Anda di halaman 1dari 2

ssalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak kepala desa ingkang satuhu pakurmatan,


Bapak Ibu para tamu undangan ingkang sinuba ing kinurmatan,
Saha sedaya para rawuh kakung miwah setri ingkang kula kurmati,

Wonten pidato bahasa jawa tema kesehatan menika keparinga kula matur wonten ngarsa
panjenengan sami, ananging sakderengipun saestu kula pribadi rumaos bilih atur kula samangkih
kathah kalepatan lan kakiranganipun. Mila saking saking menika wonten ing ngandap kula
namung tansah nyadong agunging pangapunten.

Para rawuh ingkang sinuba ing pakurmatan,


Kasehatan badan dados satunggaling kabetahan kalebet tiyang gesang wonten ndunya, mboten
ageng mboten alit, mboten kakung mboten setri, saestu sedayanipun mbutuhaken kasehatan
badan. Sinaosa kasehatan menika anugrah saking Gusi Ingkang Maha Agung, anangeng kita
sedaya ugi tansah njagi kasehatan menika kawiwitan saking badan kita piyambak.

Kanthi anggadahi badan ingkang sehat mila sedaya aktivitas utawi kagiatan kita bakal lamampah
kanthi lancar kados menapa ingkang kita sami kersakaken. Kasehatan tumrap lare utawi bocah
sejatosipun saged migunani anggenipun lacaring tuwuhan ugi lancaring anggenipun nuntut
ngelmu wonten pawiyatan. Wondene kasehatan lan kasarasan tiyang dewasa nggih ugi saged
ndamel lancaring anggenipun ngibadah saha anggenipun nyambut damel kagem nyekapi sedaya
kabetahan kaluwarga.

Para rawuh ingkang kula hurmati,


Kasehatan menika saged sami-sami kita jagi kanthi mapinten-pinten perkawis kados ingkang
kula aturaken mekaten:

Dhaharan

Sepisan kita sedaya kedah ngreksa anggenipun dhahar ugi ngunjuk, langung-langkung tumrap
lare kita sedaya, asupan ingkang dipun betahaken dening lare sejatosipun langkung kathah ugi
langkung sae supados perkembangan otak saha kewasisanipun saged lumampah kanthi sae.

Mila saking menika, kita sedaya kedhah nyekabi sedaya kabetahan lare kita kados sayur, lauk,
ugi susu ingkang saestu sae sanget kagem parkembanganipun.

Keresikan

Ingkang nomor kalih cara njagi kasehatan badan wonten pidato bahasa jawa tema kesehatan
nggih menika njagi keresikan sae keresikan badan, sandangan, ugi papan lan lingkungan kita.
Kanthi njagi keresikan sedaya kewau kita tansah tebih saking kuman ugi bakteri ingkang saged
ngganggu kasehatan kita.
Karesikan ugi saged njagi kawontenan katon langkung endah, lan nyamleng dipun tingali. Mila
saking menika sumangga kita sedaya sami-sami njagi keresikan milai saking badan kita
piyambak-piyambak.

Olahraga

Ingkang nomer tiga nggih menika olahraga, sinaosa mboten kedah saben ndinten ananging
olahraga menika saestu sanged kita betahaken kagem njagi kasehatan badan kita piyambak.
Menawi kita ingkang sibuk lan mboten kagungan wekdal saben ndinten sageto njatwalaken
saben-saben minggu injing kagem olahraga ringan kados jalan-jalan utawi lari.

Para rawuh ingkang bagya mulya,


Tigang perkawis ingkang kula aturaken menika saestu anggadahi manfangat kagem kasehatan
badan kita sedaya. Mila saking menika sumangga kita sami-sami nglampahaken ketigang
perkawis ing ngajeng menika.

Mbok bilih cekap semanten atur pidato bahasa jawa tema kesahatan saking kula, kathah
kalepatan saha atur ingkang kirang nujuprana wonten penggalih panjenengan sedaya saestu kula
nyuwun pangapunten.

Wa bilahit taufiq wal hidayah.


Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai