Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah

Dhumateng Bapak lan Ibu guru

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani

Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang  Gusti allah SWT
amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal
sesarengan kanti sehat wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita
sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga
lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian
utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga
kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi
lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged
terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados
nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit
ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged
diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SDN kesugihan 01 menawi sekolah kita
resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya.
Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar
dados nyaman amargi lingkungane resik.

Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo
nyuwun pangampunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.


Assalamualaikum wr. Wb.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.


Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa
ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged
kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo. Sholawat saha
salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad
S.A.W. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir,. kanthi ucapan
Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina muhammad ,
kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. karesikan
lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih
lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah
nguri-nguri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi
sejahtera. njagi karesikan lingkungan punika salah sijining upaya ingkang utama kangge
nyegah aneka penyakit.
Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan
sekolah ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi
ingkang angsal dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman.
Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing
panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.
Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula
nyuwun agunging samudro pangapunten.

Wassalamualaikum wr. wb

Anda mungkin juga menyukai