Anda di halaman 1dari 94

Kumpulan Cerita Cekak

Anggitane: Luinsky Renova Fradesta, dkk.

Kekancan
DAFTAR ISI

1. NGANGENI
Anggitane: Sekar Galuh Dwi Milinianti/31/8F

2. PASAR GEMAH RIPAH EDI PENI MERAK ATI


Anggitane: Indira Kayla Azahro/15/8G

3. KECEMPLUNG BLUMBANG
Anggitane: Agiza Eka Sahara/1/8F

4. LIBURANE ORA SIDA GATOT (GAGAL TOTAL)


Anggitane: Luinsky Renova/19/8G

5. NONTON REOG PONOROGO


Anggitane: Novita Haryuni/22/8G

6. PERJUANGANE ABAH
Anggitane: Oktavinda Cecilia Rachmadani /21/8A

7. KENANGANKU
Anggitane: Hasnine/13/8G

8. ENDAHE DESAKU
Anggitane: Aulia Rizki Ardianti/8B

9. LIBURAN ING KAMPUNGE SIMBAH


Anggitane: Rizky Amevia Putri/28/8B

10. SEDULUR KANG KAPISAH


Anggitane: Riaydhotul Marwiyah/26/8H
11. SUKOSEWU
Anggitane: Juwita Ragil Nareswari /22/8B

12. BALAPAN
Anggitane: Alfadhoru Gilang/3/8G

13. KATRESNAN MARANG ALAM


Anggitane: Sepfhilla Diva Amadea/28/8D

14. LIBURAN NING BLITAR


Anggitane: Safa Elfareta Putri/29/8F

15. KATELEDORANKU
Anggitane: Resta Nurlyando Setya P/29/8I

16. GUMEDHE (SOMBONG)


Anggitane: Dinda Olivia/14/8I

17. PENDIDIKAN KANG WIGATI


Anggitane: Amalia Permata/4/8G
PURWAKA

Pengalaman yaiku jejak pangembangan paenulis iki.


Ekspresi lan pengalaman ing kaluawarga, sekolah, panulis
enom SMP 2 Ponorogo dadi inspirasi nalika nulis crita cekak.
Akeh masalah sing dirampungake ing sudut pandang paenulis
enom iki.

Minangka produk sing awal, karya sing mesthi ora bisa


digunakake minangka ukuran kualitas, nanging kekarepan
nulis minangka target utama. Mesthi ora bebas saka pengaruh
karya saka wong liya. Mesthi ora dimaksudake minangka
plagiarisme sajrone pakaryan kasebut. Nanging, upaya nulis
karya kasebut mesthi dadi sudut pandang sing wigati.

Sajrone jagade bocah-bocah macem-macem


0asa3ahkonflik ing kulawarga, sekolah, lan lingkungan sing
diandharake sajrone karya. Buku iki dadi impian, pakaryan,
bisa dibangggaake ono ngarepe wong tuwa, guru lan
masarakat. Dheweke butuh pengalaman supaya bisa dadi
panulis nyata. Dheweke butuh wani supaya bisa
ngembangake katrampilan nulis.

Buku iki uga dadi papan kanggo ngetrapake


katrampilan nulis. Mesthi ana akeh kekurangan. Nanging, saiki
ora dadi kesempurnaan, nanging wektu bakal mbuktekae
manawa panulis enom iki terus kerja.

Editor
NGANGENI
Anggitane: Sekar Galuh Dwi Milinianti/31/8F

Kurang luwih wis setengah jam Galuh ngenteni bis ing


ngarep sekolahan. Bis kang bakal nggawa dheweke lan
kanca-kancane plesir menyang kutha Surabaya, kutha sing
diarani kutha Pahlawan iku. Wis dadi pakulinan, saben siswa
sing munggah kelas loro mesthi ana agenda dolan bareng
menyang luar kota.

Taun wingi, nalika dheweke anyaran kelas siji ing SMP


kutha kuwi, rombongan kakak kelase plesir ing kutha gudheg.
Giliran saiki aku kelas loro, plesir e ganti menyang kutha
pahlawan. Sing tujuwane mengko utamane ing kebun
binatang Surabaya, utawa sering dijuluki Bonbin, manggone
ana sisih kiwane Wonokromo.

Bis sing dicepakake saka sekolahane Galuh ana 7 bis.


Sak kelas dijatah sak bis, merga angkatane Galuh, kelas e
ana pitung Rrombel kelas. Bis e ora pati gedhi, ning cukup
ngemot 35 bocah.

“Huuuaah”

“Ngglethak kene sik wae yok, aku ya ngantuk.”

“Aja turu, keturon mengko ketinggalan bis hlo!” galuh


ngandhani kancane sing wayah kuwi padha ngantuk.

“Bapak ibu guru wis rawuh lo.”


“Dhiluk wae, tak ngeremke mripat, bis e wae kurang siji
ngono. Mengko yen bis e teka, aku gugahen ya.”

Wayah kuwi nuduhake jam 12 bengi. Sesuai jadwal


tour sing wis disebar via WA, rombongan sekolahe Galuh
budhal menyang kutha pahlawan jam setengah siji bengi.
Wektu kuwi ana siji loro kancane sing durung teka ing
sekolahan. Nyebabake budhale telat. Maklum, jam karet, bis e
ya ngaret.

“Ngerti ngono aku mau budhal rada mengko wae. Yen


liyane oleh telat.”

“Hus…” kandhane Galuh.

“Wong ya padha telat ngono kok, bis e wae telat. Arep


daksindhir wae aaah”

“Aja kaya ngono, mengko yen kowe didhukne Aalas


Saradan hlo ya.”

“Hehehehe, guyon guyon.”

Wektu semana Ttol Mediun-Surabaya durung rampung


anggone nggawe. Mula rombongane Galuh lewat jalur biasa,
mulane digawe budhal tengah wengi, supaya tekane ing
Surabaya ora awan. Biasane yen wis awan ngono, kutha
gedhi kuwi macet.

“Anak anak… dimohon semua masuk kedalam b4is


sesuai dengan kelas masing-masing.”

Pak guru wiwit wara-wara.


“Jangan sampai tasnya ketinggalan. Dicek teman
sebangkunya sendiri-sendiri. Kalau ada anak yang belum
datang segera lapor ke bapak ibu guru.”

Kabeh wis komplit. Bis wus siyaga budhal menyang


kutha pahlawan. sadawane dalan, disetelke lagu-lagu
kenangan. Kabeh siswa kaya padha diuyon-uyon, banjur
kabeh turu ing bis.

“Thot thot thot” swarane bis banter.

Kabeh sing ana ing bis mau padha njomblak tangi. Jam
tangane Galuh nuduhake jam setengah lima eisuk. Dheweke
lan kancane rada riyip-riyip.

“Wis tekan ngendi iki?”

“Krian paling”

“Anak-anak, bangun. Sudah sampai di Surabaya.


Semuanya saja sekarang turun dari bis, kita sholat subuh
dulu.” Wara-warane bapk guru.”

Galuh lan kanca-kancane padha sholatsholat, kejaba


ana siji kancane Galuh sing ora sholat amarga agamane dudu
Iislam. Jenenge Agnes, dheweke banjur dadi penitipan
barang. Njagakne tas-tase kancane sing wektu kuwi padha
sholat jamaah.

Ing mesjid gedhe kuwi para rombongan tour rehat


sedhela. Banjur ora let suwe, perjalanane dilanjutake supaya
ora kenek macet.

Tujuwane study tour antarane ing, Tugu pahlawan,


Taman Bungkul, Ciputra Waterpark, lan pungkasan ing
Bonbin.
Sing paling ngangeni Galuh liburan ing kutha pahlawan
yaiku, nalika dheweke mlebu ing wisata Bonbin. Dheweke isih
kelingan lan kangen yen ngeleng-ngeleng dolan ing Bonbin.
Ana salah sawijine peristiwa sing banget gawe kangen e
Galuh.

Nalika iku, ana bocah cilik wetara umur telung taunan.


Bocah cilik iku ketok e wae pisah saka keluargane. Mbuh piye
critane, kaya mangkene…

“Ibuuu.. ibuuuk. Huhuhuhuhuhu”

“Anake sapa iki ya? Kok mesakne temen.” para


pengunjung Bonbin padha welas karo bocah cilik kuwi

“Sayang, ibukmu neng ngendi Nndhuk?” pitakonku


marang bocah cilik kuwi.

“Ibuuuk.. ibuuuk…..” tangise saya banter.

Galuh lan para pengunjung ing Bonbin saya bingung


merga tangise bocah cilik mau. Ana sing ngeneng-ngenengke
karo nggendhong, ana sing nyoba menehi permen, ana sing
nyoba menehi balon amrih dheweke ora nangis maneh.

Galuh banjur nggendhong bocah cilik mau. Sing


digendhong anteng, manut karo Galuh. Bocah cilik mau
didudohi kewan-kewan ana kebun binatang. Wis ora nangis
maneh. Kepara malah ngguya ngguyu nalika bocah cilik
didudohne Galuh kethek sing rupanepraupane lucu. Bocah
cilik wiwit lali yen dheweke kapisah karo wong tuwane.

“Perhatian-perhatian,, kepada para pengunjung


yang tahu keberadaan anak kecil, rambut pirang, kulit
sawo matang, memakai baju warna merah, sepatu pink,
umur tiga tahun, mohon segera membawa anak tersebut
ke ruang informasi.”

Wara-wara ne dibolan-baleni nganti ping telu. Galuh


sing krungu, age-age mara menyang ruang informasi.
Lumakune alon-alon, sajak isih kepengin nggendhong bocah
sing nggemesake mau.

“Adhek purun permen?”

“Pulun.” Wangsulane rada pelo. Ancen bocah isih umur


telung tahun. Omongane durung pati teteh.

Sak dawane dalan menyang ruang informasi, Galuh


sajak seneng banget nggendhong arek kuwi. Dheweke
kelingan karo adhine sing neng ngomah. Umure undha-undhi,
bedane mung adhine Galuh kwui lanang.

Tekan panggonan informasi, Galuh ngelungane bocah


wadon cilik mau ing ibune. Karo ngusap eluhe, ibune bocah
mau banjur matur nuwun karo Galuh.

“Matur nuwun ya, mbak.” Ngomonge karo membik-


membik.

Ora nyana luh tumetes ing pipine Galuh, dheweke


wiwit seneng karo bocah cilik mau. Kaya nemu adhi anyar. Ing
kana ibune bocah cilik wiwit crita kepriya larah-larahe kok isa
pisah karoakro anake.

Wektu sansayatansaya sore. Rombongan wiwit


ninggalake papan wisata Bonbin. Dina iku wis rampung
anggone study tour. Kabeh padha mlebu bis. Kenangan ing
Bonbin ora bakal dilalekake Galuh. Saben kelingan adhine ing
omah, dheweke uga kelingan bocah cilik sing ditemokake ing
Bonbin. Ngangeni banget.

Saben wayah sore, Galuh video call- an karo bocah


cilik umur telung taunan mau. Dheweke uga kerep ngajak
adhine lanang omong-omongan karo dulur adoh lewat WA.
Pranyata pas ing Bonbin, dheweke njaluk nomer WA ne ibune
bocah cilik mau. Njagani yen swayah-wayah kangen, Galuh
bisa telpun pawongan sing saiki dadi dulur iku. Kangen e
Galuh ent42antuk tamba lewat WA.

***
PASAR GEMAH RIPAH EDI PENI MERAK ATI
Anggitane: Indira Kayla Azahro/15/8G

Dina minggu isuk aku mlaku-mlaku ning pasar sing


jarene terkenal. Pasar iku arane Pasar Gemah Ripah
manggon ing Desa Gemaharjo. Ing pasar iku nyediakake akeh
panganan, perabotan, palawija, sandhangan, lan
sapanunggalane. Anane pasar iku masyarakat Gemaharjo lan
sekitare padha seneng amarga bisa nyukupi kebutuhan
sabendinone. Pasar Gemah Ripah bukake mung pasaran
dinao legi wae. Sanadyan bukake mung dina pasaran legi
masyarakat padha ngramekake. Sing dodolan ing kanaono ya
akeh. Apa maneh masyarakat sing tuku kanggo kebutuhane.

Anane Pasar Gemah Ripah, perekonomian ing Desa


Gemaharjo maju lan pesat. Sanadyan ora gedhe ananging
rame lan unggul. Masyarakat luwih seneng neng pasar
ketimbang nieng toko-toko amarga regane murah-murah lan
terjangkau. Masyarakat menyang pasar ora mung arep tuku-
tuku lan dodolan tapi nyegerake awak lan dolan-dolan. Sing
menyang pasar ditekaniiku ora mung masyarakat Desa
Gemaharjo ananging masyarakat Desa liyane uga menyang
Pasar Gemah Ripah.

“Ibu badhe mundhut sayur napa?” pitakonku marang


ibuku.

“Ibu ya bingung ndhuk arep tuku sayur apa. Kowe


kepengen dimasakke apa ndhuk? Mengko bahane tuku neng
pasar kene”. Kandhane ibu.
“Anjar kepengen sayur sop bu. Panjenengan
pundhutke sayuran sing seger-seger nggih bu.” Jawabku.

Ibu ngiyani apa panjalukku. Merga aku ya mung anak


siji-sijine ibu lan bapakku. Aku ora nduwe adhi lan mbakyu
utawa kakang. Mbalik maneh ing pasar, ana salah siji bakul
janganan kang disenengi dening masyarakat, ing kana wis
lengkap nyedhiakake sembarang janganan. Ananging ora
mung siji kui sing bakul janganan, aokeh tapi ora lengkap.

Minggu isuk kuwi ibu lan aku sidane blan1aonjo


sayuran sing bisa dimasak kanggo nyayur sop lan bening. Ora
lali tuku Lombok seprapat kanggo nyambel kemangi. Sawise
blan1aonjo sayur kanggo dimasak mengko awan., Aaku dak
creita dhisik ngenani dodolan sing ana ing pasar Gemaharjo
ya,. sSaliyane bakul sayuran, ana bakulan perabotan kang
nyedhiakke kebutuhan masyarakat.

Ing Pasar Gemah Ripah uga enek bakul panganan


kang enak. Ing kana wes lengkap sembarang jajanan lan
sapanunggalane. Ora mung lengkap nanging murah lan resik.
Jajanan khas Pasar Gemah Ripah yaiku jenang lan dadar
gulung. Ana salah siji bakulan jenang ing pasar iku terkenal
rame amarga rasane enak, murah, tur resik. Lan sing bakulan
dadar gulung uga padha ramene, enak, murah, uga resik.

Nyawang jajanan pasar sing ana ing emperan toko,


aku banjur kepengin.

“Kula nyuwun ditumbasake jajan pasar buk.


Hehehehe…”. Panyuwunku karo ngguyu sajak pengene
temenan.
Ibu mangsuli, “Iya, ndhuk. Ndang miliha jajan apa
sakarepmu. Mumpung ibu gawa dhuwitk rada akeh iki lek
nyangoni bapakmu. Hehe”.

“Dadar gulung mawon nggih bu, kalih gethuk.”,


jawabku.

Ora maido, kawit cilik aku dijak ibu blonjo menyang


pasar, ya jajan iki mesthi wae ora lali. Awit kuwi, dadar gulung
ya kalebu salah sawijine jajan khas sing ana ing *pasar
Gemaharjo.

Sayuran uwis dituku, jajan pasar uga wis dituku. Saiki


banjur kari mlaku-mlaku nyawang wong dodolan ing pasar.
Ana kang nawakake buah, ana kang nawakake gombal alias
dodolan klambi, ana uga sing nawakake jasa nggawakake
barang blanjaonjoan. Wektu iku blanjane ibu lan aku ora
patiya akeh, dadi ora kabotan anggone nggawa barang
blonjoan.

Ananging ana pakulinan kang kurang becik


mungguhing para pawongan kang ana ing pasar yaiku
ngguwak sampah kang ora ing papan panggonane sing wis
disedhiakake. Pawongan ing pasar angel dikandani dening
Pemerintah Desa Gemaharjo. Pemerintah Desa padha mikir
kanggo golek solusi supaya masyarakat kuwi ngguwak
sampah ing papan panggone. Kamangka, ngguwak sampah
ora ing panggone iku bisa ndadekake banjir, yen disawang ya
ora endah, uga bisa ndadekake penyakit. Ananging
masyarakat urung sadar yen akibate kaya ngono.

“Bapak, penthole pun telas. Iki dibuwang neng endi?”,


pitakone bocah cilik marang bapake.
“Buwang neng kono wae ndhuk,! Cepet, mumpung ora
ana sing ngingeti” jawab bapake.

Aku lan ibuku sakawit rada nelangsa krungu tembunge


si bapak marang anake. Kamangka, let limang jangkah ana
panggon kanggo bebuwang sampah/ tempat sampah.

“Nuwun sewu bapak, menika yoganipun?”, pitakone


ibuku marang si bapak.

“Enggih, kenging menapa nggih?”, jawab si bapak

“Nika wonten bak sampah pak. Mangga putranipun


dipungladhi menawi buwang uwuh dhateng panggenanipun
ingkang pas, inggih menika tempat sampah!” kandhane ibuku
karo rada mangkel.

“Sepurane bu, kula mboten ketok menawi wonten bak


sampahipun.” Jawab si bapak, embuh kuwi apen-apen ora
ngerti utawa ngerti tapi macar ora ngerti.

KetokKaton yen si bapak ora nduwe rasa peduli


lingkungan. Awit saiki ing piwulangan ing sekolah-sekolah wis
dianakake pakulinan kang becik yaiku peduli lingkungan lan
peduli sosial. Pakulinan sing kaya ngono kuwi mau supaya
nyadharake masyarakat tumrap karesikan njaga lingkungan.
Yen lingkungane asri, resik, tur edi peni, sapa sing bakal
diuntungake? Pora ya kabeh masyarakate?

Sabubare bapak-bapak sing ngguwak sampah


sembarangan mau, pranyata aku lan ibuku nemoni akeh
banget masyarakat kang ora preduli lingkungan. Aku lan ibuku
ngelus dhadha. Ibu banjur lap4or menyang penanggung jawab
e pasar, amarga eman-eman menawa masalah sing dak
temoni ing pasar iki mau saya suwe saya ora kaurus. Mula ibu
ndang tanggap.

Sawise ibuku pradul bab masalah sing kaya mangkono


mau, kanthi masalah iku, Pemerintah Desa Gemaharjo
pungkasane nggawe program yaiku: 1. Saben pedagang kudu
ngresiki panggonane sawise adol, 2. Sampah dibuwang ing
situs pembuangan sing wis disediakake, 3. Misahke sampah
oraganik 3ansaka sampah non-organik, 4. Kanggo wong sing
nerak aturan bakal kena sanksi. Kanthi program Pemerintah
Desa Gemaharjo sampah ing pasar saya suda lan lingkungan
dadi resik lan sehat. Pengunjung uga rumangsa nyaman,
sanadyan isih ana sawetara wong sing nerak aturan mula
sapadha pedagang ngelingake supaya bisa mbuwang sampah
ing panggone.

Ing akhire masyarakat ngerti program sing dimaksud


dening Pemerintah Desa Gemaharjo. Pasar Gemah Ripah
saya resik, endah, nyaman lan kepenak dipanggoni. Yen
lingkungane resik mula panganan sing didol ing pasar dadi
sehat. Ora mung panganan ananging barang barang liyane
uga resik. Pengunjung dadi saya okeh amarga padha ndeleng
Pasar Gemah Ripah sing apik, endah, sehat, lan rapi. Pasar
liane uga nambah aturan saengga katon tetep resik.
Sanadyan program kui mlaku kanthi becik, Pemerintah tetep
ngawasi prilakune masyarakat. Supaya tetep resik, sehat,
endah, lan rapi.

***
KECEMPLUNG BLUMBANG
Anggitane: Agiza Eka Sahara/1/8F

Dhokar sing ditumpaki terus ngglindhing. Desa mbaka


desa wis diliwati. 2Kurang luwih wis mlaku setengah jam karo
sinambi nyawang kaendahane kutha Jogja. Nyedhaki protelon,
lakune dhokar saya alon. Wusana mandhek ing pinggir wetan
cedhake warung Bbakso Solo. Kono kuwi pancen papan
ndheg-ndhegan dhokar apadene colt saka arah kidul.

Wektu semono isih ana colt siji kang sajak ngenteni


tambahan penumpang. Jane wis isi, yen padatan yen durung
kebak munjung pancen durung budhal. Yen dhokar malah ora
ana. Mungkin wae isih ngangkut wong liyane.

Aku lan kanca-kancaku enggal mudhun saka dhokar.


Banjur mlaku ing nggon sing iyup. Karo nyawang kiwa tengen
mbok menawa ana sing nyanthol ning ati. Mbuh klambi, mbuh
aksesoris, lan sapanunggalane, khas Jogja.

“Dipilih dipilih…”

“Mangga, dipirsani rumiyin mbak. Kaos e”

“Mboten” wangsulanku karo rada mesem. Nulak kanthi


sopan.

Lakuku lan kanca-kancaku tekan Malioboro. Liburanku


bakal endah. Mudhun Malioboro wae wis disambut karo group
seniman dalanan sing nabuhake lagu-lagu anyar sing lagi nge
hitz.
Liburan taun iki, aku lan kanca-kancaku dolan
menyang kuta Ngayogyakarta lan nginep suwene rong dina
ing Hotel Grand Ambarrukmo Ngayogyakarta.

Jebule kutho Ngayogyakarta iku endah banget lan


akeh panggon-panggon kanggo pariwisata. Kayata sing arep
tak tekani karo kanca-kancaku yaiku: Pantai Sadranan, Pantai
Idrayanti, Pantai Parangtritis, Malioboro, Museum Benteng
Vredeburk, Candi Borobudur, lan Candi Prambanan.

Aku lan kanca-kanca ku sing kaping sepisan arep


tumuju ana ing Pantai Sadranan. Pantai Sadranan manggon
ana ing Dhusun Sidoharjo, Kecamatan Tepus, Kabupaten
Gunungkidul, Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.

Regane tiket kanggo mlebu Pantai Sadranan yaiku


sekitar Rp.10.000,00. Ing kono pemandangane endah banget
lan akeh uwong saka mancanegara sing podo teka, sajak ora
pengen ketinggalan karo wisatane kutha Jogja. Saliyane turis,
para mahasiswa uga padha akeh sing teka kanggo tamasya
(study tour).

“Zein, sangumu mau wis kelong mbok gawe tuku apa


wae? Mesthi wis mbok entekne ya sangumu?”

“Kepo kowe ki!”

“Kae lo, ana wong dodol iwak. Kowe ora tuku”

Kandhane kancaku sing jenenge Arip marang Zein.


Zein iku pancen pandhemen seneng iwak. Ing sandhing
omahe Zein ana blumbang kang isine iwak gurami. Merga
senenge ning iwak, saben dolan nyandi wae yen ketemu karo
iwak, ya mesthi dituku. Kanggo nambah koleksi iwak ing
omahe. Aku soale nate kerja kelompokan ing omahe Zein iku,
lan iya. Bener sing dikandhakake kanca-kancaku yen Zein iku
dhemen banget karo iwak.

“Masa? Endi?”

“Kae lo, dalan arep mlebu ing Pantai.”

Dodolan iwak ing Pantai Sadranan ngono ora


dibungkusi siji-siji banjur diwenehke plastik kaya ing aloon-
aloon Ponorogo ngono kae, ning diwenehke blumbang cilik.
Supaya pelanggane bisa milih dhewe tur njupuk iwake dhewe.

Kancaku, Zein langsung age-age nyedhaki blumbang


isi iwak mau. Zein banjur ndhodhok, kok ujug-ujug ana sing
nyurung bokonge saka mburi.

“Byuuurrr…..”

Zein kecemplung blumbang. Wektu kuwi jerone


blumbang ora ana sak meter, langsung wae Zein mentas.
Kancane padha isih ana ing mburi durung tekan pintu masuk
Pantai Sadranan. Dadi ora ngerti yen Zein mentas
kecemplung blumbang. Kiwa tengene Zein sing ngerti padha
ngguyu lakak-lakaknga2a2. Kepara ana ibu-ibu sing wis rada
sepuh nganti kepeyuh-peyuh anggone nyawang Zein sing
katon dlongap-dlongop nalika kecemplung.

“Zein, kowe mau geneya? Wis lumban sik ana pantai


ta? Kok klambimu kebloh kabeh.” pPitakonku marang Zein.

“Anu, aku kepleset ing blumbang iwak kae nalika aku


arep ndelok-ndelok iwak.”

“HahahahahaAHAHAHAHA….” gGuyune kancane


nganti kepingkel-pingkel.
Aku arep ngguyu ora wani, mengko ndikira senang
diatas penderitaan orang lain. Yen ora ngguyu, kok ya lucu.
Aku kepeksa guyu cekikikan dhewe karo kancaku liyane. Apa
tumon kecemplung kok ngaku lumban ing pantai?

Zein banjur salin ing kamar mandi sacedhake pantai.


Tujune nggawa salin, yen ora? Masuk angin. Sawise Zein
salin. Aku, kanca, lan bapak ibu guru kang ndherekake siswa-
siswa study tour nerusake perjalanan.

Sing kaping pindho, aku lan kanca-kanca ku tumuju


ana ing Pantai Indrayanti. Pantai Indrayanti manggon ana ing
Dusun Ngasem, Desa Tepus, Kabupaten Gunung kidul,
Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Regane tiket kanggo
mlebu Pantai Indrayanti yaiku kurang luwih Rp.10.000,00.

Pantai Indrayanti yaiku salah sawijing panggon wisata


pantai ing Ngayogyakarta sing sering direkomendasikan
dening para wisatawan lokal utawa wisatawan manca Negara.
Jeneng resmi sing digunakake karo Pemerintah dinggo
destinasi wisata iki yaiku Pantai Pulang Syawal. Amarga
pengunjung lan penduduk daerah kene wes kadung karan
karo jeneng Pantai Indrayanti.

“Zein, kowe ora lumban maneh?” pitakone kancaku


sajak ngece.

“Hus” aku nyambung

“Terusna lek ngenyek aku ya.. ben diwales karo sing


Kuwasa.” Zein sajak mangkel.

Kanca-kancaku isih kelingan kedadeyan sing banget


gawe weteng kaku iku. Apa maneh tujuwane padha pantaine.
Dadi weruh pantai, padha kelingan critane Zein.
Sing kaping telu wektune yaiku sore. Aku lan kanca-
kancaku ana ing Malioboro. Malioboro manggon ana ing
Jl.Malioboro, Sosro menduran, Gedhong Tengen, Kota
Yogyakarta, Daerah Istimewa Yogyakarta. Malioboro
sawijining jeneng kuta sing wes kasuwur ing kuta
Ngayogyakarta, lan sawijining pusat ekonomi karo wisata ing
Daerah Istimewa Yogyakarta.

Ing Malioboro ana pusat-pusat perbelanjanan ingkang


gedhe, gerai batik, panggon kuliner lan sak panunggalane.
Kawasan jalan Malioboro iki uga digunakake kanggo parade
lan karnaval budaya. Event sing biasa dilaksanakne yaiku
kayata Jogja Java Karnival (Night Carnival), Jogja Fashion
Week, Pekan Budaya Tionghoa lan sakpanunggalane.

“Des, aku pilihna klambi bathik sing apik.”

“Kembaran wae piye?”

“Setuju, ben dikira bocah kembar mangko ya.”

Aku lan kancaku, Desi. Pancen kaya kembar, seje pak,


seje buk. Meh memper. Mula tuku apa wae mesthi kembaran.
Selerane uga padha.

Ing Malioboro, aku tuku oleh-oleh kanggo wong omah.


Dhaster, klambi bathik, kaos kanggo adhik, lan bakpia pathok
khas Jogja.

Sesok e dina keloro, sing kaping pisan aku lan kanca-


kancaku tangine rada peteng amarga arep tumuju ana ing
Museum Benteng Vredeburk. Museum Benteng Vredeburk
manggon ana ing kawasan jantung kuta Jogja. Pas e
panggonan ing Titik Nol Km. Museum sing awale dadi
benteng pas wayae wektu penjajahan iki didhekne nggawe
gaya arsitektur Belanda ingkang mantep.

Bangunan iki ngawujudake panggonan sing


mengabdikan budaya bangsa Indonesia kang aran diorama
sing isine tentang cerita perjuangan para Pahlawan nalika
melawan penjajah. Sak liane kui, ana uga koleksi foto,
seragam lan ana macem-macem peninggalan para Pahlawan
utawa penjajah.

Sing kaping pindho aku lan kanca-kanca ku tumuju ana


ing Candi Borobudur. Candi Borobudur manggon ana ing
Magelang, Jawa Tengah, Indonesia. Candi iki manggon
kurang kuwih 100 km ing kuta Semarang, 86km saka kulon
Surakarta, lan 40 km saka kulon laut Yogyakarta.

Borobudur manggon ana ing daerah ingkang subur lan


strategis. Candi Buddha iki diapit karo rong pasang gunung
yaiku Gunung Merapi lan Gunung Merbababu, Gunung
Sindoro lan Gunung Sumbing. Terus Pegunungan Manoreh
pun melu bagian kanggo njaga Candi Borobudur. Kaluwiane
maneh, ana sungai Progo lan Sungai Elo ingkang Ngubengi
Candi Borobudur.

Candi Borobudur yaiku Candi sing paling gedhe sak


dunia.

Sing paling akhir aku tumuju ana ing Candi


Prambanan. Candi Prambanan manggon ana ing Kecamatan
Prambanan, Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta lan
Kecamatan Prambanan, Klaten, Jawa Tengah. Panggonane
unik a*52 banget, amarga Candi Prambanan panggonane ana
ing wilayah administrasi desa Bokoharjo, Prambanan,
Sleman, sedangkan pintu masuk kompleks Candi Prambanan
panggonane ana ing wilayah administrasi desa Tlogo,
Prambanan, Klaten.

Sabubare ing Candi Prambanan, rombonganku tour


bali menyang kutha Ponorogo. Kabeh padha kesel, padha turu
ana bis. Kejaba aku, isih kelingan kedadeyan sing lucu
banget. Ing bis, nalika nyawang Zein sing polos aku kerep
ngguyu-ngguyu dhewe. Liburanku ing kutha Jogja nyenengake
banget. Ana crita sik dakgawa mulih ing Ponorogo. Salah
sijine yaiku critane Zein sing kecemplung blumbang.

***
LIBURANE ORA SIDA GATOT (GAGAL TOTAL)
Anggitane: Luinsky Renova/19/8G

Liburan pasa dhek wingi aku dolan menyang omah e


dulurku ing Surabaya. Aku lan keluargaku wis cepak-cepak
wiwit bengi.

“Le, klambine ndang dicepakake. Sesuk isuk mruput


isuk ndang budhal lo ya.” Ibuk ngutus aku

“Nggih bu, siyap.” Wangsulanku

“Napa mawon sing disiyapake bu?” kakangaku


nyambung.

“Ya klambi rong setel, mengko yen kanggo salin-salin.


Karo barang-barang saperlune wae. Aja akeh-akeh supaya
ora kaboten tasmu.” Ibu nerangke

“Nggih, sendika dhawuh, bu” aku lan kakangaku


njawab bareng.

Bengi iku aku ora bisa turu, awit tansah mikirake


liburan sesuk. Rasane wis ora sabar kepengin jalan-jalan
menyang kutha gedhi.

Nyambangi bonbin, ing Suraomadu, ing Mall. Wis,


pokoke kabeh wisata kaya-kaya kudu dak parani wae.
Maklum, sasuwene iki aku mung ubek wae ing kutha
Ponorogo. Yen diitung, kira-kira wae wis meh limang taun aku
ora diajak jalan-jalan karo ibuku.
Kesempatan iki, mula ora bakal dak siya-siyakake.
Kamera wis siap, klambi ganti wis siap, obat-obat an ora lali.

