Anda di halaman 1dari 3

‫ه‬

ُ‫ت‬ ُ‫َا‬‫َك‬‫بر‬َ َ ُ‫ْم‬


‫َة هللاِ و‬ ‫َح‬‫َ ر‬ ‫ْ و‬‫ُم‬
‫ْك‬‫َي‬‫َل‬‫ُ ع‬ ‫السَّالَم‬
‫ِسْم‬
ِ ‫ ب‬،ِ ‫ْم‬‫َّجِي‬‫َنِ الر‬ ‫ْطا‬ ‫َ الشَّي‬‫ِن‬‫ِاهلل م‬ ‫د ب‬ ُْ ‫َو‬‫َع‬
‫أ‬
‫َب‬
ِِّ ‫د هللِ ر‬ ُْ‫َم‬ ‫َْلح‬‫ ا‬،ِ ‫ْم‬‫َّحِي‬‫َنِ الر‬ ‫ْم‬ ‫َّح‬
‫هللاِ الر‬
‫لى‬ ََ‫ُ ع‬ ‫َالسَّالَم‬ ‫ة و‬ َُ‫َّال‬
‫ الص‬،‫َين‬ ‫َالم‬ ْ
‫الع‬
‫لى‬ ََ‫َ ع‬‫ و‬،ٍ‫ْن‬ ‫ِي‬‫ْسَل‬ ‫َ الم‬
‫ُر‬ ‫ء و‬ ِ‫َا‬‫ِي‬
‫نب‬َْ‫َافِ ْْل‬ ‫َشْر‬
‫ا‬
‫ِى‬ ‫ْ ل‬‫َح‬‫ِِّ اشْر‬ ‫َب‬‫ ر‬،َ ‫ْن‬‫ِي‬‫َع‬‫ْم‬ َ
‫ِ أ ج‬‫ِه‬‫ْب‬‫َح‬‫َ ص‬ ‫ِ و‬ ‫له‬ِ‫آ‬
ً‫د‬
‫ة‬ َْ ‫ْ ع‬
‫ُق‬ ‫لل‬ ُْ‫َاح‬ ‫ِىْ و‬‫مر‬ َ
ْ‫ِى أ‬ ‫ْ ل‬‫ِّر‬
ِ
‫يس‬َ َ ‫ِىْ و‬ ‫در‬َْ
‫ص‬
...‫أما بعد‬ ِّ ،‫ِى‬ ‫ْل‬‫َو‬‫ه ق‬ َُ‫ْق‬
‫يف‬َ ِ‫ِسَانى‬ ‫ْ ل‬ ‫ِن‬
‫م‬
 Almukarom Bapak Kyai, Ibu Nyai, poro alim ulama’ ingkang tansah
kawulo to’ati dawuh-dawuhipun.
 Dumateng Ketua Takmir Mushola Darul Muslim ingkang kawulo
hormati
 Dumateng sedoyo pengasuh, ustadz ustadzah Madin Darul Muslim
ingkang kawulo hormati
 Dumateng Bapak/Ibu wali santri ugi sedoyo undangan ingkang
tansah kawulo hormati
 Sedoyo rencang-rencang santri Madin Darul Muslim ingkang kulo
tresnani.

Sepisan sumonggo kito ngaturaken raos puji syukur dumateng


ngarsanipun Alloh SWT, wondene punopo kulo soho panjenengan sami
taksih pinaringan Rohmat, Taufiq, Hidayah soho Inayah ipun sahinggo
kito saget makempal wonten meniko majlis kanti sehat wal ‘afiat mboten
wonten alangan setunggal punopo.
Sholawat soho salam mugi tetep kalimpahaken dumateng
junjungan kito nabi agung Muhammad SAW ingkang sampun sampun
mbimbing kito saking zaman Jahiliyah ngantos dumugi zaman terang
benderang ingkang arupi ajaran agama Islam, soho ingkang kito ajeng-
ajeng syafa’at ipun mbenjang wonten yaumul Qiyamah.
Sak derengipun adicoro haflah akhirussanah Madin Darul Muslim
kito milai, keparengo kulo minangkani pranoto adicoro maosaken susunan
adicoro ing dalu puniko. Adicoro ingkang:
 Sepisan pembukaan
 Kaping kalih waosan ayat-ayat suci al Qur’an
 Kaping tigo mars ya lal wathon
 Kaping sekawan sambutan-sambutan
 Kaping gangsal Mau-idloh Khasanah
 Kaping nem Penutup/Do’a
1. Hadirin hadirot rohimakumulloh, keranten wekdalipun sampun
antawis dalu, monggo adicoro kito bikak sesarengan kanti waosan
ummul kitab. liridhoo-illahi ta’ala...alfatihah...
2. Hadirin hadirot rokhimakumulloh, adicoro ingkang nomer kaleh
inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an. Dumateng adik Ayu
Calya Kaliyan Adik Exsa kulo sumanggaaken.
mekaten waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an. Dumateng Adik Ayu
Calya Kaliyan Adik Exsa kulo aturaken agunging panuwun.
3. Hadirin-hadirot rokhimakumulloh, acara ingkang nomer tigo inggih
meniko Mars Ya lal Wathon, dumateng rencang-rencang tim paduan
suara kawulo sumanggaaken.
« Kulo aturaken agunging panuwun.
4. Kito lajengaken acara ingkang kaping sekawan inggih meniko
sambutan-sambutan.
a. Sambutan ingkang sepisan inggih meniko sambutan saking wakil
panitia kegiatan. Dumateng Bapak Priyanto kawulo sumangga
aken.
« Kulo aturaken agunging panuwun
b. Sambutan ingkang nomer kaleh inggih meniko sambutan saking
Kepala Desa Sumberagung, dumateng Bapak Sukani Wibowo
kawulo sumanggaaken.
« Kulo aturaken agunging panuwun.
c. Sambutan ingkang kaping kaleh inggih meniko saking Panitia
Pelaksanaan, dumateng panjenengan ipun Bapak Priyanto
kawulo sumangga aken.
« Kulo aturaken agunging panuwun
5. Kito lajengaken acara ingkang kaping gangsal inggih meniko mau-
idhotul hasanah ingkang badhe dipun aturaken dening Abah Kyai
Imam Fathoni. Dipun suwun sak do’anipun sepindah. Dumateng
Abah Kyai Imam Fathoni kawulo sumanggaaken.
« Kulo aturaken agunging panuwun, mugi-mugi ingkang sampun
dipun aturaken wonten gino soho manfa’at ipun.
Hadirin-hadirot rokhimakumulloh, sak cekap ipun waosan Do’a
kolowau dados paripurnanipun acara wonten dalu puniko. Mbok bilih
anggen kulo nderekaken lampahe acara puniko manggihi khilaf soho
kalepatan, kulo namung saget mawantu-wantu lumunturing syeh
samudro pangaksami.
Akhirul kalam wallohul muafiq illa aqwamithoriq,

‫والسِّالم عليكم و رحمة‬


‫هللا و براكاته‬

Anda mungkin juga menyukai