Anda di halaman 1dari 100

KANGENKU MARANGMU

Laily Istianti (8-A)

Ning ngisor soko omah kang sejuk


Sumilir angin ngademke rogo laraku
Rembulan soyo padang ngancani tangiku
Ngarepke angin iso dititipi kangenku marangmu

Esemku ngelingi guyonan barengmu


Pitutur alus kang mesti gumenengmu
Siji salamku marang sliramu
Mugo samudro iso nemukne aku marangmu
SEKOLAH
Vanisa Alivia Putri A. (8-A)

Kanton seneng atiku


Nyawang bangunanmu sing megah
Madep ngidul sakulane ana kali

Sekolahku…
Dadi tujuwanku sinau
Sing arep golek ilmu kanggo
Masa tuwa

Saben dina
Aku sinau ing njero ruanganmu
Ngrungokake piwulang bapak ibu guru
Apa wae sing digugu lan ditiru

Tambah dina tambah marem atiku


Sekolah ning MTs N 5 Kediri
Sing kawentar gurune
Lan sing kawentar prestasine
IBUKU PAHLAWANKU
Athaya Salsabila Maharani (8-C)

Ibu…
Tresnamu ora ana wates
Ibuku panjenengan pahlawanku
Isuk, awan, bengi panjenengan ngramut
Aku lan ora tau sambat kesel
Ibu panjenengan kaya malaikat ora bersayapku
Panjenengan ngramut aku
Saka aku cilik sampek saiki
Matur nuwun ibu

Ibu…
Sepurane anakmu iki ora iso ngebales jasamu
Tapi kulo namung bisa
Mbales gawe pandongo marang Gusti Kang Maha
Agung
ALAM
Nazala Nuril Khusna (8-C)

Gunung sing dhuwur ing dhuwur lemah


Pedhut putih lan uga padhang
Hawa adhem ing wayah esuk
Sawah ijo lan uga jembar
Banyu ing tlaga iki adhem banget
Ebun esuk tiba ing godhong
Grojogan sing adhem banget
Lan ebun sore sing adhem
Wit witan sing ombak-ambakan ing angin
Katon godhong-godhongan padha rontok
Sapira endahe alam
Ayu tenan peparing Gusti
KORONA
Riza Umami (8-C)

Kapan anggonmu teko ing dunyo iki


Wes setahun koe ngancani
Kabeh susah ora bisa nyambut gawe lan wedi
Akeh menungso seng mati

Korona oh korona
Kapan minggatmu soko kene
Yen tekomu mung nyusahke
Nangis amarga kelangan wong sing ditresnani

Semoga korona cepet ilang


Aku ora bisa apa-apa
Aku mung bisa usaha
Njaga jarak lan resikan
PENGORBANAN IBU
Fatimah Azhar Zahirah (8-C)

Ibu….
Tresnamu ora ana sing bisa ngganteaken
Pengorbananmu sing ora ana wates
Ora bisa winales
Kanti sabar anggonmu angreksa
Nggembol sangangsasi sepuluh dino
Kabeh lakon lan lelara ora dirasa
Tansah kuat lan ora sesambat

Ibu…
Panjenengan kang nglahiraken aku
Nyawamu kanggo taruhan
Tapi panjenengan tetep kuat ngempet lelara
Ibu….
Panjenengan mergawe banting tulang
Ora tau sambat rasa keselmu
Jasamu kuwi kaya banyu udan sing ceblok
Ora ana sing bisa ngitung
Nanging sepurane ibu, iki anakmu….
Kang during iso nyenengne ibu
Nanging kulo janji ing sawijining dina
Anakmu iki bakal banggakne ibu
Ibu…
Sewu atur ora bakal cukup, bondo dunyo ora bakal
nutup
Ndamel mbales sedoyo keapikanmu
Kejobo dungo dating Gusti Kang Maha Agung
SWARGA
Dinda Natasya Margaretha (8-C)

Swarga sawijine panggon


Ning akhirat kang kebak
Keselamatan, kesejahteraan
Kabeh kenangan lan kenikmatan

Rasa seneng lan


Kamulyan sing langgeng
Ayune swarga
Panggon seng dijanjikan
Allah SWT marang hamba-Nya

Sing dekorasi awak karo takwa


Allah SWT menjanjikan
Panggon iki kanggo hamba-Nya
Seng beriman lan bertakwa
Kanggo Allah SWT lan
Wong-wong seng beriman

Ugo beramal shaleh dadi


Seng manggoni swarga tetep
Langgeng padha ing njerone
SEKOLAHKU
Icha Ananta (8-C)

Sekolahku papanku golek ilmu


Ning endhi aku ketemu kanca-kancaku
Ing kene weruh akeh perkara
Lara utawa nyenengake

Senadyan lara nanging nyenengake


Senadyan nyenengake nanging lara
Kabeh tak lewati aro kancaku
Lan kabeh ana ing sekolah

Ing sekolah aku nemokake perkara kang ora bisa dilali


Guyu lan bungah ing sekolahan
Matuwnuwun sekolah
Amarga awakmu aku sinau akeh perkara
SENANDIKA
Kiara Malicha Casta (8-C)

Kaendahan rembulan lan mentari kang baswara


Kayan nirwana dunya kang nirmala
Nyiarake harsa kang dadi lara
Marang nasib kang mateni rasa

Dirusak amarga ora pantes


Miayu tanpa wates
Ora ateges bebas
Apa maneh lepas

Awaku sing nyoba katon kuat


Nanging jiwaku bener-bener sekarat
Raos sing ngelebur sanubari
Berarti sinyal nganggo mungkasi
IBUKU
Auliya Nahrul Maulida (8-C)

Ibu…
Perjuanganmu raono tandingane
Njenengan kang nglahirne kulo
Lan jenengan kang dadi omah

Ibu…
Njenengan wong paling sempurna
Nalika sampean nesu-nesu
Iku demi kebaikanku

Ibu…
Matursuwun kanggo perjuanganmu
Tanpa sampean…
Mungkin aku raiso sampek koyok ngene
Jasamu rabakal tak lalekne
BUNDAKU
Jelita Aura Putri (8-C)

Bundaku…
Kasih saying gak ono bates
Cinta kasihmu seng paling tulus
Aku bangga lan bersyukur ndueni panjenengan

Bundaku pahlawanku
Seng paling iso ngerteni aku
Masio jaraku kaleh bunda tebih
Bundaku panggah usaha jaga aku

Wes gak krasa 4 tahun gak ketemu


Masio gak ketemu iseh saget komunikasi
Mugi-mugi bunda teng mriku sehat terus
Namine bunda selalu ana ning doaku

Matursuwun bunda…
Wes gemati jaga aku
Tak tunggu sampek bunda wangsul
Aku saying poll kaleh bunda
GURUKU
Moh. Dhiya’urrohman (8-C)

Nalikane riyen tasih dereng ngertos a, b, c, lan d


Nopo maleh good morning, how are you
Panjenengan tansah gemathi nuntun kulo
Sak nalikane dereng ngertos adab tata krama
Panjenengan tansah mraktekne kanti sae

