Anda di halaman 1dari 8

Pembagian Kru : 1. Farid Fitriansah A.


2. M. Helmi Rafif M. -
3. Safrullah Ismail –
4. Saka Dana Asmara –
5. Yusriyah Firjatullah -

Tokoh ing crito : 1. Sigit (Kancane Mahmud)


2. Bagong (Kancane Sigit)
3. Mahmud (Bocah sing ditawan)
4. Penculik (Sing nyulik Mahmud)
5. Bos 1 (Sing ngelindungi Mahmud)
6. Bos 2 (Sing ngelindungi Mahmud)

Lali Kanca

Ing omah sing mewah karo perabot sing larang ana Bagong sing lagi
nggarap tugas ing ruang tamu omah Seagate(Sigit). Ujug-ujug telpon ana
swara (dering ... kring ...). Dheweke enggal-enggal ngangkat telepon
kasebut.
Bagong: "Halo, sinten niki ?"
Penculik: "Apa bener iki griyane Sigit ?"
Bagong: "nggeh, niki sinten ?"
Penculik: "iki aku Penculik, sing nyulik kanca mu ulan wingi"
Bagong: "Oala, sek tak celuk arek e" (nyeluk C)
Bagong: "Git Sigit, iki lo ono telpon teko penculik, lohhh...penculik!!"(semaput)
Sigit: "Lololooo, opoo awakmu semaput ?"
Bagong: "Laa iki, telpon tekok penculik yo semaput aku"
Sigit: "Halah penculik ae lo, guduk debt collector"
Bagong: "Oh iyo ya, penculik ae kok guduk wong nagih utang, lapo aku semaput, Aaalaay"
Sigit ngangkat telpon

Sigit: "Iyo haloo"


Penculik: "Iki Sigit a ?"
Sigit: "Iyo iki aku dewe, samean butuh opo ?"
Penculik "Iki aku penculik bodoo, konco mu iki wes tak culik"ll
Sigit: "Haaaa...penculik"
Penculik: "iyo opoo aku penculik"
Sigit: "Temenanan a penculik ojok goroon"
Penculik "Iyo temenan"
Sigit: "Temenan a?"
Penculik: "Iyo temenan tak tembak loh awakmu i" (nembak nang duwur)
Sigit: "Iyo iyo ampun ampun ojok ditembak sek"
Penculik "mangkane rungokno, lek awakmu kepingin nyelamet no konco mu, tebusan e pencit e
wak Soel, tak enten i dek (lokasi)"
Sigit: "Soel sopo e?"
Penculik: "Soel wong kampung lor i loh, ojok ngelaporno polisi loh"
Sigit: "Yo yo yo"(moro-moro telpon keputus)
Penculik: "oh jangkrik!! Pulsa ku entek i"
Sigit: "loh mati yok opo i"
Sigit: "Nandi Bagong iki maeng"

Sigit nggoleki bagong muter-muter karo ngowo sepeda e. Tiba no ketemu


ning warung kopi.

Sigit: "Gong kon koyok e semaput e, kon tambah dek kene lapo e? "
Bagong: “Mboh aku po o mau moro-moro tekok kene au yo an”
Sigit: “loh yokpo e tambah pesen ngene i, iki loh yokpo sopo jeneng e Mahmud Mahmud iloh
diculik yokpo saiki saranmu kon tambah ngopi ndek kene.”
Bagong: “Lah jarene mau ngonkon tenan yo gak eroh neh au.”
Sigit: “Tapi yo gak ngene pisan, yo njaluk au, Wes bingung gak iso mikir aku.“
Bagong: “Yokpo i ngomong ning bos-bos an e grafika a wes”
Sigit: “Bos-bos an e grafika a, kon kenal a?”
Bagong: “Kenal”
Sigit: “Yo wis saiki ae wis ndang menisan sakaken iu Mahmud, yo wes saiki lah iki gak usah di
entekno a, yowes jarno kene ae wes.”
A “Yo wes.”

Sigit lan Bagong ate marani bos-bosan grafika nanging arek loro kuwi
kelalen tebusan sing diajok karo penculik.

Sigit: “Oh iyo gong, lali au.”


Bagong: “Lali opo kon”
Sigit: “ikuloh penculik iloh”
Bagong: “Opo”
Sigit: “Kongkon ngowo pencit Wak Soel iloh gae ngijoli sopo iu Marmud oh Mahmud”
Bagong: “Pencit e Wak Soel, golek dek kono angel”
Sigit: “Angel yok opo maksud mu?”
Bagong: “ Wong e senengan e muring-muringan”
Sigit: “Mosoke wong e senengan e muring-muringan, tapok ae lambe ne”
Bagong: “Waduh meden i malehan”
Sigit: “Lah yok opo I terusan”
Bagong: “Ijol ono duwek ae penak”
Sigit: “Duwek, duwek piro?”
Bagong: “Rong ewu paling, pencit rong ewu siji”
Sigit: “Iyo wingi ibuku tuku rong ewu”
Bagong: ”Kek ono lima ewu”
Sigit: “Lima ewu tenan a?”
Bagong: “Iyo wes”
Sigit: “Di Kek no nang penculik e a?”
Bagong: “Iyo wes”
Sigit: “Iyo wes sing penting Mahmud selamet”

Sigit lan Bagong ate nekani bos-bosan grafika.

Sigit: “Iku a bos e?”


Bagong: “Iyo”
Sigit: “Aku wedi iloh.”
Bagong: “Gak popo-gakpopo.”
Sigit: “gak opo tenan a on yowes kon sik.”
Bagong: “Iyo.”
Sigit: “Iki yok opo nyeluk e mas a.”
Bagong: “Iyo karo salaman sek.”

Sigit lan Bagong nekani bos-bosan grafika.

Sigit lan Bagong: “Mas” (karo salaman ning bos-bos grafika)


Bos 2: “Loh onok opo iki?”
Bos 1: “Samean lungguh-samean lungguh.”
Sigit lan Bagong: “Iyo mas” (Karo mesem-mesem)
Bagong: “Njaluk tulung mas, koncoku winginan e mari diculik i”
Bos 1: “Penculik?”
Sigit: “Iyo mas.”
Bos 2 “Terus awak e kudu lapo ngene iki.”
Bagong: “Samean support ono loh mas”
Bos 1 “Oalah dicover ono a?”
Sigit: “Iyo mas”
Bos 1 “Wes paham awak e iki, iku wes biasa ngono iku ngover-ngover arek-arek sing kenek
polisi”
Sigit: “Sing kenek polisi mas?’
Bos 1 “Iyo, arek kate mbebasno konco ne penjara”
Sigit: “Bebasno koncone penjara mas?”
Bos 1: “Wes biasa lek ngono.”
Bos 2: “Gampang lek ngono.”
Bos 1: “Wes pokok e onok iki ne (karo kode-kode njaluk bayaran) aman.”
Sigit: “Yo aman ya mas.”
Bos 1: “Samean wani piro e?”
Sigit: “Loh lah aku mek duwe lima ewu I mas”(karo wajah e melas).
Bos 1 “Lima ewu iyo wes rong ewu ae wes gae samean.”
Sigit: “Tenan a mas, samean kok apikan e mas.”
Bos 1 “ngene iki awak e bos-bosan sing loman”
Bos 2 “Apikan ngene iki, opo meneh karo arek grafika dewe”
Bos 1 “Yo wes yo opo lek saiki langsung budal?”
Sigit: “Saiki a mas, tapi musuhne koyok penculik I mas”
Bos 2 “Rapopo raono masalah.”
Bos 1 “Bah penculik, bah koruptor”
Sigit: “Koruptor mas.”
Bos 1 “Koruptor ben dino sungkem karo aku mas”
Sigit: “Tapi ngene iki gak wedi di culik pisan a mas?”
Bos 1 “Lalapo gak usah wedi ngono-ngono iku pokok e penting bener yo wes langsung di loss
ae wes.”
Bos 2 “Yo wes budal saiki a?”
Sigit: “Yo wes sorry ngerepoti yo mas.”
Bos 1 “Santai ae, kan wes dikek ngene (nunjukno kode-kode bayaran e).”
Sigit: “Yo wes mas langsung budhal mas.”
Bos 1: “Samean sek-samean sek.”
Bos 1: “Loh mas sek adoh a? ”
Bagong: “Koyok e sik adoh”
Sigit: “Sek mas aku iki duwe ilmu.”
Bos 1 “Ilmu opo?”
Sigit: “Ilmu tekok mbah e mbah ku mas”
Bos 1: ”Yokopo?”
Sigit: “Iso pindah langsung mas, wes melok ae mas.”
Bos 2: “Suangar men awakmu.”
Bos 1: “Yowes melok ae lek aku.”
Sigit: “Ngomong Bismillah mas”

