Anda di halaman 1dari 2

‫بسم هللا الرحمن الرحيم‬

‫صلاة هللا مالاحت كواكب علي احمد خير من ركب النجاءب‬


1. Iki syiir kanggo bocah lanang wadon B. Bab Ing pamulangan
Nebihaken tingkah laku ingkang awon 20. Lamon arep budal menyang pamulangan
2. Serta nerangake budi kang prayoga Thatha-thatha ingkang rajin kang resikan
Kanggo dalan padha mlebu ing suwarga 21. Nuli pamit ibu bapa kanthi salam
3. Bocah iku wiwit umur pitung tahun Jawab ibu bapa ‘alaikum salam
Kudu ajar thatha keben ora getun 22. Disangoni akeh sithik kudu trima
4. Kudu tresna maring ibune kang ngrumati Supaya ing tembe dadi wong utama
Kawit cilik marang bapa kang gemati 23. Ana pamulangan kudu tansah gathi
5. Ibu bapa rewangana lamon repot Nampa pawulangan ilmu kang wigati
Aja kaya wong gemagus ingkang wangkot 24. Ana kelas aja ngantuk aja guyon
6. Lamon ibu bapa prentah enggal tandang Wayah ngaso kena aja nemen guyon
Aja bantah aja sengol aja mampang 25. Karo kanca aja bengis aja judes
7. Andap asor ing wong tua najan liya Mundak diwadani kanca ora waras
Tetepana aja kaya raja kaya C. Mulih saking Pamulangan
8. Gunem alus alon lirih ingkang terang 26. Bubar saking pamulangan enggal mulih
Aja kasar aja misuh kaya bujang Aja mumpar-mampir dolan selak ngelih
9. Yen wong tua lenggah ngisor sira aja 27. Tekan omah nuli salin sandangane
Pisan lungguh duwur kaya jama juja Kudu pernah rajin rapi aturane
10. Yen wong tua sare aja geger guyon D. Ono ing ngomah
Lamon sira nuju maca kudu alon 28. Karo dulur kanca ingkang rukun bagus
11. Lamon sira liwat ana ing ngarepe Aja kaya kucing belang rebut tikus
Kudu nyuwun amit serta depe depe 29. Dadi tua kudu weruha ing sepuhe
12. Lamon ibu bapa duka becik meneng Dadi enom kudu rumangsa bocahe
Aja melu padon uga aja nggreneng 30. Lamon bapa alim pangkat sugih jaya
A. Bab Ambagi Wektu Sira aja kumalungkung maring wong liya
13. Dadi bocah kudu ajar bagi Zaman 31. Pangkat gampang minggat sugih kena mulih
Aja pijer dolan nganti lali mangan Alim iku gampang uwah molah-malih
14. Yen wayahe Shalat aja tunggu prentah 32. Arikala sira madhep ring wong liya
Enggal tandang cekat ceket aja wegah Kudu ajer aja mrengut kaya baya
15. Wayah ngaji wayah sekolah sinau E. Karo Guru
Kabeh mau gathekake kelawan tuhu 33. Marang guru kudu tuhu lan ngebakti
16. Kenthong subuh enggal tangi nuli adus Sekabehe printah bagus dituruti
Wudhu nuli shalat khusyuk ingkang bagus 34. Piwulange ngertenana kanthi ngudi
17. Rampung shalat tandang gawe apa bae Nasihate tetepana ingkang merdi
Kang prayoga kaya nyaponi umahe 35. Larangane tebihana kanthi yekti
18. Lamon ora iya maca-maca Qur’an Supaya ing tembe sira dadi mukti
Najan namung sitik dadiya wiridan
19. Budal ngaji awan bengi sekabehe
Thatha krama lan adabe padha bae
F. Ana Tamu H. Cita-cita luhur.
36. Tatkalane ibu rama nampa tamu 57. Anak Islam kudu cita-cita luhur
Aja biyayakan tingkah polahamu. Keben dunya akhirate bisa makmur
37. Aja nyuwun duwit wedhang lan panganan 58. Cukup ilmu umume lan agamane