Saliyane liburan ing tempat wisata, aku lan keluargaku


uga ora lali tujuan utamane yaiku sowan pakpuh sing ana ing
Surabaya. Pakpuh Gito, kuwi julukane kakangane ibuku.

Srengengene wis meh katon, aku lan keluargaku age-


age budhal merga selak kawanen. Yen kawanen, bisa-bisa
mengko kejebak macet. Ing kutha gedhe kaya Surabaya
ngono kudu wis bola-bali macet.

Supaya cepet, aku lan keluargaku liwat tol ben


mempersingkat wektuce*et s5eng sakdurunge 8 jam cukup 3
jam wis teka Surabaya. Biaya lewat tol lumayan, nanging aku
marem. B5aya 3ewat t63 04ayan 3arang nang5ng Merga aku
lan keluargaku ora kejebak macet.

Ing tengah-tengah perjalananku ing Tol Maediun-


Surabaya, ana rest area. Bapakku sajake kesel anggone
nyupir, dadi diputusake yen rehat sedhiluk kanggo ngobati
rasa kesel e bapak.

“Pesen bakso panas mas,”

“Bapak ki kok nggih lucu, bakso ki nggih panas bapak.


Mboten wonten bakso sing anyep.”

“Ya ana ta, bakso sing sadurunge di godhok lak


diwenehne freezer kulkas ta.”

“Kok ana-ana wae bapak ki.” Wangsulanku

Kabeh akhire padha pesen bakso. Banjur miwiti


mangan sing wis dipesen. Bakso ana rest area kono pancen
wis kawentar enake. Rasane kemrenyes, kuah e sedhep
banget brambange akeh. Promosine ora ana campurane
boraks lan bahan pengawet liyane 0. Muga-muga wae ngono
temenan.

Bapakku lan kakangaku wiwit biyen seneng sambel,


mula yen njupuk sambel ora ukuran. Kringete wiwit dleweran
tekan pipi lan bathuke. Aku banjur cekatan age-age njupukake
tisu.

Sabubare rehat ing rest area, perjalanan diterusake.


Mundhak engko kejebak macet. Mula bapakku wiwit nyetir
mobil.

“Wis entek kabeh baksone?, ayo diteruske


perjalanane." Ngendikane bapak

“Sampuuun”, kabeh nyauri

“Eh, kosik kosik!”, ibuku wiwit nyetop lakuku

“Napa malih ta buk? Enten sing ketun?”

Ibu ngecek Hp, sing jebule nylempit ing njero tas.

“Ora sida le. Nylempit ing tas tibake, wis ayo budhal
neh. Bismillah.”

Bapakku neng Surabaya kana niate tuku alat kanggo


nggawe alumunium cendhela. Sak durunge tuku kabutuhane
kanggo usahane bapakku, aku lan keluarga mampir dhisik
neng omah e pakpuhku.

Rehat sedhiluk, leren sedhelut lan adus, terus ngajak


pakpuhku supaya ngeterne neng toko alat – alat sing kaya wis
dijelaske dening bapak.
Wis munyer-munyer suwi, jebul ora enek. Pakpuhku ya
kurang mangerteni toko alat-alat kanggo nggawe cendhela
saka aluminium.

Pungkasane, bapakku ndelok ing internet. Sapa saiki


sing ora ngerti internet. Barang-barang apa wae bisa digoleki
ing internet. Ora lidoksedela, alat seng digoleki terus ketemu
tokone. Tekan tokone, kok ya ngepasi udan deres. Toko kui
tutup. Gagal maneh. Bapak banjur ngejak mulih wae neng
omah e pakpuh.

Liburanku Ggatot, pangangen-angenku kae akhire ora


bisa kawujud. Liburan sing dakarep-arep bisa seneng-seneng
ing mall, ing taman Surabaya, isa ndelok kewan-kewan ing
Bonbin, kabeh kuwi pranyata mung impen wae.

Gara-gara bapak ora nemokake toko alat-alat kanggo


bahan gawe cendhela aluminium, disengkuyung maneh karo
udan. Pancen wayah iku musime udan. Pas tenan
penderitaan-ku nalika iku.

Dina sabanjure, pakpuh ngrasa yen aku wiwit jemu


manggon ing omahe. Kira wae pakpuh ngerti apa sing
dakrasakake. Jebule tenan. Dina terakhir ing Surabaya kuwi
disulap dening pakpuhku. Aku sekeluarga diajak dolan-dolan
kanggo nebus dina-dina kepungkur. Masiya kena diitung jam,
nanging liburanku nyenengake.

Aku diajak pakpuh menyang pantai Kenjeran. Pantai iki


mujudake objek wisata terkenal ing Surabaya. Akeh para
wisatawan sing liburan menyang kene. Ananging, saya suwe
ngendikane pakpuh, objek wisata iki suwe-suwe ora diminati
dening pengunjung. Awit ora keramut aknthi 2anth5 apik. Akeh
tinemu sampah-sampah lan rereged sing sengaja dibuwang
ing kono.

“Kene biyen, dadi objek sing paling akeh dhewe para


wisatawane. Ning merga ora keramut, lan kurange kesadaran
pengunjung, akhire pantai iki saiki jarang diminati wisatawan.”

“Emane nggih, Puh.”

“Iya, le. Saiki ana objek sing apik maneh saliyane ing
pantai iki. Objek iki kalebu anyar. Lagi diresmekake durung
suwe iki. Ora let adoh saka kene. Ayo, rana wae. Kira-kira sak
kilo, muga-muga wae ora macet”

“Kula manut pakpuh kemawon, saene pripun. Sing


penting kula diajak liburan mawon pun seneng sanget.”
Wangsulanku karo mesam-mesem sajak marem diajak plesir
pakpuh.

Daladan Dalane dina iku padhet banget, merga ya dina


preinan sekolah. Akeh sing padha liburan dina iku. Masiya
dalane rame, nanging tetep bisa mlaku kendaraane pakpuh
ku. Seprapat jam wae wis tekan.

“Ayo mudhun, wis teka.”

“Niki namine napa, puh?”

“Iki ngono jenenge Kenpark, alias Kenjeran Park.”

Aku nyawang kaendahane taman. Ana objek sing narik


perhatianku, yaiku bangunan klenteng Sanggar Agung sing
megah ing sapinggire laut. Ora mung tak sawang thok
kaendahane wisata wektu iku, nig ora lali aku uga foto-foto ing
tiruan Temple of Heaven sing asline manggon ana Cina.
Kanggo bahan crita nalika mbalik ing Ponorogo. Supaya
kancaku padha pengen. Liburanku dina kuwi ora sida Ggatot,
alias Gagal Total. Kepara malah nyenengake banget. Ngluwihi
apa kang dakangen-angeni wingi-wingi.

***
NONTON REOG PONOROGO
Anggitane: Novita Haryuni/22/8G

Reog iku kesenian Ponorogo kang kenthel ing ilmu


batin kangnag kuat lan ghaib utawa kreasi seni manungsa
kang ngandhung kepercayaan turun tinurun kang nganti saiki
isih dilestarekake ing dhaerahku yaiku Ponorogo. Sapa ta sing
ora kenal karo kesenian Reog iki? Mesthi wae padha kenal.
Akeh warga saka Negara manca kang pengen sinau nyoba
kesenian reog. Masa awake dhewe wae sing asli nduweni
kesenian e iki ora bisa nguri-uri? Ayo kanca padha a sinau
budaya Jawa khususe kesenian reog. Reog uga dadi jiwane
wong Ponorogo.

Budaya kang diuri-uri saka tahun 1920 kanthi


tumekane saiki. Sajrone reog ana tokohe ing antarane yaiku
Klana Sewandana, Bujang Ganong, Pengrawit, Jathil, Warok,
lan sapiturute.

Sawijine dina, ing Desaku ana tontonan reog. Pas iku


acarane pak Lurah nanggap reog acara syukuran amarga wis
keangkat dadi lurah maneh rong periode. Alhamdulillah aku
minangka tanggane uga melu kecipratan bisa ndeleng
kesenian sing paling dak senengi iku. Aku nonton wayang
karo kanca-kancaku. Amarga wektu iku aku uga ana tugas
saka guruku basa Jawa diutus mangerteni paragane reog
sapa wae. Pas wae ana acara iku, makane aku syukur banget.
Kancaku ana sing omahe tangga desaku, ana uga sing omahe
adoh saka Desaku. Nanging, masiya adoh ora ndadekake
kancaku nglokro. Dheweke tetep semangat merga arep
nonton kesenian sing dirasa bisa gawe atine marem tur
seneng.

Radit, kancaku sing omahe Bungkal iku sengaja


budhale rada isuk supaya bisa ndeleng rejane desaku. Wiwit
isuk dheweke wis siyaga ing omahku. Nalika iku pas dinane
Minggu, dina sing paling ditunggu-tunggu kanggone bocah
sekolah, yaiku bisa dolan refresing nyegerke utek kang
seminggu wis dipleter materi-materi sing wis diwucalke bapak
ibu guru. Liyane Radit, ana maneh kanca nunggah dukuh lan
tangga desaku jenenge Irwan, Habib, lan Hasan. Katelune iki
teka menyang omahku rada awan.

Jam 2 reog lekas diwiwiti. Aku lan kanca-kancaku siap-


siap arep budhal menyang omahe pak Lurah. Ing omahe pak
Lurah wis reja banget. Ora sithik aku kecethukan kanca-
kancaku SD. Aku banjur ngenalake kancaku kelompok ing
kanca SD ku.

“Kowe Radit ta? Saiki sekolah ana ngendi awakmu


Wan?” kancaku SD sing jenenge Habib sajak kenal karo
Radit, kancaku sing omahe Bungkal.

“Kowe sapa? Aku ko lali ya?” saure kancaku adoh.

“Ya Allah Radit, iki aku. Kanca kenthel cilikanmu nalika


aku isih ing omahe simbahku, Bungkal.” Kancaku Habib nyoba
nggenahake sepisan maneh.

“MasyaAllah, iki Habib kae? Sing cilikane tau slulup


neng kali bareng aku banjur sirahmu ketatap watu ing dhiselan
kae?” jawabe Radit.
Radit ora sumaur, nanging dheweke langsung ngguyu
cekakakan bareng-bareng. Kancaku sing ora kenal malih
melu-melu ngguyu merga critane Radit.

“Hahahahahahha….. kowe kok isih eling wae ta critane


jaman semana Bib. Aku wae wis lali. Jan awakmu pancen
kancaku kenthel.” Jawabe.

“Alhamdulillah, aku saiki ya isih dadi kanca kenthelmu


ta? Masiya awake dhewe seje Desa saiki?”

“Iya lah, Alhamdulillah awake dhewe bisa ketemu


maneh saiki.” Karo rerangkulan.

