Anda di halaman 1dari 3

JAWA

DI SUSUN OLEH :
NAMA : Alex Kurniawan
KELAS : 9D
NO ABSEN : 04

PEMERINTAH KOTA MALANG


DINAS PENDIDIKAN
SMP NEGERI 10 MALANG
Jl. Mayjen Sungkono No. 57 Malang Telp. (0341) 752035

SUPADOS MBOTEN GAMPIL GERAH

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


Ingkang kawula hormati Bapak kepala sekolah SMPN 10 Malang
Ingkang kawula hormati Bapak Ibu guru kaliyan staf tata usaha
Ugi rencang-rencang ingkang mangayu bagya.

Sepisan sumangga kita sesarengan ngunjukaken pudya pudyastuti konjuk ing


ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang tansah paring kawilujengan, ketentreman, lan
kasarasan dhumateng kita sedaya. Kaping kalihipun sholawat sarta salam mugi katur ing
ngarsanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring pitedah dhumateng kita
sedaya ing margi kasaenan. Kangge para rawuh ingkang agami sanes, kula ugi ngaturaken
salam mugi winantun ing karahayon.

Bapak Ibu kaliyan rencang-rencang ingkang kinurmatan, wonten kalodhangan punika


kepareng na kula badhe sakedhik atur sesoran ngenani bab Supados Mboten Gampil Gerah.

Para rawuh kaliyan hadirin ingkang minulya.

Sejatine masuk angin punika sanes penyakit nanging tandha menawi kahanane salira
nembe ringkih. Menawi masuk angin wau enggal diobati, daya tahanipun salira
ditingkataken, salira badhe kondur waluyo malih. Cara-caranipun mulihaken kewaluyaan
yaniku dikeriki, salira diblonyohi lisa angin utawi lisa pethak , utawi ngunjuk obat flu. Kados
pundi caranipun ngrekso supados daya tahane salira sae, mboten gampil masuk angin utawi
kepareng flu ? Ingkang utami yaniku dhahar dhaharan ingkang sehat kaliyan ngandhut
vitamin cekap. Katha dhahar woh-wohan kaliyan sayuran, mligine ingkang katha ngandhung
antioksidan kayata woh-wohan kaliyan janganan (sayur-sayuran) ingkang wernanipun jene,
oranye, abrit, wungu, kaliyan ijem yuswa. Ugi ngunjuk toya pethak ingkang cekap.
Menawi kepanggih kaliyan ngendikan kalih priyatan ingkang nembe nandhang cekoh
utawi pilek grananipun dipuntutupi ngagem usap asta utawi tisu. Menawi grananipun miyos
ganding inkang bening ampun disedot nanging dipunbucal (semprit) ngantos resik. Ngagem
ageman ingkang brukut, menawi miyos ngagem jaket utawi ageman anget. Bibar kejawahan
siram ngagem toya anget, ngunjuk-unjukan anget utawi prembayun anget. Menawi salira
kraos mboten kapenak enggal ngunjuk vitamin ingkang cekap.
Vitamin C permana sanget kagem menyiap daya tahanipun salira jalaran tugasipun
vitamin C mbantu ngasta sel-sel darah abrit ingkang dipunperluaken salira. Vitamin C ugi
nduweni guna njaga kewaluyaanipun jantung, mbantu ngundhakaken kadhar kolesterol becik.
Mula saking niku saben dinten salira mbutuhaken vitamin C ingkang cekap. Vitamin C
ingkang becik yaniku saking sumber vitamin C alami kayata woh-wohan kaliyan sayuran.
Woh-wohan ingkang katha ngandhung vitamin C kayata jambu kluthuk, jeruk, strawberi,
kiwi, nanas, lan apel. Saben dinten tiang mbutuhaken vitamin C 45 mg ngantos 50 mg.
Kagem tiang ingkang nembe gerah, vitamin C dipunbetakaken ingkang katha.

Bapak ibu guru ingkang kinurmatan ugi para rencang-rencang sutresna.


Makaten atur kula, mbok bilih wonten tata rakiting ukara ingkang kirang prayoga, tuwintindak-
tanduk ingkang kirang mranani ing pengalih panjenengan sedaya, kula nyuwun agungipun sih
samudra pangaksami. Matur nuwun, wabillahi taufik wa

Jjsjjjjsjbbbbxkm

Hhjjjjsu

Iiagnnnajhjjssmsaa,,ajjskksmmmde
fedwddkdkkdjdkdjdjddjdjdnnsmmskkkn

Anda mungkin juga menyukai