Nang salah sijine sekolah ana persahabatan sing banget kentel. Nalika kuwi mlebu taun
ajaran anyar Persahabatan kuwi nggawe komitmen saingan aktif nang pelajaran lan organisasi
sekolah. Nang tengah dalan ana salah sijine sahabat sing ngrasa dheweke di cueki amarga ana
wong anyar nang persahabatan kuwi.
BABAK 1
Chelsea : “ Duh kanca-kancaku sih padha nang ngendi yoh? Deng langka sing
katon sijia. ” (nyambi ngukuri sirah lan ndeleng ngalor ngidul)
Kanca-kanca : (bingung)
Riza : “ apa sih lah, usah pada rese. Wis lah usah mbahas sing
ora penting. Mending pada mbahas persiapan nggo
pemilihan pengurus osis bae. ” (Riza ngomonge alon banget kaya
lagi mikiri apa)
Ranifa : “ leh tembe mlebu sekolah koh ora ngaso disit. Kon langsung gas pol
mikir organisasi. ” (Ranifa nyambi ndelengna Riza sing lagi ketone lemes
banget)
Chelsea : “ wis lah za aja giri mbahas organisasi, aku gen ngerti jane
ko mbok lagi ngenteni Nakhla. Makane ko kayong ora
semangat banget ” ( chelsea madan duwur nada ngomonge)
Sewise Chelsea ngomong madan duwur nadane marang Riza suasana nang ruang organisasi
serentak langsung dadi hening. Terus ana wong ngetok pintu lan ngucapna salam.
Nakhla : “ Assalamu’alaikum kawan. ” ( nyambi nyengir
bingung ndelengna kanca-kancane sing lagi pada meneng
kabeh)
Ranifa : “ Heee... maaf leh. Kan miki lagi kefokus marang ko sing
lagi nakoni Nakhla. “ (Ranifa nyambi nyengir ngrespon
jawabane Riza)
Chelsea : “ Iya Nakhla, mending di gawa UKS bae yuh. Tek kancani aku wis. “
Chelsea : “ iya sing nganterna kaum hawa bae. Kaum adam nang
kene bae! ”
BABAK 2
Chelsea lan Ranifa metu sekang ruang organisasi nganter Nakhla marang ruang UKS arep
ngobati lukane.
Nakhla : “ Apa sih lah. Mbok kur kancahan kaya ko padha lah.”
(Nakhla berusaha nyakina kanca-kancane)
Nakhla : “ Ora lah. Dhewek kan wis kancahan setaun lewih. Aku
emoh pengin kancahane dhewek ancur gara-gara perasaan. “
Ranifa : “ Iya ora papa leh. Sing penting ko karo Riza kudu profesional
aja nyampuradukna masah pribadi karo kancahane dhewek.
Lagian ko karo Riza cocok, padha-padha aktif nang akademik
lan organisasi. “
BABAK 3
Ana bel moni. Kuwi tandane pelajaran enggal dimulai. Siswa-siswi mulai pada masuk kelas
termasuk Riza lan Khalif sing ana nang ruang organisasi lan Nakhla, chelsea lan Ranifa sing ana
nang ruang UKS.
Khalif : “ Nakhla arep nang kelas bae apa arep melu maring
ruang organisasi ? ”
Shintia : “ Apa ora papa mba ? “ (njawabe suarane lirih amarga esih isin)
Nakhla : “ Iya ora papa leh mba. “ (Nakhla nyengir marang Shintia
supaya yakin )
Nakhla : “ Sippp. Iya wis ayuh pada mangkat siki, mbok keburu
mlebu maning.”
Sawise Shintia nerima ajakan mau. Shintia lan kanca-kancane langsung pada maring ruang
organisasi lan mbahas program kerja nganggo persiapan pemilihan osis sing bakal dilaksanakna
kurang lewih 2 wulan maning.