Kahanane dadi raket banget, nalika iku. Aku uga melu


bungah bisa ngrasakake kekancan kang raket banget
antarane kancaku Habib lan Radit. Bubar padha gegojegan,
akhire aku, Radit, Habib, Irwan lan Hasan golek panggon sing
pas supaya bisa genah nyawang reog.

“Hak e hak e … hok ya hok ya….” Cluluke sawijine


paraga ing reogan. Swasanane tambah gayeng. Kabeh padha
surak-surak merga jathile ana sing macake wedhake
kekandelen. Ndadekake pawongan sing nonton wayang
padha ngguyu cekikikan. Jenenge wae banci, ya mesthi wae
kuwi kanggo bahan banyolan e. Sengaja wedhakan kaya bligo
ben diguyu. Yen ora ngono reog e ora rame.

“Ayo ndhuk, ditanjakke lagune Aku Mundur alon-alon,


koplo wae!” cluluke sawijine penonton.

Penonton sijine nyaut maneh, “Jogete sing kewes


ndhuk”.

“Bokonge egolane sing hot yaa…” sauté maneh.


Aku lan kancaku rada rumagsa risih merga
tetembungan sing dilontarke sawjining pawogan mau. Irwan
takon nyang Hasan,

“Kaya mangkene ta biasane ing desamu San? Kok


penontone sajak……” ora ditutugake anggone ngomong.

“Hus, ora kaya sing mbok pikirke. Biasane ora kaya


ngene iki hlo.” Jawabe Hasan.

Aku, Radit, lan Habib isih ndlongop nyawang bancine.

Suwe-suwe keadaane ora medha, pawongan sing


cluluk tembung kasar mau saya ndadi. Basane saya ora
sopan. Aku lan kanca-kancaku wiwit ngalih ngadoh saka
penonton sing urakan mau.

“Klontheng ……..” keprungu swarane kenong


diswatake ing ratan.

“Enek apa enek apa?????!!!!!”. cCluluke wong sing ya


melu nonton reog.

“Tuluung…tuluuung!!!” paraga jathile sing akeh-akeh e


wedok padha njerit keweden.

“Minggir minggir minggirr!..... Yen ra minggir, gasak


pakdhe kene!” penonton urakan tansaya ndadi.

“Goyange kurang hot!” tambahe,

“Pengrawite ora cetha! Ora godak nabuh! Kene!


Dakgentenane!” tembunge penonton urakan saya kasar.

Kabeh padha mlayu keweden. Pating semburat. Ana


sing mlayu ngalor, ana sing mlayu ngisul, ana sing munggah
pager. Ana sing mung nonton ora owah saka panggone.
Kepara aku lan kanca-kancaku padha mlayu ning cakruk
ngindhari pangamuke penonton urakan mau.

Penonton sing maune jejer rapi katon merak ati, saiki


malih ora dadi karu-karuwan. Aku godhek-godhek karo
kancaku. Kok ya isa penonton rame cluluke kasar kaya ngono.
Batinku karo nyekel buku sing akhire buyar ora ngerti
njluntrunge.

Tim polisi teka ing panggonan kedaean rame-rame


mau. Banjur cekatan nyekel pawongan sing liar mau. Akhire
wong sing urakan mau bisa ketangkep polisi. Yen diambu
saka ambune, kira-kira wae wong urakan mau bubar ngombe
banyu haram. Merga saka polatane barang ketara yen sliutan.
Ngadeg ora patiya jejeg. Ngomonge nglantur tekan endi-endi,
ketara wae saka praupane kanton suntrut mripate mlorok.
Pokoke yen digambarke ala banget.

Pungkasane, para penonton urakan mau wis


diglandhang polisi ditumpakke mobil polisi banjur digawa
menyang kantor polisi. Kahanane omah e Ppak Lurah saiki
katon sepi, amarga para paraga sing tampil reog saloke padha
lara awake, awit saka tumindake penonton urakan sing
mbalang kenong lan piranti sak anane diorat-arit. Penonton
liyane padha wis mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
Saloke ana sing isih nontoni pak lurah sing dina kuwi mau
duwe hajat reogan sing nalika iku Ppak lurah katon cuwa
banget merga acarane wis dirusak dening wong sing kurang
sing bertanggungjawab. Aku lan kancaku ora ana pilihan
maneh, tugas saka bu guru basa Jawa ora bisa
dakrampungake. Kepeksa aku lan kanca-kancaku mbalik ing
omahku, nunggu pagelaran reog ing desa liyane.
PERJUANGANE ABAH
Anggitane: Oktavinda Cecilia Rachmadani /21/8A

Ana Keluwarga sing uripe seneng banget. Ana bapak,


ibu, lan 3 anak e. Putrane sing pembarep jeneng e Ratna,
anak nomer 2 jeneng e Rara, anak ragil e jeneng e Ratih
dhewke isih bayi. Rama asring diarani Abah lan Ibu asring di
arani Emak. Dheweke manggon ing omah sing linuwih

Ing sawijineng dina, Ratna melbu kompetisi nari lan


entok juara. Nanging Abah ora iso teka amarga ana tugas ing
kantor, Ratna kuciwa, dheweke uga ngrungokake omongan e
Abah karo Ibu sing ngomong babagan alesan e Abah ora bisa
teka ing kompetisi narine Ratna. Mau esuk nalika Abah
pengen melbu kantor, ibu ngeliake yen dina iki minangka
ulang taun anak e sing pambarep jeneng e Ratna, lan Abah
kudu rawuh ing acara iku. Abah lunga menyang kantor nalika
ngeterake anak e yaiku Ratna lan Rara menyang sekolah lan
janji marang Ratna bakal teka ing acara ulang taun e.

Nanging nalika wayahe perayaan ulang taun, ing kantor


sing di tindakake Abah ana masalah, akeh karyawan protes
amarga gajine ora di bayar nganti 2 wulan. Nalika ing omah
Ratna lagi ngenteni abah e . Amarga wes ngenteni suwe ulang
taun e Ratna ditindakake tanpa Abah. Dumadakan ana sak
rombongan teka lan njaluk marang keluwargane abah kanggo
ninggalake omah e. Ing wayah wengi Abah teko lan ketemu
karo keluwargane banjur, nerangake kabeh kedadeyan sing di
sandang dening Abah. Kabeh kedadeyan kui mau amarga
Abah di apusi ponakane. Lan dheweke kepeksa ninggalake
omah bareng keluwargane kanthi perasaan sing sedih banget
lan kuciwa.

Esuk e Abah ngejak ibu lan anake pada dolan menyang


omahe mbah kakung supaya bisa ngilangi rasa susah. Sing
adoh saka wilayah kutha. Nanging anak-anak e isih ngrasa
seneng banget karo liburan iki. Amarga kahanan omah
kasebut kurang di jaga lan reged, dheweke ngresiki omah
bebarengan karo pitulang saka kanca cedhak e Abah sing
manggon ing desa kasebut.

Esuk-esuk Abah lan kaluwargane nyepakake dhaharan


kanggo warga ing desa kesebut. Sedhela maneh pengacara
sing ngurus masalah e abah ing Jakarta nelfon, lan ngomongi
menawa Abah bakal angel menangke masalah ing
pengadilan. Nanging, amarga abah pengin ndeleng
kaluwargane seneng, Abah ngapusi lan ujar menawa dheweke
lan keluargane bakal mulih meneh menyang Jakarta.

Ing wayah wengi nalika mangan, abah nyeritakake


sakkabehe marang garwane lan anak anak e. Ing wektu sing
padha, Abah karo ibu ngomongne babagan sekolah anyar
kanggo Ratna lan Rara, yen sesok esuk uwis bisa wiwiti mlebu
sekolah. Saben dina, Abah kudu sregep golek pegaweyan,
wiwit esuk nganti wengi. Nanging, akeh panggonan kerja sing
ora nerimo Abah, pungkasane Abah kudu nyambut gawe
minangka dadi kuli bangunan kanggo nyukupi kebutuhan
kaluwargane. Nalika sekolah, Rara melu lomba nyanyi lan
ditunggoni dening ibune. Ing wayah wengi nalika mangan
bengi, Rara ngomong yen neng sekolah dheweke bakal melu
drama, lan Rara bakal dadi wit lan kudu iso nari. Amarga ora
bisa nari, dheweke ngejak mbak Ratna supaya marai dhewek
e nari.
Saben dina, Abah ngelembur kanggo nambah
penghasilan. Amarga krasa kesel banget, Abah ngalami
kacilakaan nalika nyambut gawe, dheweke ora bisa mlaku lan
kepaksa kudu nyilih dhuwit saka ibu Salamah kanggo
kebutuhan saben dinane. Kejaba iku, ibu Salamah nawarake
kerja kanggo ibu, supaya ibu bisa mbukak pakaryan kanggo
nyukupi kebutuhan sing ana ing omah. Dheweke langsung
nerima pakaryan sing ditawarke ibu Salamah, dheweke mikir
bakal mbukak usaha krupuk.

Saben dina, ibu nggawe krupuk lan njaluk tulung Ratna


kanggo ngedol krupuk iku ing sekolah, Ratna rumangsa isin
banget. Nanging ana akeh kancane sing nulungi dheweke
supaya krupuk sing didol iso entek. Ing sekolahan e Ratna,
ana akeh kedadeyan lucu lan nggawe 1 kelas ngguyu kanthi
seneng.

Ratna iku bocah sing pinter ing sekolahan e. Nanging,


nalika didhawuhi nulis ing papan tulis, klambine Ratna banjur
suwek lan nggawe kancane Ratna ngguyu ing kelas. Ratna
langsung bali menyang omah lan ngerasa isin banget,
dheweke nesu marang Abah. Ratna uga jaluk bali menyang
Jakarta. Nanging ibu teka lan ngewehi pengertian marang
Ratna, yen urip e saiki lagi susah, Ratna ngerti lan dheweke
langsung njaluk ngapura marang Abah amarga dheweke nesu
menyang Abah.

Nalika semana, ibu ngandhani Abah menawa dheweke


lagi mbobot. Nanging, bisa uga nggawe atine ibu dadi sedhih,
amarga saiki dheweke ana masalah lan kekurangan. Nanging,
dheweke tetep omong marang Rara, yen dheweke bakal
enggal dhuwe adi lan bakal dadi sedulur tuwa. Esuk e, Ratna
lan ibu tindak menyang pasar kanggo golek kebutuhan masak.
Sak wis e bali soko pasar, Ratna oleh telfon saka kancane lan
ngomongi menawa bakal ana lomba nari ing kutha. Ing wayah
wengi Ratna ngomong marang Abah lan ibu ne kanggo jalok
ijin supaya bisa ketemu kancane sing neng Bogor. Nanging,
Abah ora maringi ijin marang Ratna lunga menyang Bogor
amarga ora enek sing ngancani, lan Abah uga jaluk ngapura
marang ibu amarga nggawe ibu lan kaluwargane nemoni
masalah. Ibu kudu kerja saben dinane, awan lan wengi
kanggo kaluwargane, amarga ing wektu kesebut Abah ora
bisa mlaku amarga sikile lara sawise kacilakaan ing
panggonan kerja.

