Awit saking kajurunging manah, MGMP Bahasa Jawa Daerah Istimewa Yogyakarta
cumanthaka ndhèrèk cawé – cawé urun rembag babagan pamarsudining basa, sastra, tuwin
aksara Jawa, kanthi ngedalaken bahan ajar bahasa Jawa.
Bahan ajar bahasa Jawa punika namung kanggé mbiyantu para siswa anggènipun
sami sinau basa Jawa, lan sapérangan bahan ajar bahasa Jawa punika kaserat mawi aksara
Jawa gagrag Sriwedarèn 1926, wondéné tata gelar panulising latin basa Jawa kajumbuhaken
kaliyan Ejaan basa Jawa aksara Latin wedalan Balai Pustaka Yogyakarta edisi revisi taun 2006.
Bok bilih ing mangké pinanggih samukawis bab taksih rinaos kirang jangkep
menggahing materi gegayutan kaliyan kurikulum ingkang lumampah, awit saking punika
panyaruwé para winasis lan para pamaos tansah kula antu – antu.
Ing wasana mugi – mugi modul punika wonten ginanipun tumrap para kadang dwija
langkung – langkung tumrap para siswa.
WULANGAN 1
Purwaka Atur 1
Daftar Isi 2
A Seni Pertunjukan 4
Gladhen 14
Gladhen 15
Gladhen 15
Kawruh Tembung 16
WULANGAN 2
A Kraton Ngayogyakarta 18
C Pura Pakualaman 25
C Pura Pakualaman 26
D Gladhen 26
Kawruh Tembung 27
WULANGAN 3
A Reportase 29
B Palapuran (Reportase ) 39
C Gladhen 36
Kawruh Tembung 37
A Aksara Jawa 38
B Gladhen 47
Kawruh Tembung 48
WULANGAN 5
B Gladhen 53
Kawruh Tembung 54
UJI KOMPETENSI 56
DAFTAR PUSTAKA 68
Kompetensi Dasar
"Hanânonton ringgit manangis asekel mūda hidhepan huwus wruh towin yan walulang
inukir molah angucap hatur ning wwang tresnèng wisaya malahā tan wihikana ri tatwanyân
māyā sahananing bhāwa siluman".
Tegesipun ;
"wonten mirsani ringgit ngantos nangis, bombong sarta kingkin manahipun, sanajan
sampun wikan bilih kang dinulu namung lulang sinunggingan manungsa lan kados
saged tata jalma, ingkang mirsani wayang (ringgit) kados déné tiyang ingkang
kataman hardaning kanepson satemah kesupèn, lan boten nginten bilih sedaya
kalawau namung wewayangan ingkang maya."
Wayang punika gadhah teges ingkang manéka warna. Wonten ingkang mastani bilih
wayang punika saking tembung Ayang-ayang minangka gegambaraning jalma. Ugi wonten
ingkang mastani bilih wayang punika cekakan saking tembung “WAyahé sembahYANG”
ingkang tegesipun wayanipun Sholat. Sanèsipun nyebataken bilih wayang punika cekakan
saking tembung “WAHANANÉHYANG” Tembung Wahana tegesipun panggènan, déné
tembung Hyang tegesipun Gusthi ingkang hakarya jagad.
Mula bukanipun wonten wayang ngantos dinten punika taksih kirang terwaca awit
kathahipun sarjana-sarjana mancanagri ingkang ngawontenaken panalitèn bab asal-
usulipun wayang satemah kathah pemanggih antawisipun kadosta ing ngandhap punika ;
Salajengipun jinising wayang lan lampahan ingkang ginelar wonten pagelaran wayang ;
Saking jinising wayang ingkang sinebat ing nginggil kalawau namung wayang
purwa ingkang kathah dipungandrungi dening tiyang Jawa, wayang punika mendhet
lampahan saking babon Mahābhārata lan Rāmāyana ingkang sampun rinonce dening para
Pujangga Jawa satemah wonten bentenipun kaliyan babon aslinipun ingkang saking India.
Awit wayang punika rumiyin minangka salah satunggaling sarana dakwah para wali,
pramila sarining cariyos India ingkang taksih mambet kaliyan Hindu dipunkirangi sakedhik
mbaka sakedhik ngantos boten katingal Hindunipun. Babon aslinipun ingkang saking India
punika winastan kitab Mahābhārata lan Rāmāyaṇa, Mahābhārata punika salah satunggaling
kitab suci tumrap tiyang Hindu India ingkang isinipun nyariosaken gumelaring jagad
wangsa Bhārata ingkang dipunwastani pandava lan kaurava ugi nyariosaken gumelaring
perang ageng Bhārata Yuddha (utawi perangipun darah Bhārata) wonten ing cariyos punika
kawontenanipun perang boten namung dipunjalari rebatan negari namung ugi minangka
pralambang tedhakipun avatar Wisnu minangka Krishna ingkang nedya nggulung
kamurkan saha kliliping jagad lumantar Arjuna lan para Pandawa, Mahābhārata punika ugi
sinebut Asthadaça parva awit wujudipun wonten wolulas bab, saking wolulas bab punika
namung wolung parwa ingkang ngantos wekdal punika pinanggih sinungging mawi sastra
Jawa kina antawisipun wolung parwa punika;
Mekaten ugi Rāmāyaṇa, menawi salebeting Mahābhārata Wisnu tedhak ing ngalam
donya minangka Krishṇa salebeting Rāmāyana Wisnu tedhak ing donya minangka Rāmā
ingkang kagungan jejibahan nggulung angkara murkanipun Rahwana ratu ing Alengka.
