Anda di halaman 1dari 8

GAJAH BERI

Episode 11
KEMBANG DESA

Cast:
Suyat
Kancil
Gogok
Otong
Cindy
Pak Boy

1. EXT. - RUMAH CINDY - PAGI HARI

Cindy si bunga desa sedang senam di halaman rumahnya.

Adegan senam lengkap diiringi musik.

Lalu lewat Kancil dari sisi kiri rumah.

KANCIL: Wuihhh Cindy cahh! Masoookkk… Pemandangan pagi,


masio weteng urung kisenan sego, ning ati rasane lego. (melihat ke
sisi kanan)

KANCIL: Alaaah lheeekk orenek pak Mol, tek yo enek tunggale. Di


Boyadi, tek ra nyawang umor we…

Dari sisi kiri pak Boy alias pak Boyadi berkata lirih sambil melihat Cindy
senam.

PAK BOY: Idolaku iki, bathuke nyela cendhani, alise nanggal sapisan,
lambene nyigar jambe, yoooohhh gulune ngolan-olan, bangkekane
nawon kemit.

Cindy merasa was-was, curiga ada yang ngintip.

CINDY: Tek koyo enek sing ora beres, berlari ke arah kiri. (ke arah
Kancil)

Kancil langsung buru-buru bersembunyi.


CINDY: Orenek sopo-sopo jane, mungkin perasaanku ae. (kembali
senam)

CINDY: Genah enek sing ngindik iki yen ning seh tengen. (berlari ke
arah pak Boy)

Pak Boy yang merasa akan digrebek, berniat lari tapi sandalnya hilang.

PAK BOY: Waduh, wonge rene. Weh ndi sandalku?

CINDY: Hayoooo… Nyapo unak-unuk ning kono ke?

PAK BOY: Anu, iki lho mbak, arep takok…

CINDY: Takok takok!! Takok kok undlap undlup koyo wong ngindik!

PAK BOY: Arep ngindik ehhh arep takok… Pagere kok apik men, iki
mbiyen sing garap sopo yo mbak?

CINDY: Heleh alesan, iso ae pak Boy iki, yowes pak repot aku. Gawe
ra nyaman ae… (Cindy lalu kembali ke depan rumah)

PAK BOY: Semprol! Iso kedenangan piye to kimau, goro-goro sandal


kimau. Padahal tak deleh kene iso ilang ow.

Kancil datang mendekati pak Boy.

KANCIL: Goleki iki to pak? (menunjukkan sendal)

PAK BOY: Elah, kowe to sing ngumpetne? Karepmu dewe po


kongkonan?!

KANCIL: Salahe, wes tuwek barang ijik ae mecicil. Eroh sing


bening-bening pancet ae ra iso anteng.

PAK BOY: Kene kene sandalku!! (merebut sandal) Aku kimau yo kur
pengen ngerti pagere garapane sopo, kok iso rapi garapane.

KANCIL: Ning bareng ngerti sing duwe pager luwih apik, pandangan
beralih otomatis nyang sing duwe pager yo pak yo? Hahaha…

PAK BOY: Lambemu kui, ngrusaki suasana ae we!!

Kembali ke halaman rumah, Cindy menggerutu sendiri.


CINDY: Wes ra nyaman senam ning kene, mending sepedahan ae
karo golek suasana liyo. (mengambil sepeda dan keluar rumah)

Pak boy melihat Cindy keluar naik sepeda.

PAK BOY: Mesti we ke melu-melu urusane uwong ae! Sik sik sik…
Enek keperluan aku. (buru-buru pergi ke arah Cindy dengan naik
sepeda)

KANCIL: Elahh… Ijik nekat. Hahahahaha…

2. EXT. - JALAN KAMPUNG

Gogok berjalan sambil salto-salto. Dan nemu papan tambal ban.

GOGOK: Hheee huuu heee huu… La la laaaa… Cocik cocik… Opo


iki? Ahahahaha… Kenek go mainan iki cocik-cocik!

