Anda di halaman 1dari 8

EKOLOGI LAN AJARAN AGAMI

Dening : Andi Darmawan, S. H. I

‫ َو َعَلى آِلِه َو َص ْح ِبِه َو َتاِبِعْي ِه َعَلى‬، ‫ َو الَّصاَل ُة َو الَّس اَل ُم َعَلى َحُمَّم ٍد َس ِّيِد َو َلِد َعْدَناَن‬، ‫اَحلْم ُد ِهلل اْلَم ِلِك الَّد َّياِن‬
، ‫ َو َأْش َه ُد َأْن اَّل ِإلَه ِإاَّل اُهلل َو ْح َد ُه اَل َش ِر ْيَك َلُه اْلُم َنـَّز ُه َعِن اِجْلْس ِم َّيِة َو اِجْلَه ِة َو الَّز َم اِن َو اْلَم َك اِن‬، ‫َم ِّر الَّز َم اِن‬
‫ِص‬ ‫ِع‬ ‫ِذ‬
‫ َفإيِّن ُأْو ْيُك ْم‬، ‫ َب اَد الَّر ٰمْحِن‬، ‫ َأَّم ا َبْع ُد‬. ‫َو َأْش َه ُد َأَّن َس ِّيَدَنا َحُمَّم ًد ا َعْبُد ُه َو َرُسْو ُلُه اَّل ْي َك اَن ُخ ُلُقُه اْلُقْر آَن‬
‫ َظَه َر اْلَف َس اُد ىِف اْلَبِّر َو اْلَبْح ِر َمِبا َك َس َبْت َاْي ِدى الَّناِس‬: ‫ اْلَق اِئِل يِف ِكَتاِبِه اْلُقْر آِن‬، ‫َو َنْف ِس ي ِبَتْق َو ى اِهلل ا َّناِن‬
‫َمل‬
‫ِلُيِذْيَق ُه ْم َبْعَض اَّلِذْي َع ُلْو ا َلَع ُه ْم َيْر ُعْو َن‬
‫ِج‬ ‫َّل‬ ‫ِم‬

Hadirin Jamaah Salat Jumat Ingkang dipun mulyaaken dening Allah Swt..
Kangge murwakani khutbah ing siang punika, kawula minangka khatib wasiat
dhumateng penjenengan sedaya, sumangga kita tansah ngugemi raos takwa ing pagesangan kita
saben dintenipun. Takwa tegesipun ajrih dhumateng Allah, kanthi cara nindakaken sedaya
dawuh-dawuhipun saha sumingkir tebih saking sedaya awisanipun. Awit namung kanthi cara
takwa mekaten, kita badhe saget manggihi kawilujengan wonten ing pagesangan punika, sae ugi
pagesangan ngalam ndonya, langkung-langkung pagesangan wonten ngalam akhirat benjang.

Salah setunggalipun permasalahan global ingkang dados imbasipun zaman modern
inggih punika permasalahan ingkang magepokan kaliyan ekologi utawi lingkungan hidup. Ing
pundi-pundi panggenan sak indenging jagat punika katah sanget permasalahan-permasalahan
lingkungan hidup. Kados dene polusi udara, darat, lan toya, kerisakan wana akibat illegal loging
lan industri, permasalahan sampah, eksploitasi sumber daya alam utawi pertambangan tanpa
pertimbangan Analisis Mengenai Dampak Lingkungan Hidup, ketidak seimbangan ekosistem
alam lan sanes-sanesipun. Sedaya kala wau tembenipun dados sanggan kita sedaya, purun napa
boten, akibatipun badhe kita raosaken, menawi boten sak niki gih benjing, ugi badhe dados
warisan ingkang gegirisi kangge anak putu kita. Gusti Allah sampun dawuh ing Al-Qur’an surah
Surat Ar-Rum ayat 41:

‫َظَه َر اْلَف َس اُد ىِف اْلَبِّر َو اْلَبْح ِر َمِبا َك َس َبْت َاْيِدى الَّناِس ِلُيِذْيَق ُه ْم َبْعَض اَّلِذْي َعِم ُلْو ا َلَعَّلُه ْم َيْر ِج ُعْو َن‬
Wus katon karusakan ing daratan lan segara kerana pokal gawene tangan-tangane menungsa.
Gusti Allah ngersakake supaya wong-wong kui padha ngrasakake sak perangan saka akibat
pokal gawene dewe, supaya wong-wong kui padha gelem bali marang Allah.

Setunggalipun cendekiawan muslim kontemporer saking Iran, Seyyed Hossein Nasr, ing
ndalem bukunipun, Man and nature, ngendika bilih sedaya permasalahan ekologi punika
dumados keranten manungsa modern sampun ninggalaken spiritualitas utawi agami. Ilmu
pengetahuan lan teknologi ingkang dados cirinipun modernitas, ndadosaken menungsa nggula
wenthah ngalam sak isinipun punika kanthi mekanis, kaku, tanpa nilai-nilai spiritualitas. Miturut
panjenenganipun, kerisakan lingkungan dumados saking pokal damelipun manungsa modern
ingkang nyawang ngalam sak isine punika minangka tatanan realitas ingkang pinisah saking
dimensi ilahiyah, utawi dipun wastani ugi kanthi sebatan sekulerisme. Kamangka, menawi kita
purun wangsul dateng ajaran agami, kathah piwucal-piwucal luhur ingkang megepokan kaliyan
dawuh njagi kelestantunanipun lingkungan hidup. Ing antawisipun dawuh Allah ing surah al-
A’raf ayat 56.

‫ًفا َّو َط ۗا‬ ‫ِا ِح‬ ‫ِس ىِف‬

‫َم ًع‬ ‫َو اَل ُتْف ُد ْو ا اَاْلْر ِض َبْع َد ْص اَل َه ا َو اْد ُعْو ُه َخ ْو‬
Lan sira kabeh aja padha gawe kerusakan ana ing bumi sak wuse bumi diatur kanthi becik. Lan
ndungaha sira kabeh marang Allah kanthi kebak rasa wedi lan pengarep-arep.
Kawuningana panjenengan sedaya bilih lafadz al-Ardhu utawi bumi punika dipun sebat
ing ndalem Al-Qur’an ping 453 ambalan, dene lafadz as-Sama’ utawi langit punika namung
dipun sebat 320 ambalan. Sedaya kalawau nedahaken bilih bumi punika pikantuk kawigatosan
ageng saking agami.

Hadirin Jamaah Salat Jumat Ingkang dipun mulyakaken dening Allah Swt..
Yektosipun ing ndalem fikih taharah ingkang sampun kita lampahi saben dintenipun,
wonten piwucal-piwucal ingkang nedahaken bilih kita wajib njagi kelestantunanipun lingkungan
hidup punika. Ing antawisipun
1. Nalika kita pinuju wudu utawi siram, prayoginipun ngginakaken toya sak cekapipun
kemawon. Boten kenging israf utawi leluwihan. Hikmahipun nggih punika njagi
kelestarian sumber air. Imam Nawawi ing ndalem kitab Majmu’ dawuh mekaten.
‫اتفق أصحابنا وغريهم على ذم اإلسراف يف املاء يف الوضوء والغسل‬
Para sahabat kita mazhab Syafi’i lan liyane wis sepakat yen israf utawa leluwihan
nggunakake banyu nalikane wudu lan adus kui klebu perkara kang ala.

