Anda di halaman 1dari 1

SD 2 KRETEK

Assalamualaikum wr wb

Sumangga kita aturaken puji saha syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun
paring rahmat saha hidayahipun saengga kita saged kempal sesarengan.wonten ing
kalodhangan menika kula badhe ngandharaken sesorah kanthi irah-irahan sopan santun.

Ibu guru saha para kanca ingkang kula tresnani


Sopan santun menika akhlak ingkang sae saengga kita kedah nindakaken,sae wonten griya
utawi sekolah.sopan santun miturut basa tegesipun budi pakarti ingkang sae,alus,saha sae budi
basanipun.

Sopan santun menika wigati sanget.kulawarga minangka papan ingkang utama kangge
mujudaken kapribadenipun tiyang ingkang gayut kaliyan kulawarganipun.tuladhanipun sopan
santun wonten griya inggih menika ngabekti dhumateng tiyang sepuh,ngurmati tiyang
sepuh,nindakaken dhawuhipun,tansah sumeh,ngurmati dhumateng tiyang ingkang langkung
sepuh saha nresnani dhumateng tiyang ingkang langkung enem,menawi wicanten ugi tansah
nggatosaken.

Nyuwun ijin dhumateng tiyang sepuh saderengipun bidhal sekolah,ngucapaken salam


menawi medal saha mlebet griya.kejawi wonten griya,sopan santun ugi kedah dipun tindakaken
wonten sekolah.Wonten sekolah kita pinanggih kaliyan bapak ibu guru saha para kanca
ingkang gadhah watak saha latar belakang ingkang beda.ananging wonten sekolah sedaya
kedah njagi etika kanthi sae lan trep.tuladhanipun ngetrapaken sopan santun wonten sekolah
inggih menika ngurmati guru,micara kanthi sopan,nindakaken tata tertib sekolah,ngginakaken
ageman kanthi rapi,tansah njagi silahturahmi antawisipun guru saha kanca,boten mbeda2aken
kanca,minangka murid kedah gadhah greget kangge pados ngelmu supados ngelmu menika
saged migunani tumrap piyambakipun saha tiyang sanes.

Kados program ingkang dipuntindakaken wonten sekolah inggih menika 4S,senyum


sapa salam silaturahmi,ingkang saged dados tuladha sopan santun ingkang sae.menawi kita
nindakaken 4S kasebat,kita saged pikantuk pahala,kathah kanca,saha langkung dipunajeni
dening tiyang sanes.

Sopan santun menika boten namung sae kangge lingkungan sekolah saha griya
kemawon,ananging ugi sae menawi dipuntrepaken wonten gesang bebrayan.tuladhanipun
saged kangge nambah pasedherekan saha saged sami tetulung.

Mila saking andharan menika kita kedah njagi sopan santun.ampun ngantos tumindak
kita menika nguciwani tiyang sanes menapa malih tiyang sepuh.Mbok menawi cekap semantem
anggen kula matur.wonten kirang langkungipun kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai