Tamba ati iku lima sak wernane, kaping pisan maca alquran lan maknane
Kaping pindo shalat wengi lakonana, kaping telu wong kang sholeh kumpulana
Kaping papat kudu weteng ingkang luwe, kaping lima zikir wengi ingkang suwe
Salah sawijine, sapa bisa ngelakoni, mugi mugi gusti allah ngijabahi