Anda di halaman 1dari 13

ETIKA SESRAWUNGAN ING SAJRONING BUDAYA GOTONG ROYONG

KANGGO NYENGKUYUNG ADICARA MANTENAN ING DESA SIDEREJO,


KECAMATAN PONGGOK, KABUPATEN BLITAR
Berliana Nurlaili
Universitas Sebelas Maret Surakarta
Pos-el: beriyananurlaili@gmail.com

Abstrak
Etika merupakan hal yang sangat penting untuk diperhatikan oleh semua orang
kapanpun dan dimanapun tempatnya. Salah satu etika yang penting untuk diperhatikan
oleh masyarakat adalah etika dalam bergaul yang dapat dijumpai dalam kegiatan gotong
royong masyarakat untuk mendukung terlaksananya acara pernikahan. Di dalam
kegiatan gotong royong tersebut tentu masyarakat akan berinteraksi dan setiap orang
dari mereka memiliki watak yang berbeda-beda. Oleh karena itu, etika merupakan hal
yang penting untuk diperhatikan dalam kegiatan bergaul atau berinteraksi dengan
sesama agar kerukunan dan keutuhan tetap terjaga. Tujuan dari penelitian ini yaitu
untuk mengetahi etika bergaul masyarakat Jawa dalam kegiatan gotong royong untuk
mendukung acara pernikahan seningga kerukunan dan keutuhan tetap terjaga. Metode
yang digunakan adalah peengamatan yang dilakukan di rumah peneliti sendiri pada
acara pernikahan kakaknya. Penelitian ini memperoleh hasil bahwa dalam bergaul
masyarakat selalu memperhatikan etikanya, baik itu ketika berbicara maupun ketika
bertindak. Selain itu masyarakat juga menanamkan rasa saling menghormati satu sama
lain tanpa memandang status sosial antarmasyarakat.
Kata kunci: etika, masyarakat, bergaul, gotong royong

PURWAKA
Budaya minangka ciri khas sing wonten ing salah sawijining daerah utawa
papan panggonan. Yen ing salah sawijining daerah boten gadhah budaya, pramila
daerah kasebut bakal kerasa hambar. Amarga budaya iku nggambarake pribadi lan uga
kanggo identitas utawa pratanda saka ngendi asale daerah kasebut. Negara Indonesia
minangka negara sing sugih budaya, saka Sabang nganti Merauke yen diitung cacahe
bisa ana atusan bahkan ewonan budaya. Salah sawijining budaya sing wonten ing
Indonesia yaiku budaya Jawa. Koentjaraningrat ing sajroning Dimyati (2003)
ngandaharake menawa orang Jawa adalah satu kelompok etnik yang mempunyai
kebudayaan dan nilai-nilai maupun kebiasaan tentang sesuatu, yaitu kebudayaan Jawa.
Miturut Koentjaraningrat (1985), masyarakat atau suku bangsa Jawa adalah suku
bangsa terbesar di Indonesia dan jumlahnya separuh warga negara Indonesia. Ing
masarakat Jawa gadhah nilai kabudayan Jawa sing isine konsep-konsep ngenani apa
sing urip ing sajroning alam pikiran, sebagian saka masarakat ngenani apa sing
dianggep nduweni nilai, berharga, lan penting ing sajroning urip, saengga bisa kanggo
pedomaning urip masarakat Jawa.
Budaya Jawa menika minangka budaya sing diwarisake turun-temurun saka para
leluhur kang ngemot makna lan pitutur luhur utawa piwulangan sing becik kanggo uripe
manungsa. Makna-makna becik kasebut bisa ditemoni ing sajroning simbol-simbol lan
tindak tanduk sing bisa dipersani langsung dening masarakat. Tuladha makna ing
sajroning simbol yaiku bisa ditemoni ing upacara adat lan kesenian daerah kayata tarian,
wayang, ketoprak, lan sakpanunggalane. Ing kesenian kasebut, makna lan pitutur luhur
diselipake kanthi awujud simbol. Dadi pitutur kasebut boten ditudhuhake kanthi
langsung, nanging masarakat kudu nganalisis simbol-simbol saka kesenian kasebut
kanggo mangertosi makna lan pitutur luhure. Banjur tuladha pitutur luhur saka tindak
tanduk sing bisa dipersani langsung dening masarakat tuladhane yaiku budaya gotong
royong sing sampun dadi ciri khase masarakat Jawa wiwit jaman biyen.