Guruku…
Tindak lampak panjenengan ditiru lan digugu
Pahlawan tanpa pamrih
Sakniki kulo sampun ageng lan pinter
Sampun saget maos lan nulis
Niku sedanten amargi panjenengan

Guruku…
Matursuwun sanget
Panjenengan sampun bimbing kulo
Awit saking dereng saget ngertos dumugi saget
Matursuwun guruku
SEKOLAH
Dian Febriani (8-C)

Budhal esuk kanggo golek ilmu


Ilmu seng bermanfaat kanggo masa depan
Sinau seng sregep ben entuk nilai apik
Dadi wong sukses bahagiake wong tuwa

Budhal sekolah pamit marang ibu bapak


Supaya lancar sekolahe
Tanpa kesel senadyan angel aku dedunga
Supaya diwehi kapenak ben aku bisa
Gawe bungahe wong tuwa

Sekolah panggonan golek ilmu


Belajar tekun nganggo ngejar cita-cita
Diwulang dening ibu bapak guru
Diajari supaya dadi anak sholihah
IBUKU
Bunaya Musta’inah (8-C)

Ibu…
Senajan kulo kang tasih nglarani panjenengan
Nanging tresnamu marang kulo ora ngalih
Namung sampean seng bisa ngerteni kulo
Matursuwun sampun sabar ngasuh kulo
Awit cilik nganti kulo gede

Mugi panjenengan diparingi panjang yuswo


Lan mugi kulo saget bahagiano panjenengan
Senajan sampean kadang kala jengkel kaleh kulo
Nanging sampean panggah sabar ngadepi kulo
Nyuwun ngapunten yen kulo asring nesu kaleh
panjenengan
Matursuwun sanget sampun berjuang kanggo kulo lan
adik
MATURSUWUN AYAH LAN IBU
Keyla Zahra Amelia (8-C)

Ayah, ibu…
Perjuanganmu kanggo semangatku
Panase srengenge ora dadi hambatan
Keselmu ora dadi halangan

Ayah, ibu…
Perjuanganmu bakal dadi semangat terbesarku
Keselmu bakal tak bales nek masa depan

Ayah, ibu…
Matur suwun mpun berjuang kanggo
Kulo lan adek-adek
Perjuanganmu ora bakal tak lalekne
SEMANGAT GOLEK ILMU
Yuliana Puspita Sari (8-C)

Jago kluruk
Tandhane wes esuk
Aku tangi saka ngimpi
Aku ngrasakne adheme hawa esuk

Dina iki aku semangat


Kanggo aku golek ilmu
Tak paring salam “sugeng enjing”
Kanggo kanca lan guruku

Ing sekolahan aku semangat golek ilmu


Aku sregep maca buku
Tak rungokne pituture guruku
“saben dina sing sregep lek sinau”
GURUKU
Alifatuz Zahra (8-C)

Guru…
Nalika anggonku nulis geguritan iki…
Ana ing ati lan pikiranku
Anging jenengan guru…

Guru…
Pasuryanmu adem…
Esemanmu nemtremke ati…
Swaramu nenangke ati

Guru…
Panjenengan pahlawan tanpa tanda jasa
Sinten kula tanpa jenengan guru
Matur nuwunn sanget kanggo sedaya
GURUKU
Mochammad Nasrul Abidin (8-C)

Pak guru…
Bu guru…
Jangkahku isih adoh
Ilmuku isih cetak
Butuh ilmu lan butuh bimbingan panjenengan

Guru digugu lan ditiru


Dadi adine ibu pertiwi
Gawe landep pikiran siswa ing negri
Supaya bisa mulya lan mukdi

Aku mung bisa nyuwun marang pangeran


Muga panjenengan diparingi sehat lan kesabaran
Nadyan dudu putrane panjenengan
Nanging tresnakulan sediagu kesembadan
SANTRI
Cherry Valentina (8-C)

Ngaji…
Ngaji kuwi kewajibanku
Ngaji dadi kegiatan saben soreku
Pengen dadi santri kudu sregep ngaji

Golek ngilmu kuwi angel banget


Kudu rajin lan kudu rekasa
Kabeh kui ananging luru ridhone guru
Supaya berkah ilmu dunyo lan akhirate

Agomo kuwi utama


Mulo kui ayo ngaji
Ben supaya dadi santri
Seng bijak besatari
GURUKU
Unaizara Adisti Lia (8-D)

Kebak sabar nalika ngajari aku


Ajari aku nulis lan maca
Tresna nalika ngulang aku
Perjuanganmu luar biasa

Aku kerep lali marang nasehatmu


Aku kerep nglirwakake peringatanmu
Nalika aku sibuk dhewe
Muter lan ora nggatekake

Guruku, panjenengan pahlawanku


Pantang menyerah lan tetep semangat
Guruku, panjenengan pahlawanku
Aku mesti sinau kanthi semangat
PAHLAWAN MULYA
Syauqi Syifaul Qulbah (8-D)

Manungsa sing gelem nglebakake kabeh tenaga


Manungsa sing gelem kelangan bandha lan kalawarga
Malah dheweke gelem ngorbanake jiwane lan raga
Kanggo mbelani negri Indonesia iki

Nggowo senjata lan keyakinan


Teguh lan gagah prakasa ngadeg ing
Ngarep, padha nyerang kanthi yakin
Senadyan siji-siji nyawa ilang

Dhuh pahlawanku
Aku bakal tansah kelingan jasamu
Panjenengan Kusuma bangsa
Gugur kanggo bela negara
BAB TRESNO
Rida Ayu Puspita Sari (8-D)

Wingi aku gak sengojo seneng marang bocah


Aku kebacut sayang lan nyaman nek sandinge
Tapi pemikiranku sak wise iki salah
Dekne terlanjur karo pilihan atine

Ora mungkin kabeh menungso iso digawe ngene


Ora iso digawe dolanan atine
Tapi lek pancen iku pilihane
Oke, tak trimo opo anane

Ngaliho. Oya’en pilihnanmu!


Aku wis ora pengen bahkan ora kangen
Tau tak sawang teko rupamu
Malah mataku klilipen
DIATUR WONG LIYO
Namidatul Lailia (8-D)

Opo kliru yen aku ora bisa


Nyapo aku kok diatur wong liyo
Bukane iki uripku
Nyapo wong liyo melu-melu

Wong liyo gur eruh pas aku bungah


Nalika akku susah aku dilokno
Ora ngewei dalan metune masalah
Malah gae ati tambah babrah

Aku sambat kesel, dikongkon mandeg


Aku sugih dikira pesugihan
Wong kurang panggawean
Isane mung nyacat wong liyan
KEDIRI
Afidatul Munawaroh (8-D)

Kutha tuwa sing tansah ngangeni


Simpang lima gumul kang dadi primadona kutha iki
Kutha kang duweni sejarah kerajaan
Sing saiki dadi kenang-kenangan

Kediri…
Gunung kelude kang indah lan asri
Sumilir angin kutha iki
Tansah gawe kangene ati
SEKOLAHANKU
Amanda Nabila Rahma (8-D)

Sekolahku
Bangunanmu kang megah
Wit-witan ketata rapi
Diwulang dateng bapak ibu guru
Lan ngrungokne piwulangebapak ibu guru

Sekolahku
Tujuane siswa ingkang golek ilmu
Tambah dina tambah marem atiku
Bakal tak jaga panggonan iki
Ben tetep seger lan asri

Sekolahku
Aku seneng ing sekolah isa cethuk kanca-kanca
Aku diajari dolanan bareng karo kanca-kanca
Aku diajari marang kanca aja srei
Miguna tumprap bangsa lan negeri
SEKOLAHKU
Dista Rahma Dina (8-D)

Isuk iki angine kerasa teka cendelo sekolahku


Anget cohyo serngenge ndemok lan nyemangati aku
Tak bukak buku catetan lan tak koreksi bak tugas
omah
Nganti wayahe ngaso lan ngguyu bungah

Wit-witan dhuwur ngiyub ing panas


Kembang warna-warni nggawa kabungahan saben
waktu
Ana bocah-bocah sing padha seneng-seneng
Indah tenan suasana sekolahku

Bel muni tandha yen wis siap bali


Menyang kelas, bocah-bocah padha kesusu
Ngaturaken sugeng rawuhipun bapak ibu guru
Ingkang kinurmatan bungah kanggo enthuk kawruh
sing aji
KENANGAN SAHABAT
Maulida Alfa H (8-D)

Nalika wektu alon-alon lumaku


Kenangan kang endah uga lumaku
Wektu pisah tersedu-sedu
Ngelingi kenangan kang sendu

Bungah susah bebarengan


Nangis seneng bareng
Senajan akeh alangan
Isih bisa guyu sumringah

Raga lan nyawa kangora sempurna


Amargi bebarengan
Raga lan nyawa kerasa sempurna
Tansah kebak kenangan ing dalan gayuh cita-cita
IBU
Dwi Nur Azizah (8-D)

Ibu…
Tresna asihmu
Kadya lintang ing angkasa
Pangorbananmu marang anakmu
Kadya ngluwihi ambane dunya

Ibu…
Aku bakal sregep ing tumindakku
Ngadi ilmu kang mulia
Nyebar tresna asih marang wong liya
Kanggo esemmu kang nenangne jiwa
TRESNA SING DIDHELIKAKE
Taqwa Nisa Alya Khanza Z. (8-D)

Kenal kanthi cara sing aneh


Ora sengojo nyawang mripatmu
Jantung sing kaya-kaya mundhak cepet
Nglirik apike mripatmu

Mung bisa ndeleng sampeyan saka kadohan


Ora bisa krungu ambegane sampeyan saka cedhak
Mng bisa ngujo sampeyan ing meneng
Ora bisa nolak jarak sing wis kita gawe

Mungkin ngujo saben liyane


Mungkin ngrasa kepenak saben liyane
Mung bisa mbayangkake nyekel tangane sampeyan
Mung bisa mbayangakake ngguyu bareng sampeyan
IBU
Rifa Anitasya Putri (8-E)

Dongomu tansah ngiringi langkahku


Supoyo putramu biso tetep maju
Ugo tansah nuntut ilmu
Kaliyan Bapak lan Ibu Guru

Tansah didongakne rino lan wengi


Marang kersaning Gusti
Mugi dados putro kang iso ngabekti
Marang Gusti lan Ibu Pertiwi
KORONA
Marissa Elvina Tristanti (8-E)

Korona
Ana gara-gara lara adem panas
Kabeh uwong padha was-was
Enek penyakit angel ditambani
Para dokter bingung lek mutusi

Korona
Penyakit sing mateni para manungsa
Akeh korban sing padha ngrasakna
Balio menyang asal-usulmu
Ojo bali menyang negaraku
PADAMU JUA
Bulan Ayu Agustin (8-E)

Rampung ngeruk
Kabeh tresnaku ilang
Bali menyang sampeyan
Koyo biyen

Kowe kui kandil sing sumanar


Lampu jendhelo ing wengi peteng
Alon-alon mulih
Sabar, tansah setyo

Target aku target edan


Tresno sampeyan bola jua
Sampeyan milih sing menarik
Koyo bocah wadon sing mburi sandiworo
TRESNO
Rahma Citra lestari (8-E)

Tresnomu koyo suryo


Nanging yo koyo samudro
Tresnomu biso nekaake mego
Nanging saiki tresnomu koyo dahano

Awet aku mbok tinggalno


Ora ono candra opo maneh kartika
Atiku koyo bawono sing lemahe nela-nela
Manuta kandakne yen aku iseh tresno
TRESNO ASIH IBU
Ameliya Disti Faradela (8-F)

Tesno asih Ibu


Ora ono sing iso nggantekke
Kesabaran ibu kang kebak wutuh
Ora biso dak lalekke

Dongo Ibu kang tulus


Tansah ngiringi awakku
Pangorbanane kang tanpo wates
Ora biso winales
NGGUYUMU
Shindy Nansta Khan (8-F)

Teles karo gerimis


Wong lanang karo eseman sing paling manis
Tembung iku nada lan cara sing paling gampang
kanggo nggayuh mu
Aku weruh awan liwat esemanmu ing kenanganku

Ngadeg nyawang aku mripatmu nyawang aku


Swarane bledeg ridho sore kuwi ngganggu aku
Angin sing mlebu tekan celah jendela kamarku
Nguya-nguyu rambutku

Njabut aki saka lamunanku


Gawe aku sadar, yen sliramu ora bakal bisa
nggayuhmu
Priya kanthi eseman paling ayu sing tak temu
Sliramu sing langgeng, ing karyaku
GURUKU
Cinta Aprilia (8-F)

Panjenengan niku wong tuwa kulo teng sekolah


Matur nuwun sampun maringi ilmu engkang katah
Kulo ora bakal lali kaleh ilmu sing jenengan parengne
teng kula

Panjenengan kados sabar ngajari kula


Perjuangane njenengan luar biasa bisa ngajari kula
ngerti anane bahasa
Njenengan tansah ana ing kasusahan lan ing bungah

Kula nyuwun ngapura kanggo kesalahan-kesalahan


kula sing nggawe njenengan pegel utawa susah
Matur nuwun sampun daddi guru sing apik kanggo
kula kaleh rencang-rencang
KERINDUAN MENIKA
Natali Mukhafidah Pasca Alifa (8-F)

Saben dalu
Kula criyas bab sampeyan dhateng Tuhanipun kula
Wanten lebet sujud kula
Kula titipaken ing Tuhanipun kula sedaya
kerinduanipun

Wonten saben dalu peteng kula tansah


merindukanipun samopeyan
Dinten demi dinten sampun gumantos namun kula
tetep nresnani sampean
Ngajeng-ajeng sampeyan rawuh mriki
Lan kajeng kula lukar sedaya kerinduan kula puniki
SANDALKU
Naila Muazara (8-F)

Sandalku…
Sapa kang ora eruh awakmu
Pahlawan kang ngelindungi sikil
Maring tumrahe mara bahaya
Eri, krikil, kaca lan sanubarange

Sandalku…
Senajan regamu murah
Akeh uwong nyepelekne sliramu
Saben dino kaidek-idek
Nanging awakmu tetep menehi manfaat maring
tuanmu

