Anda di halaman 1dari 9

WULANGAN 3

NGGEGULANG WEDHARING BASA


2

Kompetensi Dasar dan Indikator


3.3. Mengidentifikasi, memahami, menganalisis teks pewara atau pidato sesuai kaidah
3.3.1 Mengidentifikasi struktur teks pewara.
3.3.2 Menganalisis struktur teks pewara
3.3.3 Mengidentifikasi struktur teks pidato.
3.3.4 Menganalisis struktur teks pidato.
3.3.5 Menganalisis perbedaan unsur kebahasaan dalam teks pewara dan teks pidato.
3.3.6 Menjelaskan kriteria menjadi pewara yang baik.
3.3.7 Menjelaskan kriteria menjadi orator yang baik.
4.2. Menyajikan kegiatan sebagai pewara atau berpidato dengan menggunakan tata krama sesuai
dengan konteks budaya.
4.3.1 Membuat kerangka teks pewara suatu kegiatan
4.3.2 Membuat kerangka teks pidato
4.3.3 Menulis teks pewara
4.3.4 Menulis teks pidato.
4.3.5 Praktik menjadi pewara.
4.3.6 Praktik menjadi orator
3

PRANATACARA
4

 Tembung pranatacara iku asale saka tembung lingga tata lan acara. Tata
tegese tatanan, dene acara ngemu teges pahargyan. Dadi tembung pranata
cara mau ngemu teges wong sing kajibah nata lakune adicara. Pranatacara
uga bisa karan pranata adicara, pranata titilaksana.

 Dene ing Basa Indonesia diarani Pewara, lan ing Basa Inggris diarani Master of
Ceremony ( MC). Ing jaman saiki akeh acara-acara kang mbutuhake
pranatacara, kayata: adicara ijab, temu manten, sepasaran manten, tasyakuran,
pengajian, wong kepaten, sunatan, rapat, lan liya-liyane. Iki nuduhake yen
jejering pranatacara dibutuhake kanggo nata supaya sawijining acara bisa
lancar.
5

Unsur –UNSUR Perangan Teks Pranatacara


Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo gawe ngrengrengan teks panatacara parasiswa kudu weruh pokok-
pokok teks panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:

• SALAM PAMBUKA. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh”


(tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
• PUJI SYKUR KONJUK MARANG GUSTI INGKANG MAHA KUWASA SARTA NGATURAKE SHOLAWAT SALAM
KONJUK MARANG KANJENG NABI MUHAMMAD
• SAPA ARUH. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau
diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing
endhek.
• ANCASING GATI. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing
wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicara sing diangit dening
panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk
karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
• PANUTUP. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang
dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
• SALAM PENUTUP.
6

Sarat Panatacara
Kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi
aran Saptama Pangolahing Raga, yaiku:

• Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan
jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
• Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan
ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
• Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
• Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta
lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.
• Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin
uga ora katon grusa grusu
• Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara
uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/
sungkawa
• Mawat: anteb, manteb ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa
ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja
nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman
7

Teknik maca panatacara


Sajroning macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa
rumangsa seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya
andharan iki.

1) Nggunakake pangucap kang trep


2) Pamedhote ukara kang trep
3) Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4) Ngreteni tandha wacan kanthi trep
5) Swara kang cetha
6) Ngatur alon lan cepete pamaca
7) Ngolah treping mlebu wetuning napas
8) Mahami wacan
9) Percaya marang dhiri pribadi
8

Place your screenshot here

Tablet project
Show and explain your web, app or software projects using these gadget templates.
9

Bedane Unsur Basane Teks Pranatacara


lan Pidhato

Anda mungkin juga menyukai