Budaya gotong royong menika kerep diweruhi ing adicara mantenan masarakat
Jawa. Ngelingi adicara mantenan menika minangka adicara sing gedhe, agung, lan
wigati. Mula, kudu diusahakake sampurna anggone nglaksanakake. Para sedulur lan
tangga bebarengan nyengkuyung adicara mantenan sing dianakake dening salah
sawijining warga. Wonten sing nyumbang tenaga, mbyantu dana, lan mbyantu
njangkepi piranti-piranti kang dibutuhake ing adicara agung kasebut. Masiya srawung
kaliyan tiyang katah, nanging kerukunan lan paseduluran tetep kajaga amarga tiyang
Jawa menika nggatekake etika ing ngendi wae papan panggonane lan kepiye wae
kahanane, kayata nalika sesrawungan kaliyan tiyang sanes.
Kanggo mangertosi kepiye etikane wong Jawa nalika sesrawungan amrih
kerukunan lan paseduluran tetep kajaga, mula penulis nyerat artikel iki kanthi irah-
irahan Etika Sesrawungan ing Sajroning Budaya Gotong Royong Kanggo Nyengkuyung
Adicara Mantenan ing Desa Sidorejo, Kabupaten Blitar, Jawa Timur. Penulis milih
papan pengamatan ing Desa Sidorejo, Kabupaten Blitar, Jawa Timur amarga ing daerah
kasebut isih akeh adicara mantenan sing ndamel terop utawa boten dilakokake ing
gedung. Masakan sing disuguhake marang tamu undangan uga dimasak piyambak,
tegese boten ndamel jasa boga. Kegiatan gotong royong ing masarakat kanggo
nyengkuyung adicara mantenan kasebut isih kenthel saengga nggampangake
pelaksanaan pengamatan ngenani etika sesrawungan menika. Tujuan saka penulisan
artikel menika yaiku kanggo mangertosi etikane wong Jawa nalika sesrawungan
saengga kerukunan lan paseduluran tetep kajaga.

TINTINGAN KAPUSTAKAN
Budaya yaiku salah sawijining identitas daerah sing nudhuhake ciri khas daerah
kasebut. Kanthi harfiah istilah budaya asale saka basa latin colere sing gadhah teges
ngolah lemah, yaiku sakabehane barang utawa hal sing dihasilake dening akal budi
manungsa kanthi tujuan kanggo ngolah lemah utawa papan panggonane. Budaya utawa
kabudayan asale saka basa Sansekerta yaiku buddhayah sing minangka bentuk jamak
saka tembung buddhi kang gadhah teges hal-hal sing kaitane karo budi lan akale
manungsa. Ing negara Indonesia iki nduweni budaya sing maneka werna. Saben-saben
daerah nduweni budaya dhewe-dhewe kanggo nudhuhake ciri khas daerah kasebut.
Senajan budaya sing diduweni saben daerah ing Indonesia beda-beda, nanging
masarakat Indonesia tetep ngutamakake persatuan lan ndadekake pambeda kasebut dadi
kekayaane bangsa sing kudu dijaga lan dilestarekake. Salah sawijining budaya sing ana
ing Indonesia yaiku budaya Jawa. Miturut Partokusumo (1995: 166), ngandharake
menawa kebudayaan Jawa adalah pancaran atau pengejawentahan budi manusia
Jawa, yang merangkum kemauan, cita-cita, ide, maupun semangat dalam mencapai
kesejahteraan, keselamatan, dan kebahagian lahir dan batin. Dadi, budaya Jawa
menika yaiku budine masarakat Jawa kanggo ngolah papan panggonane supaya
panggayuhane bisa kawujud. Budaya Jawa menika kebak nilai-nilai moral lan pitutur
luhur sing bisa kanggo tuntunan utawa pedomaning urip manungsa. Nilai moral lan
pitutur luhur kasebut ana sing diselipake ing pagelaran kesenian lan upacara adat kanthi
awujud simbol, lan uga ana sing awujud tindak tanduk kang bisa dipersani langsung
dening masarakat supaya bisa didadekake tuladha sing becik kanggo uripe. Salah
sawijining upacara adat sing kebak simbol-simbol sing ngemot makna lan pitutur kang
becik yaiku upacara adat mantenan.
Miturut Salim (1980), ngandharake menawa pernikahan adalah satu pokok
yang terpenting untuk hidup dalam pergaulan yang sempurna yang diridhoi Allah SWT
dan dari sanalah terwujudnya rumah tangga bahagia yang menelurkan keluarga
sejahtera. Kesejahteraan hidup lahir batin menjadi idaman setiap keluarga dan itulah
yang menjadi pokok keutamaan hidup. Saka pengertian kasebut, bisa dipundhut
kesimpulan menawa mantenan utawa pernikahan yaiku hubungan sing sampun
diparingi restu dening Gusti ingkang Maha Kuaos lan gadhah tujuan kanggo mujudake
kaluwarga sing ayem tentrem. Upacara adat mantenan minangka prastawa sing sakral,
agung, lan bersejarah kanggo para manungsa. Saben-saben daerah ing Indonesia
nduweni upacara adat mantenan dhewe-dhewe lan bedha antarane daerah siji lan sijine.
