Anda di halaman 1dari 1

Lirik Syiir Walisongo

Allahumma sholli wa sallim ‘ala


Sayyidina wa Maulana Muhammadin
‘Adada ma fi’ilmillahi sholatan
Daimatan bidawami mulkillahi

Do elingo iki zamane wis tuwo


Tuntunan agomo do dianggep kuno
Lakonono ajarane Walisongo
Sing ra kerso ojo nyacat ojo ngino

Ajarane Walisongo werno-werno


Dzikir tahlil kirim dungo lakonono
Moco Qur’an lan sholawat kulinakno
Ziaroh kubur ojo nganti dilale’no

Ono carane dakwah klawan budoyo


Umpamane koyo Sunan Kalijogo
Pituture mlebu ati ora kroso
Tuntunan agomo biso diamalno

Wis kabukten rikolo zaman sa’mono


Akeh poro manungso nyembah braholo
Banjur sadar laku musyrik ditinggalno
Podo nderek ajarane Walisongo

Anda mungkin juga menyukai