Anda di halaman 1dari 1

Isra Mi'raj

Bismillahirrahmanirrahim

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang kulo hormati bapak saha ibu guru sedoyo. Rencang-rencang ingkang kulo sayangi.
Sepindah mangga kita tansah ngaturaken puji syukur dumateng Allah ingkang tasih maringi
pinten-pinten keberkahan.

Ingkang angka kalih, shalawat saha salam mugi tansah konjuk dumateng Nabi Muhammad
SAW ingkang syafaatipun kita tengga wanten yaumil akhir mangke.

Hadirin sedoyo. Wekdal menika umat Islam nembe mengeti peringatan hari akbar, Isra Miraj.
Mugi pengetan punika nambah iman saha taqwa dumateng Allah SWT, ndadosaken kita sedaya
umat ingkang pikantuk kamulyan.Sebagai umat Islam tugas kita naming selalu takwa,
ngelaksanaake perintah Allah saha nebihi napa ingkang dipun larang dening Allah.

Hadirin, jaminan surga, Jannah kangge umat Islam meniko pasti. Kulo pitados, sedoyo ingkang
rawuh wekdal menika tansah ngentosi wekdal saget mlebet wonten swarga.Naming, mboten
saget menawi naming nenggo tanpa berikhtiar, berusaha, beribadah dumateng Allah SWT.

Hadirin,

Menawi panjenengan lewat wonten pasarean, kathah priyayi ingkang sampun ngrumiyini kondur
dumateng Allah. Sejatosipun menawi dipun paringi pilihan kangge wangsul wonten dunyo,
piyambakipun sanget sanget kersa. Amargi kangge nopo?

Kangge beribadah, menambah bekal supados saged mulyo wonten ing akhirat. Nah, hadirin
sedoyo. Kata tasih gadah wekdal. Mangga kita isi, kita manfaaten kanthi sae, ngleksanakake
amal kebaikan lan tansah tunduk dumateng aturanipun Allah SWT.

Hadirin, sejatosipun menambah amal jariyah menika gampil. Kathah amalan ingkang saged
dipun laksanaken tanpa kedah ngangge arta. Berbakti dumateng tiyang sepuh, kerso biyantu
sesame, sholat tepat waktu saha nambahi maos Al Quran.Sedaya gratis lan pahalaning luar
biasa kathah saha berkah. Insyaallah kita saling ngelingaken supados tetep dados umat Islam
ingkang beruntung fid dunya wal akhirat.

Matur nuwun, menawi wonten kalepatan kula nyuwun ngapunten, Wassalamualaikum


Warahmatullahi Wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai