TEMBANG MACAPAT
Oleh:
BERLIANA NURLAILI
(K4219012)
Pada 1:
Ayo pra kanca padha mengeti
Tanggap warsane Universitas
Sebelas Maret asmane
Muga tansah rahayu
Tansah pinaringan lestari
Ping patang puluh papat
Tansaya a unggul
Pangarepe mahasiswa
Muga tetep jaya jaya wijayanti
Tanpa nglali budhaya
Pada 2:
Para mahasiswa aja lali
Ngabdhi mring universitas kita
Wis papat papat yuswane
Ngrumat budhaya luhur
Ra lali mring budaya Jawi
Muga tetep a mulya
Lan tansah rahayu
Jaya a universitas
Sebelas Maret ingkang pinunjul iki
Kang tansah ana ing tyas