Anda di halaman 1dari 40

[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

BAB I GUNA PAEDAHE TEMBANG MACAPAT

1. Guna Paedahe Tembang Macapat


Basa pinathok ‘puisi Jawa tradisional’ tembang macapat ana ing masyarakat lan
kasusastran Jawa iku gunane minangka tontonan ‘hiburan’, tuntunan (piwulang) uga
kaanggep nduweni daya pangaribawa ‘kekuatan’, kadosta: donga, mantra, penolak bala,
tamba lelara. Mula tembang macapat kulina ditembangake/ dilagokake bebarengan ing
wektu-wektu lan papan kang prayoga lan wigati (penting), tuladhane ing: acara
perkawinan, kelahiran, kumpulan RT/ RW, pengajian, mehargya dina kamardikan RI
(malem tirakatan), lan liya-liyane. Buku-buku kuna sastra kapujanggan yasane para nata
lan pujangga, lumrahe uga katulis kanthi wujud tembang macapat. Tembang macapat
pranyata migunani marang masyarakat lan kasusastran Jawa, jalaran bisa kagunakake
kanggo nggambarake lan ngandharake babagan: (a) chronogram ‘sengkalan’; (b)
crytogram ‘sandi asma’; (c) ramalan utawa jangkaning jaman; (d) wewaler ‘pantangan,
larangan’; (e) kejadeyan politik; (f) pitutur, piwulang penganten (kulawarga) ‘amanat ,
pesan, nasihat’; (g) kasampurnaning urip; (h) Donga, Nyegah bebaya ‘penolak bala’; (i)
Nggambarake kahanan ndonya kang wis rusak (jaman edan); (j) kaindahaning alam; (k)
cangkriman ‘teka-teki’; (l) dhakwah agama; (m) nggambarake swasana nesu, perang.
Ing ngisor iki diandharake guna paedahe tembang macapat tumraping
masyarakat uga ing kasusastran Jawa, yaiku kanggo:
a. Nyathet Angkaning Taun/ Sengkalan / Chronogram
1) Serat Wiwaha Jarwa utawa Serat Mintaraga, anggitanipun Ingkang Sinuhun
Pakubuwana III, pupuh I pada 1, tembang macapat Asmaradana :
“Ri sedheng amurwa tulis/

Dite panca-likur wulan/

Jumadilawal ing Ebe/

tasik soya giri juga/

sang duk kinarya/

kakawin tinembang kidung/

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 1


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

ingaran Asmaradana//”

“Tasik sonya giri juga” mujudake sengkalan taun 1704 Jawa utawa taun 1778
Masehi.

Tuladha Tembang Macapat Asmaradana


Laras Slendro, Pathet Sanga miring

1 2 5 5 5 5 5

Se- ja- ti- ne u- rip- i- ki

5 i I i 5 5

ka- ya de- ne wong le-lu-ngan

2 5 2 1 2

neng do-nya mung mam- pir ngom- be

5 5 5 5 5 5 5 5

te- rus- e ja- gad a ke- rat

2 2 2 2 2 2 1

nung- gal la- wan Pa- nge- ran

1 2 2 2 2 2 2 1 2

kang ti-tis pa- nges- thi ni- pun

1 1 1 1 2 2 321 1

yek- ti an- tuk ka- nu grah- an

2) Serat Sewaka, pupuh I pada 1, tembang Dhandhanggula :


“Layang sewaka manira ngawi/

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 2


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

jalma paksa kawayang buwana/

sakala duk pangapuse/

tepa palupinipun/

rehning sumawita bupati/

awya manah nalimpang/

ing warah lan wuruk/

ing purwa madya wasana/

awya lali ing tata kalawan titi/

takona tetirona//”

Sengkalan tembang ing ndhuwur, yaiku: “Jalma paksa kawayang buwana”,


kang nuduhake taun 1621 utawa taun 1699 Masehi (jaman Sinuwun Mangkurat,
rakane Pangeran Puger ‘Sinuwun Pakubuwana I’)

b. Ngemot crytogram ‘sandi asma’, tembang macapat Dhandhanggula yaiku:


1) “Song-song gora ’ candraning hartati/

lir winidyan ’ saroseng parasdya/

ringa-ringa ’ pangriptane/

tan darbe ’ labdeng kawruh/

angranuhi ’ wenganing budi/

kang mirong ’ rurareng tyas/

jaga ’ angkara gung/

minta luwar ’ ring duhkita/

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 3


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

awya kongsi ’ kewran lukiteng kinteki/

kang kata ginupita//”(Radyan Ngabehi Ronggawarsita: Serat Cemporet)

Tuladha Tembang Dhandhanggula


Laras Slendro Pathet Sanga

2 5 6 6 6 I

La- mun si- ra ang- ge gu- ru ka- ki

6 i 6 6 6 6 6 6 5.6

a- mi- lih- a ma- nung- sa kang nya- ta

5 6 6 6 6 6 i 6 5

ing- kang be- cik mar- ta bat- E

6 I I 6 I 5 6

sar- ta kang wruh ing ku- kum

6 6 5 2 2 2 2 2 1.

kang- ngi- ba- dah lan- kang wi- rang- i

1 2 2 2 2 2 2

so- kur o- leh wong ta- pa

3 5 1 1 2 1

ing- kang wus a- mung- Kur

1 2 2 2 2 2 2 2

tan mi- kir pa- wih- ing li- yan

5 3 2 1 1 2 2

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 4


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

i- ku pan- Tes si- ra gu- ron- a- na ka- ki

2 2 2 1 1 2 1 1

sar- ta- ne ka- wruh a- na

2) Sandi asma (nama diri: Sangidan; lan papan panggenan: Praja Surakarta):
Dhandhanggula.

“Saking dahat karoban memanis/

ngiket basa mulat pra sarjana/

dandya ringa pangriptane/

ing mangkya kapiluyu/

pra pujangga gennya manganggit/

jaman kang wus kawuntat/

supadya pikantuk/

rarasing kang pralampita/

karkating tyas rinuruh kalawan ririh/

talering kang carita//” (Serat Bharatayuda)

3) Sandi asma kang kapacak ana ing gatra pungkasan kinarya panutuping Serat
Kalatidha: Sinom.