Gogok lanjut berjalan sambil salto dan menempelkan papan tambal ban
di rumah suyat tanpa sengaja.

Tidak lama kemudian, Cindy melintas dan tiba-tiba ban sepedanya


bocor.

CINDY: Waduh, nyapo iki? (melihat ban) Waduhhh malah bocorr…


Endi ono tambal ban iki?

Cindy berjalan dan nemu tulisan tambal ban di depan rumah Suyat.

CINDY: Nah iki! (masuk ke halaman rumah Suyat)

Suyat yang tidak tau apa-apa sedang ngopi santai di teras.

SUYAT: Kopi hitam di pagi hari, hari yang kelam semoga cepat pergi.
Uuhhh… Jan mantep tenan kopi gilingane Warno, nyrintik ning nyang
utek iso mak pyaarrr!

CINDY: Assalamualaikum…
SUYAT: Waalaikumsalam, wuiiihhh mbak Cindy kok ndengaren?

CINDY: Anu mas, saget nambal.

SUYAT: Nambal, lha nopo ne sing bocor? Ayu-ayu ngene mosok bocor
mbak?

CINDY: Nambal ban lho mas, iki lho ban ku bocor bar spedahan mau.

SUYAT: Weh, nambal ban? Aku ra bukak tambal ban kok iso nambal
ban rene to? (berbisik lirih)

CINDY: Piye mas, iso ora?

SUYAT: Oh iyo, enek tilas tambal ban ning mburi. Oh iyo iyo mbak, iso
iso… Pean lebokne spedahe.

Dari depan pak Boy melihat Cindy dan Suyat.

PAK BOY: Nah! Kesempatan emas iki. Eheheh… (baru mau


mendekat, tapi Kancil menyerobot)

KANCIL: Sik pak boy, tak disik sik ya.

PAK BOY: Oooo lha kranjingan we!!

Kancil buru buru mendekati Cindy dan Suyat.

KANCIL: Yat, rep nambal ban.

SUYAT: Weh, tek iso do nambal rene kimau jane enek opo to iki?

KANCIL: Wes rasah bingung, digarap ae penting poin kabeh.

SUYAT: Jik antri, mbak Cindy disik.

KANCIL: Ora popo, sing penting antriku pas nimg ngisore mbak Cindy.
Hehheeh…

Pak Boy buru-buru mendekat.

PAK BOY: Ora iso, asline disik aku. Iso-isone nyrobot sak karepmu
dewe!
KANCIL: Banku i lho bocor ombo, gonmu paling kur gembos sitik,
dipompo sedilit paling wes bar.

PAK BOY: Ooo lhaaa wedos Kancil iki jane. (ke belakang sebentar
dan ban sepedanya dibacok) wes Yat, banku suwek mobrot-mobrot,
iso to aku antri sak ngisore mbak Cindy???

SUYAT: Tek bingung to aku iki jane geneo, yowes karepmu pak.

KANCIL: Sik sik sik… (ke belakang dan membakar bannya) gonku
luwih parah Yat, banku kobong leder. Dadi aku wajib antri ning ngisore
mbak Cindy.

PAK BOY: Jiaaaaaangkrrrikkk! Opo kudu tak granat sik pedahku ben
iso antri sak ngisore mbak Cindy, Ciilll???

CINDY: Wes pak wes uwes uwes. Aku ora sido nambal mas, ben
Kancil karo pak Boy ae. Tak doronge ae mulih.

SUYAT: Waduh… Piye iki?

KANCIL: Goro-goro pak Boy kui to?

PAK BOY: Tek iso aku i lho, kowe kui to?!

SUYAT: Gek piye iki sido nambal ora???

KANCIL: Ora sik aku, ketoke malah apik yen dinggo bar kobong ngene
iki. (sambil bergegas pergi)

SUYAT: Lha kowe pak?

