Anda di halaman 1dari 3

Sesorah Bahasa Jawa

‫السال م عليكم ورحمة هللا وبر كا ت‬


‫ض َل َب ِنيْ َأ َد َم ِبا ْلع ِْل ِم َو ْال َع َم ِل‬ ِ ِ ‫اَ ْل َح ْم ُد‬
َّ ‫هلل الَّذِى َف‬
ٍ ‫صالَةُ َوال َّسالَ ُم َع َلى َس ِّي ِد َنا م َُح َّم ٍد َع َلى ُك ِّل َح‬
‫ال‬ َّ ‫َوال‬
‫ب ْال َك َرا َم ِة َو ْال َك َم ْل أمّا بعد‬ ِ ‫َو َع َلى اَلِ ِه َواَصْ َحا ِب ِه اَصْ َحا‬
Dumateng Para Bapak, para Ibu, ingkang kula hormati. Hadirin
sekalian ingkang dimulyaaken Allah SWT!
Kaping sepindah mangga kita sareng sareng ngucapaken puja lan puji
syukur dumateng ngersanipun Allah swt. Ingkang sampun maringi
kita pinten-pinten rahmat lan kanikmatan dumateng kula lan
panjenengan sedaya.
Kaping kalihipun Sholawat saha salam mugi tetep katur kunjuk
dumateng Nabi agung Nabi Muhammad SAW. Ingkang sampun
nuntun kita saking zaman jahiliyah dumugi zaman islamiyah inggih
menika addinul islam.
Kaping tiganipun kawula ten mriki dipun utus ibu fitri febriyanti
kagem ngerjaaken tugas pidato Bahasa jawi ing adicoro pangeten Hari
Santri Nasional
Kados tema adicoro Engkang kawulo sepet kalawau kulo bade
ngaturaken pidato bertemaaken santri.
Hadirin rohimakumullah
Sepindah identitas santri meniko sering kito pangertosi sareng pilih
santri meniko sering kagem peci atawi sarung teng pundi mawon niku
indentisas ingkang biasa kito perseni. Ingkang nomer kaleh identitas
santri meniko sregep
Nanging leres-leres golek ilmu Agama. Ilmu ingkang saget kangge
sangu dateng griyane wong tuwo. Saha ilmu ingkang saget kangge
sangune ngadep dateng kang maha kuasa.
Para rawuh ingkang kula hormati !
Sebagai pengajak kula mangga siang saat menika kula lan
panjenengan samiho niat ngaji. Niat ibadah dateng ngarsanipun Allah
SWT. Keranten pancen dados tiyang Islam lho Pak?! Bu?! Ngaji niku
wajib tumrap kita sedaya. Kanjeng Nabi dawuh :

َ ‫طَلَبُ ْال َع ْل ِم فَ ِر ْي‬


‫ضةٌ َعلَى ُكلِّ ُم ِسلِ ٍم َو ُم ْسلِ َم ٍة (رواه ابن عبد البر‬
Ingkang artosipun:
“Bilih pados ilmu menika dipun fardhuaken tumrap saben-saben
tiyang Islam jaler lan istri “
Saha kanti hadist menika kita sampun jelas bilih pados ilmu menika
merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baik
kapanpun, dimanapun dan dalam keadaan bagaimanapun.
Dados senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek, untune
entek, ora tedas peyek, menika tetep kewajiban pados ilmu.
Para Rawuh ingkang kula hormati!
Keranten tiyang niku menawi mboten gadah ilmu senajan toh ibadah
sampek jungkir balik, utawi ibadah mempeng, tapi boten dipun ilmuni
meniko tiwas bal gedual.
‫ُو ُكلُّ َم ْن بِ َغي ِْر ِع ْلم يَ ْع َم ُل اَ ْع َمالُهُ َمرْ ُدوْ َدةٌ الَ تُ ْقبَ ُل‬
Tiyang niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun boten dipun
terima dening Allah. Mardudatun Laa tugbalu.
Pramila sangking menika, mangga Para Rawuh sedaya terutama adik-
adik lan generasi Muda-mudi remaja Islam. Kita tingkataken anggen
kita belajar.
Supados benjang angsal ilmu ingkang katah lan manfaat saha ilmu
ingkang saget dipun beto bahagia lan wilujeng dunya lan akhirat.
Para rawuh ingkang kula hormati!
Dados mekatenlah keranten sanget pentingipun ilmu, Allah paring
jaminan dipun gampangaken dalan dating swargo. Nopo malih
menawi ingkang gadah ilmu meniko lare NU, ngantos dipun
tembungaken:
Kayu nongko digraji-graji
Dienggo lawang karo lemari
Lare NU kudu pinter ngaji
Angsal ilmu inkang manfaati
Kintenipun cekap semanten atur kulo, kirang langkungipun kulo
nyuwun pangapunten.
‫و باهلل التو فيق و الهداية‬
‫والسال م عليكم ورحمة هللا وبر كا ته‬

Anda mungkin juga menyukai