Ing daerah Jawa nduweni upacara mantenan adat Jawa sing saben reroncening adicara
upacara kasebut gadhah makna kang becik kanggo urip bebrayane pengantin loro. Yen
masarakat mangertosi makna sing ana ing saben reroncening upacara adat mantenan
kasebut, bisa dipastekake ayem tentrem urip bebrayane. Amarga upacara adat
mantenan, utamane panggih temanten menika nduweni makna sing mulangake
kesabaran, rasa padha-padha mangerteni, padha-padha njangkepi siji lan sijine, uga rasa
nampi kekirangan saka pasangan.
Sakliyane gadhah makna kang becik, upacara adat mantenan menika uga
mbetahake ubarampe sing akeh. Wiwit saka siraman, ijaban, nganti panggih temanten,
ubarampe kang digunakake maneka werna jinise. Adicara kang sakral menika kalebu
upacara sing gehde, mbetahake akeh tenaga, lan nguras pikiran. Nanging, upacara iki
kudu tetep kaleksanan kanthi sampurna lan khitmat ngelingi yen upacara iki amung
dilakoni sepisan ing sajroning uripe manungsa. Ing jaman saiki masarakat kutha wis
akeh sing nglaksanakake upacara adat temanten iki ing gedhung, nggawe jasa boga
saengga ora usah masak kanggo nyuguhi para tamu, ubarampen sing kanggo upacara
uga wis dicepakake dening pihak pengrias (salon). Saengga saka kaluwarga penganten
wis ora bingung maneh ngurusi samubarang lan ubarampe kanggo kalasanane adicara
kasebut. Nanging, masarakat tradisional akeh sing isih nglaksanakake upacara adat
temanten iki ing omahe dhewe, tegese damel terop lan ora ngaggo jasa boga,
ubarampene uga dicepakake dhewe. Ora mung masarakat tradisional, masarakat modern
sing gadhah plataran utawa pekarangan kang jembar uga ana sing nglaksanakake
upacara adat iki ing omahe dhewe. Nanging, yen perkara masakan lan ubarampe iku wis
ora ngurusi maneh. Amarga adicara mantenan iki kalebu adicara agung sing gedhe lan
nguras tenaga uga pikiran, mula ing masyarakat Jawa ana budaya gotong royong. Para
sedulur lan tangga teparo padha nyengkuyung kanggo kalaksanane adicara iki supaya
bisa lumaku kanthi lancar lan sampura.
Miturut Rochmadi (2012: 4), ngandharake menawa gotong royong berasal dari
kata dalam bahasa Jawa. Kata gotong dapat dipadankan dengan kata pikul atau
angkat. Kata royong dapat dipadankan dengan bersama-sama. Dadi, gotong royong
nduweni teges minangka bentuk partisipasi aktif saben manungsa kanggo melu maringi
nilai tambah marang saben objek, perkara utawa kebutuhane wong akeh ing sekitare.
Partisipasi aktif kasebut bisa arupa pitulungan sing awujud materi, duwit, tenaga, mental
spiritual, ketrampilan, sumbangan pikiran utawa pitutur kan sipate mbangun, nganti
mung mbyantu aweh dedongan marang sing Maha Kuaos. Budaya becik gotong royong
iki diterapake masarakat kanggo nyengkuyung adicara upacara adat temanten. Para
sedulur lan tangga teparo aweh urun pikiran, tenaga, lan donga supaya adicara sakral
kasebut bisa kalaksanan kanthi lancar. Nalika gotong royong para tangga teparo kasebut
mesthi sesrawungan karo sedulure sing gadhah gawe. Menawa ana sing padha durung
tepang amarga omahe ora dadi saklingkungan, mula etika minangka salah sawijining hal
kang wigati kanggo digatekake supaya anggone sesrawungan karo wong sing durung
lan wis tepang tetep kajaga kerukuanane lan raket pasedulurane.
Etika kerep dipadhakake karo moral utawa moralitas. Nanging, masiya padha-
padha kaiket dening becik alane tumindak manungsa, etika lan moral gadhah teges sing
bedha. Kanthi etimologi tembung etika asale saka basa Yunani, yaiku ethos lan ethikos.
Ethos tegese watak, sipat, watak pakulinan, papan sing biasa. Etikos tegese susila,
keadaban, kelakuan, lan tumindak sing becik. Istilah moral asale saka tembung latin
yaiku mores, sing minangka bentuk jamak saka mos, sing tegese adat istiadat utawa
pakulianan watak, kelakuan, tabiat, lan cara urip. Ing basa Arab tembung etika dikenal
kanthi istilah akhlak kan nduweni teges budi pekerti. K. Bertens ing buku etikane
ngandharake luwih cetha maneh, etika asale saka basa Yunani Kuno. Tembung Yunani
ethos ing bentuk tunggal nduweni teges kang akeh, yaiku papan panggonan sing biasa,
padang rumput, kandang, pakulinan, adat, akhlak, watak, pangrasa, sikap, carane
manungsa mikir. Dene ing bentuk jamak nduweni teges adat kebiasaan. Ing sajroning
teges iki, etika nduweni kaitan karo pakulinan urip kang becik, tata cara urip kang becik
marang wong liya lan masarakat. Pakulinan urip kang becik iki diwarisake kanthi
turun-temurun banjur diwujudake ing bentuk kaidah, aturan utawa norma sing
disebarluaskake, ditepangi, dipahami, lan diwurukake nganggo lisan ing masyarakat.
Etika dimangerteni minangka piwulangan sing gadhah isi perintah lan larangan babagan
becik alane tumindak manungsa, yaiku perintah sing kudu dipatuhi lan larangan sing
kudu diinggati. Dadi bedane etika lan moral yaiku, yen moral kuwi luwih condong ing
tegese nilai becik lan ala saka saben-saben tumindake manungsa. Dene etika tegese ilmu
sing nyinauni ala lan becik lan gadhah fungsi kanggo teori babagan tumindak sing ala
lan becik.
Wong Jawa iku minangka masarakat sing nggatekake etika ing ngendi wae
papane lan kepiye wae kahanane. Amarga etika bisa nudhuhake becik alane tumindake
manungsa utawa kualitas kepribadian saka manungsa kasebut. Mula, etika kalebu
babagan kang wigati kanggo diterapake ing panguripane masarakat. Ing Jawa ana istilah
etika Jawa. Etika Jawa kabentuk saka rong tembung, yaiku tembung etika lan Jawa.
Tembung etika gadhah teges kayata sing wis diandharake ing nduwur, yaiku ngilmu
sing nyinauni babagan teges saka ala lan becik, bener lan kleru, banjur manungsa
ndamel akal lan atine kanggo nggayuh tujuan urip sing becik lan bener miturut tujuan
sing dikarepkake. Dene sing dimaksud Jawa ing kene gadhah teges utawa pengertian
kang akeh. Bisa ateges wong Jawa, masarakat Jawa, bahasa Jawa, lan sakpanunggalane.
Amarga kaitane karo babagan etika sing objek lan sasarane manungsa, mula
pembahasan ing kene difokusake ing pengertiane Jawa sajroning tegese wong Jawa.
Miturut Budiono Herususanto sing ngutip istilah saka Koentjaraningrat, suku
Jawa adalah orang-orang yang memakai bahasa Jawa secara turun-temurun dengan
beberapa macam dialek dalam kehidupan sehari-hari. Mereka berasal dan bertempat
tinggal di daerah Jawa Teengah dan Jawa Timur. Miturut Clifford Geertz, wong Jawa
dikelompokake dadi telung golongan, yaiku santri, abangan, lan priyayi. Santri
minangka pemeluk agama Islam sing taat, dene abangan yaiku pemeluk agama sing
kurang taat, lan priyayi minangka golongan konglomerat, para pegawai lan pejabar
pamrintah utawa wong sing kahanan ekonomine becik. Dene miturut Frans Magnis
Suseno, orang Jawa adalah orang yang bahasa ibunya adalah bahasa Jawa yang
sebenarnya. Jadi orang Jawa adalah penduduk asli bagian tengah dan timur Pulau
Jawa yang berbahasa Jawa yakni mencakup Jawa Tengah dan Jawa Timur.