Sandalku…
Pasanganmu kang dadi seksi
Nalikane awakmu berjuang tumrap sikile tuanmu
Nalikane musim rendheng awakmu kudanan
Nalikane musim ketigo awakmu kepanasan

Sandalku…
Amarga jasamu
Sikil-sikile manungso ora lara
Manfaat sing kok nduweni
Dadi ake awakmu dibutuhne uwong akeh
GURUKU PAHLAWANKU
Fanisa Anggun Melati Sukma (8-H)

Guruku…
Njenengan pahlawan bangsa
Pahlawan tanpo tanda lan jasa
Njenengan pelitaku

Guruku…
Njenengan ingkang kawula tresnani
Njenengan gantose tiang sepahe kulo
Ingkang sampun ngulang lan damping kulo

Guruku…
Njenengan ingkang kulo segani
Kulo nyuwun pangampuntenipun
Menawi kulo wonten salah
Ingkang dados njenengan gela lan jengkel
Kulo nyuwun pangapunten ingkang katah

Guruku ingkang kulo tresnani


Ingkang soko kabeh meniko
Kulo pereados….
Njenengan tresna dateng kulo
Amargi panjenengan kepingin kulo sukses
PULPENKU
Alfa Jauhar karim (8-H)

Pulpenku
Senenganmu lumaku ing nduwur buku
Senenganmu njoget neng nduwur buku
Senenganmu nulisi buku

Pulpenku
Kancamu buku tulis
Kancamu kuwi bukuku
Tanpa tangan ku kowe ora iso nulis ing buku

Pulpenku
Kowe sing tak engge nulis ing buku
Kowe wes berjasa neng aku
Kowe ojo ninggalke aku
TANGISANKU
Salsabila Wasalwa (8-H)

Sepiku ing wayah wengi


Akeh tatu ing jero ati
Kang angel banget kanggo nambani
Mula dadi nenam ing pikiran iki

Tangisku…
Akeh banget perkoro seng kowe tangisi
Opo ora kesel mripat iki?
Mula saka wong tua
Lan saka kanca-kanca

Tangisku…
Matur nuwun wis ngancani dina-dinaku
Kowe sing nganeani aku ing saben kahanan
Matur nuwun tangisku…
SREGEN SINAU DADI BAKAL SAMPEK TUA
Nabila Ghaisani P (8-H)

Rungokno kanggo kabeh menungsa


Rajinlah sinau sedowane masa
Ilmu ora tau entek pas waktu di eja
Kanggo bekal sedowone usia

Mergo ilmu awakmu kejogo teko palange wektu lan


masa
Padange sakmestine senantiasa
Murupe jenengmu bakal kegowo sampek tua
Teruso sinau sampek semangat

Rajin tekun lan giat


Bene ilmu gampang di dapat
Masa depan bakal ketoro cedek banget
Ilmu kui ora bakal oleh cepet

Mesti sabar ati lan kudu kuat


Mugo mugi Gusti Pangeran ngekeki rahmat lan
hidayat
Wasih jogo ati lan niat
SEKOLAHKU
Fadea Pratama N. (8-H)

Sekolahku katon ijo royo-royo


Katon seger di sawang
Panggonku oleh piwulang

Sekolahku….
Panggonku luru ilmu
Mirengke dawuh guru
Mituhu marang bapak ibu guru

Duh Gusti….
Dalem namong tiyang alit
Kang tansah butuh pituduh
Dalem tiyang lemah
Kang tasek katah gersah

Duh Gusti….
Dalem namung makhluk
Ingkang gampil gripil
Tansah seneng kadunyan
Kang ngarepaken welas asih panjenengan
KUCINGKU
Rangga Aji P. (8-H)

Oh kucingku
Polahmu gawe aku guyu
Saben dino tingkahmu lucu
Gawe aku betah ning sandingmu

Kucingku seng paling lucu


Saben metu tak paring mlayumu
Supoyo ora ilang paranmu
Mergo aku wedi kelangan awakmu

Oh kucingku rupamu sing klawu


Senenganmu nguber tikus
Pangananmu iwak lan tahu
Ngarai awakmu lemu lan gemes

Saben dino penggayanmu mangan turu


Ulumu kandel lan buntutmu ndangak
Senenganmu gulung-gulung karo guyu
Mloka mlaku karo bengak bengok
GUNUNG KELUD
Reza Herlambang (8-I)

Pariwisata ing tlatah Kediri


Panggonane endah lan asri
Mulane akeh pelancong sing marani
Saka Indonesia uga luar negeri

Kacanta nalika jaman semono


Ana putri sulistyo ing warno
Digawe rebutan satria sakti mandraguna
Lembu sura lan mahesa sura

Dewi Kilisuci Putri Kediri


Duwe sedya blenjani janji
Lembusura lan Mahesa sura dapusi
Pungkasane kalorone podo mati
SEKOLAHKU
Nurunnisa Dwi Arifin (8-I)

Sekolahku…
Anggonku ngudi ilmu
Anggon konco-konco ngudi ilmu
Lan anggon guru-guruku menehi ilmu

Sekolahku…
Anggonku sinau lan maca buku
Ing panggon iki aku diajari marang wong tuaku kudu
bekti
Ing panggon iki aku diajari marang kanca aga srei

Diparingi PR kanggo gladhen


Kanggo sangu urip ing tengahe bebrayan
Ora bosen aku teko kanggo aku nggolek ilmu
Kanggo mbesuk masa depanku
IBU
Asyifa Kameliya Husna (8-I)

Ibu…
Panjenengan kang nglahirke aku
Uga seng gedheake aku
Katresnanmu nggawe aku rindu
Ora ana seng gemati kejaba ibuku

Ibu…
Saben dino saben wektu
Ibu tansah didik aku
Kanti sabar dadi semangatku
Isuk, awan, lan dalu

Ibu…
Aku tresno ibuku
Tanpo ibu aku dudu sopo-sopo
Muga miguna kangge nusa dan bangsa
Matur suwun ibu…
SEMANGAT SEKOLAH
Chalista Putri Kusuma D. (8-I)

Kancaku kabeh ayo padha semangat sekolah


Panggon paling penak ngge sinau yaiku sekolah
Masio awak kesel kudu panggah sumringah
Supaya mengko ora susah

Kancaku
Akeh bocah ramampu bayar sekolah
Kita wes diwasa kudu paham tingkah laku
Kabeh wong ngerti sekolah iku susah

Kita sedaya kedah bersyukur saget sekolah


Aja nganti kita bolos sekolah
Aja nyiakke kerjo keras wong tuo bayar sekolah
Ayo nggayuh asil kang duwur lan semangat sekolah
GURUNIPUN KULA
Sanabila (8-I)

Gurunipun kula panjenengan inggih menika pahlawan


kula
Pengabdi kagem bangsa
Panjenengan sampun bagi elmi dhateng kito
Ngasto kito kaliyan kebak kantos

Jasa-jasa nipun panjenengan guru


Mboten keparing arto balaskan
Kan kito kenagn jasa-jasa panjenengan sepanjang
masa
Matur suwon guru nipun kulo
IBU
Ririn Dwi Natasya (8-I)