“Sageda sabar santosa/

sandi sajroning ngaurip/

kalis ing reh aru-ara/

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 5


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

murka angkara sumingkir/

tarlen meleng malatsih/

sanityasa tyas memasuh/

badharing sapudhendha/

antuk mayar sawatawis/

barong angga suwarga mesi martaya//” (Ronggawarsita)

c) Nggambarake Ramalan utawa Jangka, ing Serat Sabdajati yasan R.Ng.


Ranggawarsita: Megatruh.
“Waluyane benjing yen wis ana wiku/

Memuji ngesthi sawiji/

Sabuk lebu lir majenun/

Galibedan tudang tuding/

Anacahken sakehing wong//”

Tahun 1945 Masehi mujudaken kamardikan NKRI, ing sengkalan “wiku memuji
ngesthi sawiji” (1877 Jawa = 1945 Masehi).

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 6


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

Tuladha Tembang Macapat Megatruh

Laras Pelog Pathet Barang

7 5 6 7 7 6 7 5 6 5 5 6.7

Si- gra mi- lir- kang ge- thek si- nang-ga ba- jul

2 3 5 5 5 5 5 6 3 5

ka- wan da- sa kang nja- gen- i

5 6 6 6 6 6 7 5 6

ing ngar- sa mi- wah ing pung- kur

5 3 2 2 3 5 6 2 3.27.

tan- a- pi Ing ka- nan ke - ring

5 5 3 2 3 5 6 5 3.2

Kang ge- thek lam- pah- nya a- lon

d) Ngemot wewaler ‘larangan, pantangan’ tembang macapat Sinom:


1) “Dene Ki Ageng Sesela/

prasapane ora keni/

ing satedhak turunira/

nyamping cindhe denwaleri/

kalawan nora keni/

ing ngarepan nandur waluh/

wohe tan kena mangan/

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 7


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

Panembahan Senopati/

ing ngalaga punika ingkang prasapa//”

2) “Prasapa Jeng Susuhunan/

Pakubuwana kaping tri/

mring satedhak turunira/

mapan datan denlilani/

agawe andel ugi/ wong kang seje jinisipun/

puniku linarangan/

anak putu wuri-wuri/

aja na kang wani nrajang prasapa//”

Tuladha Tembang Sinom

Laras Pelog Pathet Nem

I I I

Nu- la- da la- ku u- ta- ma

I I I i i i i i 6.5

tu- mrap- e wong ta- nah Ja- Wi

I i i 6 6 5 6

wong a- gung ing Ngek- si- gan- da

6 6 6 5 6 2 2 2 3 121

Pa- nem- bah- an Se- no- pa- ti

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 8


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

3 5 5 5 5 5 6 5

ke- pa- ti a- mar- su- Di

3 2 2 2 2 3 21 1 2 2

su- da- ning ha- wa Lan nap- su

1 2 3 3 3 3 3

pi- ne- su ta- pa bra- ta

3 5 5 6 2 2 2 3 121

ta- na- pi ing si- yang ra- Tri

3 5 5 5 5 5 5 6 5 3 2 3 1 2 2

a- me- ma- ngun kar- ye- nak tyas ing se- sa- Ma

e) Nggambarake Kedadeyan Babagan Politik, Tuladhane: Tembang Durma


“Nora mundur Republik Indonesia/

dening konfrontasi/

lan si kala dremba/

jer anti penjajahan/

lir Landa duk andhepani/

Irian Barat/

Trikora angrampungi//”

(Imam Sutardjo, 2016)

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 9


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

Tuladha Tembang Macapat Durma


Laras Pelog Pathet Barang

3 5 6 7 7 7 7 7 6 6 7 5 3 2

Be- ner lu- put a- la be- cik la- wan beg- ja

2 3 5 5 5 6 7 6.5

Ci- la- ka ma- pan sa- King

7 6 5 6

Ing ba- dan pri- yang- ga

6 6 6 6 6 7 5 6

du- du sa- king wong li- ya

6 7

mu- la- ne- den nga- ti a- Ti

5 6 7 5.65 32

sa- king dir- ga- ma

5.67 7 7 7 7 5 7.65

sing- gah- a- na den- e- ling

f. Pitutur marang Penganten, Kulawarga; Tembang Macapat Dhandhanggula,


tuladhane:
1) “Nga tetiga wajibing priya di/

nga sepisan ngayani wentehnya/

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 10


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

ngayomi nga kapindhone/

ngayemi nga katelu/

nga tetiga wajibing estri/

nga sepisan wentehnya/

ngrangkani ing kakung/

ngrungkepi kaping kalihnya/

nga kaping tri ngopeni darbeking swami/

tri darma sowang-sowang//”

2) Tuladha Tembang Maskumambang

“Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi/

anemu duraka/

ing donya tumekeng akir/

tan wurung kasurang-surang//”

Tuladha Tembang Macapat Maskumambang


Laras Pelog Pathet Lima

3 6 I i i I I i I i 6.5

wong tan ma-nut pi- tu- tur wong tu-wa u- Gi

I i .

a- ne- mu du- ra- ka

6 5 5 5 6 i 6 5 3 2.1

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 11


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

ing do- nya tu- me- keng a- khir

1 2 3 1 2 3 3 2 3.5

tan wu-rung ka- su- rang su- Rang

3) “Bonggan kang tan mrelokena/

mungguh ugering ngaurip/


uripe lan tri prakara/

wirya arta tri winasis/

kalamun kongsi sepi/

saka wilangan tetelu/

telas tilasing janma/

aji godhong jati aking/

temah papa papariman ngulandara//” (Sinom)

g. Piweling Bab Kasampurnaning Urip, tuladha:


1) Suluk Asmaralaya, anggitane M.Ng. Mangunwidjaja, tembang Pangkur :

“Urip ingkang mawa jiwa/

Jiwanira mangka warana jati/

jatining urip puniku/

yekti tan nganggo nyawa/

nora nywara norangganda nora ndulu/

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 12


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

nora muna tan ngandika/

tanpa rasa pangrasa nir//”

2) Suluk Wujil, tembang Dhandhanggula :

“Dipunwruh ing urip sejati/

lir kurungan reraga sedaya/

becik denweruhi manuke/

rusak yen sira tan weruh/

hih Ra Wujil salakuneki/ iku mangsa dadia/

yen sira yun weruh/

becikana kang sarira/

awismaa ing enggon punang asepi/

sampun kacakrabawa//”

h. Nyegah, Donga, Ngendhaleni utawa penolok bala ‘penolak bahaya, penyakit’.


1) Kidungan Sontreng kanggo nyuwuk (ngeneng-eneng bayi kang lagi nangis)
rewel; tembang macapat Kinanthi :

“Pitik tulak pitik tukung/

tetulaking jabang bayi/

ngedohake cacing racak/

sarap sawane sumingkir/

si tukung mangungkung ngarsa/

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 13


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

si tulak nulak ing margi//”

2) “Samya geger setan wetan/

anrus jagad ngulon playuning dhemit/

kang tengah Bathara Guru/

tinutup Nabi Sleman/

eblis setan brekasakan ajur luluh/

si jabang bayi wus mulya/

liwat siratal mustakim//” (Pangkur)

i. Nggambarake Kahanan Donya/ Jaman kang wis Rusak (Jaman Edan), Sinom:
“Amenangi jaman edan/

ewuh aya ing pambudi/

melu edan nora tahan/

yen tan melu anglakoni/

boya kaduman melik/

kaliren wekasanipun/

dilalah kersa Allah/

begja-begjane kang lali/

luwih begja kang eling lawan waspada//”

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 14


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

Serat Wulang Reh, karya Pakubuwana IV, pupuh II pada 8, tembang Kinanthi:

“Lan wong anom-anom iku/

kang kanggo ing mangsa iki/

andhap asor dipunsimpar/

umbag gumungguning dhiri/

obrol umuk kang den gulang/

kumenthus lawan kumaki//”

Tuladha Tembang Macapat Kinanthi

Laras Slendro, Pathet Manyura

6 i I i I i

Pa- dha gu- lang- en Ing kal- bu

ing sas- mi ta a- mrih lan- tip

6 i i

a- ja pi- jer ma- ngan nen- dra

i 6 6 6 5 5 6 3 356

ka- pra- wi- ran den- ka es- thi

5 6 6 6 6 6 5 56

pa- su- nen sa- ri- ra ni- ra

5 5 5 6 5 3 3 3 356 6

ce- gah dha- Har la- wan gu- ling

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 15


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

j. Nggambarake kaindahaning alam, “Serat Srikandhi Maguru Manah”,


Kinanthi:
1) “Pinggir sendhang ana gadhung/

rumambat ing klapa gadhing/

pinencokan manuk podhang/

sajodho tan ana tandhing/

jroning gedhong ana endhang/

milihi wohing kurandhing//”

2) “Toya mijil saking lembung wukir/

gumrojog toyanjog/

tirta jroning jurang gumarenjeng/

lir tinalang kekalene milik/

tetilase limit/ lelumute lunyu//” (Mijil)

Tuladha Tembang Macapat Mijil


Laras Pelog Pelog Nem

6 6 i I

De- de- lan e gu-na la-wan sek- ti

I 6 i i

ku-du an- dhap a- Sor

I i 6 5 5 5 5 6.53

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 16


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

wa- ni nga- lah lu- hur we- kas- an -e

2 3 5 6 5 3 3 3 3 2.3

ru-mung-kul-a yen di- pun- du- ka - ni

5 6 6 6 6 5 6

ba- pang den sim-pang -i

2 3 5 5 565 3.2

a- na ca- tur mung- Kur

k. Cangkriman ‘teka-teki’ tembang Pocung, tuladhane:


“Bapak Pocung duwe janggel dudu jagung/
mata tanpa sela/
kuncunge kinarya wiji/

yen wis tuwa migunani mring manungsa//”

“Bapak Pocung dudu watu dudu gunung/

asalmu ing Plembang/

ngon-ingone Sang Bupati/

yen lumampah Si Pocung lembehan grana//”

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 17


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

“Bapak Pocung cangkeme marep mandhuwur/

sabamu ing sendhang/

pencokanmu lambung kering/

prapteng wisma si pocung mutah kuwaya//”

(Imam Sutardjo, 2016)

Pocung
Laras Slendro pathet Manyura

6 6 5 3 i I i 6 6 6 5 3

Ngel-mu i- ku ka- la- kon- e kan- thi la- ku

I 6 3 3 5 3 2 1

le- kas- e la- Wan Kas

1 2 2 2 3 1 2 . 1

te- ges- se Kas nyan- to - sa- ni

12 3 3 2 2 21 35 6 3 2

se- tya bu- dya pa- nge kes- e dur ang- ka- ra

l. Dakwah satunggaling Agama, tembang Dhandhanggula; tuladhane:

Rukun Islam kang lima puniki/

katindakna mring para sesama/

Aja padha ditinggalke/

rukun Islam puniku/

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 18


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

sahadate kang angka siji/

kang angka loro sholat/

dene kang katelu/

Romadhon nindakna pasa/

papat jakat ping lima ngibadah haji/

rukun Islam sampurna//

Tembang macapat “Gambuh” kang nggambarake panembah kang Sampurna.