Pramila, tembung etika lan Jawa minangka bentuk tembung sing gadhah makna
padu lan mbentuk salah sawijining aturan ing sajroning masarakat Jawa. Dadi, etika
Jawa bisa ditegesi usaha lahir batin wong Jawa kanggo nggoleki pengudhar masalah
sing paling becik ing sajroning nglakoni urip supaya bisa kagayuh tujuan sing
dikarepake adhedhasar adat, faham lan keyakinan masarakat Jawa miturut golongan lan
kedudukane dhewe-dhewe. Ing sajroning sesrawungan karo wong liya utawa masarakat,
wong Jawa uga nggatekake etika supaya ora ana salah tampa anggone micara lan
tumindake bisa ditampa ing masyarakat. Etika Jawa iki kerep ditemoni nalika ana
kegiyatan sing mbutuhake sesrawungan karo maasyarakat, tuladhane nalika ana gotong
royong kanggo nyengkuyung adicara mantenan. Ing wayah kaya mengkono iku, etika
minangka salah sawijine hal kang wigati kanggo digatekake amarga wong akeh iku
nduweni watak lan sikap sing beda-beda. Ana sing gampang kesinggung atine uga ana
sing seneng guyon saengga bisa nggawa ing suasana kang santai. Kanggo nanggepi
watak sing beda-beda kasebut, becike etika Jawa diterapake ing sajoning sesrawungan
marang liyan. Sakliyane sesrawungan karo masyarakat, etika Jawa iki uga wigati
kanggo sesrawungan karo wong sing durung tepang utawa wong sing wis tepang
nanging durung akrab. Amarga uwong iku menehi penilaian marang wong liya lewat
cara micara lan tindak tanduke nalika cetuk kapisan. Saengga kanggo menehi kesan sing
becik lan rasa sing nyaman, mula anggone micara lan tumindak kudu ati-ati aja nganti
nyinggung pangrasane wong liya.

METODHE PANLITEN
Metode sing digunakake kanggo penelitian ing artikel menika yaiku metode
pengamatan. Pengamatan menika dilakokake dening penulis ing adicara mantenan mbak
yu ne penulis piyambak sing kaleksanan ing desa Sidorejo, Kecamatan Ponggok,
Kabupaten Blitar, Jawa Timur. Pengamatan sing dilakokake babagan etikane masarakat
sing turut gotong-royong kanggo nyengkuyung adicara mantenan. Etika masarakat sing
diamati kasebut yaiku ngenani carane masarakat guneman kaliyan wong liya sing wis
tepang lan durung tepang lan tumindake masarakat nalika ing papan sing rame.

ANDHARAN LAN JLENTREHAN


Ing pelaksanaan adicara mantenan manika budaya gotong royong ketingal
sanget. Wiwit saka adicara kaleksanan nganti pungkasan reraketing paseduluran para
masarakat sing mbyantu lumakune adicara mantenan menika tetep kajaga, amarga
sakabehane masarakat nggatekake etika anggone sesrawungan. Sajroning masarakat
Jawa iku ana sing mentokake pola pergaulane sajroning masarakat. Kaping pisan
ngandharake saben manungsa nalika kumpul kudune duweni sipat tata krama supaya
ora ndadekake perkara. Kaping loro manungsa nalika ngomong kudu nduweni sopan
santun marang wong liya, ora namung iku bae kudu nggatekake kedudukane manungsa
kasebut. Kaping pisan iku ngandharake ngenani sipat rukun, kaping loro yaiku
ngandharake ngenani sipat urmat.
Sakdurunge adicara mantenan menika kalempahan ana saperangane tahap sing
kudu dilampahi dening masarakat sing gadhah gawe ing desa papane penulis
nglaksanakake pengamatan. Ing tahap-tahap menika uga nuduhake etika sing becik
nalika sesrawungan kaliyan wong liya. Tahap kasebut yaiku, sing kapisan wong tuwa
saka calon penganten (masarakat sing gadhah gawe) mara menyang omahe para tangga
teparo siji mbaka siji kanggo silaturahmi lan nyuwun pitulungan supaya mbyantu
nyengkuyung adicara sing arep kalempahan. Ing tahap manika wong sing mertamu
(wong sing gadhah gawe) kudu nggatekake etika ing sajroning sesrawungan kaliyan
wong liya. Nalika mertamu tindak tanduke kudu becik, aja masiya wis akrab ndadekake
anggone mertamu ora sopan utawa sakpenake dhewe. Amarga tujuan saka mertamu ing
kene yaiku kanggo nyuwun pitulungan, mula anggone mertamu kudu sareh. Bahasa sing
digunakake anggone nyuwun tulung nggunakake basa sing sopan lan alus. Semana uga
wong sing didhayohi kudu bisa nampa lan ngrumat tamu kanthi becik.
Kegiyatan menika dilampahi sewulan sakdurunge adicara mantenan kaleksanan.
Para tangga sing disuwuni tulung dening salah sawijining masarakat sing gadhah gawe
kasebut nampa lan nyanggupi kanthi rasa seneng lan semangat amarga melu bungah
tanggane bakalan gadhah sedulur anyar. Sakwise silaturahmi menyang tangga teparo,
dilanjutake silaturahmi menyang sedulur sing omahe adoh. Biasane wong sing gadhah
gawe anggone mertamu ing omahe sedulure ora mung mbeta awak wae, nanging uga
mbeta samubarang sing manfaat kayata beras, minyak, gula, lan sakpanunggalane
kanggo diwenehake sedulure. Masiya kehalang dening jarak, nanging para sedulur
kasebut tetep nampa lan nyanggupi kanthi bungah kanggo nyengkuyung adicara agung
lan sakral sing bakal kaleksanan.