Ibu…
Matur nuwun sampun sabar ngadepi polahku
Katresnane ibu selawase
Ora ana sing iso ngganteke

Pengorbananmu kang tanapa wates


Ora iso diganti karo opo wae
Doa-doa ibu kang tulus
Tansah ngiringi awakku saben dinone

Ibu…
Sliramu panutaning uripku
Pituturmu ora bakal tak lali
Esem lan guyumu tansah ngresepake atiku
Mugi gusti tansah ngayomi
KULA NGAJI
Nezzya Arta Subagia (8-I)

Nami kula Nezzya Arta Subagia


Umur kula 14 taon
Asal kula Desa Karangrejo Kandat
Awit umur 5 taon kula kalian ibu didaftaraken ngaji
Wonten TPQ Slumbung Ngadiluwih
Wonten mrika Alhamdulillah kula khatam AL-Quran
kaping 4

Wonten mriko kula ngaji namung 5 taon


Amargi wonten Covid-19
Akhiripun libur ngantos 2 taon langkung
Alhamdulillah Covid-19 sampun aman
Kula lanjut ngaji wonten Masjid Miftakhul Khoir

Alhamdulillah kula wonten masjid dipunbimbing


kalian Ustadz
Ustadzah ingkang sae lan sabar
Kula mlebet teng Madin Ula kelas 1
Kital Alala, Risalatul Makhid lan sak panunggalanipun
Kelas 2 kitab aqidatul awam, Hidayatus Sibyan lan
sakpanunggalanipun
Alhamdulillah sampun khatam
Sakniki kula taksih kelas 3
Kitabipun kholashoh 1 sabrowi lalaran alfiyah al imriti
lan sakpanunggalanipun
Mulai minggah kelas 3, kula sakderenge mlebet kelas
dipunparingi
tanggung jawab mulang lare-lare TPQ Tarbiyatul Islam

Niki carita ngaji kula


Mugio saget lanjut sakterusipun
Mugio diparingi ilmu ingkang barokah
Saking Gusti Allah SWT
Lan ugi sekolah kula wonten MTsN 5 Kediri
Diparingi lancar lan kinabulan cita-cita kula ngantos
jenjang berikutipun
Aamiin…
GURUKU
Prita Aura Mei Dilla (8-I)

Panjenengan wong tuwaku ing sekolah


Ingkang ndidik kula ing sekolah
Tanpa njenengan kula ora biso dadi opo-opo
Matur nuwun ingkang jasane panjenengan sing
diwenehke maring kula

Panjenengan teng dalem kelas ingkang paling sabar


ngadepi tingah kula
Matur nuwun sampun sabar ngadepi tingkah kula
Yen kula enten salah maring panjenengan
Kula nyuwun pangapunten ingkang kathah maring
panjenengan
TEMPE GEMBOS
Dewi Ro’fatul Laila (9-A)

Salah sijine dhaharan senenganku


Tempe gembos digawe saka ampas tahu
Teksture beda karo tempe liane
Sampek aku ketagihan karo rasane

Tempe gembos
Digoreng nganggo bumbu-bumbu
Senajan rasone nyos-nyos
Teksture seng unik ndadekake aku rindu

Nalika isih anget


Teksture garing banget
Nanging yen wes adhem
Teksture koyo apem
KANGEN
Nurifka Akma A. (9-A)

Wengi sampun liwat


Ngimpi tentangmu dikala iku
Fajar uga terbit
Nggantosaken dalu
Warnanipun ingkang elok ngiasi cakrawala

Rona esuk kang cerah uga teka


Ngelingake kula
Ajeng putri ingkang elok lan manja
Ingkang tansah ngancani kula
Dikala susah utawi seneng

Secarik dlancang kutilasne


Raos sayang lan penyesalan
Ingkang sampun kula lampahken
Aku arep-arep
Sampeyan maafne…
Sampeyan maafne
Lan bali maneh kalih aku selamanipun
KONCO
Zidni Ilmatun N. (9-A)

Koncoku
Sliramu kaya embun isuk
Gundah atiku dadi sejuk
Ing butiran kang becik
Konco lan sakpandulinanku

Koncoku
Sampeyan karo aku kudu iso pangerteni
Sifate uwong bedo-bedo
Aja ngasih awake dewe pisah
Amarga wong liyo

Koncoku
Amung pundakmu sing biso nrimo tangisanku
Amung guyumu sing biso nggawe aku seneng
Mung tanganmu sing biso nyanding tanganku
Aku bakal kelingan sampeyan nganti salawase
GURUKU
Banyu Bening (9-C)

Swaranipun tansah sedaya elingi


Panjenengan ndamel kula tambah prestasi
Ndamel lampahan kula sak niki
Dados abdining bumi pertiwi

Panjenengan ingkang mbimbing lan didik kula


Panjenengan kados sabar ngajari kula
Kula mboten saget menehi walesan jasanipun
panjenengan
Kula namung saget ndedunga damel panjenengan

Matur sembah nuwun dateng guruku


Guruku pahlawan ing uripku
Panjenengan tansah ditiru lan digugu
Dening sedoyo muridmu
WAYAH WENGI
Heni Anjarwati (9-C)

Tanpo srengenge
Mung ana wulan lan lintang nek langit peteng
Suasana ayem ing wengi
Hawa adem kang nyenengke ati

Mung bisa ngrungokne swara jangkrik


Karo kemrosoke codhot nusruk wit pelem
Nyawang kaendahane langit wengi
Pas manungso wes podo merem

Disambi ngopi karo nongkrong


Bisa nenangke pikiran seng susah
Puji syukur nang Gusti Allah
Marang kenikmatan dunyo
GURU
Muhamad Arya Fa’idzin (9-C)

Ora ana piwales kang saget ngganteni


Wayah isuk sleramu teka
Panas srengenge ora ndadekne cilik ati
Esem lan dongamu ndadekna aku ngerti dinya

Keselmu ndadekno semangat kanggo


laraning atimu tansah ditampa
Senajan jenengan mlaku
Sliramu tetep kuat kanggo kita

Namun tanpa jenengan


Kula saget apa tanpa njenengan
Guru kula nyuwun ngapunten
Engkang sedaya prilaku kula kalih jenengan

Dhuh guru …
Panjenengan dudu wong tuaku
Nanging, panjenengan ngajari luwih saka wong
tuwaku
Matur nuwun guru, panejengan dados sumber ilmu
Kang bermanfaat kagem kita sedaya
URIP
Devina (9-C)

Urip sing asring nandhang alangan


Masalah sing ora bisa ditebak
Kaya tresnaku marang kowe
Kang dumadakan teka

Masalah urip mulang kita supaya sabar lan kuwat


Ora ana kata nyerah sadurunge nyona
Ana cara metu saka saben masalah
Kanthi ndedonga, ikhtiar, lan usaha sing
paling apik

Urip ing donya mung sapisan


Ojo sambat karo pacoban sing diparingi Allah Swt.
Amarga sambar ora bakal nyudo pacobanmu
Yen sambat, bakal luwih abot pacobane
CAHAYA REMBULAN
Syahbana (9-C)

