Anda di halaman 1dari 2

Bank Soal Bahasa Jawa Kelas XI

1. Sebutna apa wae sing kalebu struktur teks drama ....


2. Sebutna lan terangna apa wae sing kalebu tembung rangkep ....
3. Bab-bab sing kudu digateake nalika nulis naskah drama yaiku ....
4. Jelasna pengertian drama ....
5. Drama dibagi ana piro jelasna ....
6. Andharna apa sing diarani ukara pitakon ....
7. Gambaran panggonan dumadine crita, wektu, dumadine swasana utawa kahanan jroning crita
drama diarani ....
8. Rerangkening crita/konflik para paraga (tokoh) saka wiwitan nganti pungkasan jroning pagelaran
drama diarani ....
9. Wewatakane paraga jroning drama bisa dideleng saka ....
10.Bakune gagasan jroning crita drama diarani ....
11.Saben malam minggu ing daleme Pak Lurah dianakake gladhen tembang macapat. Ukara ing
dhuwur kalebu jenis ukara ....
12.Mas kawinmu jaluken maneh marang mas Agung !
Ukara ing dhuwur kalebu jenis ukara ....
13.Ciri-ciri khase teks drama yoiku dumunung ing ....
14.Jelasna kepriye tata urutan kanggo ngowahi basa gancaran dadi drama ....
15.Sebutna drama miturut jenise ana pira ....
16.Sebutna ciri-ciri basa lisan ....
17.Apa paugeran sing kudu digateake jroning nggunakake unggah-ungguh basa ....
18.Bab-bab apa sing kudu dilakoni amrih bisa paham babagan isine teks drama ....
19.Apa sing diarani pawulang luhur utawa amanat ....
20.Basa kang kanggo bocah karo bocah utawa sapadha yaiku ....
21.Mas, menawi kondor mbakyu sampeyan betakaken menika nggih. Basa kang digunakake yaiku ....
22.Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan
parepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku ....
23.Basa ngoko kapareng dadi loro yaiku ....
24.Basa krama kapareng dadi pira sebutno ....
25.Andharno tegese basa krama alus ....
26.Andharna tegese basa ngoko lugu ....
27.Andharna tegese basa krama alus ....
28.Bab-bab apa sing kudu digatekake sadurunge maragake sawijining paraga ing drama ....
29. Kanggo rembungan karo wong sing luwih dhuwur pangkate, nangiing wis raket nggunakake
basa....
30. Miturut jenise drama dibagi pira ....
31.Sebutna unsur-unsur kang ana ing sajroning drama ....
32.Sebutna unsur instrinsik ing crita drama ....
33. Wong sing tegese mimpin lan ngatur lumakune drama yaiku ....
34. Paraga kang mung dadi gegenep yaiku ....
35.Paraga drama nalika guneman ijen ing panggung diarani ....
36. Lelandhesan bakuning gagasan crita ana ing ....
37. Katrangan ngenani panggonan, wayah, lan kahanan kang ana sajroning crita diarani ....
38.Kalungguhan pangripta sajroning crita diarani ....
39. Paraga sing nduweni sifat elek yaiku ....
40. Mobah mosike paraga drama kanthi dadakan manut situasi lan kondisi diarani ....
41. Andharna tegese istilah ing ngisor iki
a) Protagonis
b) Antagonis
42. Aksara jawa iku cacahe ana pira ....
43. Tembung leluhur Ing ngarsa sun tuladha ing madya magun karsa tut wuri handayani tegese
yaiku ....
44.Adhimu lahir selapan dina kapungkur. Selapan dina padha karo ... dina.
45.Sampun kalampahan rikala dinten Respati manis 21 2010. Dinten Respati manis sami kaliyan
dinten .....
46.Pasulayan ing antarane paraga lan paraga liyane diarani ....
47.Paragraf ingkang ukara baku mapan wonten perangan kawitan paragraf lan kawiwitan saking
ukara ingkang asipat umum dhateng mligi inggih punika paragraf ....
48.Sinta ing taun iki kapilih minangka siswa teladhan ing sekolahanku. Dheweke bisa kapilih dadi
siswa teladhan amarga pancen pretasine ajeg mundhak, disiplin, tertib lan ora tau nglanggar aturan
sekolah. Protolan kasebut diarani paragraf ....
49. Ora bisa dipercaya, ora bisa nyimpen wewadi lan ora bisa diwenehi pangapura iku tumindhake
manungsa kang ora bener tumraping kekancan, apa maneh ing ngarsaning Gusti. Pretelan punika
kalebet paragraf ....

Anda mungkin juga menyukai