Samengko ingsun tutur/

sembah catur supaya lumuntur/

Dhihin raga cipta jiwa rasa kaki/

ing kono lamun tinemu/

Tandha nugrahaning Manon//

Tuladha Tembang Gambuh

Laras Pelog Pathet Barang

7 7

Sa- meng ko- ting- sun tu- tur

7 6 7 7

sem- bah ca- tur su- pa- ya lu- mun- tur

6 5 3 5 6 6 6 6 6 7 5 3 2

dhi- hin ra- ga cip- ta ji- wa ra- sa ka- ki

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 19


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

5 6 6 6 7 5 6 7

ing ka- na la- mun ti- ne- mu

7 7 6 5 6 6

tan- dha nu-gra ha ning Ma- non

m. Ngemot utawa Nggambarake Swasana Nesu, Perang utawa Padudon,


Tuladhane :
1) Serat Langendriyan, tembang Pangkur :

“Lah mara ge Menakjingga/

den kepara ngarep ruket ing jurit/

ketogena sabudimu/

anamakna warastra/

sun tadhahi apa kang aneng sireku/

I i babo Damarwulan/

sesumbare manas ati//”

Pangkur
Pelog, Nem

3 5 5 5 5 3 3 3

Se- kar pang- kur kang wi- nar- na

3 5 5 6 1 1 1 1 2 3 3

Le- la buh- an kang kang- go wong a- u- rip

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 20


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

5 6 I i i I i

a- la lan be- cik pu- ni- ku-

I 6 5 5 5 5 5

Pra- yo- ga ka- wruh a- na

3 5 6 5 3 1 1 1 1 212 3 3

a- dat wa- ton pu- ni- ku di- pun ka- du- lu

1 1 1 1 1 1

mi-wah ing- kang ta- ta kra- ma

1 2 3 1 2 3 3 2 1

mum- pa- ngat- i ba- dan ne- Ki

2) Serat Baratayuda, tembang Pangkur :

“Jumangkah anggro sesumbar/

lindhu geter pater kang bumi gonjing/

gumaludhug guntur ketug/

gora reh gara-gara, kadya belah bumi/

kadya belah bumi gunung manggut-manggut/

umop jaladri prakempa/

penyune kumambang wingwrin//”

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 21


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

BAB II. TEMBANG UTAWA LELAGON DOLANAN

1. Teges lan Paugerane Tembang utawa Lelagon Dolanan


Tembang dolanan utawa lelagon dolanan iku biyen lumrahe ditembangake bocah
cilik-cilik mligine ing karang padesan, sinambi padha dolanan lan gegojekan sarta
seneng-seneng bebarengan. Anggone padha dolanan lan tetembangan mau lumrahe ana
plataran, lan ana kang diiringi gamelan utawa kenthongan kang kagawe saka kayu utawa
pring. Tembang dolanan iku mujudake sawijining lan jinising reriptan tembang kang ora
kaiket sarta ora nganggo paugeran guru: gatra, wilangan/ wanda, lan guru watak. Pancen
tembang dolanan iku beda karo tembang macapat, tengahan, lan uga beda karo tembang
gedhe. Tembang dolanan iku cacahing wandane antarane siji lan sijine kajupuk saka
cocok utawa jumbuhing lagune utawa guru lagune (purwakanthi guru swara); jalaran
tembang dolanan iku kawengku ing lagu utawa runtuting suwara saben pungkasaning
gatra. Wondene cacahing tembang dolanan iku akeh banget, lan jenenge tembang
dolanan iku lumrahe kajupuk saka isine tembang utawa manut tembunge kang wiwitan
(Padmosoekotjo, 1960: 21); tuladhane lelagon: “Kupu Kuwi, Wajibe Dadi Murid,
Swara Suling, Gajah-gajah, Menthok-menthok”, lan liya-liyane. Mula saka iku,
lumantar lan sajroning padha tetembangan mau bocah-bocah ditepungake babagan
kautaman, budi pekerti kang luhur. Wondene adhedhasar isine lan jinise tembang
dolanan iku irah-irahane ngemot lan ngrembug babagan: (a) sato kewan, (b) tetuwuhan/
tanduran, (c) budi pekerti kang utama, (d) bebrayan, (e) seni tradhisi, (f) pariwisata, (g)
tetanen/ petani, (h) kendharaan/ tumpakan, (i) lan alam saisine.

Tetenger, irah-irahan utawa judhule tembang dolanan iku sumebar lan ngrembakane
kanthi gethok tular (lisan), mula judhule kerep owah; malah uga ana sing titilaras utawa
nada/ notasine lagune uga owah. Tembang dolanan iku wiwit sumrambah, sumebar lan
ngrembaka aneng bebrayan Jawa rikalane wiwitane abad kaping 20 (rongpuluh). Rikala
semana ora bisa nyebutake sapa sejatine kang ngripta lan yasa tembang-tembang
dolanan mau sarta wiwit sumebar lan ngrembaka ana masyarakat.. Upamane tembang:
“Gundhul Pacul”, Laras Pelog Pathet Barang; “Jaran Teji”, Pelog Lima (sing owah dadi

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 22


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

“Jaranan”); “Sluku-sluku Bathok”, Slendro Sanga; uga ora dimangerteni lan kawruhan
sapa pangriptane.

Tuladha Tembang/ Lelagon Dolanan

a. Gundhul-gundhul Pacul, Pelog Barang

Gundhul-gundhul pacul- cul gemlelengan,

Nyunggi-nyunggi wakul- kul gemlelengan,

Wakul glempang segane dadi salatar,

Wakul glempang segane dadi salatar,

Reff:

Ana bocah gundhul- dhul lunga menyang sawah,

Nyunggi-nyunggi wakul- kul karo gemlelengan,

Mlaku neng tengah dalan ora wedi bebayan,

Wakul ngglempang segane dadi salatar.

(Mula kowe aja padha gemlelengan: Ana kang katambah nganggo


cakepan iki)

Aja nangis ndhul, mundhak tambah gundhul,

Aja nangis ndhul, mundhak tambah gundhul.

b. Sluku-sluku Bathok, Slendro Sanga

Sluku-sluku bathok, bathoke ela-elo,

Si rama menyang Sala, leh-olehe payung motha,

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 23


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

Mak jenthit lo lo bah, wong mati ora obah,

Yen obah medeni bocah, yen urip goleka dhuwit.

c. Kuwi Apa Kuwi

Kuwi apa kuwi, e kembang melathi,

Sing tak puja-puji aja dha korupsi,

Merga yen korupsi negarane rugi,

Piye-piye kuwi, aja ngono-ngono kuwi.

Kuwi apa kuwi, e kembange waru,

Sing tak puja-puji rakyate bersatu,

Merga yen bersatu negarane maju,

Piye-piye kuwi, aja ngono-ngono kuwi.

Kuwi apa kuwi, e kembange menur,

Sing tak puja-puji rakyate dha jujur,

Merga yen dha jujur negarane makmur,

Piye piye kuwi, aja ngono-ngono kuwi.

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 24


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

2. Tuwuhe Tembang/ Lelagon Dolanan lan Pangriptane

Sawise kamardikan NKRI 17 Agustus 1945, para pangripta tembang utawa


lelagon dolanan wiwit kacathet, kayadene: R.C. Hardjasoebrata kang akeh banget
ngripta tembang dolanan ing taun 1950-an, tuladhane: “Kidang Talun”, Slendro Sanga;
“Aku Duwe Pitik”, Slendro Sanga (saiki owah judhule dadi “Pitik Tukung”); “Jago
Kate”, Pelog Barang; “Kupu Kuwi”, Pelog Nem; “Menthog Karo Jago”, Pelog Nem
(kang owah judhule dadi “Menthog-menthog”), lan liya-liyane kang ora pati misuwur.

Tuladhane Tembang/ Lelagon Dolanan

a. Kidang Talun (Ndolani Adhiku), Slendro Sanga

Kidang talun, mangan kacang talun,

Mil kethemil mil-kethemil, si kidang mangan lembayung.

Cakepan (syair, teks) pada (bait) kasebut ora owah isih tetap lumaku nganti saiki,
malah kasusul anane tambahan pada (bait) kapindho, nganggo kewan “gajah” kaya
tuladha ing ngisor iki.

Gajah belang, saka tanah Plembang,

Nuk regunuk-nuk regunuk, si gajah nyemplung neng blumbang.

Utawa:

Gajah belang, saka tanah sabrang,

Nuk regunuk-nuk regunuk, gedhene meh padha gunung.

Kajaba pada (bait) kapindho iku uga kasusul pada (bait) katelu, kang nganggo kewan
“tikus”; kaya tuladhane ing ngisor iki.

Tikus buntung, nduwe anak buntung,

Cit- cit ciyit cit-cit ciyit, si tikus seneng ngrikiti.

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 25


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

(Cit-cit cuwit cit-cit cuwit, si tikus ngrikiti balung)

Utawa :

Tikus pithi, nduwe anak siji,

Cit- cit ciyit cit-cit ciyit, maju perang wani mati (mangani pari).

Ngrembakane tembang dolanan kasebut ora mandheg, ing taun 2010-an tuwuh pada
(bait) kang kaping papat kanthi nganggo jenenge kewan “macan”, kaya ing ngisor iki:

Macan tutul, nduwe anak tutul,

Thuthul-thuthul thuthul-thuthul, macan kok senenge thiwul.

b. Tuladha Tembang/ Lelagon Dolanan Liyane kang Mawa Titilaras

1. GAJAH-GAJAH, Laras Slendro Patet Sanga

. . . . 5 i 6 5 . . 6 I 5 6 1

Ga-jah ga-jah ko-we tak kan-dha-ni

1 . 5 6 5 6 i 5 5 5 i 6 5 3 1 2

Jah ma-ta ka-ya la-ron si-yung lo- ro ku-ping ge-dhe

. . 1 3 3 1 3 2 . . 5 3 2 5 . .

ka-thik ngang- go tla-le bun-tut ci-lik

. . 2 3 2 3 5 6 . . i i 5 i 6

tan-sah ko-pat ka-pit si-kil ka-ya bum-bung

. . I . 5 . 2 . 5 . 3 . 2 . 1

tur- la- ku- mu mi- gag mi- gug

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 26


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

2. KUPU KUWI

Laras Pelog Pathet Nem

. 5 . 3 . 5 . 6 . i . 6 . i .

Ku - Pu Ku - wi tak En - cup - E

. . . I . 6 . . I . 6 . 5

Mung A - bur- E nge - Wuh - a -ke

. . . . . . I I 6 5 3 6

ngal- Lor ngi- dul nge- Tan ba-li ngu-lon

. . . . I i . . 6 5 5 6 6 5

mra- Na mre- ne mung- sa - a- ran -pa-ran

. 2 . 3 . 5 . 6 . 5 . 3 . 6 . 5

mbok - Ya Men - cok tak En - cup - e

5 5 2 3 5 5 6 6 i 6 5 . 3 . 2

men- tas men-cok ce- grok ban-jur ma-bur kle- per

3. MENTHOK-MENTHOK Laras Pelog Pathet Sanga

. . 6 6 . . 6 6 . . 5 3 5 5 6 6

Men- Thok men- thok Tak kan- -dha - ni

. i 6 5 3 6 . 6 I I 6 5

Mung la - ku -mu a-ngi -sin i- sin -ni

5 5 2 3 5 5 6 6 6 6 5 3 5 5 6 5

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 27


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

mbok-ya a - ja nge- tok a- na kan- Dhang wa - e

5 5 2 3 5 5 6 6 6 6 5 3 5 5 6 5

e-nak e- nak ngo- rok o- ra nyam- but ga - we

. . 2 2 . . 2 2 . . 2 3 5 5 6 6

men- Thok men- thok Mung la - ku - mu

. i 6 5 3 6 . 6 5 3 . 3 .

me - gal me - gol ga-we gu - Yu

c. Owah-owahan Sajroning Tembang/ Lelagon Dolanan

Tembang dolanan yasan utawa reriptane R.C. Hardjasoebrata taun 1951 kanthi
judhul “Bocah-Bocah Dolan (Padhang Mbulan)” Pelog Nem, uga ngalami owah-owahan
cakepane utawa syaire, mangkene:

Padhang-padhang mbulan kaya rina,

Latare jembar, njingglang padhange,

Kareben bingar akeh kancane,

Ayo padha keplok-plok surak hi yo,

Ayo padha keplok-plok surak hi yo.

Riptane R.C. Hardjasoebrata kasebut menawa katandhingake karo reriptane ing


taun 2000-nan iki kanthi judhul kang padha “Padhang Mbulan”, laras Pelog Pathet Nem;
kaya tuladha ing ngisor iki:

Yo pra kanca dolanan neng njaba,

Padhang mbulan padhange kaya rina,

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 28


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

Rembulane kang ngawe-awe,

Ngelikake aja turu sore-sore (Ngelingake aja padha turu sore).

Kekarone cakepan utawa syaire padha-padha ngajak suka parisuka uga ngerteni
owah gingsire alam donya, kanthi nyawang swasana ing wayah padhang rembulan,
kanthi werdi kang sinandhi kabeh iku peparinge Gusti, mula kudu tansah muji syukur
konjuk mring Gusti Kang Mahaluhur.

3. Tembang/ Lelagon Dolanan kang Tuwuh ing Taun 1960-an

Ing taun 1960-an tembang utawa lelagon dolanan kang tuwuh lan ngrembaka,
yaiku: “Gugur Gunung”, laras Pelog pathet Barang kang karipta dening Darmasoewita;
Semono uga Ki Nartasabda uga yasa lan ngripta tembang dolanan: “Lumbung Desa” lan
“Lesung Jumengglung” Slendro Sanga; “Swara Suling” Pelog Lima (kang owah judhule
dadi “Gambang Suling”); “Ayo Praon” Pelog Lima (kang owah judhule dadi “Prau
Layar”), “Ngundha Layangan” Pelog Lima, lan liya-liyane.

Tuladha Tembang/ Lelagon Dolanan

1. Lagu “SWARA SULING” Pelog patet Nem

/ 0 0 5 / 6 5 1 / . 5 6 5 / 4 3 2 /
/

Swa - ra su-ling ngu-mandhang swara- ne

/ . 0 1 / 3 1 2 / . 5 6 5 / 3 2 1 /

Thu - lat thulit ke- penak u-ni- ne

/ . . / 0 1 / . 3 2 3 / 1 6 5 /

U- ....................................... ni - ne

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 29


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

/ 4 0 4 / 5 6 5 / 3 0 3 / 5 3 2 /

Mung nre - nyuha-ke ba - reng lan kentrung

/ 4 0 4 / 5 6 5 / . 1 6 5 / 3 2 1 //

ke - ti - pung suling si - grak ken - dhangan-e

2. AYO PRAON, Laras Pelog Pathet Nem.


// . . / . 5 5 / 5 5 5 5 / 1 5 5 /

Yo kan - ca Neng gisik gembi - ra

/ . .56 / 5 3 2 / 5 . 3 5 / 3 2 1 /

A-le-rab le-rab ba - Nyuning se – ga – ra

/ . . / . 5 5 / 5 5 5 5 / 1 5 5 /

Angli - yak Numpak pra - u la - yar

/ . .56 / 5 3 2 / 5 . 3 5 / 3 2 1 /

Ing dina Minggu keh pari - wi-sa- ta

/ . . / 7 1 / 2 5 5 / 6 1 1 /

a-lon pra - u – ne wis ne-ngah

/ . 1 2 / 1 2 12 / 5 1 / 2 3 2 /

Pyah Pyuh Pyah ba – nyu bi - ne - lah

/ . 3 23 / 2 3 2 / 1 1 1 / 2 1 /

O-ra je mu je-mu ka – ro me - sem ngguyu

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 30


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

/ . 1 / 2 7 1 / 2 7 1 / 2 7 1 /

Ngi - langa- ke Rasa lung - Krah le - su

/ . 1 / 1 1 56 / . 4 5 / 6 4 5 /

A - dhik njawil mas je - Bul wis so - re

/ . .5 6 / 5 3 2 / 5 . 3 5 / 3 2 1 /

Witing ka – la – pa ka – ton nga- We a - we

/ . 2 / 3 1 2 / 3 1 2 3 / 3 1 2 /

Pra - yo – ga – ne Becik ba - li ba - e

/ 6 6 6 / 5 6 1 / 2 3 1 5 / 5 5 5 //

De-ne se suk e – suk Tumandang nyam-but ga - we

3. “LUMBUNG DESA” Slendro Pathet Sanga


// 0 0 0 0 / 6 1 . 6 5 / . 2 1 . 5 2 / . 5 3 . 2 1 /

Lumbung de-sa pra ta - ni pa-dha ma-kar-ya

/ 0 5 6 1 0 / 0 2 6 . 7 2 / . 6 6 . 5 1 / . 5 3 . 5 6 /

a- yo dhi nju-puk pa – ri na-ta lesung nyandhak alu

/ 0 2 1 6 0 / 0 2 3 . 5 6 / . 6 1 . 5 3 / . 2 6 . 1 2 /

a- yo yu pa-dha ma- ju yen Wis Rampung nuli adang

/ 0 6 1 2 0 / 0 2 1 . 6 6 5 / . 2 3 . 5 6 / 0 2 1 . 6 5 //

Ayo kang dha tu - mandang no – soh Gabah na-ta lumpang

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 31


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

4. “LESUNG JUMENGGLUNG” Slendro Pathet Sanga


// 0 0 0 5 / . 6 2 . 3 5 / . . 1 6 / . 5 3 . 1 2 /

Le - sung Jumengglung sru im - bal im- bal-an

/ 0 0 0 2 / . 3 6 . 1 2 / . . 5 3 / . 2 3 . 5 6 /

Le - sung Jumengglung maneng - ker mangungkung

/ 0 2 . 6 6 / . 2 . 6 6 1 / . . 6 1 / . 1 . 5 /

Ngu-mandhang nge - begi sa - jroning pa - de - san

/ 2 . 2 1 / 2 . 2 5 / 2 . 2 1 / 2 6 1 5 //

Thok - thok thek thok- thok gung thok thok thek thok thek thok gung

/ 2 . 2 1 / 2 . 2 5 / 2 . 2 1 / 2 6 1 5 //

Thok - thok thek thok- thok gung thok thok thek thok thek thok gung

5. WAJIBE DADI MURID, Laras Slendro Pathet Nem

. . . 6 6 6 i i i 6 6

Wa- jib - e da –di mu-rid

. . I 6 6 5 2 . 6 6 . 6 5 3

o –ra ke- Na pi-jer pa - mit

. 5 6 2 3 5 2 3 . . 6 i 6 6 5

ka- Ja -ba yen la-ra la- ra te-nan

. . 6 i 6 6 5 . . 3 2 . . 2 2

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 32


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

la- ra te-nan o -ra la- ra

. . 6 6 6 6 2 3 . 5 3 . I i 6

Mung e -thok e-thok-an Lan lan ma-neh-e

6 3 6 5 5 3 3 2 . 3 2 3 2 3 5 6

ku-du pa-mit nganggo la-yang yen wis ma- ri la-ra-ne

. 6 6 . 6 6 . 6 2 5 5 5 5 3

ku- Du eng- Gal mle- bu nyang pa-mu-lang-an

. 3 2 5 5 5 5 6 3 6 6 6 6 6 3 6 5

a-ja e-nak e- nak- an su-we su-we mun-dhak bo-dho

5 3 6 5 5 3 3 2 . 2 . . 2 5 2 3

lo-nga lo-ngo ka-ya ke-bo bo bo-cah bo-dho

. 3 . . i I 6 6 3 6 5 5 3 3 2

dho- suk yen ge-dhe nga-lor ngi-dul tan-sah mlo-ngo

6. SEPURAN, Laras Slendro Pathet Sanga

. . 5 5 5 5 6 i 5 . 5 6 I 2 i

Sin-ten num-pak se- pur ba-yar- e se- ta- li

. . 6 i 5 3 5 2 . 5 3 5 2 3 1

wong ni- ki se-pur- dhur te-rus teng Ke-dhi-ri

. . 5 5 5 5 6 i 5 . 5 6 i 6 i

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 33


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

Sin-ten tri-ma bon- ceng kon- nang-an kon-dhek-tur

. . 6 i 5 3 5 2 . 5 3 5 2 3 I

sam-pe -yan di-dhen-dha na-pa bo-ten ko-jur

4. Lelagon Dolanan kang Tuwuh ing Taun 1970-an

Ngancik taun 1970-an yasan lan reriptan tembang dolanan sangsaya ngrembaka
lan sumebar. Tembang dolanan iku nduweni iketan arupa titilaras utawa nada/ notasi
uga lagu/ “melodi” kang prasaja, larik utawa gatra/ baris kang cekak, lan isine jumbuh
kanggo umure bocah. Wiwit taun kasebut, yasan lan reriptan tembang kang arupa
langgam lan lelagon wiwit tuwuh mecungul lan ngrembaka nganti saiki. Upamane
lelagon yasan utawa reriptane Ki Nartasabda, yaiku: “Mbok Ya Mesem” Slendro
Sanga; “Aja Dipleroki” Pelog Lima; “Sapu Tanganku” Pelog Nem; “Mari Kangen”
Pelog Nem; “Sarung Jagung” Pelog Barang, lan liya-liyane, Lelagon yasane Ki
Nartasabda kasebut isine tumuju kanggo para mudha mudhi, mula isi cakepane / syaire
ora jumbuh karo ciptane bocah, mula ora bisa kasebut tembang dolanan bocah lan ora
prayoga menawa diparingake para putra, kejaba para siswa SMA.

Tuladha Tembang utawa Lelagon Dolanan kang Sumebar ing Masyarakat


utawa Pamulangan

1. Lelagon “Gugur Gunung” Pelog Barang

Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyane praja,

Kene-kene kene-kene gugur gunung tandang gawe,

Sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane,

Lila lan legawa kanggo mulyane negara,

Siji loro telu papat maju papat-papat,

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 34


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

Diulang-ulangake mesthi enggal rampunge,

holobis kontul baris holobis kontul baris,

holobis kontul baris holobis kontul baris,

2. Lelagon ‘MENTHOK-MENTHOK” Pelog Nem

Menthog-menthog takkandhani,

Sasolahmu angisin-isini,

Mbokya aja ngetok,

Ana kandhang wae,

Enak-enak ngorok,

ora nyambut gawe,

Menthog-menthog mung lakumu,

Egag-egog gawe guyu (Megal-megol gawe guyu).

Cakepane diganti/ diowahi dadi “Jago”, nanging lagune padha, kaya tuladha ing
ngisor iki:

Jago-jago takkandhani,

Sasolahmu angisin-isini,

Aja krubyag-krubyug apa wedi banyu,

Aja klubag-klubug ayo tutna aku,

Jago-jago gek mentasa,

Aja umuk dhemen mada.

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 35


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

3. Lelagon “Jago Kate” Pelog Barang

Jago kate te-te-te, Kug kug klurug kok,

Amecece ce-ce-ce kug kug klurug,

Balang watu bocah kuncung,

Keyog kena telihe njranthal pelayune,

Mari umuk mari ngece si kate katon yen tukung.