Bayu : “ Hai Riza, Nakhla. Piwe wis ana persiapan mbok nggo
maju nyalon dadi kandidat ketua osis? “ (Bayu sing ana nang
ruang organisasi njabat dadi ketua OSIS selama rong priode
takon marang Riza lan Nakhla sing bakal dadi kandidat calon
ketua OSIS)
Khalif : “ Iya yoh mas . Kan Riza kambi Nakhla cocok dadi tambah
jos kolaborasine. “ (Khalif ngledeki Riza Lan Nakhla sing lagi
pada mbahas persiapan karo Bayu)
Bayu : “ Cieee Riza. Tapi khlaif bener juga, tapi pesen kang
aku meskipun ko mungkin ana urusan pribadi aja di campur
karo urusan organisasi !” (Bayu lagi nanggepi masalahe Riza
lan Nakhla nyambi mlaku ninggalna ruang organisasi) “ Iya
wis. Dilanjut maning ya diskusine. Aku arep metu disit.”
Nakhla : “ Apa sih lah mas. Khalif tah usah dipercaya. “ (Nakhla
terus nyoba nyangkal ledekane Khalif)
Nang sela-sela diskusi Shintia nyempetna ngobrol kambi Chelsea. Shintia takon-takon tentang
hubungane Riza lan Nakhla sing sebenere.
Chelsea : “ Sementara kie sih tembe Riza karo Nakhla. Emang piwe?
“ (chelsea njawab pitakonane shintia kanthi alon banget)
Shintia : “ooo... ora piwe sih. Deneng kur loro tok sih ? Apa sing lain
ora pada minat ?”
Chelsea : “ Iya soale. Sing lain ora pada yakin menang nek saingan
proker karo Riza lan Nakhla. Sebab Riza lan Nakhla termasuk
siswa teladan sing aktif ning akademis lan non-akademis.”
(Chelsea nyoba njelasna setitik demi stitik marang Shintia)
Shintia : “ ooo... Lah terus. Riza karo Nakhla pacaran apa piwe mba? “
Shintia : “ Heee...pengin ngerti tok sih. Ora leh, kan Riza cocoke
karo Nakhla.” (Shintia njawabe karo kaget diledek ding Chelsea)
Chelsea : “ Iya gen ora papa leh. Manusiawi mbok nek naksir wong,
sing penting aja sampe nyakiti wong. “
Shintia : “ Apa sih lah Chel. Wis lah aja dibahas maning. “
BABAK 4
Bubar ngobrol, Shintia lan Chelsea nglanjutna melu diskusi mbahas prorker osis nganti bel
istirahat rampung. Sawise bel moni bocah-bocah sing ana nang ruang organisasi langsung pada
balik maring kelas maning lan nglanjutna pelajaran nganti balik.
Riza + Nakhla : “Insya Allah siap bu guru.”( Riza lan Nakhla njawab
pitakonan saking bu guru kanti yakin lan semangat)
Jarum cendek wis nunjuk ning angka loro lan jarum dawa nang angka sepuluh, kuwe tandane
jam pelajaran enggal rampung lan wayahe siswa-siswi pada balik. Sawise ana bel bocah-bocah
langsung pada balik, ana sing nggawa motor lan ana uga sing numpak angkot.
Chelsea : “ Ko balik karo Riza Bae ora papa, aku ana karo Shintia ikih. “
Akhire Nakhla balik dianter ding Riza tekan ngumah lan Riza lanjut balik marang umahe
dhewek. Sawise butul nang umah Riza langsung bersih-bersih awak lan mangan, bar mangan Riza
langsung nglanjut gawe proker lan sinau nganggo persiapan lomb matematika minggu ngesuk.
Selain Riza lan Nakhla Shintia siswi ayar juga wis butul nang ngumah. Sawise butul nang
ngumah aktivitase ya meh pada karo siswa-siswi sing laine. Nang sela-sela waktu istirahate Shintia
nduwe rasa iri karo Nakhla sing aktif, pinter lan disenengi deng wong akeh.
Bapak : “pinurute bapak niatmu apik selagi koe bisa lan bener bener
niat temenanan bakal gampang disambi nyuwun doa marang
Gusti Allah swt.”
Shintia : “Nggih pak badhe tak coba kulo nyuwun doa restu saking bapak.”
Shintia : “Nggih pak. Sekalian visi misine bapak sing damel nggih, bapak kan
PNS pasti saged damel visi misi ingkang sae. “
Sawise ngobrol karo bapake Shintia masuk marang kamar lan mbuka Laptop nganggo
online facebook. Bubar mbuka facebook Shintia ngolet akune kanca-kanca sing mau dikenal lan
mulai ngetik nang pencarian nama : Air Nakhla, Riza Dwi Putra, Azzam Khalif, Chelsea Adinata,
Ranifa putri Syauqi lan Bayu Panca Oktaviano. Sawise nemu Shintia langsung ngeklik tambah teman
lan mbukani kronologine nganggo ngolet informasi. Bubar nggolet informasi tentang kanca-
kancane, Shintia langsung turu lan nglanjutna ankivitase nang sekolah.
BABAK 5
Pembelajaran berjalan kaya bisane, nang ngendi Riza lan Nakhla dadi siswa sing paling
aktif lan cepet mudeng yen guru njelasna. Nalika ndelengna kegiatan kue saben dinanae sekitar
seminggu Shintia ngrasa dheweke iri marang Nakhla lan tambah bulet niatane nganggo ngadu
domba Nakhla karo Riza lan kanca-kancane.
Shintia : “ Chel, kira-kira nek aku nyalon dadi kandidat calon ketua OSIS bisa
ora yoh ?”
Chelsea : “ Lah kone yakin ora.” Nek menurute aku tah ya bisa bae. “
Shintia : “ Tapi aku ora kenal akeh karo warga sekolah lan aku siswa anyar sing
durung bisa aweh prestasi marang sekolah.”
Chelsea : “ Tenang bae, tak bantu mengko. Aku siap dadi team suksese ko.”
Chelsea : “ Iya karena aku pengin supaya namane aku melu terkenal
nek dolan bareng karo Riza lan Nakhla, juga aku cemburu
marang Nakhla sing selalu perek karo Riza. “
Chelsea : “ Sebenere aku wis sue naksir karo Riza, adoh sedurunge
Riza kambi Nakhla perek. Tapi saiki malah....? “
Shintia : “ Yoi. Oiya aku wis due rencana awal supaya Nakhla di
adohi kanca-kanca. ngesuk kan Riza kambi Nakhla arep
lomba, ngesuk kue waktu paling tepat nganggo aku ndaftar dadi
calon kandidat lan bisa nggolet anggota team sukses.”
Chelsea : “okeh. “
Dinten kemis, nan ngendi Riza lan Nakhla wis mangkat lomba Matematika nasional nang
UNNES nganti dina Rebo ngarep. Suasana sekolah lan kelas dadi beda banget karo biasane. Sekolah
dihebohkan karo siswa anyar sing nyalona dadi kandidat ketua osis.
Shintia : “Iya mas. Mas kira-kira ana waktu ora kie, aku arep ngobrol. “
Shintia : “langsung bae iya mas, aku kepengin nyalon dadi kandidat
calon ketua OSIS kira-kira bisa ora ?”
Bayu : “tentu bisa lah. Setiap siswa bisa nyalon dadi kandidat calon
ketua osis kecuali kelas 12.”
Shintia : “ Tapi aku kan siswa anyar mas, juga aku durung pernah
aweh prestasi marang sekolah. “
Shintia : “ Iya mas. Makasih iya wis aweh kesempatan marang aku. “
BABAK 6
Sawise Shintia ngobrol karo Bayu, dheweke nglanjutna misine nganggo nggolet masa
utawa team sukses ben dheweke bisa dadi ketua OSIS lan ngalahna Nakhla karo Riza. Nganthi dina
Rebo Shinthia bisa gawe warga sekolah meh kenal karo dheweke. Bubar balik lomba, Riza karo
Nakhla ngrasa ana sing beda karo kahanan sekolah.
Nang pojok kelas Shintia ngrungu Riza karo Khalif ngobrol. Shinthia atie panas banget
ngrungu Nakhla lan Riza juara, nanging nang sisi liyane Sinthia ngrasa seneng ngrungu Riza juara 3.
Lan ngucapna selamat maring Riza.
Bel mlebu moni, artine kabeh siswa kudu wis ana nang kelas, amarga pembelajaran enggal di
mulai. Lan Wali Kelas mlebu nggaweh ucapan selamat marang Riza karo Nakhla.
Bu guru ; “ Assalamualaikum. “
Woro-woro kangge calon ketua OSIS anyar seniki kempa teng ruang organisasi. Matur nuwun.
Teng ... tong.... teng....
Lajeng, bocah telu kuwe metu saking kelas. Kanthi mlaku maring ruang organisasi, Nakhla
takon maring Shintia.