Esuk e, Abah nyoba mlaku amarga saiki sikil e wis wiwit


pulih. Lan Abah tuku motor kanggo wiwiti kerja dadi sopir.
Esuk e, abah uga nggawa Ratna menyang sekolah, sanajan
ing wektu kasebut Ratna isih nesu marang Abah amarga ora
nguwehi ijin marang Ratna kanggo lunga menyang kutho,
kanggo nemoni kanca-kancane.

Nalika sekolah, Ratna dolanan ponsel terus, dheweke


ora nggatekake katrangan guru, mula guru njupuk ponsele
saka Ratna. Ing omah, Ratna diseneni dening Abah , amarga
dheweke terus njalok supaya bisa nemoni kanca-kancane ing
kutha kasebut lan ora gelem sregep sinau. Esuke Abah bali
njupuk Rara menyang sekolah, ing dalan Rara ngendika,
“Rara ora seneng Abah nesu marang mbak Ratna”.

Nalika mlebu sekolah Ratna ngomong marang


kancane yen dheweke arep budhal menyang kutha tanpa ijin
saka bapake lan dheweki janji sadurung e wengi dheweke
uwis tekan ing omah. Ratna njaluk menyang kancane supaya
ora menehi katrangan marang Abah. Nanging kancane
nglarang Ratna, amarga jarak saka desa menyang kutha
kasebut adoh banget, nanging Ratna isih mekso arep lunga
menyang kutha kasebut.
Amarga wektu iku ponsel Ratna isih disita dening bu
guru, Doni nguwehne ponsel e marang Ratna . Tekan kutha,
Ratna nemoni kanca-kancane ing hotel. Wayah wengi Ratna
mulih menyang omah. Tekan omah, Ratna ngomong marang
Abah yen dheweke saka kutha kanggo nemoni kancane. Abah
nesu banget karo Ratna. Ratna rumangsa salah banget,
Ratna terus nangis ing kamar, Rara nyoba nglipur mbak Ratna
sing lagi nangis. Amarga ngrasa wis salah banget, ujug-ujug
Ratna motong rambute. Nalika arep mangkat sekolah, Ibu
takon menyang Ratna babagan rambute sing dipotong.
Naging, Ratna ora njawab.

Ing sekolah, Pak Guru takon babagan rambut e Ratna


sing dipotong, ujug-ujug kanggo mbela Ratna kanca-kancane
ngapusi Pak Guru kanggo nutupi kesalahane Ratna, lan
nggawe kabeh dihukum ing lapangan nalika ditonton kanca-
kancane. Banjur Pak Guru nyeluk Abah e Ratna, lan menehi
pitakon babagan sikap Ratna ing omah, lan guru menehi
saran yen Ratna lan kaluwargane kudu pindhah menyang
Jakarta maneh. Amarga ing umur e Ratna sing sakiki,
masalah sing bakal dialami Ratna bakal ndadekake Ratna
dadi bocah sing nakal, amarga lingkungan ing desa bisa uga
ora ndhukung Ratna, utamane ing umur e Ratna sing sakiki.

Tekane ing omah, Ibu ngrapekake potongan rambute


Ratna. Nalika kerja, Abah nyritakake masalah e babagan
rencana arep pindah menyang Jakarta marang Om Wahyu
sing manggon ing desa kasebut. Ing tengah-tengah
pacelathon kasebut,ibu Salamah njalok tulung marang Abah
supaya menehi papan tulisan ing ngarep omah e Abah kanggo
ngedol omah kasebut, Abah setuju,amarga Abah wis
mutusake pindhah menyang kutha Jakarta. Ratna uga krasa
sedih, amarga ing desa kasebut akeh kanca-kancane sing
seneng karo Ratna, dheweke uga dihibur karo kancane sing
ing wektu kasebut uga ana ing omahe Ratna lan nembang
bebarengan.

Doni takon marang Ratna, “Yen sampeyan pindhah


menyang Jakarta, apa awakdhewe isih bisa kekancan?”

“Ya,” ujare Ratna. Ing wayah sore, Abah mikir babagan


masalah sing diadhepi, sing ora cepet rampung.

Esuke, sawise Abah mangkat kerja, Rara ngomong


marang mbak Ratna yen Rara ora pingin pindhah menyang
Jakarta, amarga kanthi manggon ing omah kasebut, Abah
dadi asring ing omah, Ibu asring masa2ng kanggo dheweke
lan dheweke uga bisa turu sakamar karo mbak Ratna.

Ora let suwe, ana wong sing arep tuku omah e.


Dheweke pancen sedih banget ndeleng iku. Nanging, wis dadi
keputusan Abah minangka kepala kaluwarga. Amarga ora
kepingin pindhah, Rara lan Ratna njupuk sertifikat tanahe
supaya wong sing arep nuku ora bisa nuku omah iku. Abah
nesu amarga sikape Ratna sing ora sopan. Abah nesu karo
Ratna amarga wis tumindak mangkono. Abah rumangsa yen
kabeh kedadeyan kasebut minangka salah e Abah. Nanging,
ora ana sing nyalahke Abah, dheweke wis nrima kabeh. Lan
podo ngrangkul Abah.

Wayah esuk Ibu Salamah tekan omah e Abah, Abah


kandha yen ra sido adol omah. Sejatine Ibu Salamah uga ora
gelem yen Abah lan kulawargane metu saka desa kasebut,
amarga Ibu dadi rencang kerjane Ibu salamah. Sore iku Ibu
Salamah lan Abah tindak nemoni panuku omah kasebut, lan
ujar manawa Abah ors sido adol omahe. Nanging panuku
kuciwa amarga keputusan sing dijupuk Abah dheweke
rumangsa manawa Abah mung ngentekke wektune. Kajaba,
Abah wis nanda tangani perjanjian kasebut lan wis nampa DP.
Nanging Abah ora kepingin yen omah e didol, dheweke gelem
nindakake apa wae supaya omah e bisa bali maneh marang
dheweke lan kulawargane.Nanging panuku ngerti kekarepan
Abah lan mulihake sertifikat omahe Abah lan kulawargane.

Ing papan liya, nalika Pak Wahyu, kanca cedak saka


Abah ditelpon Ratna, Bisa uga ana kabar apik, lan dheweke
banjur langsung nemoni Ratna. Tibake wektu iku Ibu arep
nglahirake, Pak Wahyu uga ngajak Ibu menyang rumah sakit
kanthi numpak becak, nalika ing ndalan amarga Pak Wahyu
ngrasa kesel banget , dheweke ora bisa nerusne. Ndeleng
kahanan kaya ngono, Ratna langsung mlayu golek pitulung.
Pungkasane, rdung suwe ana mobil sing gelem nggawa ibu
menyang rumah sakit.

Tekan rumah sakit Ratna langsung nelfon Abah lan


menehi kabar. Abah langsung menyang Rumah sakit kanggo
nemoni ibu lan ndeleng kahanan kasebut. Ratna wedi banget
yen ana sing ora apik marang Ibu. Ora let suwe, Ratna krungu
suara tangisan bayi. Banjur Dokter metu saka kamar lan
menehi kabar yen ibu wis nglairake kanthi aman.

Abah, Ratna, lan Rara seneng banget ngrungokake


kabar kasebut. Puas ndeleng adhine sing anyar, Ratna takon
marang Abah apa dheweke sido pindah ing Jakarta utawa ora.
Dheweke uga kandha ing ngendi wae panggonane, yen tetep
bebarengan bakal seneng. Abah uga ujar yen dheweke ora
bakal pindah menyang Jakarta lan bakal tetep manggon ing
desa kasebut, amarga dheweke uwes ngolehne sertifikat
omah.
Banjur Abah ngajak Ratna metu saka kamar rawate
ibu, kanggo menehi kado ulang taun kanggo Ratna, dheweke
rumangsa seneng banget nalika sakiki umure uwes 14 taun.
Abah uga ngomong karo Ratna,” nalika Ratna isih bayi, Abah
wedi banget yen adoh saka Ratna, nanging sakiki Abah asring
adoh saka Ratna”. Abah uga njaluk ngapura marang Ratna
yen dheweke pancen ora bisa dadi bapak sing apik kanggo
Ratna lan keluwargane. Nanging, Ratna ngrasa Abah iku
bapak sing paling apik kanggo Ratna lan keluwargane.

Sawise iku, Abah ngajak Ratna numpak motor kanggo


mengeti ulang taun e Ratna. Sawetara wulan, Rara putri
nomer loro, melu drama lan dheweke dadi wit lan nari kanthi
ayu. Kabeh wong seneng ndelok tampilan e Rara. Mula,
semenjak iku Rara lan keluwargane padha urip mulyo,
seneng, lan tresna siji karo liyane.

Ora peduli kepriye ngadhepi masalah sing tinampa,


yen kabeh dilakoni kanthi sabar lan ikhlas, kita bakal nampa
piwales sing luwih endah.

***
KENANGANKU
Anggitane: Hasnine/13/8G

Esuk iku minangka dina wiwit anku sekolah ing salah


sawijining sekolah SMP sing paling populer lan dadi target
siswa ing kutha lan njaba kutha. Akeh bocah sing kepengin
dadi murid ing SMP iku, amarga SMP iku paling apik ing
kuthaku.

“Dicek maneh aja nganti ana sing keri lo ndhuk.”


Kandhane ibuku

“ Nggiih bu, sampun kula cepakake sedaya.”

“Ing sekolah anyar, kudu ngati-ati lo, ngger. Aja


sembarang tuminadake.”

“Nggih mesthi no bu. Kula bakal nuruti kekarepane


ibuk”

“Yen ana kancane sing rada nyleneh, aja ditiru. Niru


sing becik wae.”

“Nggih,”

“Kabeh kandhane bapak ibu guru kudu digugu ditiru.”

“Nggih,”

“Saben mlebu panggonan anyar, ngucap bismillah.


Salam dhisik, aja angger mlebu ora permisi ndhuk. Barang
sing ra ketok manggone ing ngendi-endi. Awakmu pokoke
kudu sarwo ati-ati!”

“Nggiiiih”

“Aja nggah nggih wae ta! Jan-jane ngerti apa ora sing
dikandhakne ibuk mau?”

“Ibu sampun kuwatos, kula bakal ati-ati buk. Ati-ati ing


panggonan anyar, ati-ati milih kanca, ati-ati yen matur marang
guru, sembarang pokoke ati-ati buk.”

“Ya, sip. Berarti kowe wis paham apa sing dikarepake


ibuk. Saiki sarapan dhisik ndhuk, ben ora lemes.”

SMPN 2 ponorogo yaiku jeneng sekolah ing SMP ing


Ponorogo. SMP N 2 Ponorogo kalebu sekolah faforit. Ing
sekolah iki aku miwiti sinau maneh sawise lulus ujian nasional
sing cukup angel ing tiingkat Sekolah Dasar. Malah aku akeh
nemoni perkara sing wis misuwur ing SMP.

Nalika aku mlebu sekolah, ing wektu iku kabeh murid


padha kumpul ing lapangan SMPN 2 Ponorogo. Ing kono para
siswa padha ngobrol ngalor ngidul nalika ngrungokake
pembagian kelas. Aku kebagihan kelas 7 i, kelas pungkasan
ing sekolahku. Aku wis dadi bagian saka keluarga SMP 2
Ponorogo.

Sekolahe pancen gedhe banget. Saben jenjang ana 9


kelas. Saben kelas ana 32 bocah. Kari ngepingke pira muride.
Ora cukup yen diitung nganggo tangan sepuluh paribasan.

Kanggo kegiyatan pamula, kabeh siswa kudu nulis


ngenani lingkungan, yaiku ngenalake lingkungan sekolah
utawa uga asring diarani MPLS: Kegiatan kasebut lumaku
telung dina.

Sawise kegiatan MPLS rampung, diterusake kegiatan


PTG. PTG terus telung dina rong bengi ing sekolahan. Sajrone
kegiatan iki, aku paling bosen nalika mlebu ruangan, amarga
meh saben wayah kumpul, para siswa diwenehi sawetara
bahan.

Dina Senin iki minangka dina pertama sing kudu sinau


sawise lulus sekolah dasar, amarga materine saya akeh, sing
disinau uga saya akeh jumlahe mata pelajaran. Aku nglekasi
sinau dina iki aku bungah banget amarga ing kene aku bisa
ketemu kanca anyar, uga ora lali ucapake bismillah
sadurunge miwiti pelajaran.

Saben dina aku kudu sinau supaya bisa ngolehake


nilai sing paling dhuwur supaya aku ora bakal ketinggalan
materi. Seje karo jaman SD, akeh guyone. Saiki saya akeh
pelajarane, saya kudu semangat sinaune, tambah kudu fokus,
ora oleh guyon nemen-nemen.

Kancaku ing kelas 7I, padha sumeh-sumeh. Kabeh


padha guyup rukun. Guyup rukun sak sembarange. Termasuk
guyup rukun bab tugas. Ning ora guyup rukun ing bab ulangan
lo ya. Kuwi jenenge dosa.

Ora krasa diinane kaya mlayu wae, aku tiba ing wayah
ulangan kenaikan kelas. Wong tuwaku ora kurang-kurang
anggone ngandhani kanthi sregep golek gelar sing apik. Ujian
ora perlu sinau sanajan kita bisa lulus yen kita wis ngerti
materi kasebut.

Dina iki minangka dina terakhir ing kelas 7 i, kelas sing


dak tresnani, ing ngendi aku bisa ngguyu karo kanca, lan ing
ngendi ki bisa nuduhake cerita. Ing sejatine akeh kenangan
ing kelas iki. Aku kelalen yaiku nalika kumpul lan ngguyu ing
pojok kelas karo kanca-kancaku. Nalika semana, aku ora nate
ngguyu pisan karo kanca-kanca. Nanging enggal iki bakal dadi
kenangan sing tansah take ling-eling banget. Kenanganku lan
kanca-kancaku sing ana ing kelas 7 i sing mesthi nate ana
seneng utawa susah.

Mungkin wae iki cara sing paling apik kanggoku lan


kanca-kanca. Kudu pisah sinau ing kelas wolu mengko
sanajan ora ana ing kelas sing padha, aku yakin ora bakal ana
wong sing bisa ngganteni.

Meh 2 minggu luwih saka liburan, dina iki pungkasane


mulai sekolah maneh .. Aku melu kelas wolu G, ing kene aku
mbukak kaca anyar maneh lan lali masa lalu.

Ing kelas iki, aku kenal karo kanca sing anyar, sanajan
aku rada kesusu, nanging aku kudu ngliwati. Ana sawetara
kanca sing aku wis ngerti, nanging ana kanca sing durung
dingerteni, mula aku kepengin sinau kanthi tenanan.

Nganti saiki, aku sinau ing kelas tanpa ngrasa abot


banget. Maneka Werna kanca-kanca dadi apik lan
nyenengake. Ing kene aku miwiti ngguyu maneh kaya
sadurunge, sanajan ora padha, nanging aku seneng banget
yen duwe kanca sing apik.

***
ENDAHE DESAKU
Anggitane : Aulia Rizki Ardianti/8B

Omahku dadi swarga, ujar sing bisa makili yen adewe


ngomong babagan papan kelairan. Sanajan ora kepenak kaya
papan liya, papan kelairan kutha, desa lan liya-liyane mesthi
duwe kenangan lan kaendahan

Papan kelairan biasane dadi papan kanggo tetep akeh


wong sing ora kejawab, lan uga aku. Omahku, salah sawijining
desa sing paling ayu. Aku seneng manggon ing desa
kelairanku. Amarga cuaca ora panas banget utawa kadhemen,
lan tujuan pariwisata ing desa saya cukup menarik, ana pasar
tradisional sing ora mung siji ing desa, nanging ana telung
pasar tradisional.

Rega ing pasar tradisional cukup kanggo nyisihake tas


yen ora apik kanggo penawaran sing cerdas nanging uga bisa
uga luwih murah tinimbang sing dibayangake.

Desaku cedhak karo pusat kutha udakara limang


kilometer saka pusat kutha. Yen sampeyan pengin wong akeh
ing tengah kutha lan yen sampeyan pengin piyambak mung
ing desa amarga desa isih sepi ngilangi beban pikiran sing wis
ana Pendhudhukanku duwe turis luar negeri sing ngunjungi
desa iki. Kanggo para turis sing pengin mbuwang liburan karo
kulawarga utawa karo kanca sing paling cedhak lan sing
pengin tetep suwe ora coco2g banget nalika milih desa.Kejaba
supaya sepi uga cedhak karo pusat kutha, apa wae sing
pengin dipengini ing tengah kutha kabeh wis ana. Desa
kasebut pancen narik kawigaten para turis sing pengin
mbuwang wektu karo kulawarga utawa malah karo kanca-
kanca sing paling cedhak sing pengin nyingkirake stres utawa
uga dadi beban pikirane.Critane dawa saka desa sing aku
manggon cukup menarik kanggo ngunjungi lan mesthi yen
sampeyan ngunjungi ora bakal menyesal ngentekake wektu
ing desa iki.

Esuk iku aku mlaku ngalor ngidul ing desaku, esuk


sadurunge srengenge. Suasana isih sepi, pingset, jangkrik isih
keprungu ing ngendi wae. Lurung-lurung sing aku liwati, aku
banjur nyelehake driji ing kanthong celonone sing nyandhang
nalika iku. Ditemokake ibune sing lagi nyapu godhonge, ana
bocah cilik sing lungguh ana ing ngarep omahe nalika ngosok
mripate sing katon isih ngantuk. Ayam-ayam sing wis benget
golek pangan sing dilewati karo aku. Angin kenceng angin ing
desa sing dak tresnani.

Sawijining desa cilik ing sisih wétan distrik Ponorogo,


desa sing mayoritas pendhudhuk dadi petani lan migran. Desa
sing duwe tampilan kaya ngono. Saiki katon maneh nalika aku
mulih kaya ngono. Kaendahan sing ora kabeh papan ing
ndonya duwe. Ing macem-macem arah ing njaba desa
kasebut menehi sawah sing nyenengake, pari ijo, tanduran
sing wiwit wiwit ngasilake woh lan kebon sing rapi.

Aku mlaku alon-alon lan nikmati keindahane. Sawah


diisi petes embun ing suket. Dadi jelas lan adhem dirasakake
ing sikil nalika mlaku. Aku ndeleng gunung sisih kidul kidul
watu gamping sing diantrekake dhuwur, katon biru ijo-biru ing
tengah-tengah cahya s5nar esuk. Nanging isih katon mripat.

Ndelok sisih lor, desaku bisa dideleng saka pinggir


desa sing aku ngadeg, mesjid gedhe. Nyawang lampu cahya
sing isih samar sing isih kobong, obahe wit dhuwur sing ditiup
angin. Ing sisih wétan, aku ndeleng srengenge wiwit nuduhake
sinar, awan katon wiwit sinar putih katon sinar.Langit peteng
wiwit dadi biru, lintang sing sumunar wiwit saya surem. Ing
sisih kulon aku ndeleng larik tebu sing disusun kanthi rapih ing
hektar, ijo nyembul ing angin. Aku terus langkah, bebarengan
karo petani wiwit ora katon langkah-langkahku.Bersenjata
nganggo pacul, caping, keris lan panentu potluck kanthi
langkah sing tepat menyang sawah. Sawise iku aku lagi
lungguh ing pinggir dalan pengin ngenteni kepiye srengenge
katon awake dhewe, lungguh nalika lagi menikmati alam sing
apik.

Tanpa katon katon pemandangan sing apik banget


kanggo aku, bisa uga kedadeyan alami sing langka. Sinar
srengenge ing angkasa dipérang dadi loro, siji sisih wis siram
lan siji sisih wis kurang. Lan maneh fenomena kasebut wiwit
saka mburi wétan nganti pungkasan barang. Kaya setengah
bumi iku kedadeyan, ora mung ing siji tampilan.Aku ora
mbuwang pemandangan sing indah iki, aku ora bisa urip liwat
kamera ponsel-ku.

Aku motret sisih kulon lan wetan kaya gambar


kasebut. Mungkin iki luwih ayu yen masarakat kutha kasebut
ndeleng. Wong kutha sing ketemu bangunan saben dina ing
kabeh tampilan. Wong sing mung weruh wu1dud motor saka
dalan sing diliwati saben dinane. Kaendahan papan sing arep
dideleng, gumantung saka kepiye carane lan pengin seneng.
Kaendahan ing endi wae, sing paling penting yaiku kita bisa
ngaturake matur nuwun lan nggunakake.

Mangkane adewe dadi manungso kudu biso jogo lan


nglastarikne alam lan budoyo budaya ben alam ora rusak
mergao tangane menungsao iku dewe. Lan a1aojo dadi
manungso rakus lan egois marang kekancan.Jogo Jaga alam
lan hasil e kanggo anak putu ing masa depan.

***
LIBURAN ING KAMPUNGE SIMBAH
Anggitane: Rizky Amevia Putri/28/8B

Liburan semester tahun iki bakal dadi liburan kang


istimewa kanggo Siti, amerga bapake uwes njanjeni dewek'e
yen liburan iki bakal tindak dateng kampunge Simbah. Atine
tambah bungah meneh yen liburan semester seng diwanti -
wanti enggal teko.

