Anda di halaman 1dari 1

4.) Kembang Mlathi(R.

Widiyati)Daksebar kembang mlathiIng Taman Makam PahlawanKusuma Bangsa


kang sejatiLuhku tumetes... tes... netesi bumiAku rumangsa dosaDurung bisa melu labuh negaraAmung
sekar mlathi ikiTandha setya lan janjiBakal melu napak suciLabuh nagri alelandhesan ati suciDadi
pepenget Agustus iki dina mulya lan suci5.) Api Abadi Mrapen(R. Tantiningsih)Latu kuwi, tansah
murubOra nggubris kiwa tengeneNadyan digrujug tirtaNadyan maruta padha tekaNanging latu kuwi ora
surutLatu kuwi, tansah murubKaya latu kang ana jero atiAngel dipateni lan angel diadhemakeLatu kuwi,
tansah murubIng mrapen dunungeNinggal sejarahKanggo anak putu6.) Kitir(Sumono Sandy Asmon)Kitir
ikiIsi panantangku marang wengiSing kebacut anggone nguja sepiDolanan swarane asu baung
nggeririsiKitir ikiWujud pangundhamanaku marang awang-awangSing kebacut brangasanNgrentengi
lintang, nguntal rembulanKitir ikiSrana gugatku marang isen-isening jagadSing pijer royokan brekatTan
keguh njaluk ruwat7.) Koran(Harum Sunya Iswara)Taktunggu tekamuSaben dina ing omahkuKabar kang
daktungguSaka awakmuNambahi wawasankuMosak-masike donyaMaju mundure negaraMinangka
wartaKoran minangka alat komunikasiKang kudu diwerdiMula ora ketinggalan informasi8.) Wutah
Getihku(Mahardono Wuryantoro)Gumelar jembar bumi asriSumunar sumringah sunare
bagaskaraPadhang sumilak hanelai jagad NuswantaraBumi pusaka wus kawentarOmbak-ombak
samodra, kencana kang ngrengganiWutah getihku daktresnaniKawulamu....Guyub rukun anambut
kardiJeroning swasana tentrem lan mardikaGilig ing tekad manunggalCumithak jeroning ati, bebarengan
ambangunAku lila....Korban jiwa raga kanggo bumikuNadyan awak ajur dadi sawurLan getihku mblabar
mili, netes ing bumi pertiwiLabet raharjaning nagaraLumantar iki....Isining atiku ginuritPrasetyaku thukul
saka ati kang tulusNjaga langgenging kamardikanDonga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah
getihku9. IbuIBUdening YossantiTresna asih ibuOra ana kang bisa nggantekeKesabaran ibu kang kebak
wutuhOra bisa daklalekeDo’a ibu kang tulustansah ngiringi awakkupengorbanane kang tanpa watesora
bisa winalesIbu . . .pituturmu bakal dakrungutresna asihmu marang akuora bakal puputPandongaku ibu…
Muga Gusti tansah nyembadani

Anda mungkin juga menyukai