Shintia : “ iya, aku pengin dadi ketua OSIS. Sebab, ning SMP aku
uga pernah dadi ketua OSIS.” ( kanthi mesem )
Nang njero ruang organisasi, calon ketua OSIS anyar pada maparna visi lan misi nang ngarep
anggota OSIS anyar karo anggota OSIS lawas.
Sawise pada maparna visi lan misi, anggota OSIS ngrempug tanggal lan dinten pemilihan ketua OSIS,
alhasil kurang lewih rong minggu maning diadakna pemilihan ketua OSIS. Selajengipun, calon ketua
OSIS kaliyan anggota OSIS kuwi padha bubar lan balik maring kelase dhewek-dhewek.
BABAK 7
Nang umahe shintia, Shintia karo Chelsea lagi pada ngerjakna tugas. Nanging bocah loro
kuwi malah pada ngomong-ngomongna Nakhla sing ora-ora lan Shintia gawe rencana supaya
Nakhla gugur dadi calon ketua OSIS sebab dheweke ora seneng marang Nakhla amarga Nakhla dadi
pusat perhatian nang sekolah.
Shintia : “ Chel, aku lah kepengin Nakhla ora sida dadi calon ketua OSIS. Tapi
piwe yah carane ? ”
Chelsea : “ Ide apik kueh, pasti Riza langsung kecewa marang Nakhla.
Iya ora ? “
Shintia : “ Oke aku percaya marang ko. Aja wedi mesti ana bonus ikih. “
BABAK 8
Pirang ndina sawise rencana dirempug, Chelsea aweh asil editan fotone Nakhla karo Khalif
neng wektu istirahat. Nang foto kue Nakhla karo Khalif lagi adep-adepan lan katon Nakhla lagi
nyekel pipine Khalif. Weruh editan foto kue, Shintia ngguyu puas. Dheweke yakin rencanane mesti
sukses.
Chelsea : “ lah ora usah, kader karo sapa sih. Lagian aku juga olih
untunge, dadi bisa mereki Riza. “
Ijig-ijig Ranifa teka amarga ndelengna Shintia karo Chelsea lagi ngguyu-ngguyu.
Ranifa : “ Lagi pada ngguyuni apa sih cah, kayong seru banget. “
Bocah loro kue pada kaget lan Shintia langsung ngumpetna Foto kue nang njero sak. Amarga
Shintia maras mbok Ranifa ngerti rencanane.
Chelsea : “ ohhh... “ (Chelsea ngucap nang njero ati “ iya lah siki
lagi digoleti ngesuk mesti bakal di adohi ding Riza” )
Ranifa langsung lunga. . Nanging, Ranifa ndhuwe rasa curiga sebab sedurunge lunga,
dheweke nylinguk mburi lan weruh bocah loro kuwe lagi mesem-mesem katon bungah.
Sedurunge Chelsea karo Shintia mlebu maring kelas, ana pengumuman yen sekolah
dibubarna lewih gasik sebab guru-guru arep ana rapat neng yayasan. Kesempatane Chelsea karo
Shintia kanggo masang foto kuwe neng mading kebukak amba. Ora let sue, sekolah sepi lan bocah
loro kuwe langsung masang foto neng mading.
Shintia : “ haha.. aku ora sabar ngenteni dina ngesuk, Chel. Aku
kepengin weruh reaksine bocah – bocah kambi guru-guru weruh foto
kie. Lan ora let sue bakale Nakhla bakal ditokna sekang
kandidat calon ketua OSIS.”
Chelsea : “ iya bener banget, Shin. Aku juga ora sabar kepengin weruh
rai kecewane Riza. Haha.”
BABAK 8
Esuke, Nakhla mangkat sekolah. Nalikane dheweke lagi mlaku maring kelas, bocah – bocah
padha ndelengna Nakhla kanthi sisnis. Lan ana uga sing lagi omong-omongan karo ndelengna
dheweke. Nakhla dadi bingung nang njero atine takon-takon apa sing salah nang dheweke. Bareng
mlaku marang arah ruang organisasi, sebelahe akeh banget grombolan bocah-bocah sing lagi
ndelengi mading salah sijine yaiku Riza. Riza ndelengna Nakhla kanthi Rai kecewa banget, lan tanpa
ngucapna apa-apa langsung lunga ninggal Nakhla.
