Anda di halaman 1dari 1

Panyandra

Jumantara awan niki kaya rai buto sing cemeng dhahat lan nesu, dadekne cahya melu nesu pisan.
Dumadakan miyarsa swara obar abir nyigar jumantara marai mendung kaget lan mijilaken atusan ewu
rintik udan sing kaya duri sing ngelawan gaya gravitasine Newton lan nyebabaken atusan ewu semut
kelaran amarga dadi tameng kanggo ngelindungi Ratu Semut lir Syahrini sing dilindungi pengawale.
Sadina niki jumantara murka kaya wong edan sing ora isa nahan agni ing atine nyebabaken obarabir, mendung nangis ing tengah badai, segara murka, srengenge wedi ngetokake cahyane sing marai
dunya petheng dedhet lir petenge bengi. Petenge kaya wong africa seng sadinane mung njemur awake
lan ora tau adus lir Amoo Hadji sing ora tau adus sajrone 60 taun, kabeh awake isine mung bolot.
Amarga murkane jumantara sing ora bisa diilangno mung karo doane wong khilaf lan wong
gendeng, marai jumantara runtuh ngenani suket sing goyang tapi ora bisa mlaku marai suket-suket niku
lir tempe penyet sing enak mandra. Swarane duarr pas jumantara niku ngenani tanah kaya swara mercon
bumbung, nyebabaken watu, pasir, lan sakliyane mencolot amarga kaget. Manungsa lan kewan mung bisa
adeg kaya patung pancoran, ning wong gendeng isih senyum lan sumringah lir uwong sing isih entas
pacaran.
Surga melu runtuh amarga jumantara ora bisa nahan murkane, setan-setan sing ana ing njero
lemah mung bisa ndunga lan sembhayang amarga ora kepingin ketemu Malaikat-Malaikat sing gantengganteng lir Jokowi sing arep dadi superhero nyelametake Kalimantan saka kabut asap. Kabut asap niku
mau lir rokokne uwong-uwong seng iso nyebabaken manungsu seda lan ora bisa obah maneh lir watu
apung.

Anda mungkin juga menyukai