Anda di halaman 1dari 2

CENGKORONGANING SESORAH

Tema : Semangat kepahlawanan bangsa untuk menciptakan siswa sebagai generasi penerus
bangsa yang berkarakter dan bertanggung jawab.

1. Pambuka
a. Salam : Assalammu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
b. Pakurmatan : Ingkang kawula hormati, Bu Eko Yuli guru basa Jawa kawula lan
ingkang kawula hormati uga rencang-rencang kelas 9C.
c. Puji Syukur : Puji syukur kita sedaya panjatkan dhateng Allah Swt amargi
rahmat lan karunianipun Allah Swt kits sedaya saged kempal teng mriki kanthi
sehat jiwa lan ragane.
d. Petipungan : Kulo teng mriki badhe nyampeaken sesorah bab mengeti dinten
pahlawan ingkang kita sedaya mengeti saben tanggal 10 November.

2. Isi
Kula lan panjenengan sedaya sampun ngertos bilih saben tanggal 10 November bangsa
kito mengeti Dinten Pahlawan. Kasebut Dinten Pahlawan amargi kala punika tanggal 10
November 1945 ing Suroboyo wonten prastawa perang ageng ingkang dipun pelopori
arek-arek Suroboyo ingkang badhe nyingkiraken Walanda ing tanah Jawi. Lajeng, amargi
semangatipun ingkang berkobar-kobar saka arek-arek Suroboyo, Walanda saged
disingkirake saka tanah Jawi.

Sedaya ingkang kulo hormati


Ingkang crita wau saged dijupuk pelajaran yaiku semangat perjuangan pahlawan perlu
kito lajengaken khususe para generasi penerus bangsa. Merga generasi kala menika
sampun kathah ingkang kelakuane mboten nunjukaken semangat kepahlawanan.
Kedahipun, dhewek dados generasi penerus bangsa saged mujudaken semangat
kepahlawanan arupa sinau sing sregep, mboten gampil putus asa, luhur budine lan uga
liya-liyane.

Ancaman negara Indonesia sak meniko mboten malih perang kalih penjajah, nanging
perang ilmu pengetahuan. Mila saking meniko, kito sedaya kedah semangat anggone
nggolet elmu supados benjang saged dados tiyang ingkang manfaat dhumateng bangsa
lan negara uga saged bersaing kalih bangsa-bangsa lintunipun.
3. Panutup
a. Dudutan :
Sedaya ingkang kulo hormati
Saking sesorah wau, saged kito jupuk pelajaran ingkang penting yaiku dhewek
dados generasi penerus bangsa kudu nduweni budi ingkang luhur lan uga
nduweni ingkang sampun kasebut wau.
b. Pangarep-arep :
Mugo-mugo dhewek sanggup mujudaken generasi penerus ingkang saged
mengharumkan bangsa lan negara Indonesia iki.
c. Atur panuwun :
Maturnuwun sedaya sampun mirengaken sesorah kulo, mugo-mugo wonten
manfaate kagem kito sedaya.
d. Njaluk pangapura :
Lajeng, kulo ngaturaken ana kupat kecemplung ing njero santen, menawi wonten
lepat kulo nyuwun pangapunten.
e. Salam panutup
Wassalammu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai