Anda di halaman 1dari 2

NAMA ANGGOTA KELOMPOK

Aditiya Rahmadani W (02)


Bangun Tri H (08)
Devara Isnaya A (11)
Nendy Efisya M (34)

Studi wisata menyang Banyuwangi lan Bali


Tujuan studi wisata menyang Banyuwangi lan Bali iki supaya siswa ngawruhi seni
musik lan tari Banyuwangi, lan seni tari Bali serta nambah wawasan bebagan budaya
nasional. Tujuan mligine yaiku 1) njembarake ilmu kawruh lan pengalaman; 2) ngundhakake
apresiasi lan krasi; 3) ngundhakake rasa tresna marang negri lan budaya; 4) aweh
kalodhangan entuk ilmu anyar kang asipat langsung; 5) gladhen mandiri adoh saka wong
tuwa. Studi wisata dianakake ing dina Selasa, tanggal 19 Desember 2017, lan budhale tabuh
07.00 WIB. Peserta studi wisata: SMPN 1 Sukorejo, kelas 9A-9I lan ditambah bapak ibu guru
pendamping cacah 12 guru. Tujuan wisata: Banyuwangi lan Bali. Objek wisata: Apresiasi
seni musik lan tari Banyuwangi, Bedugul, Teman Joger, Water Blow, Pantai Pandawa, pusat
oleh oleh cening bagus, Apresiasi seni tari bali, Tanah lot. Bebarengan R3S Tours & Travel.

Paparan kegiyatan:

Selasa, 19 Desember 2017 tabuh 07.00 WIB kabeh siswa kelas 9A-9I wis ngumpul
ing plataran sekolah sajrone rerangkep arep studi wisata menyang Banyuwangi lan Bali. Bus
kang arep tumuju Banyuwangi, Bali wis padha teka. Siswa siswa ana sing durung teka.
Sawise siswa padha teka, siswa langsung mlebu bis kanthi tertib, rombongan bus nuli enggal
mangkat. Ing jero bus aku sekanca lan guru pendamping ndedonga njaluk keslametan marang
Gusti Kang Murbeng Dumadi, kang dipandhegani dening pagarsa sekolah.

Ing sajroning bus kang lumaku, aku sakanca kober ngenggar-enggar ati: nyanyi
bebarengan ngetutake swarane penyanyi ing VCD, nindakake karaoke gegentenan, bedhek-
bedhekan klawan krune bus, lan sapiturute. Kanca-kanca wadon akeh sing padha sedekah
jajan marang kanca priya lan guru pendamping.

Sawise kuwi suwene nikmati perjalanan isuk iku, persis tabuh 11.00 WIB, bus mandheg
ing RM Utama Raya Paiton lan trus ishoma bebarengan. Rampung ishoma, tabuh 16.30-
17.30 WIB, bus mandheg ing RM Grafika Ketapang kanggo Pengarahan Apresiasi seni
musik lan seni tari miturut Sanggar Seni Kuwung Wetan, trus ishoma. Tabuh 18.30-21.00
Apresiasi Seni Musik dan Tari antarane yaiku mratekna gamelan Banyuwangi sing wis
ditandhakake dening para pemain lan ngerungokake penjelasane pakar tentang bebagan
macem-macem gamelan ing Banyuwangi. Tabuh 21.30-23.00 nyabrang Selat Bali, 00.00-
03.30 lelungo ing Bedugul.

Rabu, 20 Desember 2017 tabuh 03.30-07.00 WITA ana ing Bedugul aku sakanca adus lan
sholat, bubar sholat terus sarapan, tabuh 07.00-08.00 WITA bus dalah robongan siyaga arep
tumuju papan tujuan yaiku Teman Joger gawe tuku oleh oleh. Tabuh 09.00-11.00 aku
sakanca padha mangan awan, tabuh 13.30-14.00 bus dalah rombongan siyaga arep menyang
Water Blow. Sawise kuwi tabuh 15.30-16.00 bus tumuju Pantai Pandawa aku sakanca padha
dulinan pasir banyu lan foto-foto. Tabuh 17.30-18.30 bus dalah rombongan siyaga arep
tumuju Hotel Grand Lifestyle gawe ngasuh sewengi.
Kamis, 21 Desember 2017 tabuh 06.00-07.00 WITA aku sakanca wis padha sarapan,
tabuh 07.00-08.00 WITA rombongan kudu wis Chek out lan tumuju ing pusat perbelanjaan
oleh oleh Cening bagus aku sakanca padha mudhun teka bis lan langsung tuku oleh-oleh
kanggo kaluwarga, sawise metu teko cening bagus ing tangan kiwa-tengene padha nyangking
barang tukon dhewe-dhewe lan padha tumuju bus-e dhewe-dhewe.

Tabuh 09.30-10.00 WITA rombongan nerusake laku tumuju Apresiasi seni tari Bali, ing
kana ana tarian barong, tarian iku disajikno nggunakake iringan mulut / acapela. Sawise iku
siswa molai kelas 9A-9I dikongkon ngelakuno tarian iku, aku sakanca maju gantian molai
9A-9I. Sawise iku tabuh 13.30-15.00 WITA bus tumuju Tanah lot lan guru pendamping
ngongkon senalika sholat.

Tabuh 17.00-19.00 WITA sadurunge nerusno laku tumuju RM Bidadari Negara, aku lan
kanca kanca dalah rombongan liyane mangan bengi lan sholat dhisik. Sawise mangan lan
sholat, kabeh peserta nuli tumuju bus-e dhewe-dhewe kanggo nerusake laku. Tabuh 20.00-
21.00 WITA rombongan tumuju Pelabuhan Gilimanuk Bali, 21.30-23.00 rombongan
nyebrang selat Bali.

Tabuh 23.30-05.00 WIB bus arep mbalik menyang SMPN 1 Sukorejo, jumat 22
Desember 2017 tabuh 05.00 WIB kabeh rombongan mudhun saka bus. Mobil lan motor para
wali siswa wis baris jejer-jejer ngenteni aku, kancaku, lan rombongan. Bubar dipapag
kulawarga,kabeh mulih menyang omahe dhewe-dhewe.

Studi wisata mujudake sarana kanggo ngusadani sakehing kebosenan urip, luwih-luwih
yen objek wisatane ana gayutane klawan pendhidhikan. Kanthi mangkono studi wisata kita
njembarake wawasan, nambah ilmu kawruh lan pengalaman.

Anda mungkin juga menyukai