Anda di halaman 1dari 2

DOA BAHASA JAWA

Ya Allah sesembahan kawulo, kulo sedoyo keluarga trahsami makempal meniko seperlu
ngaturaken raos syukur dumateng paduko. Ugi ngunjukaken pandungo panyuwun kanti
agenging pangajeng – ajeng.

Ya Allah kulo sedoyo ngrumaosi katah kalepatan soho kebak sekatahing dosa
kabarengo panduka paring ridho Ya Allah …. Ugi kersoa paring pangapunten dumateng
kawulo. Awit namung paduko piyambak ingkang kuwaos paring pangapunten. Inggih
namung dumateng paduko kawulo pasrah jiwo rogokawulo.

Ya allah ing wedal punika sedaya keluarga trah sami ngraosaken rekaosing gesang.
Inggih ingkang patani. Pegawai negri, soho swasta, ugi ingkang lampah dagang,
langkung – langkung ingkang wedal punika dereng pikantuk pendamelan.

Ya Allah…. Mugi paduko paring pitulungan dumateng sedoyo keluarga trah …. Mugi
paduko kerua paring pitulungan dumateng kita sedoyo. Mugi paring rezeki ingkang
halal lan barokah

Ya Allah ya rabbi kawulo pitados. Inggih namung paduko ingkang kuwaos, lan
kuwagang paring pitulungan.

Ya Allah ingkang moho welas lan asih. Kawulo sedoyo keluar ga trah…. Sak brayat
ingkang makempal puniko katah ingkang nampi pacobining gesang. Ugi katah ingkah
ingkang nandang sakit, Ya allah inggih namung paduko ingkang saget maringi waras.
Ugi sedoyo ingkang nampi bacoben enggalo saget uwal saking sekatahing panandang.

Duh Allah mugi paduko kapereng gembilkan anggen kawulo gadah sambetan dumateng
sesamine gsang. Awit paduko jadi ingkang moho mirah lan asih. Mugi sedoyo puniko
pinangko kangge srono ngamal ngibadah.

Ya Allah mbok bilih sedoyo keluarga trah….. wonten ingkang sami padudon,
kirangakur, mugi paduko kerso paring pajar manahibr lan kerso sami apunten lan
ngapunten. Sehingga dados keluarga ingkang guyup rukun ayem tentrem. Sih sinisiken
pikantuk kabegjen lan kamulyan. Duh Allah namung paduko ingkang saget ndadosi
manahipun sedoyo keluarga trah….
Yaa Allah kawulo keluarga trah…. Tansah nyadong pangayomman paduko saking
perkawis perkawis ingkang damel kapituran. Donya lan akhirat, namung paduko
ingkang saged ngrampungaken sedayanipun.

Yaa Allah mbokbilih anak putu kawulo kirang patung dateng kiyang sepuh. Sedoyo
panguwaos kulo suwunaken ridho panjenengan. Supados dados putra wayah ingkang
sholeh lan sholihah.

Yaa Allah namung paduko ingkang saget paring lukiya lan pituduh dumateng anak putu
trah…. Sedoyo mugi anak turun trah…. Saged patuh lan toat nglampahi dawuh paduko
soho sunahipun bagindo Muhammad SAW ugi saget bektos dateng tiyang sepuh
ingkang saged paring ridho mugi saged nyarengi ridho nipun tiyang sepuh kita sedaya.

Yaa Allah mbok bilih semanipun keluarga trah …. Wonten ingkang remen ngumbar
kamurken kadongnyen soho ngumbar howo nafsu panguwunan ingkang nglakungi
hakiyatonipun lan dereng saged narimah lan dereng purun mensyukuri nikmat ingkang
paduko paringaken yaa Allah mugi paduko mbikak manahipun mugi samahipun sedoyo
kelurga trah… gadah manah ingkang narimah lan iklas

Yaa Allah ing wedal punika anak putu kawulo nembe wonten ing pasinaan, mugi
paduko mbikak manahipun soho paring pangertosan supados inggal saget rembung
pasinaonipun. Kaparingono margi gampil pados pandaleman. Mugi saged pikantuk hasil
ingkang sae lan saget migunani dumateng sesami.

Yaa Allah mbok bilih anak putu kulo sedaya sampun ngancik titi wanci bebrayan mugi
enggala entuk jodonipun. Jodo sholeh punutoo sholehah. Ingkang tansah gadah raos
tanggung jawab dateng keluarga sami saged tresnan trisnannan kados ingkang sampun
dipun sabdakaken kanjeng nabi Muhammad SAW sak sae saenifon somah inggih
punika garwanipun lan sak sae saenipun garwo inggih puniko ingkang tansah setya tuhu
dateng kakungnipun inggih namung ridho paduko

Yaa allah mugi anak putu keluarga trah…. Sagetmu judaken satugaling keluarga
ingkang ayem tentrem kebak kabegjen lan kamuliyan. Dados keluarga ingkang sakinah
mawadah warohmah.

Anda mungkin juga menyukai