Anda di halaman 1dari 2

MAKALAH UJIAN PRAKTEK BASA JAWA

‘’PIDATO’’
Assalamu’alaikum wr.wb.

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Guru, saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Ingkang rumiyin, mangga kita sami ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang
Maha Agung ingkan sampun paring rahmat sarta hidayahipun saengga kita sedaya saged
makempal mriki kanthi sehat walafiat.

Ing pidato punika kula badhe ngrembug babagan "Pentingipun Nglestarikaken Budaya
Indonesia". Kita sadaya sampun mangertos budaya Indonesia menika maneka warna, kados:
wayang, batik, tari-tarian, lan sapanunggale. Lakung-langkung menika kita mangertos menawi
budaya Indonesia menika sampun kathah ingkang dipunsampingaken dening bangsa Indonesia
kiyambak. Khususipun kawula mudha. Kathah kawula mudha ingkang kepencut dening budaya
saking Barat. Budaya iku kados: bridge dance, lagu rock n roll, rambut kang dicukur awut-
awutan, lan sapanunggale. Budaya kados punika ingkang jalari runtuhipun rasa Nasioanalisme
bangsa Indonesia. Mlebetipun budaya barat. sampun mengaruhi lan ngrusak citra bangsa
Indonesia kiyambak. Kathahipun budaya barat kang sampun mlebet ing Indonesia ndadosaken
pengaruhi negatif kangge bangsa Indonesia. Pemerintah kedah saged milah-milah budaya
saking barat pundi ingkang saged dipuntampi utawi dipunicali saking Indonesia.

Para rawuh ingkang kinurmatan lan kula tresnani,Awit punika, kita sedaya kedah nambah raos
tresno kita dhumateng Tanah Air kita tercinta. Tuladhanipun inggih punika nglestarikaken
budaya bangsa Indonesia. Supados budaya kita mboten ical lan tasih saged dipunsekseni dening
putu lan wayah kita mbenjang. Dados, sumangga kita Njaga lan Nglestarikaken Budaya
Indonesia!!

Cekap semanten ingkang saged kula sampekaken. Menawi wonten lepat kula nyuwun agunging
pangaksami.

Wassalamu’alaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai