka wakil
pihak asuransi Jasa Raharja. Kêjawi asung bela sungkawa, mênika wontên
santunan saking Jasa Raharja amargi sedanipun Pak Giman dipunsêbabakên
kêcêlakaan wontên margi. Manut aturanipun, ingkang nandhang kêcêlakaan,
nampi santunan manut aturan ingkang sampun dipuntêtêpakên.”

Tarimah : “Ooh, ngatên. Nggih, maturnuwun.”

Desi : “Kangge ahli waris korban kêcêlakaan mêninggal, santunanipun sekêt yuta
rupiah. Mangke badhe dipuntransfêr wontên rêkêningipun ahli waris.”

Tarimah : “Alhamdulillah.”
Rafif Wicaksono
23/518957/SA/22473
MULAI 00:50:23 - 01:00:38

Tarimah : "Alhamdulillah, eh nyuwun ngapunten, menika ahli warisipun sinten njih?"

Desi : "Menawi manut cathethan pernikahan ingkang resmi kecathet asmanipun


ahli warisipun bapak giman menika ibu Rohyati, bu Rohyati menika ingkang
pundi."

Rohyati : "Kula, mbak."

Desi : "Lha mba menika sinten?"

Tarimah : "Kula nggih sisihanipun pak giman ning..mmm.. saking nikah siri, kula
sisihan sing nomer kalih."

Desi : "Oo ngoten ta, dados pak giman garwanipun kalih, nggih pramila
mangga,sinten sing ajeng nampi santunanipun bapak giman, kula aturi
rembagan kanthi musyawarah ingkang sae."

Tarimah : "Kudune kula mba, saben dinten pak giman mukim wonten mriki sareng kula
mbak, lan pun dangu pisah saking bu Rohyati, pak giman niku nggih pun
mesthi dados tanggung jawab kula, lha sakniki wonten santunan, kedahe kula
sing nampi, sanes bu Rohyati."

Rohyati : "Ning rak statuse kui isih bojo resmi karo aku lho Mah, kowe kuwi kepiye,
nikahmu karo kang giman rak nikah sega, nikah siri kui ora resmi, ora diakoni
negara, rak ngoten nggih mbak desi, menawi aturan negara pancen mekaten."

Tarimah : "Kula ngertos, ning rak mpun pisahan kalih njenengan toh, mpun limang
tahun mboten kumpul, pak Giman nggih pun mboten nafkahi panjenengan, bu,
sing gesang sesarengan rak kula, napa malih sakniki pun wonten turun, nika
wonten anak setunggal, Putri Lestari nika putrinipun Pak Giman, ajeng pripun
cobi, niku sing ajeng nanggung kabetahane sinten."
Rohyati : "Ha mboh kui dudu urusanku, sing cetha arepa aku pisahan karo mas Giman,
nanging durung pegatan resmi."

Tarimah : "Lha rumiyin panjenengan mboten purun pegatan, jaremu ngidini nikah siri,
nggih kula sing nglampahi, namung saged nikah siri, umpami njengengan
purun mesthi pegatan wiwit rumiyin."

Rohyati : "Merga kowe ki ngrebut bojone liyan, kui sing njalari aku ora lila."

Tarimah : "Sinten sing ngrebut, wong omah omah kalih njenengan, mas Giman nggih
mboten gadhah turun kok, la nggih njur mas giman pados sanese, pun pokok
santunan niki kula suwun, santunan niku hak kula."

Desi : "Mpun mpun mangga dirembag sing sae, amrih wilujeng sedayane,
kula rak manut mawon kalih keputusan panjenengan."

Rohyati : “Halah nggih mpun lah kula tak sing ngalah mbak desi, santunane niku
kersane ditampi Tarimah sedaya, kula tandha tangan mawon, lajeng
panjenengan transfer wonten rekeninge Tarimah, kula trima ngalah."

Desi :"Mpun ikhlas saestu?"

Rohyati :"Mpun, kula mboten ngajeng ajeng warisane Mas Giman cekap sing kula
nyambut damel piyambak, wes Mah, santunane Mas Giman tampanana kabeh,
aku rak arep njaluk."

Tarimah :"Nggih, pancen kudune kula sing nampi kok."

