Anda di halaman 1dari 2

UJIAN PRAKTEK WAJIB BAHASA JAWA

Gawe Video Sesorah basa Jawa kanthi irah-irahan “PEPISAHAN SAKING WAKIL KELAS XII” SMK
Pancasila 1 Wonogiri.

 Ujian diwiwiti tanggal : 12 – 14 April 2021 *( Bisa latihan praktek wiwit materi iki di
tampa para Siswa)
 Ageman/Pakaian JAS/batik/lurik, sepatu ireng, rambut rapi ora di semir
 Posisi pidhato ngadeg jejeg.
 Video dikumpulake tgl 15 April 2021
 Metode sing digunakake bisa milih salah siji ing ngisor iki:
1. Apalan
2. Maca Teks

MATERI WAJIB UJIAN PRAKTEK BAHASA JAWA

Tepangaken nama kula :.........


Saking kelas : ..........
Badhe ngaturaken ujian praktek sesorah basa Jawi kanthi irah-irahan “Pepisahan saking wakil
kelas kalih welas”
Assalamualaikaum Wr. Wb.(Islam)
Salam kawilujengan dhumateng kita sedaya. (Non Islam)
Mugi sih wilasa tansah karentahna tumrap kula saha panjenengan sedaya samenika sarta ing
salajengipun..
Panjenenganipun Ketua Yayasan Pancasila Cabang Wonogiri, ingkang tansah kinurmatan
Panjenenganipun Kepala SMK Pancasila Setunggal Wonogiri, Bapak/ibu Dwija saha karyawan SMK
Pancasila Setunggal Wonogiri
Kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Saderengipun, mangga langkung rumiyin kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten
ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung dene saking kamirahanipun panjenengan sedaya dalasan
kula sampun pinaringan kanikmatan saha rahmat, satemah saged kempal wonten ing papan menika
kanthi acara perpisahan siswa kelas kalih welas
Bapak ibu saha para rawuh ingkang dhahat kinabekten,
Mboten karaos bilih kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun ngangsu kawruh wonten
ing SMK Pancasila Setunggal Wonogiri ingkang kinasih menika. Salajengipun ing wekdal menika,
kepareng kula minangkani sesulihipun saking kelas XII badhe ngaturaken tetembungan saking
telenging manah menika, dene sadangunipun kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing SMK
Pancasila Setunggal Wonogiri menika.
Ingkang kaping setunggal, Kula sakanca ngaturaken agunging panuwun kanthi ikhlasing
manah dhumateng bapak Kepala sekolah, minangka manggalaning pra Dwija SMK Pancasila
Setunggal Wonogiri, bapak saha ibu Dwija dalasan karyawan SMK Pancasila Setunggal
Wonogiri ingkang sampun kersa nggula-wenthah kula saha sanesipun kanthi raos welas saha
asih, dene kanthi panggula-wentah kados ing kawah candradimuka menika kula tuwin kanca-
kanca saged nglampahi Ujian Nasioanal saha Ujian Sekolah kanthi lancar.
Ingkang kaping kalih, Kula sakanca ugi ngaturaken agunging samudra pangaksami
dhumateng bapak Kepala Sekolah, bapak ibu dwija saha karyawan SMK Pancasila Setunggal
Wonogiri, mbok bilih sadangunipun kula sakanca dipun gulawenthah ing kawah candradimuka
menika kathah kalepatan arupi atur ingkang mboten mranani saha trapsila ingkang mboten
tata, tuwin saweneh kawontenan ingkang boten sae, saestu kula sakaca sepisan malih
ngaturaken agunging pangapunten.
Ingkang angka tiga, Kula sakanca ugi nyuwun tambahipun donga saha pangestu saking bapak
ibu dwija dalah karyawan saha rayi kula ingkang samenika lenggah wonten ing kelas sedasa
saha sewelas, mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten pawiyatan ingkang
langkung inggil saha ingkang langkung prayogi malih, saha saged nggayuh gegayuhan ingkang
dados pangimpen kula saha kanca-kanca sanesipun. Amin.
Ing wusana, kanthi tulusing manah kula sakanca namung saged ndherek dedonga mugi-mugi SMK
Pancasila Setunggal Wonogiri langkung misuwur saha dados pawiyatan ingkang migunani dhumateng
bebrayan ageng ing Nuswantara mliginipun Kabupaten Wonogiri. Amin.
Mbok bilih cekap semanten atur kula, kathah kekirangipun saha kalepatan kula namung saged
nyuwun agunging samudra pangaksama.
Nuwun.
Wassalamualaikaum Wr. Wb. (Islam)
Mugi Gusti hamberkahi dhateng kita sedaya. (Non Islam)

#Salam miturut agamane dhewe-dhewe#

KRITERIA PENILAIAN UJIAN PAKTEK


MATA PELAJARAN BAHASA JAWA
SMK PANCASILA 1 WONOGIRI
TAHUN 2021
Nomor Aspek yeng dinilai Skor Keterangan Skor
1. Lafal/Intonasi (tinggi rendahnya suara) 25 5 : Sangat Jelek
2. Teknik Vokal a,i,u,e,o (kelancaran 25 10 : Jelek
berbicara/membaca) 15 : Cukup
3. Ekspresi (Mimik Wajah/Gerakan siswa) 25 20 : Bagus
4. Isi pidato (isi/Pembahasan Tema) 25 25 : Sangat bagus
Jumlah Skor 100

Anda mungkin juga menyukai