Anda di halaman 1dari 4

SUMATIF TENGAH SEMESTER II SEKOLAH DASAR

TAHUN PELAJARAN 2023/ 2024


WILAYAH KERJA BIDANG PENDIDIKAN KEC. NGORO

Nama : ____________________________ Nomor : _____________


Nilai Mapel : Bahasa Jawa Tanda Tangan
Fase / Kelas : B/ IV (Empat) Guru Orang Tua
Hari/ Tanggal : ………………………

I. Wenehanan tanda silang ( X ) aksara a, b utawa c ing wangsulan kang bener!

Jum’at Bersih
Rini lan Bima setengah enem wis nganggo sragam olah raga. Kabeh keperluan
sekolah wis dilebokno tas. Ora lali Rini nggawa serbet lan kain pel. Bima nggawa arit
amarga saben dina Jum’at ing sekolahane ana kegiatan Jum’at Bersih.
Kegiatan Jum’at bersih ora mung resik-resik, nanging uga olah raga yaiku
senam bebarengan. Mulane Rini lan Bima budhale sekolah luwih esuk, amarga jam
enem wis kudu tekan sekolahan. Budhale bebarengan, Rini digoncengne Bima.
Tujuane Jum’at bersih saliyane bersih lingkungane sekolah, uga diajab ndadekake
resik jiwa lan ragane kanthi olah raga ajeg.
Sarampunge senam leren sedhela, banjur bocah-bocah tanpa dikomandho
maneh wiwit resik-resik kelas lan sakiwa tengene. Semono uga bapak ibu guru.
Olah raga lan reresik lingkungan kelas lan sekolah ditindakake lan ditandangi
bebarengan kabeh warga sekolah. Pagawean apa bae yen ditandangi bebarengan
kanthi guyup rukun, tulung tinulung, ikhlas, kabeh krasa entheng lan gampang.

1. Irah-irahan wacan ing nduwur yaiku….


a. Jum’at Bersih c. resik-resik
b. Rini lan Bima d. senam bebarengan
2. Rini nggawa serbet lan kain pel amarga ing sekolahane ana kegiatan….
a. Olah raga c. senam bebarengan
b. Jum’at Bersih d. tandhang gawe bebarengan
3. Sarampunge senam leren sedhela, banjur bocah – bocah….
a. Nggawa serbet lan kain pel c. senam bebarengan
b. Nggawa arit d. resik-resik kelas lan sakiwa tengene
Wacanen tembang ing ngisor iki!
Yo pra kanca dolanan ing njaba
padhang wulan padhange kaya rina
Rembulane e sing awe-awe
Ngelingake aja padha turu sore
4. Irah – irahan tembang dolanan ing ndhuwur yaiku…
a. Padhang bulan c. Lir – ilir
b. Menthog – menthog d. Gundhul pacul
5. Ing ngisor iki titikan utawa ciri – cirine tembang dolanan, kajaba…
a. Basane prasaja lan gampang dingerteni
b. Jumlah barise (gatrane) uga winates)
c. Isine bab sing salaras karo kahanane bocah
d. Nyritakake bab sinau
6. Lagu padhang bulan ngelingake yen ora oleh…
a. Turu sore c. Sinau
b. Tukaran d. Dolanan
7. Miturut jenise tembang dolanan ana…
a. Siji c. Telu
b. Loro d. papat
8. Tembang dolanan biasa diiringi nganggo…
a. Gitar c. Rebana
b. Gamelan d. Piano
9. Salah sawijining tembang dolanan kang prasaja kulinane ditembangake bocah –
bocah cilik ing pedesaan, sinambi dolanan bebarengan yaiku…
a. Dhandanggula c. Caping gunung
b. Cublak – cublak suweng d. Cendhol dawet
Wacanen sing tliti!
Carita Aji saka iku nyritakake Aji Saka saka India sing mara ing Tanah Jawa.
Banjur Aji saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo mengeti rong
panakawane sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Kalorone mati amarga ora
bias mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakake aksara
Hanacaraka supaya bias kanggo nulis layang.
Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki
sing unine “hana caraka”. Urutan dhasar aksara jawa nglegena iki cacahe ana
rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa.
10. Carita Aji Saka iku nyritakake Aji Saka saka…
a. Irlandia c. India
b. Islandia d. Finlandia
11. Aji Saka ngarang urutan aksara mengkene kanggo mengeti…
a. Saka lan Dora c. Dora lan Sembada
b. Aji lan Saka d. Aji lan Sembada
12. Kalorone mati amarga ora bias mbuktekake dhawuhe…
a. Sang Dora b. Sang Aji
c. Sang Saka d. Sang ratu
13. Aksara Jawa iku cacahe ana…
a. 14 c. 18
b. 16 d. 20
14. septu bru
aksara ing dhuwur diwaca…
a. Sapi pitu c. Sepeda biru
b. Sepatu baru d. Sepatu biru
15. Piring Pecah yen ditulis nganggo aksara jawa…
a. pri kuni= c. spi putih
b. piri= pech d. pipi kiri
A. Isinen nganggo tembung – tembung sing cocog!
16. Yen buwang larahan prayogane ing…
17. Ibu nyapu plataran nganggo…
18. Lingkungan kang resik ndadekake urip dadi…
19. Nembangake tembang dolanan polatane…
20. Tegese gembelengan yaiku…
21. Tembang dolanan diciptakake supaya bocah-bocah padha…
22. Sing numpak ndara Bei, sing ngiring para…
23. “Wignyan” yaiku sandhangan sigeg gantine aksara sigeg…
24. se[kolh
Aksara Jawa ing dhuwur diwaca….
25. Sandhangan panyigeg “pangkon” digunakake kanggo…
B. Wangsulana pitakon ngisor iki kanthi patitis!
26 Lani – kulawargane – saben – kerja bakti – Minggu - dina
Rakiten dadi ukara sing bener!

Wangsulan : ...................................................................................................

27 Gawea ukara saka tembung “Kerja Bakti”

Wangsulan : ...................................................................................................

28 Kepriye carane njaga lingkungan yen mangsa rendheng?

Wangsulan : ...................................................................................................

29 Aranono telu tembang dholanan!

Wangsulan : ...................................................................................................

30 Sebutna titikane tembang dolanan!

Wangsulan : ...................................................................................................

31 Sebutna tembang dolanan miturut jenise!

Wangsulan : ...................................................................................................
32 Tulisna tembang dolanan sing judule gundhul – gundhul pacul!

Wangsulan : ...................................................................................................

33 Sandhangan aksara Jawa iku ana telung warna. Sebutna apa bae!

Wangsulan : ...................................................................................................

34 “Mawar Abang”
Tulisen nganggo aksara Jawa!

Wangsulan : ...................................................................................................

35 budi pek/eti luau/


Tulisen nganggo aksara latin!
Wangsulan : ...................................................................................................

Anda mungkin juga menyukai