Anda di halaman 1dari 2

TIPIKAL WONG JOWO

Fadholi Fuad (1802101133) sebagai dalang

Salma Ari K. (1802101134) sebagai Surti

Thiamining Putri ( 1802101138) sebagai Inem

Anisah Yulianti (1802101154) sebagai Jumilah

Devita Cornelia ( 1802101162) sebagai mbak Sri

(Assalamualaikum wr.wb. kene rek, madep o kene ning awakku... saiki tak takoni, sifate
wong jowo yok opo? Ngerti?... sopo si ngerti?... kene ndang omongo kene.. lek raono sing
ngerti wes awakku e sing omong.. )

(tipikal e wong jowo sing gampang nesu, lek ora kedaden karepe bakal e nesu, gondok...
contone...)

Surti : “ nem...inem !!! gawe neng kondangan e jamilah sido yo, aku nebeng awakmu yo...”

Inem : “ waduh sepurane sur... mobil e wes kebek, bapak ibuk karo dulur-dulur podo budal
nganggo mobilku, sepurane yo ... “

Surti : “ howalah... “

Inem : “ sepurane yo sur... gak enak aku “

Surti : “ yowes gakpopo nem gakpopo... “

( Mari kui Surti moro warung anyar e Mbak Sri... lah dalah ketokan maneh tipikal wong jowo
liane...tonggone bakulan anyar malah ora didukung tapi malah njaluk gratisan... contone...)

(surti ngampiri jumilah )

Surti : “ he jum, sri ke bukak warung to? “

Jumilah : “ ketokan e iyo ke, modal soko ndi wi?...”

Surti : “ he e... la iyo, modal soko ndi kae, lawong bojone ra mergawe modale soko endi,
ngepet to ke, jal tak inguk e...

Jumilah : “ yo ndang kono...”

(surti teko warung mbak sri )

Surti : “Sriiiiiiiii... gorengan e piro? Siji yo...gausah mbayar yo...karo tonggo dewe mbayar,
okeeeeeeee”
Sri : “ iyo sur... “

(Bengine...Sri moro nang omah e inem jebule madul Surti sing jaluk gratisan gorengan ning
warung)

Sri : “ mbak nemmmm... ameh crito aku

Inem : “opo to sri, sri”

Sri : “mangke aku lagi buka toko la kok surti teko-teko njalok gratisan”

Inem : “ he e, mosok ta, lakok sak penak e udel e dewe”

Sri : “ la mboh wi, bar mangan gorengan ben mencret-mencret dek e, yo wes yo wes tak
mulek mbak wes bengi”

Inem : “ yo, sriiiiii”

Sesuke... Jumilah karo Surti belonjo ng warung e mbak sri. Nah dalah ketok maneh sifat e
wong jowo yoiku gampang iri, pinginan, lan gampang kesinggung e... contone...

Jumilah : “ suuuuuurrrrtiiiiiiii... “

Surti : “ opo to jum jum, suaramu gawekno kupingku benging...”

Jumilah : “ hee deloken sur kae kok mobil gowo tv koyone enek si tuku tv anyar ki “

Surti : “ lah lah lah mandek e ng omah e inem...pirang inch ke? Ketokan ra we?”

Jumilah : “ biyuh biyuh 32 inch jal surr”

Surti : “ guede neram cek beleken motone... “

Sri : “ wis to wis, ngrasani 7 dino 7 wengi moso ora bar bar ora kesel to lambene. “

Jumilah : “ laopo we urusanmu, terahku lambe lambeku..”

Surti : “ wes wes cek mulih ndang masak,aku yo arep kredit tv yok imem ben ra kalah. “ (
lakune sing pegel )

( la ngono no lo tipikal e wong jowo gampang maido, gampang iri , gampang pinginan,
gampang madulan, gampang nesu lan ra tau ngesuport usahane tonggo jebul e wes bangkrut
diiiii rasani meneh, jan jan. Ngeh nopo ngeh? Op ra kepanggeh.

Lek jenengen ngeroso kados ngonteniku lerennn, ojo di teruske.

Ojo gampang ngeremehno uwong cek awakmu gak gampang diremehno)

Anda mungkin juga menyukai