Anda di halaman 1dari 3

“AJA KLERU TAMPA”

Dening : Ngatini

Nalika kucing nggondhol cemenge


Ora bedha karo tikus ngondhol cidhile
Katon padha-padha dicokot
Mula banjur ana sing kleru tampa
Kucing tikus padha cluthake

Aja kleru tampa


Akeh lakin ora kaya ing panyawang
Kabeh mesthi tliti kepriye sejatine
Ana sing katon ala jebule becik
Ana sing katon becik jebule ala

Nalika ana guru njewer siswa


Mesthine katon kereng banget
Kamanungsan kadya sirna
Banjur akeh sing kleru tampa
Kamangka siswa pancen perlu diajar
Aja nganti sansaya kurang ajar
Kapeksa diajar klawan cara kasar
Amarga cara alus wis ora mempan

Kapetik saka Majalah Jayabaya Edisi 50:38, Minggu 01 Agustus 2023


STRUKTUR GEGURITAN

No Struktur Katrangan
Struktur Lair
1. Tipografi - Blegere Geguritan  Geguritan “Aja Kleru Tampa” anggitane Ngatini.
 Geguritan mau dumadi saka 3 (telu) pada. Pada 1 lan
2 ana 5 gatra, Pada 3 dumadi ana 8 gatra. Pada 1 lan
2 kalebu geguritan jinis gita panca gatra, pada 3 jinis
gita nama gatra.
 Panulise ringkes lan padhet.
 Panulise kabeh padha, saka ing sisih kiwa.
2. Panyitra  Pada 1 nggunakake citra pandeleng. Bab iki
dituduhake kanthi : Nalika kucing nggondhol cemenge/
Ora bedha karo tikus/ ngondhol cidhile/ Katon padha-
padha dicokot/ Mula banjur ana sing kleru tampa/
Kucing tikus padha cluthake
 Pada 2 nggunakake citra pandeleng ing tembung ; Aja
kleru tampa/ Akeh lakin ora kaya ing panyawang /
Kabeh mesthi tliti kepriye sejatine/ Ana sing katon ala
jebule becik/ Ana sing katon becik jebule ala
 Pada 3 nggunakake citra panindak; Nalika ana guru
njewer siswa/ Mesthine katon kereng banget/
Kamanungsan kadya sirna/ Banjur akeh sing kleru
tampa/ Kamangka siswa pancen perlu diajar/ Aja
nganti sansaya kurang ajar/ Kapeksa diajar klawan
cara kasar/ Amarga cara alus wis ora mempan
3. Gaya - Lelewane Basa  Ing geguritan mau ana tembung kanthi teges entar
(konotatif), tuladhane ; Aja kleru tampa/ Akeh lakin ora
kaya ing panyawang / Kabeh mesthi tliti kepriye
sejatine/ Ana sing katon ala jebule becik/ Ana sing
katon becik jebule ala
4. Enjambemen  Akeh tinemu enjambemen ing geguritan “Aja Kleru
Tampa” umpamane ; Nalika kucing nggondhol
cemenge/ Ora bedha karo tikus/ ngondhol cidhile.
Tembung nggondol bisa duweni teges nggawa
5. Purwakanthi  Pada 1 : Nggunakake purwakanthi guru sastra
gorokan (velar); n,d,t,s tuladhane ing kutipan tembung
nalika ,tanpa, tikus, dicokot, lsp. Aksara untu (dental)
c, j, y, nya, tuladhane ; cememge, cindhile, cluthake,
lsp. Aksara ilat dh, l, th (alveolar) tuladhane tembung ;
padha-padha, nggondhol, lsp.
 Mengkono uga pada 2 geguritan “Aja Salah Tampa”
sengaja nggunakake purwakanthi guru basa ing ukara
kang dibaleni maneh (repetitif); Ana sing katon ala
jebule becik/ Ana sing katon becik jebule ala.

No Struktur Katrangan
Struktur Batin
1. Tema – Gagasan Pokok

2.. Wirasa-Swasana

3. Amanat – Tujuan/ Pesene


Panggurit

Anda mungkin juga menyukai