Anda di halaman 1dari 2

Dagelan Ilat Slenco Ep.

A: Buk, iki kencur opo dudu?

I: (teng...teng...teng... oh no...oh no...oh no...)

Dagelan Ilat Slenco Ep.2

I: Yah, sarapan jangan sop yo?

A: Yooo, tak njupuke

Ketoke sueger, Ayah njupuk sak piring munjung. Bareng disendok, mlebu...#*#*#@#*

A: Buk, lha kok sop e asiin guriih nyethek?

I: Ora yah, iki mau tak rasakke kurang roso, tak tambahi kaldu jamur maneh karo ebi.

A: (teng...teng...teng... oh no...oh no...oh no...)

Dagelan Ilat Slenco Ep.3

I: Wan, lha kowe anosmia ora?

Iw: Anosmia ki piye to mba? sing tak tunggu-tunggu kok

I: Lha kowe nyoba ngambu opo ngono. minyak kayu putih opo Geliga

Iw: Ora ono mba

I: Sabun mandi coba

Iw moro nang kolah

Iw: Lha... iyo ik... sabune ra mambu..

(teng...teng...teng... oh no...oh no...oh no...)

Dagelan Ilat Slenco Ep.4

I: Yah, saiki sop e tak bumboni sitik, yen kurang tambahi dewe ya

A: Yooo
Ayah jupuk sop, diicipi.

A: Buk, lha ok ambune isih wengur, kacang panjang aro jepane urung mateng.

(teng...teng...teng... oh no...oh no...oh no...)

Dagelan Ilat Slenco Ep.5

I: Nyoh yah, wis tak iriske semongko. hmm, rasane segerr

A: mmm... iyo buk, legi banget...

I: Ora yo, ora legi ning segerrr...

(teng...teng...teng... oh no...oh no...oh no...)

Dagelan Ilat Slenco Ep.6

Entuk ter-teran ayam goreng, sambel bawang, lalap.

I: Ayo yah, didhahar... enak banget sambele, ora pedhes, aku entek akeh.

A: (tak cicipi sambele sik, tumben bojoku doyan sambel)

Sambel sak dulit nempel ilat.

A: Sambele puedhes buk, biasane peduhes ngene kowe ra doyan lho

I: (teng...teng...teng... oh no...oh no...oh no...)

A: Ojo-ojo ngko nang mburi sing ngisor yo slenco rasane

I: (teng...teng...teng... oh no...oh no...oh no...)

Dagelan Ilat Slenco Ep.7

Iw: mba, lha iki ilatku rasane kok pait kabeh. mangan nasi padang pait. aku pengin banget minuman
Beng-beng yo pait.

I: Lha yen mumpung ngono mangan pare karo ngombe jamu sisan wae rasane podho

(teng...teng...teng... oh no...oh no...oh no...)

Anda mungkin juga menyukai