Rohyati trima ngalah,santunan seket yuta kuwi wusana dipasrahake marang Tarimah,
petugas mung manut, sawise gawe berita acara lan tandha tangan, Desi Pertiwi njaluk
pamit, bubar iku Rohyati uga melu pamit, Tarimah ayem wes ana santunan seket yuta kanggo
nyambung uripe. Lhaiku mau kabeh kelakone awan, sadurunge acara yasinan, tahlilan kirim
donga, sabanjure iki lelakon ing wengine, sarampunge Yasinan, ana tamu liya mara dhayoh
ana nang omahe Tarimah, diterake pak Tuyar RT-ne

[MUSIK]
Pak Tuyar : "Mbak Tarimah."

Tarimah : "Nggih, Pak RT."

Pak Tuyar : "Alhamdulillah, acara mitung dina wis rampung, bengi iki uga ana urusan
sing kudu dirembug, nah, iki Pak Sukirman, kanca raket e kang Giman arep
ngendika."

Sukirman : "Nggih, ndherek nepangaken, kula Sukirman."

Tarimah : "Nggih pak, wonten kersa menapa."

Sukirman : "Nggih, niki perlu kula aturaken nggih, yen boten kula aturaken malah
mundhak dados sesangganipun pak Giman wonten alam kelanggengan."

Tarimah : "Mangga, pak, kula aturi ngendhikan."

Sukirman : "Nggih, mugi mugi Pak RT dados seksi, perlu kula aturaken bilih saderenge
seda, Mas Giman nyambat kula piyambake ajeng nyaru utangan arta wonten
bank pemerintah atas nama kula ngangge agunan sertifikat pekarangan kula,
lha kathah e utangan niku satus selawe yuta rupiyah."

Tarimah : "Walah walah, semanten kathahe niku kangge napa nggih eee nyuwun
ngapunten niki kula kok blas mboten ngertos nggih."

Sukirman : "Ngoten mbak Tarimah, keleresan Mas Giman niku ngepasi boten setor
bonggol buntutan teng juragane wonten markas besar, lha ndilalah nomere
sing ditumbas pelanggane wonten sing tembus, akhire kudu ditanggung agen,
nggih mas Giman niku."

Tarimah : "Lho, nggih napa?"

Sukirman : "Tambah malih, jare kenging denda saking aparat keamanan jalaran agen
nomer mriki kedenangan pihak keamanan kula sing dijaluki tulung ning
nyuwun dirahasiakne, nggih kula leksanani wong kula kadung akrab kalih mas
Giman, kanca lawas jaman tasih nem, dangu sanget mboten kepanggih,lha
kula pindah mriki dereng wonten setunggal taun mbak."
Tarimah : "Mangke riyin pak, e wonten buktinipun napa boten."

Sukirman : "Wonten, niki.. niki surat perjanjian sing disegel ngangge matre nem ewu
seksine tiyang kalih, niki asmane, mangga dipun pirsani, niki perjanjian resmi,
kula mboten damel damel."

Tarimah : "Walah, dhuh gusti nyuwun pangapura tanggungan kok semene okehe hahh,
nganti semrepet mataku, gek dhuwit semono iku ya ora weruh wujud e blas,
haaaah, mas giman, mas giman, mati wae kok ninggali warisan utang to ya,
tambah sengsara uripku, hadhuh, ora kuat aku."

Tuyar : "Adhuh."

Sukirman : “Adhuh."

Tuyar : "Pripun niki pak Kirman."

Sukirman : "Pripun pak RT malah semaput."

Tuyar : "Pripun niki, Tarimah malah semaput.”

Sukirman : "Wadhuh."

[MUSIK]

Mekaten wau atur pasugatan sandiwara basa jawi asesirah "Awan-Awan Kemalingan,
anggitanipun Sudadi, para paraga, Giman dening Margono, Rohyati dening Yayuk Risti,
Gundul dening MR Ridho, Tarimah dening Nunung Rita, Agil dening Riyan Jati, Pak RT
Tuyar dening Marwan R., Desi Pertiwi dening Leksiani R., Sukirman dening Ido Widodo,
Mbok Delikah dening Prihaksiwi, narator dening Rusyanto, kabyantu dening para paraga
ekstra adhegan gropyokan lan layatan, editor naskah lan sutradhara Landung Laksono,
Recording Mixing Mastering Frans Luis, Musik Ateng Ruli, Eko Susilo, Dwi Aryanto,
Muhammad Nur Hanafi, Supriyadi, Efek Rika Rambadeta, Perencana Prodhuksi Angelina
Prihaksiwi dipunbeyani kanthi dana keistimewaan DIY tahun 2021 matur sembah nuwun
awit kawigatosan panjenengan mugi saged pepanggihan malih ing cariyos candhakipun
salam budaya.

[MUSIK SELESAI]

Anda mungkin juga menyukai