Rembulan amung siji


Madangi jagat kang tambah sepi
Selawase ora bakal lunga
Rembulane ajeg ning angkasa

Senajan adoh teko bumi


Ora bakalan sulaya janji
Kagodo marang liyan
Bakalan setya sesandingan

Cahaya ne rembulan
Senajan adoh neng paran
Tetep setya nyawiji dalan
Koyo tumiupe angin kasuwargan
SEKOLAHANKU
Nichan Amelia (9-C)

Sekolahanku
Panggenku nimba ilmu
Panggenku sinau
Panggenku diwulang bapak lan ibu guru

Sekolahanku
Panggenan katur mengubur kebodohanku
Panggenan katur perjuanganku
Panggenan katur meraih cita-citaku

Sekolanaku
Panggenan kaping kalih katurku
Ing panggenan iki kula entuk ilmu
Katur masa ngajengku
MELAWAN KEGAGALAN MATEMATIKA
Muhammad Khoirul Huda (9-C)

Saben nomor sing mok gawe


Rumus-rumus sing mok tulisne
Kaya geni sing membakar
Jiwa iki gemetar nalika krungu kowe
Mripat iki nangis nalika deleng kowe

Nanging nalika aku kenal karo kowe


Bab bab sing medeni aku kaya-kaya bakal ilang
Nada-nada angkamu sing merdu
Ndadekne aku sregep sinau
INDAHIPUN DALU
Reza Narsita Rahma (9-C)

Kala dinten wiwit dalu


Kalanipun srengenge gumantas wulan
Wonten nyalakanipun dilah
Kagem menerangi petengan dalu

Langit ingkang peteng


Dihiasi dening gemerlapipun lintang
Kalih sasi purnama ingkang padhang
Oh dalu indahipun sampean
IBU PAHLAWAN URIPKU
Savira Dwi Ariani (9-C)

Ibu…
Iki anakmu
Anakmu iki bakal banggaake ibu
Swaramu tansyah dak elingi
Pituturmu ora bakal dak lali
Tembang-tembang dolananmu
Dadi cagak awak uripku

Tresna asih ibu


Tansyah ngiringi awakku
Durung akeh bektiku katur ibu
Mugi gusti paring panjang yuswo dhateng ibu
Matursuwun ibu
Panjenengan pahlawan ning uripku
BUKU
Ashyfa Eka Fajar Q. (9-C)

Buku
Awakmu jembatan ilmu
Kabeh uwong maca awakmu
Kabeh tresna karo buku

Buku awakmu dadi kancaku


Saben dina awakmu tak woco
Soko aku ora paham sampek aku iso
Supoyo aku bisa
Nggayuh opo sing tak gontho

Buku gawe aku ngubengi ndonyo


Buku nglancarne opo sing tak gontho
Karo awakmu angan-anganku dadi nyoto
Karo awakmu uripku dadi mulya

Jendela ndonya iku buku


Amarga buku wong tua bangga karo aku
Buku ngeterne aku marang cita-citaku
Buku sumber ilmu
SEKOLAHKU
Laura Silvi Edy Saputri (9-D)

Panggonanku golek ilmu


Saben dina senin sampek dina sabtu
Panjelasan lan tutur saka guru
Tak rungokake lan tiru

Sekolahanku
Panggonanku ketemu kanca-kancaku
Panggonanku golek ilmu kanggo masa depanku
Supaya bisa nggawe bungah wong tuaku
IBUKKU
Nurul Izzati (9-E)

Ibukku...
Atimu seombo angkoso sing biru
Ngguyumu dadi canduku
Dungomu kang tulus
Tansah ngiringi awakku

Tresnoku koyo suryo


Nanging yo koyo samudro
Kesabaran ibu kang wutuh ora biso dilalekke
Ora ono sing iso nggantekke
GURUKU
Resa Arum Sari (9-E)

Pas kulo anyar ngenal aksoro


Panjngan ajari kulo ngitung ongko
Pas kulo anyar ngenal boso
Panjengan ajari kulo tentang logika

Guruku...
Penjenengan lah pahlawan ing kepinteranku
Penjenengan lah pembimbing sukses masa depanku
Matur nuwun guruku atas ilmu sing migunani kanggo
aku
NGUBUR KANGEN
Anggun Septina (9-E)

Macet ing kasepen


Nyawang adoh menyang langit kang amba
Aku mung sewates crita mbiyen
Njaga rasa sing nandhang lara

Meneng ing rasa kangen


Terdampar ing rasa kasepen
Aku mung sewates crita biyen
Anane mung kanggo guyonan

Dina-dinaku kok dekorasi karo tembung katresnan


Kowe nepaki karo janji-janji setiamu
Ing ngisore ademe bengi petengan
Ngarep anget nyapa ing eling sliramu

Kowe ora perlu ngerti


Ten aku isih nyimpen rasa
Ngubur kangen sing jero
Supaya saklawase bakal dadi kenangan siji
DINO SENIN
Defina (9-E)

Saben isuk aku tangi


Senajan mata isih ngantuk
Aku tetep siap sekolah
Sadurung mangkat aku adus

Mari adus aku siap-siap terus mangkat


Aku mangkat bareng kanca-kancaku
Ana sing mlaku
Lan ana sing diterne wong tuwane

Saben dino senin


Dienekne upacara bocah-bocah nglampah ing
lapangan
Lan melu nglaksanaake upacara
WELAS
Azza Abir Wardania (9-E)

Ngomong welas sing arep pungkas


Sakeha rassa dibuntel dadi wetas
Wekas kapitu karepe ati suci
Janji urip bareng sampek mati

Welase lare cilik nang wong tuwek


Kementel angger didtinggal mewek
Kepingin mitutu urip dhuwe
Samu barange kudu golek

Welase wong tuwek nyang anak


Kelendi carane bisa urip enak
Kabeh ditata, kabeh dikira daya
Muga anake tembe burine mulya
PANTAI
Dinna Ferliawati (9-E)

Pasirmu ayu
Biru segarmu gawe adhem atiku
Anginmu gawe tentreme atiku gedhe nabrak sikilku
Ombakmu sing gedhe nabrak sikilku

Ombakmu nggugah imajinasiku


Ngembangake impenku
Nandur impen lan cita-citaku seluas samudraku
Lan ngubur rasa wedhiku ngantri jero kaya
Segaramu

Sampean kebak inspirasi


Sampean minangka papan sing apik
Papan kanggo nentremake ati
KAHANAN WAYAH ESUK
Dian Anggraini (9-E)

Awan kanthi bulak


Kahanane peteng dedhet
Kabeh podo keblowok turu kepati
Tanpa raga tanpa swara

Ora watura suwe


Wengise wengi sing kumlebet
Karosane ilang tanpa tilas
Kasentor ublik katon gagah

Sapungkare iku
Ngundang etan sumaring srengenge
Kawiyah sumringah srengenge
Surya ngrambeka maneh

Kabeh pada tangi


Kabeh pada bungah
Kabeh kewan sumringah srengenge
Kembang-kembang semburat maneh
BAPAK LAN IBUK
Zidan (9-E)

Jasa panjenengan sedaya tansah kula emut


Sayah panjenengan sedaya anggen ngramut kula awet
elit
Kawula dereng saget bales nopo nopo

Sakniki kawula sampun dewasa


Tapi kawulo tasih saget ngrepoti panjenengan sedaya
Kadang kawula dadosaken manah panjenengan
Kuciwo

Bapak lan ibuk


Mugiyo kula dados putro putri ingkang minulya
Lersane saget bagiyakne panjenengan sedaya

Bapak lan ibuk


Ulo nyuwun agunge pengapunten menawi kula tasik
dadosne panjenengan kuciwo kalih tumindak kula
ALAM
Selvi Nikmatul Hawi (9-E)

Gunung sing dhuwur ing duwur lemah


Pedhut putih lan padhang
Hawa adem ing wayah esuk
Sawah ijo jembar

Banyu sendhang adem banget


Embun esuk tiba ing tlaga
Grojokan sing adhem banget
Lan embun sore sing adhem

Hawa esuk ing pantai adem banget


Ana lelangan penyu ing pantai
Lan segara jembar banget
Srengenge anget

Mandangi lingkungan alam


Srengenge apik banget kanggo awak
Gawe dina kakon padhang
KANCAKU
Velinka Vaiza P. (9-E)

Nalika iseh ana sliramu


Susah seneng kita lewati bareng
Curhat lan dolanan bareng
Sliramu tansah ana kanggo aku

Nalika iseh ana sliramu


Guyumu nentremke atiku
Guyonmu iso gawe aku kekel-kekel
Nanging nesumu gawe atiku mangkel

Nalika iseh ana sliramu


Uripku tansaya bahagiyo
Nanging saiki
Sliramu guyumu, guyonmu ilang saka aku
SEKOLAHKU
Nabilla Dwi Z. (9-E)

Sekolahku…
Aku nyaman banget ing sekolahku
Taman sing apik iku
Gawe nyaman sajeroning atiku

Papan nomer loro sawise omahku yaiku sekolahku


Kanca kancaku beneh marang aku
Guru ingkang sabar anggenipun paring kawruh kula
Ndhadekake aku nyaman ing sekolahku

Sekolahku, ing kene aku nggolek ilmu


Nanging aku ora tansah netep ing papan pawiyatan
iku
Ing sawijining dina aku bakal ninggalake papan
kasebut
Aku tresna temenan marang sekolahku
SEKOLAH
‘Ainaya Mufidatuz Z. (9-E)

Sekolahku…
Panggonan anggonku golek ilmu
Sekolahanku…
Saben dina aku diwulang dening bapak ibu guru

Sekolahanku…
Ing kelas aku sinau, maca buku
Aku di didik marang guru
Supaya dadi bocah kang muthu

Ing sekolah aku sinau bareng kanca-kanca


Lan guruku maringi PR kanggo aku lan kanca-kanca
Kanggo dikerjakne ing omah

Saben dina
Aku tansah ana ing njero kelas
Aku ngrungokne saben piwulang guru
Supaya pinter utawa cerdas
SAHABAT
Selva Nikmatul Hawa (9-E)

3 taun ing donya pendidikan


Macem-macem alangan
Donya kekancan kang bungah
Gowo akehe kenangan

Crito sing tak lukis karo awakmu


Babagan kisah urip sekolahku
Akeh werno lan langit biru…
Kekancane adewe kayata karbu..

Crita kekancane adewe


Ndisek mung saling kenal nganti didadekke siji karo
kahanan
Adewe ngedom cerita susah lan seneng
Adewe mesti ana kanggo bebarengan

Ngedem ego kanggo keputusan


Tukaran kang dadeake nglila
Nglukis kekancan
Gawe kenangan…
ATI KANG SEPI

Nalika sepi kadheng ing pucuking wengi


Nambahi kekes jroning ati
Nglaras rasaku nyawang lelakoning uripku
Dak piyaki lembar-lembar kenangan

Priya kang nate cumondhak ing pojoking ati


Tau nyirami kembang-kembang katresnan saiki wis
ora ana
Pelangi atiku wis sirna kegawa ngimpi
UDAN NGGAWA KANGEN
Daris Faidatul Hasna (9-G)

Nyawang langit sore iki


Peteng banget rasane pengen nangis
Udan teko karo gerimis-gerimisse
Nggawa lan menehi menyang wong

Udane ora deres


Katon kaya arep ayem karo kahanan
Dheweke ngira mesthi ana sing kangen karo dheweke
Lan ana sing ora kangen marang dheweke

Udan tentrem aku arep ngomong


Aku pengen nangis lan njerit
Aku kangen banget karo wong
Wong kang adoh soko kula

Udan tulung aturaken kangen iki marang dheweke


Aku kangen banget karo dheweke
Apa sampean duwe perasaan, udan?
Yen ngono apa sampean bisa ngrasakake
Apa sing dakrasakake saiki
TATU KANG NGLARANI
Nadiya Oktavina F. (9-G)

Tekamu karo katresnan sing mok gowo kanggo aku


Nggawe aku kegudho ing katresnan iku
Nanging dumadakan tresnamu ilang
Lan nggawe ati iki tiba jeru

Tekamu dumadakan
Lan lungamu tanpa pamitan
Banjur ninggalke tatu ing ati iki
Lan awakku kudu nandhang lara iki

Matursuwun kanggo kowe sing wis neko ning uripku


Masio ora suwi ngancani aku
Nanging aku ngroso bungah ati
Amargo kowe wes tau ngancani urepku
PAHLAWAN
Irdha Uruash Putri (9-G)

Pahlawan, sliramu dadi dalan kemerdekaan


Tadah awak ora wedi marang kematian
Nyowomu kanggo pondasine kebebasan
Kanggo rakyat saking cengkramane penindasan

Pahlawan, semangatmu kaya geni


Ngobong kabeh pasukane kompeni
Kanggo njaga lemah kang ditresnani
Indonesia merdeka, Indonesia diormati
KENANGAN
Septiana Aurellia Sari (9-G)

Masa lalu…
Terlintas ing manahku…
Akeh prastawa kedadeyan ning aku…
Kaya angin liwat ing pikiranku…

Ana kenang-kenangan…
Kenang kenangan kang angel dilalekake pikiran…
Ana kasebab akibat prastawa…
Saka wayah menyang wayah…

Prastawa saka masalalu tetep kelingan…


Lan arep dadi wulangan…
Kanggo awake dhewe kanggo bisa obah…
Jero bab sipat utawa sikap…
AKU LAN MASA DEPANKU
Moh. Surya Ramadan (9-G)

Aku due pengarep


Ngarepke masa depan seng apik karo dee
Temen, kui seng tak karep
Tapi kudu eling kabeh kui butuh proses

Aku ngerti pengarepku iseh dadi angan-angan


Tapi yakino niat apik bakal ngasilne perkoro apik
Pener, aku kudu wujudne
Ora meneng lan nyerah karo kahanan

Belajar saka masa lalu


Ojo mung mikir masa depan
Amargi hikmah lan pelajaran kui
Akare saka masa lalu
Aku yakin iso ngrubah uripku
LINGSIRE SRENGENGE
Juannita Bilbira Efendi (9-G)

Tekamu tondo gantine wektu


Slambune awan lan wengi
Padang ra padang peteng ra peteng

Tekamu pinangka tondo tekane magrib


Ngancani saben langkah menyang masjid
Ngeriasi saben pojokane langit
Nentremake saben moto sing nyawang

Syukur banget sepasang moto iki iso nyawang


Maturnuwun wes ngancani saben soreku
Mugo sesuk iseh iso nyawang sliramu
WEDI JATUH CINTA
Mayshya Geby Ruliana (9-G)

Ora ana perasaan sing salah


Mung kita ngarep-arep banget saka wong sing salah
Senajan mendhung ing langit wis ilang
Tatu sing mbok gawe ora bakal ilang

Gawe opo terus maju


Yeng sing bisa urip mung tatu
Kita wes ora sedalan
Nanging aja nyalahke kabeh kenangan

Percoyo karo koe aku


Nanging kowe kianat aku
Aku ora pengin ngenteni awakmu
Amargo aku ngerti ana pilian liane ing atimu

Aku wedi tresno karo kowe


Wektu cepet entek
Langit surup nyedhak
Lan aku ngrampungake crito iki dhewe
IBUK

Rasane…
Kaya beninge tetesan embun isuk
Sumringah padhaning srengege
Naliko tak sawang sliramu, Ibu…
Enek rasa anget nek njero atiku

Banyu wudhu tansah nelesi


Ayat suci tansah pok unekne
Sworo alus lan merdumu
Ndongo kanggo putra putrimu

Duh ibuk,
Seng tak tresnani saumur uripku
Ampuni anakmu yen akeh lupute
Pengorbananmu tanpo njaluk balesan
KANGGO SLIRAMU SING NING ATIKU
Nabila Oktavina F. (9-G)

Cah bagusku…
Matursuwun kanggo katulusanmu
Matursuwun wis biso gawe bungah atiku
Ora bakal tak lalekke perjuanganmu

Ora mung rupamu sing bagus


Ning atimu yo tulus lan alus
Masio aku wes gawe atimu gelo
Nanging sliramu ora tau ngrumongso

Masio aku kadang nangisi sliramu


Nanging ora ngarti sliramu nglarani aku
Bakal tak regani kabeh perjuanganmu
Amung sliramu papujaning atiku
SEWENGI
Natasya Putri Febriola (9-G)

Padhang bulane kaya rina


Sewengi rasane kaya seminggu
Opo iki sing jenengge asmara
Ati iki sue raketemu rasane saya menggebu

Sungguh parasmu ngademake hawa


Pandongaku kanggo kowe kaping sewu
Sepurane aku tenan tresna
Lan ora iso nglalekke sliramu
UDAN
Lailatul Khasanah (9-G)

Banyu langit mudun nelesi bumi


Awan mendung nutupi surya
Ora mung gawa adhem tapi uga gawa sepi
Kabehane ing jero golek angete raga

Udan mesti gawa rena rasa


Ana susah ana bungah
Susah anggene udan langka kanca
Bungah banyu langit iso nelesi lemah
ALAM
Fadila Ozza Sofiya Dani (9-I)

Banyu biru mewarnai pantai


Hawane esuk ing pantai adem
Ana lelang iwak
Lan segara jembar banget

Banyu lan ombak katon njoget


Langit sing ayu lan bening
Njoget wit klapa
Aku kepingin mlayu ing pantai iki

Duh tiyang nelayan


Udan lan panas dadi kanca
Rakit-rakit ngayun kanthi sopan
Diiringi kapal

Aku ora krasa eluhku tiba


Aku pengen matur nuwun kanggo nikmat sampeyan
Matur nuwun Gusti
Kanggo kaendahan alam ciptaan-Mu
SIMBOK
Afifah (9-I)

Awak kuru sing tak sawang lewat mripatku


Nuduhake rekoso uripmu
Rambut putih ono mustokomu
Nunjuke suwene perjuanganmu

Simbokku…
Mung matursuwun seng metu
Kanggo sedoyo pengorbananmu
Ora ana ucapan “kesel”
Metu sangking lisanmu
Ngremuat anakmu
Kanthi sumringah ono wajahmu

Mung Pandungaku
Sing iso tak paringke
Mugo senajan rekoso uripmu
Bakal mlebu suarga rohmu
KATRESNANIPUN IBU
Gita Maritza Titiantoro (9-I)

Katresnanipun ibu marang kita ora bakal ilang


Ibu iku segalane kanggo kita
Tanpo anane ibu, kita ora bakal ono ing dunyo iki
Lan ora bakalan urep ing dunyo iki

Sepiro gedhene pengorbanan ibu


Jasa nipun ingkang gedhe banget
Minangka wangsulanipun kita kedah kinormatan
dhumateng ibu
Lan kita kedah ngormati perjuangane

Ibu ingkang sampun ngramut kita


Wiwit isih ing kandungan, nganti lairan
Mulai kita kedah kinormatan dating ibu
Matur suwun ibu
KANGGO AWAKMU
Veronicha Rahmadany (9-I)

Sampeyan minangka obat nalika tatu kena


Sampeyan minangka penguat nalika aku sengsara
Nresnani sampeyan minangka hadiah sing ora bisa
dibayangna
Duweni sampeyan iku aminangka iku aminku sing
paling kuat ing sapertelan cahya wengi

Ndelok esemanmu koyo ndoyoku wis dialihake


Mripatmu lan irungmu tansah nyenengake
Jenengmu bakal terus ana ing atiku
Sejatine ndelok kowe karo wong liya iku nglarani atiku

Ora bisa ilang esem manismu


Ora bakal musna sorot netramu
Selagi aku nate nyimpen rasa

Bayanganmu tansah ngganggu ketentramanku


Nyelip ing impenku
Kowe tansah ana ing pikiranku nalika aku turu
Tansah kowe ing impenku
SABTU RESIK-RESIK
Regita (9I)

Dina sabtu ing wanci enjing


Suasana tasih katon remeng
Kang tambah kluruk pitik kang gayeng
Katon siswa-siswi MTs kang nggrengseng

Wanci sekolah wiwiti pasinaon


Katah siswa-siswi kang sami pitakon
Sabtu enjing kanggo lingkungan mawon
Kerja bakti resik pasinaon

Namung tekat saiyeg saeka kapti


Nyambut gawe barang kanti senengen ati
Tansah sehat kang diupadi
Lingkungan sekolah kang tetep asri
TAKON WULAN
Angel Listi Aurellia (9-I)

Lungguh ing plataran crita


Bareng prihatine nyawang wayah sore
Sunset esuke kang biru
Adem ayem sak durunge ilang

Ganti salam peteng dhedhet


Rebutan senja malih dadi pepati
Angin adem ing saben rongga
Mbukak mripate ing wuta

Rembulan wis ana ing payaning jagad


Ngiringi lingsir wengi
Apa isih bakal sumunar khanti bener?
Utawa mung mampir kanggo ngucapake salam kaya
senja

Anda mungkin juga menyukai