Kitab Rāmāyana wonten pitung kanda (bab) antawisipun;
Punika warnanipun kitab kalih ingkang dados babon lampahan ringgit ing
pagelaran wayang purwa Jawa, nanging sinaosa babonipun punika cariyos saking kitab
kekalih sampun dipun éntha lan roncé miturut raos Jawa ingkang sampun salin rasuk
agama rasul inggih punika Islam ingkang dinakwah déning para wali sanga saking
kasultanan Demak Bintara.
MAHĀBHĀRATA RĀMĀYAŅA
PAKEM PEDHALANGAN
RINGGIT PURWA
Ubarampé salebeting pagelaran wayang purwa punika wigatos sanget awit lumantar
punika wayang utawi ringgit saged dipunbabar lan tingali, wondéné ubarampènipun
antawisipun;
Layar/Geber
Kelir kadamel saking bahan tekstil warni pethak pinalipit warni abrit utawi cemeng.
panjangipun 12 mèter.
wiyaripun 1.5 – 2 mèter.
Blèncong
Suluh (cara kinanipun) deles kapuk lenga patra. Nanging sapunika blèncong
dipungantos mawi lampu bolam ( 200 W ).
Wayang / ringgit wacucal
Piranti baken ingkang kadamel saking lulang titatah lan sinungging utawi ginambar
manut lakonipun.
Cempurit piranti ingkang kanggé nggapit wayang kadamel saking sunguning kebo /
penjalin / pring.
Simpingan kiwa lan tengen
Wayang ingkang tinancepaken ing gedebog jèjèr jinèjèr minangka paès. Ingkang siring
tengen Brataséna (wayang ageng ) ngantos dumugi satriyan ( wayang ingkang alit ).
Ingkang siring kiwa Buta Raton ngantos dumugi wayang alitan.
Kothak wadhah wayang
Kothak kadamel saking kajeng ;
Panjang : 190 cm / 170 cm
Wiyar : 85 cm / 85 cm
Kandel : 12- 15 cm /12 cm
Cempala asta ( saka kayu )
Kajeng binubut endah panjang udakawis 1,25 jengkal ( kilan ), ginanipun kanggé
ndhodhog kothak paring sasmitha tumrapipun para niyaga.
Cempala suku
Wesi gligèn binubut éndah panjang 1/2 kilan ( jengkal ) jinepit ing jempol suku kanggé
nuthuk keprak.
Keprak ( saking wesi )
Niyaga lan Pesindhèn
Tukang nabuh gamelan cacahipun wonten 12 – 15 tiyang utawi langkung ndhèrèk
kabetahanipun. Pesindhèn / waranggana ingkang nglaras tetembangan.
Hasti
Kuru
Pariksit
Parikenan Basupati
Manumayasa
Sekutrem Basukesthi
Sakri Basukiswara
Parasara……………….…+………………………Durgandini Durgandana
Kurawa Pandawa
(Duryodhana lan 99 rayinipun)
Abimanyu
Parikesit
Janamejaya
Kekayon / Gunungan
Sala Bali Banyumas Cirebon Sasak Ukur
Ananging cirèn wanda wayang ing ngriki, ingkang badhé karembag sapérangan
namung wanda wayang gagrag Ngayogya lan Surakarta.
1. Wujuding wanda badan.
Ngayogya : adatipun wanda wayangipun cendhak lan lema.
Surakarta : adatipun wanda wayangipun inggil lan langsing.
…………………………………………………….
…………………………………………………….
…………………………………………………….
…………………………………………………….
KAWRUH TEMBUNG
2) Karanawacaka
Rimbagipun: pe + tanduk + an. Wujudipun saking tembung tanduk karaketan ater-
ater pa lan panambang an. Tuladhanipun panulisan, penggilingan.
Tegesipun rimbag karanawacaka:
a) panggènan, kadosta:
- Ing tanah Jawa akèh panepèn. Tegesipun panggènan nenepi.
- Penggilingan tebu dunungipun ing Madukisma. Tegesipun panggènan
nggiling.
b) piranti utawi sarana, kadosta:
- Tukua wajan penggorèngan. Tegesipun piranti kanggé nggorèng.
- Blabag penulisan iku resikana. Tegesipun piranti kanggé nulis.