2. Nalika kita pinuju mbucal utawi ketoyan, boten dipun keparengaken mbucal ing toya
ingkang mandek, tegesipun toya boten mili, boten pareng ketoyan sak ngandhapipun
wit ingkang nembe medal wohipun, boten pareng ketoyan ing lengipun kewan kados
leng gangsir, lan semut, boten pareng ketoyan ing pinggir margi utawi panggenan
‫‪ingkang saget ngganggu tiyang sanes. Sedaya kala wau hikmahipun kita kedah njagi‬‬
‫‪kelestantunanipun lingkungan hidup.‬‬

‫‪Imam Abu Syuja dawuh ing kitab Fathul Qarib :‬‬

‫و جيتنب البول و الغائط يف املاء الراكد وحتت الش جرة املثمرة و يف الطريق و الظ ل و‬
‫الثقب‬
‫‪Lan becik sira ngedohono pipis lan eek ing banyu kang mandek, sak ngisore wit‬‬
‫‪kang uwoh, pinggir dalan, panggonan ngiyup lan ing lenge kewan.‬‬
‫‪Hadirin Jamaah Salat Jumat Ingkang dipun mulyakaken dening Allah Swt..‬‬
‫‪Mugi-mugi kita sedaya pinaringan kekiyatan, maunah lan taufik saking ngarsanipun‬‬
‫‪Allah Swt. Supados kita sedaya saget ngemban jejibahan minangka khalifah ingkang nggulo‬‬
‫‪wenthah ngalam sak isine punika kanthi sak sae-saenipun, saget njagi lan ngreksa‬‬
‫‪kelestantunanipun alam sak isinipun. Saha Dipun tebihaken saking tumindak ala ngrisak alam‬‬
‫‪lan lingkungan hidup. Amin.‬‬

‫ِح‬ ‫ِف ِإ‬ ‫ِف‬

‫َأُقْو ُل َقْو ْيِل ٰه َذ ا َو َأْس َتْغ ُر اَهلل ْيِل َو َلُك ْم ‪َ ،‬فاْس َتْغ ُر ْو ُه‪َّ ،‬نُه ُه َو اْلَغُفْو ُر الَّر ْيُم‬

‫َاَحْلْم ُد ِلّٰلِه َو َك َف ى‪َ ،‬و ُأَص ِّلْي َو ُأَس ِّلُم َعَلى َس ِّيِدَنا َحُمَّم ٍد اْلُم ْص َطَف ى‪َ ،‬و َعَلى آِلِه َو َأْص َح اِبِه َأْه ِل اْلَو َفا‪َ .‬أْش َه ُد‬
‫َأْن اَّل إلَه ِإاَّل اُهلل َو ْح َد ُه اَل َش ِر ْيَك َل ُه‪َ ،‬و َأْش َه ُد َأَّن َس ِّيَدَنا َحُمَّم ًد ا َعْب ُد ُه َو َرُس ْو ُلُه َأَّم ا َبْع ُد ‪َ ،‬فَي ا َأُّيَه ا‬
‫ِظ‬ ‫ِب‬ ‫ِهلل ِل ِظ‬ ‫ِس ِب‬ ‫ِص‬ ‫ِل‬
‫اْلُمْس ُمْو َن ‪ُ ،‬أْو ْيُك ْم َو َنْف ْي َتْق َو ى ا اْلَع ِّي اْلَع ْيِم َو اْع َلُم ْو ا َأَّن اَهلل َأَم َر ُك ْم َأْم ٍر َع ْيٍم ‪َ ،‬أَم َر ُك ْم‬
‫ِبالَّصاَل ِة َو الَّس اَل ِم َعَلى َنِبِّيِه اْلَك ِرِمْي َفَق اَل ‪ِ :‬إَّن اَهلل َو َم اَل ِئَك َت ُه ُيَص ُّلوَن َعَلى الَّنِّيِب‪َ ،‬يا َأُّيَه ا اَّلِذيَن آَم ُنوا َص ُّلوا‬
‫َلى ِّيِدَنا َّم ٍد َلى آِل ِّيِدَنا َّم ٍد‬ ‫ّٰل‬ ‫ِل‬ ‫ِه‬
‫َس َحُم‬ ‫َعَلْي َو َس ِّلُم وا َتْس يًم ا‪َ ،‬ال ُه َّم َص ِّل َع َس َحُم َو َع‬
‫َالّٰل ُه َّم اْغ ِف ْر ِلْلُمْس ِلِم َنْي َو اْلُمْس ِلَم اِت واْلُم ْؤ ِمِنَنْي َو اْلُم ْؤ ِم َن اِت اَأْلْحَي اِء ِم ْنُه ْم َو اَأْلْم َو اِت ‪ ،‬اللهم اْد َفْع َعَّنا‬
‫اْلَباَل َء َو اْلَغاَل َء َو اْلَو َباَء َو اْلَف ْح َش اَء َو اْلُم ْنَك َر َو اْلَبْغَي َو الُّس ُيْو َف اْلُم ْخَتِلَفَة َو الَّش َد اِئَد َو اْلِم َح َن ‪َ ،‬م ا َظَه َر ِم ْنَه ا‬
‫ٍء ِد‬ ‫ِإ‬ ‫ِلِم‬ ‫ِن‬ ‫ِم‬ ‫ِم ِد‬
‫َو َم ا َبَطَن ‪ْ ،‬ن َبَل َنا َه َذ ا َخ اَّصًة َو ْن ُبْلَد ا اْلُمْس َنْي َعاَّم ًة‪َّ ،‬نَك َعَلى ُك ِّل َش ْي َق ْيٌر‬
‫ِعَب اَد اِهلل‪ ،‬إَّن اَهلل َي ْأُمُر ِباْلَع ْد ِل َو اإْل ْح َس اِن َو ِإْيَت اِء ِذي اْلُق ْر ىَب وَيْنَه ى َعِن الَف ْح َش اِء َو اْلُم ْنَك ِر َو الَبْغِي ‪،‬‬
‫ِذ ِهلل‬ ‫ِظ‬ ‫َّل‬ ‫ِع‬
‫َي ُظُك ْم َلَع ُك ْم َتَذ َّك ُر ْو َن ‪َ .‬فاذُك ُر وا اَهلل اْلَع ْيَم َيْذ ُك ْر ُك ْم َو َل ْك ُر ا َأْك َبُر‬
EKOLOGI LAN AJARAN AGAMI
Dening : Andi Darmawan

‫ َو َعَلى آِلِه َو َص ْح ِبِه َو َتاِبِعْي ِه َعَلى‬، ‫ َو الَّصاَل ُة َو الَّس اَل ُم َعَلى َحُمَّم ٍد َس ِّيِد َو َلِد َعْدَناَن‬، ‫اَحلْم ُد ِهلل اْلَم ِلِك الَّد َّياِن‬
، ‫ َو َأْش َه ُد َأْن اَّل ِإلَه ِإاَّل اُهلل َو ْح َد ُه اَل َش ِر ْيَك َلُه اْلُم َنـَّز ُه َعِن اِجْلْس ِم َّيِة َو اِجْلَه ِة َو الَّز َم اِن َو اْلَم َك اِن‬، ‫َم ِّر الَّز َم اِن‬
‫ِص‬ ‫ِع‬ ‫ِذ‬
‫ َفإيِّن ُأْو ْيُك ْم‬، ‫ َب اَد الَّر ٰمْحِن‬، ‫ َأَّم ا َبْع ُد‬. ‫َو َأْش َه ُد َأَّن َس ِّيَدَنا َحُمَّم ًد ا َعْبُد ُه َو َرُسْو ُلُه اَّل ْي َك اَن ُخ ُلُقُه اْلُقْر آَن‬
‫ َظَه َر اْلَف َس اُد ىِف اْلَبِّر َو اْلَبْح ِر َمِبا َك َس َبْت َاْي ِدى الَّناِس‬: ‫ اْلَق اِئِل يِف ِكَتاِبِه اْلُقْر آِن‬، ‫َو َنْف ِس ي ِبَتْق َو ى اِهلل ا َّناِن‬
‫َمل‬
‫ِلُيِذْيَق ُه ْم َبْعَض اَّلِذْي َع ُلْو ا َلَع ُه ْم َيْر ُعْو َن‬
‫ِج‬ ‫َّل‬ ‫ِم‬

Hadirin Jamaah Salat Jumat Ingkang dipun mulyaaken dening Allah Swt..