Nakhla mlaku mereki mading, lan langsung ndeleng isi sing dimasksud dening Bayu. Sawise
dheweke weruh, Nakhla langsung kaget lan ora nyangka sapa sing wis nyebarna fitnah kie.
Nakhla : “ Demi Allah mas, aku ora pernah nglakukna hal kaya
kue. Lagian aku karo Khalif kan batiran mas kaya aku karo Riza. “
Bayu : “ Batir kualitas Pacar apa. Haruse nek ko arep pacaran aja kaya kue
carane. Gawe organisasi buruk tok ko.” (Bayu meneng sedela lan
nglanjutna omongane) “ Terpaksa ko tak Coret sekang daftar calon kandidat
ketua OSIS.”
Nakhla : “ Tapi mas, aku ora pernah ngelakukna hal kuwi. Demi
Allah, Demi Rasulullah mas. Aku ora lombo, nek ora percaya
takon Khalif bae mas.”
Khalif karo Ranifa tembe teka, lan langsung merek marang grumbulan bocah-bocah sing lagi
ndeleng mading.
Khalif : “ Sumpah mas, aku ora pernah nglakukna apa-apa karo Nakhla. Aku
juga ketemu Nakhla seringe nang sekolah, balik bareng gen ora tau. “
Bayu : “ Ora tau apa orane aku ora ngerti. Intine ko karo Nakhla ora
kena dadi pengurus OSIS.”
Bayu langsung lunga sekang grumbulan kuwi., lan nuju marang ruang kesiswaan arep
nglaporna ulahe Khalif karo Nakhla. Nanging bocah-bocah esih pada nang ngarep mading.
Nakhla : “ Ran ko juga ora percaya kambi aku. Aku kira ko kuwi batir sing selalu
ngertikna aku tapi nyatane ko juga ora bisa percaya karo aku. Terserah ko bae
lah nek ko arep ora percaya kambi aku.” (Nakhla lunga marang arah ruang
organsasi nyambi nahan luheng mata sing arep niba)
Khalif : (ndelengna Nakhla sing lunga) “Ran ko ora percaya karo aku sih. Dhewek
kuwi batiran ora tembe wingi tapi sekang SD. “
Ranifa : “ aku kuwi selalu percaya kambi ko lif. Tapi maaf, siki aku ora bisa
percaya karo ko. ”
Khalif : “ Okeh, ko olih ora percaya karo aku. Tapi tulung ko percaya karo
Nakhla, pasti siki bocah-bocah padha ngadohi. Dadi tulung ko sing batir pereke aja
ngadohi.”
Nakhla : “ Assalamu’alaikum...”
Kabeh : “ Wa’alaikumsalam...”
Riza : “ Lah ora usah masang rai nelangsa. Aku nyesel yaakin pernah ana
perasaan karo ko, nyatane aku ditipu ding rai lan tingkah lakune ko sing palsu.”
Nakhla : “ Aku ora pernah ngongkon ko kon ana perasaan kambi aku, aku ora
pernah ngongkon ko kon kagum kambi perilakune aku. Dadi tulung Za ko aja
nggawa-nggawa masalah pribadi marang masalah kiye.” (nakhla mlayu metu
sekang ruang organisasi lan nabrak Bayu)
Bayu teka marang ruang organisasi kambi nggawa informasi anyar tentang pemilihan
ketua OSIS.
Chelsea : “ Okeh mas, lah terus kampanye arap diadakna kapan mas ? “
BABAK 9
Sawise kumpul kabeh bocah pada balik marang kelase dhewek-dhewk. Semenjak kejadian
kuwi Nakhla dadi diadohi kanca-kancane lan dadi siswa sing cenderung pasif. Nanging ning salah
sijineng dina pas balik sekolah Nakhla numbuki Shintia lagi ngobrol bareng Karo Riza nang taman
sekolah
Shintia : “ Iya Za, sama-sama. Oh iya, apa wong liyane aku kenal ? “
Riza : “ mmm...Wis lah mending pada balik bae yuh mbok udan
wis sore. “
Pas ngrungu apa sing diomongna Shintia marang Riza, atine Nakhla rasane remuk jujuk. Tapi
madan pelong pas Riza ngomong ana wong liya sing wis ditaksir ding dheweke.
BABAK 10
Bocah loro kuwi padha balik marang arahe dhewek-dhewek. Pas kuwi Shintia Ketemu
kambi batir lawase nang angkot lan curhat kahanan apa sing bar dilakoni.
Shintia : “ Ehhh Aji, iya siki aku sekolah nang kene. Koe piwe kabare ? “
Shintia : “ Mmmm... pada maring taman bae yuh. Mengko tak ceritani. “
Aji : “ Ayuh. “ (Aji ngomong marang pak supir medun nang
taman kota) “ Pak, tamkot kiri ! “
Bocah loro kuwi butul nang tamkot lan langsung nggelet tempat sing pas nganggo cerita
masalahe Shintia. Nang kono Shintia cerita kahanane dheweke sing bar ditolak dening Riza mbari
ngetokna uluh mata marang Aji. Nanging nang tamkot ana Ranifa sing lagi tumbas cilung lan Ranifa
ora sengaja weruh Shintia sing lagi ngobrol kambi bocah lanang.
Shintia : “ Ji, aku kan seneng karo bocah,. Lah miki aku tes
ngungkapna marang bocahe. Bocah kue jenenge Riza, sing lagep nyalon
dadi ketua OSIS. Segala usaha wis aku lakukna, mulai aku
melu nyalon dadi ketua OSIS supaya aku bisa perek karo Riza
nganti gawe dheweke adoh karo bocah sing disenengi nanging
Riza tetep bae ora bisa seneng maring aku.”
Shintia : (Shintia njukut hp nang tas lan nidokna fotone Riza marang Aji)
Aji : “Shin, aku nduwe rencana marang Riza. Ko kan ora bisa bareng karo
Riza, berarti bocah liya uga ora kena bareng karo Riza. “
Shintia : “ Maksude ko ? “
Aji :” Ko kudu bisa ngongkon Riza supaya ngesuk ora nggawa motor lan
kowe kudu bisa nyegah Riza supaya balike keri dhewek. “
Nang ngarep bakul cilung Ranifa lagi ngadeg ngrungokna apa sing lagi direncanakna dening
Shintia karo batire tanpa disadari dening bocah loro kuwe.
Shintia mbuka Hp arep ngetik sms marang Riza supaya dheweke ngesuk ora nggawa
motor lan Riza mbalesi Iya. Nang sisi liya Ranifa uga sms marang Nakhla, ngajak ketemuan lan
ngomongna apa bae sing wis dilakukna karo apa sing arep dilakukna Shintia marang Riza.
BABAK 11
Pas bel istirahat kapisan Nakhla mereki Riza sing lagi maca buku nang perpustakaan,
dheweke arep njelasna masalah foto marang Riza.
Nakhla : “ Bodoa ko za, arep percaya karo aku apa ora. Intine aku
arep ngomong maring ko mengko balike ati-ati.” (Nakhla
langsung lunga)
Bel balik sekolah moni, kabeh siswa pdha metu balik marang ngumahe dhewek-dhewek.
Kecuali Nakhla sing mampir marang masjid sekolah nganggo sholat Ashar.
Banjur kuwe ora sengaja papagan karo Riza nang masjid, tapi Riza ora weruh nekan
Nakhla nang njero. Sawise sholat Nakhla weruh Riza lagi mlaku arah balik, Nakhla ngetuti Riza balik,
dheweke nduwe firasat ora apik, banjur weruh Shintia.
Banjur kuwe Riza mereki Shintia sing ana nang seberang dalan, pas nyebrang dalan ana
motor sing mlayune gencang banget. Motor kue prentahane Aji, kancane Shintia nganggo
nyilakakna Riza. Nakhla weruh langsung mlaku ngudag Riza.
GUBRAKKKKK!!!!! Awake Nakhla mental sekitar 50 meter lan metu getih sekang sirahe
Nakhla. Sawise kuwe Riza menyat mlayu ngudag Nakhla nyambi nangis amarga weruh awake
Nakhla kebek dening getih. Riza mangku sirahe Nakhla nang pupune lan Nakhla ngomong “ Riza
aku njaluk ngampura”. Nakhla nutup mripat kanggo selawase.
Sawise Nakhla ninggal Ranifa nyritakna kabehan tentang apa sing dilakukna dening
Shintia sesue kiye marang Riza. Mulai waktu kuwe Riza dadi kecewa marang Shintia lan ora gelem
batiran maning karo Shintia.