Dumadakan dekne kabeh ana ing ngarep lokasi Mahmud ditawan


Bos 1: “Looohh…moro-moro wes teko ing kene” (Karo kaget)
Sigit: “Hahaha..iyoo mas”
Bos 2: “Wes duwe ilmu kaya ngene lapo nyuwun tulung awak dewe ?”
Sigit: “Ora opo-opo mas, Aku wedi soale, Ohh…iku lo mas ruangane” (Karo nunjuk ruangan
panggon Mahmud ditawan)
Bos 1: “Oala ndek kunu tah”
Sigit: “Iyo mas, pokok e jarene penculik e onok lawang e werno coklat”
Bos 1: “Yowes lek ngunu, samean mlebu sek, aku karo kancaku nunggoki ing jobo”
Sigit: “Aku wedi tapi mas, yokpo ?”
Bos 1: “Lo..ora opo opo. Kan seng penting aku karo kancaku wes njaga ing ngarepan, kan
misale penculik e kabur kan yo mung iso liwat kene ae”
Sigit: “Oh..iyo wes mas”
Bagong: “Ehh..sepurane weteng ku mules iki, aku nang njeding yo Git ”
Sigit: “Loo..aku lak dewean malihan, terus yoopo iki ?”
Bagong: “Wis, ora opo opo kan wes dijogo karo mas-mas bos bosan iki”
(Karo mlayu nang arah njeding)
Sigit: “Waduh, onok ae seh Bagong iki”

Sigit mlebu menyang jero ruangan


Sigit: “Assalamualaikum”
Penculik: “Waalaikumsalam, sopo kowe ?”
Sigit: “Aku Sigit mas, kanca e Mahmud”
Penculik: “Oalah…eh, ndi tebusan kanggo arek iki”
Sigit: “Aku ora nggawa pencit i, dhuwit limang ewu ora apa-apa ?”
Penculik: “iyo wes, kene..”
Sigit: “Iki” (Karo menehake dhuwit tebusan kanggo Mahmud)
Penculik: “Loh, iki lak rong ewu”
Sigit: “Oh, salah mas” (Menehno dhuwit sing bener)
Penculik: “Wes, iki kancamu”
Sigit: “Alhamdulillah, Mud..Mahmud” (Karo mbukak tali sing dienggo ngikat Mahmud)
Mahmud: “Siigiit..”
Sigit: “Mahmuud..” (Karo meluk Mahmud)
Mahmud: “Suwun lo Git..wis nylametake aku”
Sigit: “Looh...Iki dudu Mahmud iki, Sopo iki ?” (Karo kaget sakwise ndeleng wajahe Mahmud)
Mahmud: “Iki aku Git, kancamu Mahmud”
Sigit: “Dudu Mahmud awamu, Mahmud sing tak kenal iku wajahe ngganteng”
Mahmud: “Loh, iki aku tapi Git”
Sigit: “Duduk Mahmud awamu, wes ora gelem aku nylametake arek iki”
Penculik: “Loh, Aku yo ora arep ngrumat arek iki”
Sigit: “Pokok e ora gelem aku karo arek iki”

Tiba – tiba Bos bosan iku mau mlebu menyang ruangan

Bos 1: “Heehh...Rinio awamu” (Karo nduding Sigit)


Sigit: “Loh ana apa mas ?”
Bos 2: “Samean iki yoopo seh, kanca dewe kok ora diakoni”
Bos 1: “Wess, rinio awamu” (Karo nggebugi Sigit)
Sigit: “Sek..Sek..”
Bos 1: “Ana apa ?”
Sigit: “La aku tok sing digebugi,lha Penculik e kok dibenke toh mas ?”
Bos 1: “Oh iyo, Heehh...kene a, kok enak samean ora melu digebugi” (Karo nduding penculike)
Penculik: “Oh, iyo seh mas” (Marani Bos bosan iku mau)

Akhire Sigit lan Penculik iku mau digebugi, nganti...

Mahmud: “Intine, amanat saking drama iki yaiku, awake


dhewe kudu nrima
kahananipun kanca kepriye wae kahananipun lan awake
dhewe kudu peduli marang wong liya lan lingkungan sekitar”
(Mlaku ing jaba kamera karo nyampekake amanat saking crito iki)

~Rampung~

Anda mungkin juga menyukai