Yen tahap silaturahmi lan nyuwun pitulungan wis kalempahan, banjur
diterusake ing tahap musyawarah. Para tangga lan sedulur kempal manunggal ing
omahe sing gadhah gawe saperlu ngrembag kepiye becike supaya adicara bisa lumaku
kanthi lancar. Babagan sing dirembag menika wiwit saka carane nampa tamu nganti
carane nyuguhi tamu nggawe prasmanan utawa ora. Para sedulur lan tangga teparo
padha aweh panemu utawa usulan kanggo kabecikane adicara sing arep kalempahan.
Anggone ngandharake panemu uga nggatekake etika, yaiku nggawe basa sing sopan lan
ora nyinggung pangrasane liyan. Kanggo sing sampun aweh panemu, nanging ora
didamel tetep legawa lan ora maksakake kekarepane. Ing tahap musyawarah menika uga
dipara sapa wae sing oleh tanggung jawab kanggo nyekel dhuwit, tanggung jawab
kanggo blanja piranti sing dibutuhake, lan tanggung jawab kanggo ngrumat tamu.
Pemilihan iki adhedhasar keputusan saka wong sing gadhah gawe. Wong sing
dipilih kanggo ngemban tanggung jawab kudu siap, narima kanthi legawa uga kudu
tanggung jawab temenan marang amanah sing wis dipercayaake marang dheweke.
Amarga anane sing gadhah gawe ngutus menika adhedhasar rasa percaya lan yakin yen
sing diutus bakal nglaksanakake tugase kanthi becik, temenan, lan ora bakal gawe gela.
Anane pembagian tanggung jawab menika amarga sing gadhah gawe boten kepareng
melu tandang gawe apa wae kanggo kelaksanane adicara mantenan. Dadi sing duwe
gawe amung lungguh nampa tamu lan boten kepareng mikir kepiye kahanan ing pawon
utawa sakpanunggalane. Sakrampunge adicara musyawarah menika para sedulur boten
lagsung kundur, nanging nangkleti sing gadhah gawe menawa ana kesulitan apa boten.
Dene ana kesulitan para sedulur siap aweh pitulungan. Pitulungan kasebut werna-werna
jinise, ana sing nyumbang kayu lan uga ana sing nyumbang dana.
Seminggu sakdurunge adicara mantenan kalempahan, dilaksanakake resik-resik
pekarang omah sing direncangi kaliyan tangga teparo. Banjur dilanjutake damel
luwengan gedhe dening para wong lanang. Luweng kasebut kanggo ngudheg jenang lan
adang beras. Para wong lanang kasebut gotong royong, ana sing ngusungi batako, ana
sing pados lemah lempung, uga ana sing kebagian ngrakit utawa gawe luwengan. Sing
kebagian ngrakit menika dudu wong sembarangan, amarga damel luwengan butuh
keahlian khusus supaya luwengane rosa lan geni sing dihasilake bisa gedhe. Kejaba kui,
ana uga wong lanang sing kebagian nyumbat krambil (misahke utawa ndewekake kulit
krambil sing diarani sepet karo bathoke). Wong lanang ing pakaryan menika uga akeh
cacahe, amarga krambil sing disumbat bisa nganti atusan. Sakwise disumbat para wong
wadon mara penggaweyan kanggo marut krambil, meres krambil, lan nglendahi.
Nglendahi yaiku masak santen kanthi cara digodhong nganti ngasilake minyak.
Ngendahi menika mbetahake wektu sing suwe banget lan mbetahake kesabaran.
Pegaweyan nglendahi menika boten mung ditandangi kaliyan wong siji, nanging
gentenan antar para perewang. Pegaweyan gotong royong menika kaleksanan wiwit
esuk nganti wengi, nanging para perewang boten nate ngresula amarga kesayahen.
Anggone tandang gawe diniyati kanggo tetulung lan ikhlas.
Dina sesuke para sedulur sing omahe adoh saka sing gadhah gawe padha teka.
