Anda di halaman 1dari 1

PAWARTA

Teks Berita
Tegese Pawarta
Pawarta/berita/kabar yaiku laporan kedadeyan utawa prastawa kang narik kawigaten lan
disiyarake kanthi cepet lumantar radhio, tivi, internet, lan mediya liyane. Sumber pawarta
yaiku asal usule pakabaran utawa laporan kedadeyan, bisa saka manungsa, lan
prastawa/peristiwa kang dumadi wektu iku.
Miturut Bausastra Jawa anggitane S.Prawiro Atmodjo (1998:321) pawarta mengku teges
kabar, warta. Ing Kamus Lengkap Basa Jawa anggitane Sudarmanto (2008:387) pawarta
tegese wartos (basa krama), kabar, warta. Mangunsuwito (2002: 283) pawarta tegese padha
karo pawartos (basa krama), kabar, pakabaran.

Jinis-jinise Pawarta
1. Pawarta kang kasiyarake lumantar media elektronik, kayata: radhio, tivi,
internet.
2. Pawarta kang kasiyarake lumantar media cetak, kayata: ariwarti (koran),
kalawarti (majalah, tabloid, lan liya-liyane)

Ancase Pawarta (Tujuan Berita)


Ancasane menehi pawarta lumantar media elektronik utawa media cetak yaiku supaya
pawarta, pakabaran, prastawa kang lagi dumadi/aktual bisa cepet dingerteni dening
masarakat, saengga masarakat kasebut tanggap marang prastawa utawa kedadeyan mau.

Unsur-unsur Pawarta
Unsur utawa perangan-perangan pokok pawarta ana enem kang diarani 5W + 1H. Cekakan
iki saka basa manca (Inggris) yaiku:
1. What  : apa 
2. Who  : sapa 
3. When  : kapan 
4. Where : ing ngendi
5. Why  : kena apa, apa sebabe
6. How  : kepiye lumakune crita/pawarta
Enem unsur kasebut ora bisa dilirwakake/dilalekake menawa para siswa menehi pawarta.
Ing ngisor iki carane nemokake pokok-pokok berita/pawarta yaiku:
1. Konsentrasi
2. Mangerteni pesan pokok saben ukara/kalimat
3. Nyathet bab-bab kang wigati/penting saka pawarta mau
4. Nerangake/ngandharake kanthi ringkes sakapokok-pokok pawarta mau

Anda mungkin juga menyukai