Kangge murwakani khutbah ing siang punika, kawula minangka khatib wasiat
dhumateng penjenengan sedaya, sumangga kita tansah ngugemi raos takwa ing pagesangan kita
saben dintenipun. Takwa tegesipun ajrih dhumateng Allah, kanthi cara nindakaken sedaya
dawuh-dawuhipun saha sumingkir tebih saking sedaya awisanipun. Awit namung kanthi cara
takwa mekaten, kita badhe saget manggihi kawilujengan wonten ing pagesangan punika, sae ugi
pagesangan ngalam ndonya, langkung-langkung pagesangan wonten ngalam akhirat benjang.

Hadirin Jamaah Salat Jumat Ingkang dipun mulyaaken dening Allah Swt..

Salah setunggalipun permasalahan global ingkang dados imbasipun zaman modern

inggih punika permasalahan ingkang magepokan kaliyan ekologi utawi lingkungan hidup. Ing
pundi-pundi panggenan sak indenging jagat punika katah sanget permasalahan-permasalahan
lingkungan hidup. Kados dene polusi udara, darat, lan toya, kerisakan wana akibat illegal loging
lan industri, permasalahan sampah, eksploitasi sumber daya alam utawi pertambangan tanpa
pertimbangan Analisis Mengenai Dampak Lingkungan Hidup, ketidak seimbangan ekosistem
alam lan sanes-sanesipun. Sedaya kala wau tembenipun dados sanggan kita sedaya, purun napa
boten, akibatipun badhe kita raosaken, menawi boten sak niki gih benjing, ugi badhe dados
warisan ingkang gegirisi kangge anak putu kita. Gusti Allah sampun dawuh ing Al-Qur’an surah
Surat Ar-Rum ayat 41:

‫َظَه َر اْلَف َس اُد ىِف اْلَبِّر َو اْلَبْح ِر َمِبا َك َس َبْت َاْيِدى الَّناِس ِلُيِذْيَق ُه ْم َبْعَض اَّلِذْي َعِم ُلْو ا َلَعَّلُه ْم َيْر ِج ُعْو َن‬

Wus katon karusakan ing daratan lan segara kerana pokal gawene tangan-tangane menungsa.
Gusti Allah ngersakake supaya wong-wong kui padha ngrasakake sak perangan saka akibat
pokal gawene dewe, supaya wong-wong kui padha gelem bali marang Allah.

Hadirin Jamaah Salat Jumat Ingkang dipun mulyaaken dening Allah Swt..

Setunggalipun cendekiawan muslim kontemporer saking Iran, Seyyed Hossein Nasr, ing
ndalem bukunipun, Man and nature, ngendika bilih sedaya permasalahan ekologi punika
dumados keranten manungsa modern sampun ninggalaken spiritualitas utawi agami. Ilmu
pengetahuan lan teknologi ingkang dados cirinipun modernitas, ndadosaken menungsa nggula
wenthah ngalam sak isinipun punika kanthi mekanis, kaku, tanpa nilai-nilai spiritualitas. Miturut
panjenenganipun, kerisakan lingkungan dumados saking pokal damelipun manungsa modern
ingkang nyawang ngalam sak isine punika minangka tatanan realitas ingkang pinisah saking
dimensi ilahiyah, utawi dipun wastani ugi kanthi sebatan sekulerisme. Kamangka, menawi kita
purun wangsul dateng ajaran agami, kathah piwucal-piwucal luhur ingkang megepokan kaliyan
dawuh njagi kelestantunanipun lingkungan hidup. Ing antawisipun dawuh Allah ing surah al-
A’raf ayat 56.

‫ًفا َّو َط ۗا‬ ‫ِا ِح‬ ‫ِس ىِف‬

‫َم ًع‬ ‫َو اَل ُتْف ُد ْو ا اَاْلْر ِض َبْع َد ْص اَل َه ا َو اْد ُعْو ُه َخ ْو‬

Lan sira kabeh aja padha gawe kerusakan ana ing bumi sak wuse bumi diatur kanthi becik. Lan
ndungaha sira kabeh marang Allah kanthi kebak rasa wedi lan pengarep-arep.
Kawuningana panjenengan sedaya bilih lafadz al-Ardhu utawi bumi punika dipun sebat
ing ndalem Al-Qur’an ping 453 ambalan, dene lafadz as-Sama’ utawi langit punika namung
dipun sebat 320 ambalan. Sedaya kalawau nedahaken bilih bumi punika pikantuk kawigatosan
ageng saking agami.

Hadirin Jamaah Salat Jumat Ingkang dipun mulyakaken dening Allah Swt..

Yektosipun ing ndalem fikih taharah ingkang sampun kita lampahi saben dintenipun, wonten
piwucal-piwucal ingkang nedahaken bilih kita wajib njagi kelestantunanipun lingkungan hidup
punika. Ing antawisipun

1. Nalika kita pinuju wudu utawi siram, prayoginipun ngginakaken toya sak cekapipun
kemawon. Boten kenging israf utawi leluwihan. Hikmahipun nggih punika njagi
kelestarian sumber air. Imam Nawawi ing ndalem kitab Majmu’ dawuh mekaten.

‫اتفق أصحابنا وغريهم على ذم اإلسراف يف املاء يف الوضوء والغسل‬

Para sahabat kita mazhab Syafi’i lan liyane wis sepakat yen israf utawa leluwihan
nggunakake banyu nalikane wudu lan adus kui klebu perkara kang ala.

2. Nalika kita pinuju mbucal utawi ketoyan, boten dipun keparengaken mbucal ing toya
ingkang mandek, tegesipun toya boten mili, boten pareng ketoyan sak ngandhapipun
wit ingkang nembe medal wohipun, boten pareng ketoyan ing lengipun kewan kados
leng gangsir, lan semut, boten pareng ketoyan ing pinggir margi utawi panggenan
ingkang saget ngganggu tiyang sanes. Sedaya kala wau hikmahipun kita kedah njagi
kelestantunanipun lingkungan hidup. Imam Abu Syuja dawuh ing kitab Fathul Qarib :

‫و جيتنب البول و الغائط يف املاء الراكد وحتت الش جرة املثمرة و يف الطريق و الظ ل و‬
‫الثقب‬

Lan becik sira ngedohono pipis lan eek ing banyu kang mandek, sak ngisore wit
kang uwoh, pinggir dalan, panggonan ngiyup lan ing lenge kewan.
‫‪Hadirin Jamaah Salat Jumat Ingkang dipun mulyakaken dening Allah Swt..‬‬

‫‪Mugi-mugi kita sedaya pinaringan kekiyatan, maunah lan taufik saking ngarsanipun‬‬
‫‪Allah Swt. Supados kita sedaya saget ngemban jejibahan minangka khalifah ingkang nggulo‬‬
‫‪wenthah ngalam sak isine punika kanthi sak sae-saenipun, saget njagi lan ngreksa‬‬
‫‪kelestantunanipun alam sak isinipun. Saha Dipun tebihaken saking tumindak ala ngrisak alam‬‬
‫‪lan lingkungan hidup. Amin.‬‬

‫ِح‬ ‫ِف ِإ‬ ‫ِف‬

‫َأُقْو ُل َقْو ْيِل ٰه َذ ا َو َأْس َتْغ ُر اَهلل ْيِل َو َلُك ْم ‪َ ،‬فاْس َتْغ ُر ْو ُه‪َّ ،‬نُه ُه َو اْلَغُفْو ُر الَّر ْيُم‬