4. LAGU DOLANAN “JARANAN”, Pelog Lima

Jaranan- jaranan, jarane jaran Teji

Sing numpak Ndara Behi

sing ngiring para mentri

Jreg-jreg nong, jreg-jreg gung

Jreg-jreg gedebug krincing

Gedebug jedher

Gedebug krincing

Jreg-jreg gedebug jedher

5. Lelagon Dolanan “Dhondhong Apa Salak”, Sendro Sanga

Dhondhong apa salak,

Dhuku cilik-cilik,

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 36


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

Ngandhong apa mbecak,

Mlaku thimik-thimik

6. “MARIKANGEN” Pelog Nem

// 0 0 0 1 / . 5 6 .21 / .5 66 66 61 / 6.6 .5 5 /

E jebul Kae kang Tak anti-2 wus teka mrene

/ . . 0 3 / . 1 2 . 5 3 / . 1 2 .2 2 / 6 2 1 5 6 5 5 /

Wis rada suwe babar pisan ora krungu kabare

/ . 0 23 1 / . 2 5 . 6 2 / . 0 2 3 5 / 0 6 2 0 1 6 /

Sajake rada lalen mung tansah dadi Impen

/ 02 1 .2 5 / . 6 1 . 2 6 / 0 2 1 .2 5 / . 6 1 . 6 6 /

Yen pi- nu- ju nggeget lathi esem-e a-me rak a - ti

/ . . 0 6 / . 1 5 . 6 2 / 0 2 6 .1 5 / . 1 6 . 5 2 /

E mari kangen muga- muga tansah te-gen

/ . 0 61 5 / .5 35 32 1 / 03 21 6 2 / .3 12 16 5 /

a-tiku dadi Tentrem amu – lat ne- tra kang tajem

/ 05 5 03 5 / 05 35 32 1 / 03 21 61 2 / 1 3 1 216 5 /

Ma-ri Kangen mulat si - ra netra Tajem tyas jatmi - ka

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 37


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

E. Rangkuman

Tembang macapat pranyata migunani marang masyarakat lan kasusastran Jawa,


jalaran bisa kagunakake kanggo nggambarake lan ngandharake babagan: (a)
chronogram ‘sengkalan’; (b) crytogram ‘sandi asma’; (c) ramalan utawa jangkaning
jaman; (d) wewaler ‘pantangan, larangan’; (e) kejadeyan politik; (f) pitutur, piwulang
penganten (kulawarga) ‘amanat , pesan, nasihat’; (g) kasampurnaning urip; (h) Donga,
Nyegah bebaya ‘penolak bala’; (i) Nggambarake kahanan ndonya kang wis rusak
(jaman edan); (j) kaindahaning alam; (k) cangkriman ‘teka-teki’; (l) dhakwah agama;
(m) nggambarake swasana nesu, perang utawa padudon.

Tembang dolanan utawa lelagon dolanan iku biyen lumrahe ditembangake bocah
cilik-cilik mligine ing karang padesan, sinambi padha dolanan lan gegojekan sarta
seneng-seneng bebarengan ana ing plataran. Tembang dolanan iku mujudake sawijining
lan jinising reriptan tembang kang ora kaiket sarta ora nganggo paugeran guru: “gatra,
wilangan/ wanda, lan guru watak”. Tembang dolanan iku cacahing wandane antarane siji
lan sijine kajupuk saka cocok utawa jumbuhing lagune utawa guru lagune (purwakanthi
guru swara); jalaran tembang dolanan iku kawengku ing lagu utawa runtuting suwara
saben pungkasaning gatra. Wondene cacahing tembang dolanan iku akeh banget, lan
jenenge tembang dolanan iku lumrahe kajupuk saka isine tembang utawa manut
tembunge kang wiwitan; tuladhane lelagon: “Kupu Kuwi, Wajibe Dadi Murid, Swara
Suling, Gajah-gajah, Menthok-menthok”, lan liya-liyane. Mula saka iku, lumantar lan
sajroning tetembangan dolanan mau bocah-bocah dikenalake babagan kautaman, budi
pekerti kang becik. Adhedhasar isine, jinise tembang dolanan iku adhedasar irah-
irahane ngemot lan ngrembug babagan: (a) sato kewan, (b) tetuwuhan/ tanduran, (c)
budi pekerti kang utama, (d) bebrayan, (e) seni tradhisi, (f) pariwisata, (g) tetanen/
petani, (h) kendharaan/ tumpakan, (i) lan alam saisine.

Tetenger, irah-irahan utawa judhule tembang dolanan iku sumebar lan ngrembaka
kanthi gethok tular (lisan), mula judhule kerep owah; malah uga ana sing titilaras utawa
nada/ notasine lagune uga owah. Tembang dolanan iku wiwit sumrambah, sumebar lan

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 38


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

ngrembaka aneng bebrayan Jawa rikalane wiwitane abad kaping 20 (rongpuluh). Rikala
semana ora bisa nyebutake sapa sejatine kang ngripta lan yasa tembang-tembang
dolanan mau sarta wiwit sumebar lan ngrembaka ana masyarakat. Upamane tembang:
“Gundhul Pacul”, Laras Pelog Pathet Barang; “Tembang Jaran Teji”, Pelog Lima (sing
owah dadi “Jaranan”); “Sluku-sluku Bathok”, Slendro Sanga”; uga ora dimangerteni lan
kawruhan sapa pangriptane.

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 39


[MODUL 4 TEMBANG MACAPAT DAN CERITA WAYANG |KB-2 TEMBANG MACAPAT LAN LELAGON DOLANAN]

DAFTAR PUSTAKA

Hardjasoebrata, R.C., 1951a. Ayo Padha Nembang 1. Jakarta: Noordhoff-Kolff N.V.

……………………., 1951b. Surat Tuntunan Aku Bisa Nembang 1. Jakarta: Kementerian


Pendidikan Pengajaran, dan Kebudayaan.

Hardjowirogo, R. 1980. Pathokaning Nyekaraken (jarwan Sulistyo HS). Jakarta:


Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Bagian Penerbitan Buku Bacaan dan
Sastra Indonesia dan Daerah.

Imam Sutardjo. 2015. Tembang Jawa (Macapat). Surakarta: Bukutujju.

Nartasabda, Ki, 1994a. Kumpulan Gendhing-Gendhing lan Lagon Dolanan Jilid


1(pangimpun Sri Widodo Bima Putro). Sukaharja: Cenrawasih

Padmosoekotjo, S., tt.Limpad Nembang Macapat. Surabaya: Trimurti

Padmosoekotjo, S. 1960. Ngengrengan Kasusastran Djawa. Jogjakarta: Hie Hoo Sing.

Sri Sulistiani, dkk. 2017. Mata Pelajaran/ Paket Keahlian Bahasa Jawa: Tembang
Dolanan lan Tembang Dolanan. Jakarta: Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan,
Direktorat Jendral Guru dan Tenaga Kependidikan.

| Drs. Imam Sutarjo, M.Hum. 40

Anda mungkin juga menyukai