Anda di halaman 1dari 3

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TIMUR

DINAS PENDIDIKAN F/851/KUR/18


CABANG WILAYAH KABUPATEN TULUNGAGUNG 12-01-2018
(KABUPATEN TULUNGAGUNG – KABUPATEN TRENGGALEK)
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN NEGERI 2 BOYOLANGU
Jalan Ki Mangunsarkoro VI/1 /Fax.0355 322989/335125 web-site:
www.smkn2boyolangu.sch.id e-mail : smkn2boyolangu@gmail.com
TULUNGAGUNG
Kode Pos: 66233

ULANGAN TENGAH SEMESTER GANJIL

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Kelas :X
Waktu : 80 Menit
Hari/ Tanggal : …………..

I. Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi wangsulan kang
kaanggep paling bener!
Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomor 1-3!
Paraga busana ing galeri seni Na Kashirke, kutha Moscow, Rusia, Selasa (19/03), krasa
mirunggan sebab diiringi nganggo unine gamelan. Paragawati lengkeh-lengkeh ing panggung
manut wiramane gamelan watara sak jam suwene. Penonton cacahe 100-an katon kesengsem
marang acara mau, kabukten nganti titi purnane paragaan ora ana sing ngalih saka kursine. Kang
krasa luwih mirungan, kabeh pengrawite mujudake warga Rusia. Grub Karawitan Gamelan Dadali
iku dilatih Tri Koyo dosen saka Institut Seni Indonesia (ISI) Yogyakarta. Duta Besar Republik
Indonesia kanggo Federasi Rusia lan Republik Belarusia, Mohammad Wahid Supriyadi,
ngandharaken paragaan busana kanthi iringan gamelan kuwi sing sapisan dianakake ing Rusia.
Kagelare acara mau, miturut Wahid, mertandhani yen budaya Indonesia bisa ditampa ing Negara
Beruwang Abang tinggalane Uni Soviet. Sebagian penoton sing teka ora sembarang uwong,
nanging dumadi saking kaum pinter. Antara liane ahli fasion (busana), pejabat pemerintah, politisi,
dosen,lan mahasisawa. Wahid marem dene para penonton aweh pangalembana marang
lumakuning acara mau.
Sumber : Panyebar Semangat Edisi April 2019
1. Ana ing ngendi paragaan busana ing ndhuwur wau …
a. Kuta Moscow d. Amerika Serikat
b. Institut Seni Indonesia (ISI) Yogyakarta. e. Galeri Seni Na Kashirke
c. Rusia
2. Duta Besar Republik Indonesia kanggo Federasi Rusia lan Republik Belarusia yaiku …
a. Tri Koyo d. Grub Karawitan Dadali
b. Institut Seni Indonesia (ISI) Yogyakarta. e. Galeri Seni Na Kashirke
c. Mohammad Wahid Supriyadi
3. Penonton cacahe 100-an katon kesengsem marang acara mau, kabukten nganti titi purnane
paragaan ora ana sing ngalih saka kursine. Tegese tembung kasengsem yaiku …
a. Prihatin d. Seneng
b. Duka e. Kuciwa
c. Cidro