Rewel beka kaya ora tau mangan Cukup dunya kanthi bekti pangerane
38. Lamon butuh kudu sabar dhisik 59. Bisa mimpin sakdulure lan bangsane
Tumuju ring raharja lan kamulyane
Nganti tamu mundur dadi sira becik 60. Iku kabeh ora gampang leksanane
39. Arikala padha bubaran tamune Lamon ora kawit cilik tak-citane
Aja nuli rerebutan turahane 61. Cita-cita kudu dikanthi gumergut
40. Kaya keting rerebutan najis tiba Ngudhi ilmu sarta pakerti kang patut
Gawe malu lamon dideleng wong jaba 62. Kita iki bakal tininggal wong tuwa
41. Kejaba yen bapa dhawuh he anakku Ora kena ora kita mesthi nuwa
Iku turahe wong ngalim kiyai-ku 63. Lamon kita padha katekan sejane
42. Bagi rata sakdulurmu keben kabeh Ora liwat sira kabeh pemimpine
Ketularan Alim, sugih bangha akeh 64. Negaramu butuh menteri butuh mufti
43. Niat ira nuprih berkahe wong mulya Butuh kadi, patih, setten lan bupati
Ora niat rebut turahe wong liya 65. Butuh dokter, butuh Mister ingkang pinter
ilmu agama kang nuntun laku bener
G. Sikap lan lagak 66. Butuh guru lan Kyai kang linangkung
44. Anak Islam iki mangsa kudu awas. Melu ngatur negarane ora ketung
Aja nganthi lena mengko mundak tiwas 67. Iku kabeh sapa maneh kang ngayai
45. Luru ilmu iku perlu nanging budi Lamon ora anak kita kang nyaguhi
Adab Islam kudu tansah dipersudi 68. Kejaba yen sira kabeh ridho mbuntut
46. Akeh bocah pinter nanging ora bagus Selawase angon wedhus nyekel pecut
Budhi pekertine sebab da gembagus 69. Sira ridho nggocik cikar selamine
47. Ring wong tua gak ngergani gak ngajeni Kafir ira mentul-mentul lungguhane.
Sajak pinter dewe langka kang madhani 70. Ora sela angon wedhus numpak cikar
48. Jare iku caranepun sak punika Asal cita-cita ilmu bisa nenggar
71. Nabi kita kala timur pangon mendha
Ora ngana dudu antelik merdeka
Ing tembene pangon jalma kang sembada
49. Ngagem blangkon serban sarung dadi 72. Abu bakar sidik iku bakul masar
gujeng Nanging nata masyarakat ora sasar
Jare ora kebangsaan ingkang majeng 73. Ali Abu Thalib bakul kayu bakar
50. Sawang iku pengeran Dipanegara Nanging tangkas yen dadi paglima besar
Imam bonjol Tengku Umar kang kuncara 74. Wahid Hasyim santri pondok gak sekolah
51. Kabeh padha bela bangsa lan negara Dadi mentri karo liyan ora kalah
Padha ngagem destar pantes yen perwira 75. Kabeh mau gumantung ing seja luhur
52. Gujeng serban sasat gujeng Imam bonjol Kanthi ngudi ilmu sarta laku jujur
Sak kancane he anakku aja tolol 76. Tekan kene pungkasane Syi’ir iki
53. Timbang gundhul apa ora luwih apik bagus Larikane wolung puluh kurang siji
77. Muga-muga sejja kita sinembadan
Ngagem tutup sirah kaya raden bagus
Dening Allah ingkang nurunake udan
54. Kala-kala pamer rambut sak karepmu 78. Pinaringan taufiq sarta hidayah
Nanging kudu eling papan sesrawunganmu Dunya akhirate sehat wal ‘afiyah.
55. kumpul mudha beda karo pul Kyai-ne 79. Amin amin amin amin amin amin
Nuju shalat gak padha mlancong nujune Falhamdulillaahi Rabbil ‘aalamiin.
56. Ora nuli mlancong gundhul shalat gundhul
Sowan mara tuwa gundhul nguyuh gundhul

Anda mungkin juga menyukai