Ing kene etika sesrawungan kudu digatekake banget, amarga mesti ana para perewang
sing durung tepang kaliyan sedulure sing gadhah gawe. Mula anggone micara lan
tumindak kudu ngati-ngati. Kaya sing wis diandharake ing dhuwur mengkono, anggone
sesrawungan kaliyan wong sing wis lan durung tepang kudu gadhah rasa padha-padha
ngajeni siji lan sijine. Masarakat kudu bisa nerapake sipat urmat lan rukun. Prinsip
kaloro iku sing kudu dilampahi, menawi ngrembag ngenani prinsip rukun yaiku sing
nduweni tujuwan kanggo jaga masarakat supaya uripe iku ayem tentrem. Yen prinsip
urmat yaiku sing dimaksud nalika cecaturan kalih wong liya kudu gadhah sipat unggah-
ungguh kaya dene basane, kelakuane, lan liya-liyane. Mula kanggo njaga kerukunan lan
reraketing paseduluran nalika sesrawungan yen arep micara apa wae kudu dipiker dhisik
supaya ora nglarani pangrasane wong liya. Kejaba iku, anggone tumindak uga
digatetake sing temenan, amarga wong iku menehi panilaian marang liyan lumantar
tindak-tanduke lan cara micarane sing diweruhi kapisan. Kanggo nuduhake rasa urmat
marang liyan bisa kanthi “mbasani”, yaiku micara nganggo unggah-ungguh basa Jawa.
Wong Jawa iku dikenal amarga grapyak utawa blater (ramah), dadi masiya lagi wae
tepang para perewang kaliyang sedulure sing gadhah gawe kasebut gelis akrab, nanging
etikane uga tetep dijaga.
Limang dina sakdurunge adicara temu manten ana tradisi gawe jenang sing
digawe saka ketan lan santen. Tradisi menika dilampahi dening para wong lanang
amarga anggone nglaksanakake butuh tenaga sing gedhe. jenang menika digawe kanthi
diudheg (diaduk) wiwit bahan dicemplungke ing wajan nganti jenange mateng. Saya
suwe anggone ngudheg sansaya abot. Mula, ing tradisi manika budaya gotong ronyong
dibutuhake sanget. Para wong lanang gentenan anggone ngudheg jenang. Supaya
swasana ora kaku lan rasa kesel ora krasa, para perewang kasebut tandang gawe sinambi
geguyonan. Nanging, yen srawung kaliyan wong akeh menika para perewang tetep
gadhah batesan anggone guyon. Amarga saben uwong gadhah watak sing bedha-bedha,
ana sing seneng guyon ana uga sing gampang kesengak atine. Mula anggone guyon
kudu tetep ngatekake etika supaya kerukunan tetep kajaga. Masiya jenenge guyon,
nanging para perewang anggone ngucap sak ngucap ngati-ngati temenan, apa maneh
yen geguyonan antarane wong enom marang wong tuwa. Yen kaya mengkono unggah-
ungguh basa minangka hal sing paling utama sing ora bisa disepelekake. Yen amarga
guyon wong emon lali basa marang wong tuwa mesti wis oleh panilaian sing ala.
Sakliyane iku yen ana salah tembung bisa maleh (merubah) swasana sing seneng dadi
swasana sing canggung.
Ing adicara mantenan menika anggone adang beras sedina bisa bola-bali. Mula,
sing gadhah gawe ngutus buruh sing penggaweyane khusus adang beras. Buruh menika
bisane saka golongan masarakat sing kahanan ekonomine menengah menyang ngisor.
Masiya kayamengkono para perewang panggah paring urmat marang buruh kasebut.
Masarakat tetep ngajeni lan ora mandhang status sosiale buuruh iku ing masarakat.
Kahanan menika ndadekake swasana sing ayem tentrem lan nambah reraketing
paseduluran amarga kabeh gadhah rasa padha-padha ngajeni. Kejaba saka kui, para
perewang ora bakal dhahar sakdurunge diutus dhahar dening sing gadhah gawe.
Tumindak menika mujudake salah sawijining etika sopan santun.
Ora mung wong dewasa wae sing gotong royong aweh pambyantu kanggo
kalaksanane adicara mantenan manika. Nanging, para mudha-mudhi uga turut aweh
pambyantu awujud tenaga. Nom-noman lanang lan wadon nduweni bageyan dhewe-
dhewe. Nom-noman sing lanang kebageyan dadi peladen, yaiku ngeterke dhaharan
kanggo para tamu. Dene sing wadon nduweni penggaweyan kanggo nampa tamu sarta
nampa sanggahan utawa becekan (gawane para tamu sing awujud beras, gula, utawa
minyak). Senajan kesel anggone tandang gawe, nanging para mudha mudhi kasebut ora
ngresula. Dheweke malah padha seneng amarga bisa kepethuk kaliyan kanca-kancane
sing biasane jarang sesrawungan amarga padha repot dhewe-dhewe, ana sing sekolah
lan ana sing kerja. Nom-noman iki uga nggatekake etikane nalika sesrawungan, masiya
wis padha-padha akrabe nanging anggone tumindak lan micara uga ngawe unggah
ungguh sing bener. Para mudha-mudhi kasebut tangane mboten nyekethem HP wae
nalika sesrawungan. Deweke nggatekake yen ana kancane lagi cerita nalika swasana
leren (istirahat). Tumindak menika kalebu bentuk ngajeni marang wong liya. Yen
nalika ana wong liya lagi cerita lan ora ana sing nggatekake mesti bakal mangkel atine,
saengga reraketing kekancan bisa saya pudar. Kejaba saka iku, para mudha mudhi
kasebut anggone rewang dudu merga kongkonan saka wong tuwa, nanging amarga
kesadharane dewe. Uwong iku urip kudu saling tetulung, sakisane kudu aweh
pitulungan marang liyan amarga mbesuk mesti ana wancine kita genti sing butuh
pitulungan.
