Anda di halaman 1dari 5

Layangan

Awit cilik Dhoni lan Firsa demen banget karo dolanan layangan. Saben mulih sekolah

sore Dhoni mesti ngumbulne layangan karo Firsa. Ing sawijining dino sing panas banget,

Dhoni lagi turu-turu ing ngarep tv karo kipas anginan. Ujug-ujug Firsa nyeluk Dhoni teko

ngarep omahe.

Dhonn... Dhoni....?! bengoke Firsa teko njobo omah. Nyapo sa? wangsulane

Dhoni.Ngumbulne layangan njo? omonge Firsa.Panassee koyo ngene kowe ngejak

ngumbulne layangan?? wangsulane Dhoni.lek ngumbulne ki engko, saiki awakedewe

nggawe layangane disik omonge Firsa.Rodok engko e lek nggawe layangan, saiki melu aku

tuku es njo? Pehhh... ngelak banget aku, panas eram iki dino wangsulane Dhoni.Yowiss lek

ngono aku yo ngelak iki omonge Firsa.

Sakwise kui Firsa muleh njpuk duwit, lan Dhoni mlebu omah njupuk sepedahe.

Amergo sepedahe Dhoni kui suwi ora digawe, Dhoni ora ngerti yen ban sepedahe gembos.

Dhoni moro ning omahe Firsa arep nyilih kompo sepedah.Sa, aku nyilih kompo sepedahmu

omonge Dhoni.Lha kae jupuken ning cedek pawonan wangsule Firsa. Dhoni moro ning

pawonan omahe Firsa karo ngomong,Endi lho sa? Orenek iki lho ? eneke kayu ning

kene..Mosok orenek? Biasane ning kono lek ku ndeleh... jajal deloken ning ngisor mejo

ngarep pawonan wangsulane Firsa.Oalahhh... iki lhoo.. wes temu omonge Dhoni.

Sakwise ngompo sepedah Dhoni lan Firsa boncengan numpak sepedah moro ning

warung panggone tuku es. Kurang luweh sepuloh menit Dhoni lan Firsa teko warung sing

dituju. Wong loro kui langsung lingguh ning warung karo pesen es teh rong gelas. Karo

ngenteni es teh dadi wong loro kui ngomongne tentang ngumbulne layangan mengko.ngko

layangane diumbulne ning ngendi sa? Ning sawah opo gudang bekas kebakaran mburi
omahku kae? takone Dhoni.Ning gudang kono ae sing cedek, wegah aku lek ning sawah...

kadohan mergane wangsulane Firsa.Gek kowe ndue pring opo ora? Kok arep ngejak

nggawe layangan? takone Dhoni.ora ndue pring aku, mengko ae golek ning tegalane

mbahku wangsulane Firsa.

Ing tengah-tengah omongan sing nduwe warung ngampiri Dhoni lan Firsa karo

nggowo es teh pesenane. Dhoni lan Firsa nyruput es teh karo nglanjutne omongan maeng.

Opo jerekmu maeng sa? Ning tegalane mbahmu? Gek tegalane mbahmu kui

nyebrang kali jale? takone Dhoni karo kaget. Iyo..... orapopo Dhon, jarene mbahku kaline

lek ngene iki banyune ora gedhi, soale iki lagi musim panas. Wangsulane Firsa. Yowis lek

ngono.... ayo saiki budal... es ku wes entek iki omonge Dhoni. Sek Dhon... sak sruputan

engkas.... srrrrttt srrrrtttt..... wes, ayo Dhon, wes entek iki wangsulane Firsa.

Sakdurunge muleh, wong loro kui marani sing nunggu warung gawe bayar es teh.

Sakwise mbayar wong loro kui langsung moro ning omahe Dhoni. Pas perjalanan muleh

numpak sepedah, Firsa weruh pring nggletak ning pinggir dalan.

Dhon.. Dhon.. Dhon karo nepuk pundake Dhoni. Nyapo sa? Kaget aku takone

Dhoni karo kaget. kae lho, aku weruh pring nggletak ning pinngir dalan wangsulane Firsa.

Endi lho sa?? takone Dhoni karo nyawang kiwo tengen. kae lho Dhon, sawangen ning seh

kiwo wangsulane Firsa karo nduding pring kui. Oalah kae to.... Yowiss nggawe kui ae lek

ngono, peneran malahan lek enek kui awake ora usah trutusan teko tegalan golek pring

wangsulane Dhoni.

Dhoni lan Firsa marani pring sing nggletak ning pinggir dalan kui. Pas tekan

panggone, Firsa mudun tekan sepedah gawe ngampiri pring sing nggletak ning pinggir dalan

kui. Firsa kroso getun ngampiri pring kui.


Dhon... reneo.. Firsa nyeluk Dhoni rai melas. Pie sa? Pring e apik ra? Takone

Dhoni. Apik apaneee Dhon.. Dhon... deloken iki njero pringe ae kropos koyo ngene

wangsulane Firsa karo ndudohne njero pring e ning Dhoni. Lah... lek njerone koyo ngene yo

ora kenek digawe ragangan sa.... Firsa..... guwaken ae wes, golek ae ning tegalane mbahmu

wangsulane Dhoni.

Akhire Firsa ngguwak pring kui ning kali cedek deweke nemokne pring kui. sakwise

ngguwak pring, Wong loro kui nganjutne perjalanan muleh. Kurang luweh limang menitan,

wong loro kui wes teko omahe Dhoni.

Akhire wes teko omah... pie iki? Langsung budal golek pring opo leren disik?

takone Dhoni karo lesehan ning ngemper omahe. Langsung ae njo? Selak kesoren engko lek

ngumbulne layangane. Wangsule Firsa. Sakwise omongan kui, Firsa karo Dhoni langsung

budal ning tegalane mbahe Firsa. Pas perjalanan arep ning tegalan, Firsa karo Dhoni

ngomong-ngomong tentang lanyangan sng arep digawe mengko. sa, kowe engko arep

nggawe layangan opo? takone Dhoni. aku arep nggawe layangan gapangan Dhon

wangsualne Firsa. Kowe opo iso nggawe layangan gapangan? Lha wong Layangan biasa ae

kowe sik mbuh-mbuhan kok takone Dhoni karo ngece. Lah..Lah.. kok ngece.. deloken dewe

ae engko lek ra mumbul layanganku wangsulane Firsa karo ngece mbalik ning Dhoni.

Hahahah.... westo iyo engko tak deloke omonge Dhoni karo ngguyu. Lha kowe rep

nggawe layangan opo Dhon? takone Firsa. Aku arep nggawe layangan biasa ae, aku pingin

sambitan, mumpung akeh musuh sing ngumbulne layangan wangsulane Dhoni. Yongalah...

opo lho kowe ki kok nggawe layangan biasa? takone Firsa karo ngece balek. aku pingin

sambitan iki, arep njajal bolah senarku sing anyar wangsule Dhoni. weh... bolah senarmu

anyar?? Kapan lekmu tuku? Gek piro regane? takone Firsa. wingi sore lekku tuku, regane

30ewu wangsulane Dhoni.


Kurang luwih sepuluh menit Dhoni karo Firsa wis teko pinggir kali, Dhoni wedi arep

nyebrang kali sing ombo kui, nanging Firsa ngomong ning Dhoni yen deweke wis bolak-balik

nyebar kali kui. Akhire Dhoni nekat nyebrang kali karo dituntun Firsa. Kurang luwih limang

menit bocah loro kui teko ning tegalane mbahe. Sampek tegalane mbahe bocah loro kui

langsung njupuk arit sing ana ning gubuke mbahe. Meh ana setengah jam, akhire bocah loro

kui nemokake pring nggletak ning cedek uwit nangka. Pring sing ditemokake kui langsung

diketok nganggo arit ben ora kedawan, sakwise di ketok bocah loro kui langsung mulih ning

omah.

Pas teko ngomah, Dhoni karo Firsa langsung nyisiki pring gawe nggawe ragangan

layangan. Pas nyisiki pring ujug-ujug Firsa mbengok. Adoohhhh..... Firsa mbengok karo

nyekeli drijine. Nyapo sa? takone Dhoni. tanganku kenek ladhing Dhon omonge Firsa

karo ngroso kelaran. Piye? Penak ra? omonge Dhoni karo ngguyu. Penak gundhulmu

kui.. omonge Firsa karo nyekeli drijine. Hahahah... Yowis tukuo handsaplast disek kono tak

enteni ning kene. Firsa langsung mlayu njupuk duwit gawe tuku handsaplast.Firsa mbalik

ning omahe Dhoni karo salah siji drijine di buntel. Pie drijimu? Wes penakan? takone

Dhoni. uwes iki, wes ora perih meneh wangsule Firsa.

Kurang luwih rong jam layangane Dhoni wes dadi, nanging Firsa isih ngertasi

layangane deweke. Dhoni ngomong ning Firsa yen deweke arep ngumbulne layangane disik.

Dhoni langsung moro ning gudhang mburi omahe, mergo angin pas dino kui banter deweke

ora kangelan ngumbulne layangane. Pas layangane Dhoni mumbul duwur, ujug-ujug ana

layangane uwong sing nyedaki layangane Dhoni, ora usar kesuen, Dhoni langsung nyambit

layangan kui. Bolah senar sing dicekel Dhoni ngubet ning bolah senare layangane uwong,

Dhoni langsung cepet-cepet ngulur bolahe ben layangane deweke iso menang. Akhire

layangan sing disambitne Dhoni kui iso menang, lan layangane uwong maeng bolahe pedhot

dowo.
Sakwise sambitan kui Dhoni langsung ngedokne layangane kui amergo wes wengi.

Pas Dhoni arep balik ning omah, Firsa ujug-ujug moro ning gudang karo nggowo

layangane.Lahh... Dhon, arep ning ngendi kowe? takone Firsa. Yo arep muleh lah..

deloken iki wes meh maghrib kilo.... wangsulane Dhoni. Yongalah... kadung wes dadi

layanganku omonge Firsa karo rai melas. Sesok sek enek wektu, sesok sore reneo meneh,

gek ngumbulne bareng-bareng omonge Dhoni. Akhire bocah loro kui podo muleh ning

omahe dewe-dewe.

Anda mungkin juga menyukai