Anda di halaman 1dari 13

KEMPALAN GEGURITAN GAGRAG LAWAS LAN ANYAR

Kasusun Dening :

Nama : Rifki Guntur Saputra


No : 26

SMP Negeri 18 Surakarta


Jalan Gunung Slamet, Sukorejo, RT.02/19, Banjarsari
Surakarta
CONTOH GEGURITAN GAGRAK LAWAS
1.Lebu Mangsa Ketiga
Sun gegurit
Lebu-lebu mangsa ketiga

Sing sok gawe bureme netra

Wis mancine diwasuh nganggo tirta nirmala

Supaya kita bisa nyawang samubarang kanthi trawaca

Saengga ora gampang aweh pandakwa ala

Marang sapadhaning manungsa

Muga wae kaca rasa ing dhadha

Isih bisa nampa sakehe coba

Saengga bisa nuwuhake panarima

Ing satengahe ati nelangsa

Ngadhepi cobane Kang Maha Kuwasa


2.Luh kang Luluh
Sun gegurit

samungkure lintang ing mripatmu rubuh

dakdongakake atimu tetep kukuh

ngadhepi sakehe coba kang meksa mripatmu meres luh

samangsa kena wae batinmu ngrasa angluh

nanging aja kedlarung awit ing kene aku isih saguh

dadi susuh kang nggembol sethithik suluh

kanggo ngadhepi jaman kang tansaya gupuh

ing kalane akeh wong dodolan luh


3. Layang Marang Sumitraku
Sun amiwiti hanggurit

sumitraku tulung dirungokne

layang iki daktulis ing wanci sore

rikala udan nembe wae ngrampungake jejibahane

sawise nyawang sisa-sisa banyu udan kelangan tilase

sajak ana kang gawe kepranan atine

mula banjur daksawatake

menyang langit kang tan ana watese

menawa isih bisa daktemu wangsulan-E

kang bisa dakgunakake kanggo nglalekake

urip kang paite tansaya angel tambanane

saengga bisa daktempil manise

senajan mung sagebyare thathit suwene


sumitraku delengen kae

coba sawangen langit sisih kulon kae

ing kana isih ana kaendahan kang kumlawe

kluwung mangklung ing wanci sore sajak aweh panyaruwe

marang wong sing seneng tumindak sakarepe dhewe

kudune slirane isih bisa eling panyuwun-E

4.Sun-gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawungane saya ndadi

Raket wewekane sepi


Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati
Yen manut wasiteng kuna
Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodho
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanene tibeng papa
5.Sun gegurit

Lebu-lebu mangsa ketiga


Sing sok gawe bureme netra
Wis mancine diwasuh nganggo tirta nirmala

Supaya kita bisa nyawang samubarang kanthi trawaca


Saengga ora gampang aweh pandakwa ala
Marang sapadhaning manungsa
Muga wae kaca rasa ing dhadha

Isih bisa nampa sakehe coba


Saengga bisa nuwuhake panarima
Ing satengahe ati nelangsa
Ngadhepi cobane Kang Maha Kuwas
CONTOH GEGURITAN GAGRAK ANYAR
1.sing lelayaran ing tengahe samudra

dene aku lan slirane iki mung dadi penumpange

mula supaya bisa slamet tekan papan tujuan

aku lan slirane

kudu nglereni anggene cecongkrahan

coba sawangen kayu sing kok pidak kuwi

dheweke nduweni pangaji merga gelem nyawiji

saka nyawijine kayu kuwi klawan kayu liyane

kasil kacipta baita kang migunani kanggo awake dhewe

upama wae dheweke tetep kukuh madeg dhewe

merga rumangsa luwih becik tinimbang liyane


mesthine dheweke bakal ajur kalane

ngadhepi ombak wingi sore kae

sawise nyawang kasunyatan kaya mangkono kuwi

apa sing bakal kok tindak

2.Sekolahku

Bangunan kang megah

Ayem, endah lan asri

Nambahi bungah atiku

Nambahi semangat siswa siswine

Golek ilmu kanggo mbesukke

Saben dino aku ngrungokke piwulange guru

Ora tau mbadal yen dituturi


Merga aku ngerti yen guru iku digugu lan ditiru

Tambah dina tambah marem atiku

Sekolah menyang SMP

Sing tambah maju prestasine

3.PAHLAWANKU

Pahlawan, sliramu dadi dalan kemerdekaan

Tadak awak ora wedi marang kematian

Nyowomu kanggo pondasine kebebasan

Kanggo rakyat saking cengkramane penindasan

Pahlawan, awan bengi nantang maut

Nglawan misil-misil kang semrawut

Kabeh lawan koe ajak gelut

Ra peduli najan awak podo benjut


Pahlawan, semangatmu koyo geni

Ngobong kabeh pasukane kompeni

Kanggo njaga lemah kang ditresnani

Indonesia merdeka, Indonesia dihormati

Pitulas Agustus taun papat lima

Opo sing diimpekke dadi nyata

Saiki Indonesia wes merdeka

Pahlawan, perjuanganmu ra sia-sia

Indonesia merdeka!!!

Indonesia merdeka!!!

Kabeh mergo perjuanganmu


4.ENDAHE ALAM

Yen mandheng alam iki

Pikiran susah dadi endah

Anggugah semangat urip kanggo jiwa iki

Ati pun dadi sumringah lan bungah

Yen ndelenguwit ijo royo-royo

Awujud ciptaan sing kuasa

Lan kesucian sinar surya

Kanggo pandange duniya iki

Puji syukur marang Gusti Allah

Marang keindahan isi bumi

Sing kudu dijaga lan dilestarikne

Tanpa ngilangake keindahane


5.KABUDAYAAN JAWA
Zaman saiki kabeh wis padha lali

Lali karo kabudayan Jawi

Kabudayan kang mbiyen diuri-uri

Saiki rangerti mbuh nangendi

Wayang, jathilan, krama alus nangdi saiki

Kabeh podho ora peduli

Kabudayan jawi wis ilang saking bumi

Bocah saiki mung isoh dolan wira-wiri

Dangdutan wayah bengi

Kelingan zaman saiki

Mung agawe nangis lan loro ati

Ayo para bocah-bocah

Agawe kabudayan jawi dadi lestari

Anda mungkin juga menyukai