Anda di halaman 1dari 4

BASA JAWA

Tujuan Pembelajaran:
1. Melalui membaca, siswa dapat menyebutkan nama-nama tanaman bunga dengan benar
2. Melalui didkusi siswa, dapat menyebutkan macam-macam tanaman dengan benar
3. Melalui diskusi, siswa dapat memanfaatkan barang bekas untuk menanam
4. Melalui praktik, siswa dapat merawat tanaman dengan benar
Nandur wit kembang
Saben dina Jemuah, sekolahane Nita nindakake kagiatan
Jumat Bersih. Sekolahane Nita ora duwe plataran jembar
kanggo nenandur amarga ana ing tengah kutha. Nita lan kanca-
kancane duwe angen-angen supaya plataran sekolahan bisa
ditanduri maneka warna tetanduran.
Gagasan kuwi diwiwiti kanthi ngumpulake gendul plastik
bekas sing ukurane siji setengah liter. Gendul-gendul mau
digunting ndhuwure lan dibolongi ngisore, banjur diiseni lemah
sing wis dicampur pupuk kandang. Sawetara kanca liyane
nyepakake winih kembang mlathi.
Dene mlathi kapilih dadi wit sing ditandur amarga uwite
gampang diopeni lan kembange ambune wangi.
Saben dina bocah-bocah gentenan ngopeni wit sing
wis ditandur kanthi nyirami saben esuk, bubut-bubut suket
lan ngiling-ilingi menawa ana uler sing mangan godhonge.
Nita katon seneng nalika oleh jatah nyirami. Wit mlathi sing
ditandur katon subur lan ndadekake plataran sekolah katon
asri.
BASA JAWA

Wangsulana pitakon iki kanthi bener!


1. Apa irah-irahan wacan ing ndhuwur ?
2. Apa sekolahane Nita duwe plataran jembar?
3. Kapan Jumat bersih ditindakake?
4. Apa sing disiapake Nita lan kanca-kancane?
5. Kepriye kahanane wit mlathi sing ditandur ?

Anda mungkin juga menyukai