‫َاَحْلْم ُد ِلّٰلِه َو َك َف ى‪َ ،‬و ُأَص ِّلْي َو ُأَس ِّلُم َعَلى َس ِّيِدَنا َحُمَّم ٍد اْلُم ْص َطَف ى‪َ ،‬و َعَلى آِلِه َو َأْص َح اِبِه َأْه ِل اْلَو َفا‪َ .‬أْش َه ُد‬
‫َأْن اَّل إلَه ِإاَّل اُهلل َو ْح َد ُه اَل َش ِر ْيَك َل ُه‪َ ،‬و َأْش َه ُد َأَّن َس ِّيَدَنا َحُمَّم ًد ا َعْب ُد ُه َو َرُس ْو ُلُه َأَّم ا َبْع ُد ‪َ ،‬فَي ا َأُّيَه ا‬
‫ِظ‬ ‫ِب‬ ‫ِهلل ِل ِظ‬ ‫ِس ِب‬ ‫ِص‬ ‫ِل‬
‫اْلُمْس ُمْو َن ‪ُ ،‬أْو ْيُك ْم َو َنْف ْي َتْق َو ى ا اْلَع ِّي اْلَع ْيِم َو اْع َلُم ْو ا َأَّن اَهلل َأَم َر ُك ْم َأْم ٍر َع ْيٍم ‪َ ،‬أَم َر ُك ْم‬
‫ِبالَّصاَل ِة َو الَّس اَل ِم َعَلى َنِبِّيِه اْلَك ِرِمْي َفَق اَل ‪ِ :‬إَّن اَهلل َو َم اَل ِئَك َت ُه ُيَص ُّلوَن َعَلى الَّنِّيِب‪َ ،‬يا َأُّيَه ا اَّلِذيَن آَم ُنوا َص ُّلوا‬
‫َلى ِّيِدَنا َّم ٍد َلى آِل ِّيِدَنا َّم ٍد‬ ‫ّٰل‬ ‫ِل‬ ‫ِه‬
‫َس َحُم‬ ‫َعَلْي َو َس ِّلُم وا َتْس يًم ا‪َ ،‬ال ُه َّم َص ِّل َع َس َحُم َو َع‬

‫َالّٰل ُه َّم اْغ ِف ْر ِلْلُمْس ِلِم َنْي َو اْلُمْس ِلَم اِت واْلُم ْؤ ِمِنَنْي َو اْلُم ْؤ ِم َن اِت اَأْلْحَي اِء ِم ْنُه ْم َو اَأْلْم َو اِت ‪ ،‬اللهم اْد َفْع َعَّنا‬
‫اْلَباَل َء َو اْلَغاَل َء َو اْلَو َباَء َو اْلَف ْح َش اَء َو اْلُم ْنَك َر َو اْلَبْغَي َو الُّس ُيْو َف اْلُم ْخَتِلَفَة َو الَّش َد اِئَد َو اْلِم َح َن ‪َ ،‬م ا َظَه َر ِم ْنَه ا‬
‫ٍء ِد‬ ‫ِإ‬ ‫ِلِم‬ ‫ِن‬ ‫ِم‬ ‫ِم ِد‬
‫َو َم ا َبَطَن ‪ْ ،‬ن َبَل َنا َه َذ ا َخ اَّصًة َو ْن ُبْلَد ا اْلُمْس َنْي َعاَّم ًة‪َّ ،‬نَك َعَلى ُك ِّل َش ْي َق ْيٌر‬

‫ِعَب اَد اِهلل‪ ،‬إَّن اَهلل َي ْأُمُر ِباْلَع ْد ِل َو اإْل ْح َس اِن َو ِإْيَت اِء ِذي اْلُق ْر ىَب وَيْنَه ى َعِن الَف ْح َش اِء َو اْلُم ْنَك ِر َو الَبْغِي ‪،‬‬
‫ِذ ِهلل‬ ‫ِظ‬ ‫َّل‬ ‫ِع‬
‫َي ُظُك ْم َلَع ُك ْم َتَذ َّك ُر ْو َن ‪َ .‬فاذُك ُر وا اَهلل اْلَع ْيَم َيْذ ُك ْر ُك ْم َو َل ْك ُر ا َأْك َبُر‬

Anda mungkin juga menyukai