Anda di halaman 1dari 1

SESORAH (PIDATO) BAHASA JAWA

ASSALAMUALAIKUM WARAHMATULLAAHI WABARAKAATUH,

‫ َتَباَر َك اِذَّل ْي َجَع َل يِف الَّس َم اِء ُبُر ْو ًج ا َو َجَع َل ِف َهْيا َرِس اًج ا‬،‫َاْلَح ْم ُد ِهَّلِل اِذَّل ْي اَك َن ِبِع َباِدِه َخِب ًرْي ا َبِص ًرْي ا‬
‫ َأْش َهُد َاْن َال َهَل َّال ُهللا وَأْش َهُد َاَّن ُم َح َّم ًد ا َع ْب ُد ُه وَر ُس وُهُل اِذَّل ْي َبَع َثُه اِب ْلَحِّق َبِش ًرْي ا‬.‫َو َقَمًر ا ُم ِنًرْي ا‬
‫ِإ ِإ‬
.‫ َالَّلُهَّم َص ِّل َعَلْي ِه َو َعىَل آِهِل َو ْحَص ِب ِه َو َس ْمِّل َتْس ِلْيًم ا َكِثًرْي ا‬.‫ َو َداِع َيا ىَل اْلَحِّق ْذِنِه َو َرِس اًج ا ُم ِنًرْي ا‬،‫َو َنِذ ْيًر ا‬
‫ِإِب‬ ‫ِإ‬
‫َأَّم ا َبْع ُد‬

Hadhrotal kirom, poro alim, poro ulama, poro kyai, sesepuh pinisepuh, Bopo lan Ibu guru,
Poro undangan ugi rencang-rencang sedoyo ingkang kaulo banggakaken.
Monggo kulo ngajak dumateng panjenengan sedoyo tansah nambah-nambah roso syukur
dumateng ngersanipun Alloh SWT. Dene punopo, kito niki diparingi nikmat ingkang katah
saking Alloh arupi nikmat iman, islam, nikmat badan ingkang sae sehinggo kito saget istiqomah
ngelampahi sedoyo perintahipun Alloh SWT lan nebihi sedoyo awis-awisanipun ALLOH SWT.
Sholawat soho salam mugio tansah katuraken dumateng ngarsanipun nabi Muhammad SAW
ingkang sampun dados uswatun hasanah marang kito kelawan ngucapaken sholawat Allohumma
sholli ‘alaa saiyyidinaa Muhammad.

Hadirin hadiroh rokhimakumulloh. Wonten wedal meniko kaulo badhe ngaturaken pinten-pinten
wajibe, pentinge marang ngelmu. Wonten syair, Ilmu niku lamuno Ibuk. Ilmu niko konco
ingkang saget ngrencangi kito ngantos ing ndalem liang kubur. Malah saget nyekseni kito naliko
kito wonten yaumul hisab.

Wekdal nabi Muhammad SAW tasik gesang, wonten perintah wajib ngilmu kagem umatipun.
Pados ilmu iku lakonono senajan ing negoro cino. Samentene pados ilmu menika di wajibno
ingatasi saben-saben umat islam. Lan malaikat bakal ngasorake suwiwi kagem para umat
ingkang pados ilmu, sebab mulyanipun marang lampah tiyang ngelmu.

Hadirin hadiroh rokhimakumulloh. Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan nasional punika,
monggo kito sedaya kula lan panjenengan ningkataken malih anggenipun kito pados ilmu. Nopo
niku arupi ilmu agami utawi ilmu pengetahuan. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan
gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang kaliyan akhirat.

Cekap sementen ingkang saged kula aturaken, mugio nopo ingkang kulo aturaken saget
ndadosaken manfaat kagem poro hadirin, khususipun kulo piambak.

Bokbilih wonten pitutur-pututur kulo ingkang lepat, kula nyuwun agungipun pangapunten.

WASSALAMU’ALAIKUM WARAHMATULLAHI WABAROKATUH.

Anda mungkin juga menyukai