Anda di halaman 1dari 2

KULTUM RAMADHAN BASA JAWA : KEUTAMAAN

WULAN RAMADHAN
Diposting oleh Unknown on Senin, 30 Juni 2014 Label: Kultum

KEUTAMAAN WULAN RAMADHAN

ّ‫ت أ َ ْع َما ِل‬ ِّ ‫سيئَا‬َ ‫ش ُر ْو ِّر أ َ ْنفُ ِسنَا َو‬ ُ ‫ن‬ ّْ ‫للِ ِم‬ ّ َ‫ِإنّ ْال َح ْم ّد‬
ّ ‫للِ ن َْح َمدُّهُ َونَ ْست َ ِع ْينُ ّهُ َونَ ْست َ ْغ ِف ُر ّهُ َونَعُ ْو ّذُ ِبا‬
ّ‫للاُ َوأ َ ْش َه ّد ُ أَن‬
ّ ّ‫لَ إِل ّهَ إِل‬ ّ ‫ن‬ ّْ َ ‫ِي لَ ّهُ أ َ ْش َه ّدُ أ‬
َّ ‫لَ هَاد‬ ّ َ‫ل ف‬ ّْ ‫ض ِل‬ْ ُ‫ن ي‬ ّْ ‫ضلّ لَ ّهُ َو َم‬ ِ ‫لَ ُم‬ ّ َ‫للاُ ف‬ ّْ ‫نَا َم‬
ّ ‫ن يَ ْه ِد ِّه‬
:ُ‫س ْولُ ّهُ ّا َ َّماّبَعد‬ ُ ‫ُم َحمدًا َع ْبدُّهُ َو َر‬
Jama’ah ingkang minulyo,
Kaping sepindah monggo kita tansah ngaturaken puji dalasan syukur kito dumateng ngarso
dalem Alloh subhanahu wa ta’ala inggih ingkang sampun paring limpahan nikmatipun
dumateng kito sedoyo sahinggo ri kalenggahan dalu puniko kito seget makempal manunggal
wonten masjid ingkang kito tresnani meniko saperlu nindakaken ibadah manembah dumateng
Alloh. Saking shalat isya’, shalat tarawih, saha sholat witir sarto dilajengaken pangaosan.
Mugi-mugi ibadah ingkang sampun kito tindakaken meniko dipun tampi Alloh dados amalan
shalih ingkang saget berataken timbangan kesaenan sak mangke ing yaumul qiyamah.
Jama’ah shalat tarawih ingkang dipun rahmati Alloh,
Alhamdulillah kito saget manggihi malih wulan ingkang kito tenggo-tenggo, wulan ingkang
penuh berkah wulan ingkang dipun lipat gandakaken pahala. Wulan ramadhan wulan ingkang
katah keutamanipun, ing mriki kaulo badi ngaturaken sekedik babakan keutamaan-
keutamaanipun Ramadhan:
1. Ramadhan inggih wulan dipun turunaken Al Quran. Kados firmanipun Alloh ingkang
artosipun kirang langkung mekaten:
“ (Beberapa hari yang ditentukan itu ialah) bulan Ramadhan, bulan yang di dalamnya
diturunkan (permulaan) Al Quran sebagai petunjuk bagi manusia dan penjelasan-penjelasan
mengenai petunjuk itu dan pembeda (antara yang hak dan yang bathil).” QS. Al
Baqarah:185
2. Setan setan dipun belenggu, pintu-pintu neraka dipun tutup lan pintu-pintu suwargo dipun
bikak nalikanipun ramadhan. Rasululloh shallallohu’alaihi wasallam paring sabda:
ِّ ‫ضان فتِّ َحتْ أَ ْبواب ا ْل َجنَّ ِّة َو غ ِّلقَتْ اَ ْب َواب النَّ ِّر َو ص ِّف َد‬
‫ت‬ َ ‫إِّذَا َجا َء َر َم‬
‫اط ْين‬ِّ َ‫شي‬ َّ ‫ال‬
“ nalikane ramadhan pintu-pintu surge dibukak, pintu-pintu neroko ditutup, lan setan-setan
dibelenggu. HR. Bukhari
3. Saklebetipun wulan ramadhan wonten salah satunggaling malam ingkan langkung sae
menawi dipun bandengaken kalian 1000 wulan.
Kados wonten ing surat Al-Qadr ayat 1-3:
4. wulan ramadhan kalebet salah satunggaling wekdal ingkang dipun ijabahi dongo
panyuwunan.
Rasululloh paring sabda:
ْ ‫لٌ َو َدع َْوة ُ ْال َم‬
ٌ‫ظلُ ْو ِم‬ ٌُ ‫اإل َما ٌُمٌ ْال َعا ِد‬
ِ ٌ‫صا ِئ ٌُم ٌ َحتَّىٌيُ ْف ِط ٌَرٌٌ ٌَو‬ ٌَ ٌٌ‫ث َ ََلثَت‬
َّ ‫لٌت ُ َردٌٌ َدع َْوت ُ ُه ٌْمٌال‬
Hadits riwayat At Tirmidzi meniko nedahaken bilih wonten tigang golongan ingkang mboten
tertolak doa panyuwunanipun inggih meniko tiang ingkang siyam ngantos buko, imam
ingkang adil lan tiang ingkang dipun zhalimi.
Meniko sekedik ingkang saget kulo aturaken babakan keutamaanipu ramadhan, taksih katah
malih ingkang mboten seget kaulo aturaken ing mriki. Mugi-mugi kito sedoyo saget
nindakaken ibadah ing ramadhan tahun meniko ngantos paripurno sahinggo sakmangke seget
dados pribadi ingkang langkung bertaqwa.
Damel ketupat tambahi santen
Menawi lepat kulo nyuwun pangapunten

Anda mungkin juga menyukai