1
4. Artikel sing isine nerangake sawijining masalah sing bisa dipahami dening sing maca diarani
jenis artikel …
a. Ekploratif d. Prediktif
b. Ekplanatif e. Preskriptif
c. Deskriptif
5. Artikel sing ngadharake kanyatan-kanyatan miturut panulis. Jinis iki pas banget kanggo
ngadharake temon-temon anyar. Tuladhane ana sawijine pawongan nemokake barang-barang
antik. Artikel iki diarani jenia artikel …
a. Ekploratif d. Prediktif
b. Ekplanatif e. Preskriptif
c. Deskriptif
6. Artikel sing isine panemu dikanthi bukti-bukti supaya wong kang maca padha percaya marang
sing waca yaiku …
a. Ekploratif d. Prediktif
b. Ekplanatif e. Preskriptif
c. Deskriptif
7. Artikel sing menehi tuntunan tumrap sing maca kanggo nindakake sawijining pakarya sahingga
ora kleru utawa salah anggone nindakake diarani jenis artikel …
a. Ekploratif d. Prediktif
b. Ekplanatif e. Preskriptif
c. Deskriptif
8. Artikel kang ngajak supaya padha gelem marang apa kang dikarepake yaiku …
a. Ekploratif d. Prediktif
b. Ekplanatif e. Preskriptif
c. Deskriptif
9. Panulise artikel mawa kaudhal manut structure yaiku
a. Pambuka, Isi, lan Dudutan d. Dudutan, Masalah, lan Isi
b. Pambuka, Isi, lan Masalah e. Pambuka, Dudutan, lan Masalah
c. Isi, Masalah, lan Dudutan
10. Gagasan baku utawa idhe bakune crita diarani …
a. Tema d. Latar
b. Amanat e. Basa
c. Paraga
11. Solah bawa sing bisa nggambarake tumindak paraga ana ing sawijining crita diarani …
a. Tema d. Latar
b. Amanat e. Basa
c. Paraga
12. Katrangan kang nuduhake panggonan, wayah, lan swasana sajroning crita wayang diarani …
a. Tema d. Latar
b. Amanat e. Basa
c. Paraga
13. Urutaning kadadeyan ing sakjroning crita wayang, diarani …
a. Tema d. Latar
b. Alur e. Basa
c. Paraga
14. Piwulang luhur kang kaandhut ing crita diarani …
a. Tema d. Latar
b. Amanat e. Basa
c. Paraga

2
15. Wayang mujudake asiling kabudayan kang tuwuh lan tinampa bebrayan penyengkuyunge.
Kanthi crita epos utawa wira carita maneka warna, terus ngrembaka. Sumbering crita wayang
tanah Jawa akeh-akehe, kayata:
a. Epos Damar Wulan d. Epos Arab/ Persi
b. Epos Menak e. Epos Mahabarata
c. Epos Para Wali
16. Ing Ngamarta ana ratu kang watake sabar lan ikhlas, lila donya lila ing pati. Apa bae barang
darbeke, yen ana sing njaluk mesthi diparingake. Ratu kasebut yaiku …
a. Sadewa d. Puntadwwa
b. Kresna e. Duryudana
c. Janaka
17. Epos wayang kang nyritakake Prabu Rama mungsuh Rahwana jalaran ngrebut Dewi Sinta yaiku
epos …
a. Epos Damar Wulan d. Epos Arab/ Persi
b. Epos Ramayana e. Epos Mahabarata
c. Epos Para Wali
18. Budhe, sowan kula mriki badhe …. serat ulem. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg
kasebut yaiku ….
a. Menehaken d. Nitip
b. Ngaturaken e. Nyuwun Tulung
c. Nyaosaken
19. Pakdhe lagi lara untu mula ora gelem mangan. Ukara ing ndhuwur yen diowahi dadi basa krama
alus yaiku …
a Pakdhe lagi gerah untu mila mboten kersa dhahar
b Pakdhe nembe gerah untu mula mboten kersa nedha
c Pakdhe nembe gerah untu mula mboten kersa nedha
d Pakdhe lagi gerah waja mila mboten kersa dhahar
e Pakdhe lagi gerah waja mula mboten kersa nedha
20. Pak Guru, kula badhe dhahar rumiyin. Tembung dhahar ing ukara kasebut kurang trep.
Tembung sing trep miturut unggah-ungguh basa yaiku …
a. Mangan d. Maem
b. Nedha e. Nyuwun
c. Ngunjuk

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang kaanggep paling
bener!
1. Apa kang diarani artikel!
2. Sapa wae tokoh-tokoh wayang ing cerita Ramayana? (Aranana 5 wae)!
3. Sapa wae tokoh-tokoh wayang ing cerita Mahabrata? (Aranana 5 wae)!
4. Sebutna paraga sing nyengkuyung pagelaran wayang!
5. Bapakku mulih tanggal selawe.
Ukara kasebut yen diowahi dadi basa Krama alus yaiku ?

Anda mungkin juga menyukai