Anda di halaman 1dari 2

Prabu Puruaji ing Timpuru

Duwe Anak Dhampit Saka Jaran Dibuwang ing Alas

Prabu puruaji seneng tapa supaya kanugrahan kamulyan saka dewa. Ing sawijining dina, katekan
Hyang Janapada. Prabu puruaji kanugrahan putrane yaiku Dewi Janapadi arupa jaran wedok.
Prabu puruaji tetep nampa kanugrahan iku. Banjur bebrayan karo Dewi Janapadi.

Sawise mataun-taun, kanugrahan anak kembar dhampit asmane Krepa lan Krepini. Sawise
nglairake anake, Dewi Janapadi mbalik ning wujude asli lan mbalik ning kayangan. Prabu puruaji
gela atine banjur mbuwang Krepa lan Krepini ning alas.

Katekan ing alas, salah sawijine wong alas yaiku Yuni trenyuh atine, ora tego yen Krepa lan
Krepini dibuang ing alas. Yuni banjur ngopeni Krepa lan Krepini.

Sawise mataun-taun, katekan Resi Bisma sing didawuhi Hyang Janapada supaya nyowanake
Krepa lan Krepini menyang negara Ngastina supaya digulawentah karo Prabu Abyasa.

Sawetara kui, Prabu puruaji sowan ning paman yaiku Prabu Swarka arep nyatakake apa bener
Prabu Swarka nglamar Dewi Ambalini. Prabu Swarka dhawuh yen kabar iku bener

Nanging lamarane ditolak amarga ana warta kang ra bener menawi Prabu Swarka mateni
bojone sawise 40 dino dadi manten. Banjur Prabu Swarka arep nggebug Giyantipura lan Prabu
Puruaji arep ngewangi lan sabela ing palagan

Ing ngastina, Prabu Abyasa karawuhan Prabu darmamuka sing njaluk bantuan menowo negara
ne katekan parangmuka saking ngawu-awu. Prabu Abyasa gelem mbantu banjur ngongkon 3
putrane yaiku Raden Destrarastra, Pandu, lan Yamawidura.

Ing satengahe palagan, 3 putrane Prabu Abyasa ngadepi Prabu Swarka lan puruaji. Prabu Swarka
mati lan Prabu puruaji ketangkap lan disowanake marang Prabu Abyasa.

Ing ngastina, Prabu Abyasa katekan resi Bisma kang nggowo Krepa lan Krepini sarta ngaturake
apa kang nembe dilakoni. Durung bar anggone wacana katekan 3 putrane sing nggowo Prabu
Puruaji kang rinangket tangane amarga perang mau. Prabu Abyasa takon apa sebabe Prabu
Puruaji melu nggebug Giyantipura. Prabu Puruaji matur yen dheweke mung sabela pamane
sing di elek-elek jenenge ning wong Giyantipura. Prabu Puruaji matur yen dheweke isih turun
kaping pitu saka Prabu sri mahapunggung.
Midhanget ature Prabu Puruaji, Prabu Abyasa paring pangapura marang kaluputane Prabu
Puruaji amarga Prabu Puruaji isih sadharah saketurunan kalawan Prabu Abyasa. Banjur Krepa
lan Krepini diparingake marang Prabu Puruaji supaya isa digulawentah nganthi dewasa.

Ing tembe, Krepa dadi parampara ing ngastina. Krepini dadi sisihane Dahyang Durna maha
gurune Pandawa lan Kurawa.

Anda mungkin juga menyukai