Para sesepuh uga aweuh pitulungan awujud tenaga lan dedonga. Wujud tenaga
yaiku gawe kembar mayang sing saben-saben bentuke gadhah teges kang becik kanggo
urip bebrayane penganten. Gawe kembar mayang menika mboten saben uwong bisa,
nanging butuh keahliyan sing khusus. Ora jarang para mudha-mudhi ngrewangi gawe
kembar mayang kasebut lan pisan kanggo sarana blajar.

PANUTUP
Saka jlentrehan kasil pengamatane penulis kasebut bisa dimangerteni menawa
masiya anggone gotong royong lan sesrawungan kaliyan wong akeh sing nduweni sipat
kang beda-beda, nanging kerukunan lan reraketing paseduluran tetep kajaga amarga
para masarakat nggatekake etika sesrawungan. Etika sesrawungan kasebut yaiku
nduweni sipat tata krama lan sopan santun anggone sesrawungan. Para perewang
kasebut ngati-ngati temenan nalika tumindak lan micara marang wong liya sing wis
ditepangi uga sing durung ditepangi. Anggone ngucap sak ngucap tetep nganggo
unggah ungguh sing trep masiya marang wong sing wis akrab. Sakliyane iku anggone
guyon uga nduwenwi batesan lan mikir dhisik sakdurunge micara supaya tetembungan
sing diomongake ora nyinggung utawa nglarani pangrasane liyan. Masiya ing swasana
geguyonan, unggah ungguh tetep digatekake dening para perewang, kayata wong enom
tetep ndamel basa krama naika guyonan kaliyan wong sing luwih tuwa. Para masarakat
uga nudhuhake rasa urmat lan padha-padha ngajeni marang liyan uga ora mandhang
satus sosial. Anggone tandang gawe masiya kesel nanging mboten nate ngresula utawa
sambat lan dilampahi kanthi ikhlas lan niyatan aweh pitulungan. Tuwa mudha padha-
padha njaga kerukunan lan reraketing paseduluran saengga kabeh bisa tetep utuh.

KAPUSTAKAN
Rachim, L. R., & Nashori, H. F. (2007). Nilai Budaya Jawa dan Perilaku Nakal Remaja
Jawa. Jurnal Ilmiah Berkala Psikologi, 9 (1), 31.
Budiyasa, I. D. G. P. (2018). Komunikasi Antarbudaya dalam Tata Krama Budaya dan
Bahasa. Widya Duta, 13 (1), 13.
Hasanah, N. (2015). Nilai-nilai Pendidikan Islam dalam Budaya Jawa (telaah Prosesi
Adat Pemakaman pada Masyarakat Pager Kec. Kaliwungu Kab. Semarang
Tahun 2014). Skripsi. Program Studi Pendidikan Agama Islam. Sekolah Tinggi
Agama Islam Negeri (STAIN) Salatiga. Hlm 9.
Astuti, Y. D. & Anisningtyas, G. (2011). Pernikahan di Kalangan Mahasiswa S-1.
Proyeksi, 6 (2), 22.
Faozi, N. (2017). Tradisi Sambatan Gawe Omah Sebagai Perwujudan Gotong Royong
Masyarakat Desa Pandansari, Kecamatan Sruweng, Kabupaten Kebumen.
Skripsi. Fakultas Ilmu Sosial. Universitas Negeri Semarang. Hlm 14.
Handayani, S. (2009). Unggah-ungguh dalam Etika Jawa. Skripsi. Fakultas Ushuluddin
dan Filsafat. Universitas Islam Negeri (UIN) Syarif Hidayatullah Jakarta. Hlm
9-14.
Astra, R. Nilai-nilai Etika Sajrone Serat Sana-Sunu Karya Yashadipura II. Fakultas
Bahasa dan Seni. Universitas Negeri Surabaya. Hlm 8.

Anda mungkin juga menyukai