PAK BOY: Ora sido, arep tak granat ae iki Yat. (pergi)

3. EXT. - JALAN KAMPUNG

Gogok masih lanjut salto-salto dijalan dan hampir menabrak Otong.

OTONG: Heeeh!!! Jajale orasah pecicilan yen ning dalan!!!


GOGOK: Heheheh cocik cocik. Sorry sorry pak Otong pak Otong…
Ehehhe…

OTONG: We yen ra kenek tak kandani tak borgol tak krangkeng lo we


ngko.

GOGOK: Apik pak di krangkeng, koyo macan. Hahahahah ngiseng


ngiseng… (sambil mencakar perut Otong)

OTONG: Heh heh heh… Tak kaplok sisan lo we ngko, Gok! Weh…
mbak Cindy.

Terlihat Cindy menuntun sepeda melewati Otong dan Gogok.

CINDY: Monggo pak.

OTONG: Ya mbak, enek opo kok sajake kesusu?

CINDY: Iku lho pak, wong 2 kae ganggu ae. Arep senam diganggu,
arep nambal ban yo diganggu.

OTONG: Sopo to mbak?

CINDY: Kancil ambi pak Boyadi kae lho.

OTONG: Oalah… Ngene-ngene aku enek ide ngene… (bertiga


berbisik merencanakan sesuatu)

Kancil celingukan di jalan mencari Cindy.

KANCIL: Nyandi Cindy kimau tek cepet men mlakune, pumpung pak
Boy jik ketinggalan adoh.

Kancil lalu melihat Cindy di depan sana, berjalan ke arah sebuah kamar
mandi di samping rumah.

KANCIL: Naahhh… Kae mesti arep pipis. (bergegas mendekat dari


belakang)

Cindy kemudian masuk ke kamar mandi.

KANCIL: Nahhh iyo too, kesempatan. Hihihihi…


Kancil berjalan ke arah kamar mandi.

KANCIL: Mbak Cindy…

SUARA CINDY DARI DALAM KAMAR MANDI: Opo mas?

KANCIL: Lagi ngopo mbak?

SUARA CINDY: Pipis mas.

KANCIL: Oh pipis, aku yo kebelet pipis iki. Oleh ra mbak melu? Selak
ra betah iki. Heheheheh…

SUARA CINDY: Mlebuo mas, ora tak kuncil.

Kancil dengan semangat membuka pintu kamar mandi, dan yang keluar
ternyata Gogok berubah menjadi waria.

GOGOK: Bhaaaaaaaaa…

KANCIL: Wedoossssss!! Sopo iki???

Kancil langsung lari dan dikejar Gogok.

Tidak lama kemudian, giliran pak Boy yang mencari Cindy.

PAK BOY: Wes aman iki, Kancil wes ra enek. Tapi nyandi kimau si
Cindy tek ra ketoro?

Pak Boy lalu melihat Cindy di depan sana, sedang memasuki kamar
mandi.

PAK BOY: Wah kae, sing jenenge jodo ora bakal nyandi masio di
ubeng-ubengke ndemit. (buru-buru mendekat)

Pak Boy berjalan pelan-pelan ke arah kamar mandi.

PAK BOY: Ehmmmm, dek lagi opo?

SUARA CINDY: Eee jik pipis pak.


PAK BOY: Po jik suwe, arep ngomong penting iki.

CINDY: Yo lumayan pak, ngomong opo to? Yen ngomonge ning jero
kene ae piye?

PAK BOY: Oh ngono? Yo ora popo jane. Penting iki soale.

CINDY: Bukaken pak, ora tak kunci kok.

PAK BOY: Ya ya ya…

Pak Boy membuka pintu, dan yang keluar Otong berpenampilan jadi
waria.

OTONG: Pak Boy…

PAK BOY: Jabang bayi amit amit! Iki sopo iki?!

OTONG: Ahhh ojo ngono to…

Pak Boy lalu ditangkap dan dipeluk Otong sambil teriak teriak minta
tolong.

CEKREK
SELESAI

Anda mungkin juga menyukai