Sesok e pas dinao ke telu liburan semester, bapak e


maturi Siti supaya nyiapake apa ae seng perlu digawe dateng
rumahe Simbah. Wancine wayah awan Siti lan keluargane uga
langsung budal menyang kampung e Simbah. Perjalanan iki
butuh ake waktu kurang luwe 12 jam suwene. Naning
perjalanan kang suwe iki ora garai Siti kuciwa, dewek'e malah
uga nikmati seneng banget perjalanan iki.

Akhire dewek'e lan keluargane teka dateng daleme


Simbah. Ora ono seng berubah saka daleme Simbah,
bangunan, kahanan, lan keasriane tetep padha pas terakhir
kali Siti menyang kene, kurang luweh setengah tahun suwene.
Siti tansah bungah amerga rasa kangen e marang Simbah iso
mari, pas dewek'e iso ketemu langsung karo Simbah. Siti
emang sayang banget marang Simbahe, amaerga Simbah
sing uwes ngerawat dewek'e pas isih cilik.

Simbah akhire ngengken keluargane Siti supaya


enggal melbu lan uga ngelapas kangen marang sapada eng
njero omah. Uwes rong jam keluargane ngelepas kangen karo
Simbah, kabeh padha nyritakno opo ae seng dialamake akhir -
akhir iki. Suasana ketentreman iki seng dirindu ake marang
Siti, dewek'e uwes suwe ora ngarasakne suasana koyok
ngeneki. Suasana ketika na352a keluargane lan Simbah isao
sumringah bareng - bareng.

5Eng tengah suasana iki, tiba - tiba ana telepon kang


ketuju kanggo bapak. Bapak uga langsung kuciwa minangka
mirengake atasane seng nelpon, ngengken dewek'e sesok
kudu tindak dateng kantor, amerga ana masalah kang
Ngancem perusahaane bapak. Bapak ngrasa salah marang
Siti, amerga dewek'e ora iso ngancani Siti liburan en5ng
dalem e Simbah. Siti uga kuciwo banget, tapi Siti sadar yen
bapak e duwe tanggung jawab marang perusahaan kui. Lan
dewek'e ora oleh egois, mung mikirake kekerapane dewek'e.
Akhire Siti maklumi lan matur neng bapak supaya ngutamakne
disek gaweane. Bapak lan ibuk e Siti nrimo opo omongane Siti
mau.

Sesok e wanci subuh ibuk lan bapak e Siti uga pamit


marang Simbah lah nitip ake Siti marang Simbah. Ibuk lan
bapak e saktemene ogak tegao ninggalake Siti dewe, tapi
dewe'e percoyo Siti bakal iso jaga diri lan ogak bakal ngrepoti
Simbah. Malah dewek'e bungah amerga anak e wes isao
ngerteni lan uwes iso mikir luweh dewasa. Siti tetep sumringah
pas ngeterake bapak lan ibuk e pamit kundur, padahal asline
atine kuciwa. Kabeh iki dilakokke Siti supaya bapak lan ibuk e
ora sedih gara - gara dewek'e.

Meh sedino Siti ngurungake dewe'e eng njero kamar.


Ogak metu blas saka kamar. Simbah ngujarno Siti ngeluapne
rasa kuciwane. Tapi akhire Simbah ngajak Siti golek
kesibukan 5eng salah sijine tegalan, supaya Siti nglupaakake
masalah e. Eng tegalan Simbah ngajari Siti carane nanem
palawija lan nggawe kompos. Akhire Siti sumringah lan
nglaleake masalahe.
Pas Simbah ngajari Siti, tiba - tiba ana suara uwong
kang jalok tulung. Siti lan Simbah langsung marani asale
suara, asale suara kui saka sumur sandinge tegalan. Pas Siti
lan Simbah teko eng panggonan , Simbah langsung ngutus
Siti nganggo mundhut tali. Tapi Siti malah matung, soale
uwong seng badhe ditulung Simbah iku jenenge Pak Jaerwo
uwong seng pernah ngelek - ngelek Simbah eng ngarep
uwong akeh. Kedadean iku iseh Siti ileng - iling smapek
sampek saiki, Tapi akhire Sitl langsung ngalakok ake
perintahe Simbah. Lan Siti karo Simbah kerja bareng nulung
ake Pak Jarwo.

Syukur Alhamdulillah, akhire Pak Jarwo isao Siti lan


Simbah tulungi. Nanging sayang e sikil sisi tengenee Pak
Jarwo i abuh, saehingga dewek'e kangelan mlaku. Ngerti
kahananane Pak Slamet Simbah lan Siti banjur ngeterake
dewek'e bali menyak omahe. Teka omah Pak Jarwo langsung
ngucap ake akeh matur suwun marang Simbah lan Siti seng
uwes gelem nulungi dewek'e lan gelem ngeterake dewek'e
eng omahe, padahal dewek'e uwes pernah ngelek - ngelek
Simbah. Dewek'e uga janji ogak bakal ngulangi kelakuane
seng elek marang Simbah lan wong liane .

5Eng tengah perjalanan mulih saka daleme Pak


Jarwo, Siti banjur nyuwun persa n5eng Simbah.

"Simbah....... Panjenengan kok gelem nulungi Pak


Jarwo? Bukane Pak Jarwo sampun pernah ngelek - ngelek
panjenengan?"

" Emange lek dewek'e pernah ngelek - ngelek


awaedewe, kita awa2edewe ne opo ora oleh nulungi wong
kui?, cah bagus?"
" Maksudt kulo, Simbah boten lara ati di ngotenake
marang Pak Jarwo?"

" Lek 3araroro ati kui mestine cah bagus, tapi


kitanang5ng awa2edewe ora oleh mentengake rasa lara iku.
Utamane pas uwong kui lagi butuh petulungan, kita kudu
nikung nu3ung dewek'e."

" nangingTapi Simbah....."

" Stat..... Ngene lo cah bangus. Sejatine menungsa iku


urip e padha saleng butuh ake patulungan e wong kiwa
temgene. Kita kudu nulung marang spadha seng butuh ake
petulungane awaedewe, ogak mandang uwong e. Utamane
yen wong seng jal4ok tulung kui uwong seng pernah gawe
maslah karo awaedewe, kita tetep kudu nulungi wong kui cah
bagus. Amerga sejatine manungsa kui mesti duwe masalah
ora ono ana seng ora duwe. Seng wes kepedean ditinggal ake
wae, ojo dieleng eleng - eleng maneh. Lek dieleng - eleng
gawe ati tambah lara. Lan percoyokno percaya2na kabeh
marang Gusti kang Kuasa."

Uwes seminggu suwene Siti ngentek ake liburan


dateng 0enyang daleme Simbah. Dewek'e sakjane pengen
banget luweh suwi nginep n5eng dalem Simbah tapi, ora bisa
amerga bapak e isih repot.

Sesok e wanci esuk bapak lan ibuk e Siti nyusul Siti


supaya enggal bali. Dewek'e seneng lan kuciwa. Seneng
amerga iso ketemu ibuk lan bapak e maneh lan kuciwa
amerga kudu pisah marang Simbah. Siti mung iso donga
marang Gusti supaya Simbah diparingi keslametan lan
kewarasan. Akhire Siti lan kelargane pamit kondhur marang
Simbah. Banjur bali menytang omahe s5eng n5eng kutha.
Siti uga bersyukur marang Gusti kang Agung amerga
dewek'e diparingi Simbah seng pengertian lan bijaksana
banget marang dewek'e . Liburan iki bakal diling - iling sak
selawase karo Siti, amerga iki liburan kang istimewa kanggo
Siti peh ora dinikmati bareng marang bapak lan ibuke. Iki dadi
liburan kang luweh istimewa kanggo Siti, amerga ora rasa
sumringah tok seng dewek'e terima nanaing pelajrana hidup
juga seng dewk'e terimo kui seng garai liburan tambah
istimewa. Ana piwelinge seng bakal dieleng - eleng Siti sak
lawase, yaiku " Sejatine menungsa iku urip e padha saleng
butuh ake patulungan e wong kiwa temgene. Awa2edeweKita
kudu nulung marang spadha seng butuh ake petulungane
awaedewe, ogak mandang uwong e. Utamane yen wong
seng jalok tulung kui uwong seng pernah gawe maslah karo
awaedewe, kita tetep kudu nulungi wong kui cah bagus.
Amerga sejatine manungsa kui mesti duwe masalah ora ono
seng ora duwe. Seng wes kepedean ditinggal ake wae, ojo
dieleng eleng - eleng maneh. Lek dieleng - eleng gawe ati
tambah lara. Lan percoyokno kabeh marang Gusti kang
Kuasa."

***
SEDULUR KANG KAPISAH
Anggitane: Riaydhotul Marwiyah/26/8H

Pancen sueneng yen kabeh bisa kacukupan. Kabeh


sing dipengeni bisa keturutan. Yaiku Arum, putri sawijining
konglomerat sing sugih banget. Bapak lan ibune yaiku
pengusaha tas batik sing mapan ing Jakarta, dheweke yaiku
wong kang ramah, lan tumindak selayak e wong biasa.
Ananging dheweke ora nate mikir babagan kondisi anak e sing
manggon ning Yogyakarta amung karo mbok Ningsih,
pengasuh e Arum sing sayang, lan sabar banget karo Arum.

Nganti Arum dadi bocah sing ora gelem diatur dening


bapak ibuk e, lan dadi bocah bebas. Nanging dheweke kudu
belajar tanggung jawab perusahaan sing diduweni keluargane.
Beda karo Asih, wanita anak e mbok Ningsih. Asih kepingin
banget bisa sukses ing kota Yogyakarta. Nalika Arum sing
gagal ing upaya auwal, padha karo Asih sing isih gagal golek
kerja ing kutha. Banjur kalorone padha nekat minggat saka
omah.

Ora sengaja Arum lan Asih ketemu ing bis sing padha.
Amarga sadar nduwe kemiripan 100%, mung beda gaya.
Arum nduwe ide kanggo ijol posisi sauntara. Asih uga
nyritakake yen dheweke yaiku putrine mbok Ningsih. Arum
kaget uga seneng banget. Arum tambah manteb karo
rencanane ijol posisi karo Asih.

Ing perjalanan, Asih takon menyang Arum,


“Mbak apa ta jane alasane sampeyan kabur saka omah, kan
uripmu iku wes penak, omah apik, lan apa wae wis sarwa
kecukupan, beda karo aku sing pengen isa kerja lan sukses
ing kutha wae ora kelakon.” Sambate Asih.

“hhhhmmmmmm, alasanku....?” pitakone Arum.

“Iya mbak, geneya?”

“Iki ngono amarga aku uwis ra betah ing omahku, aku


ngrasa terus terusan diatur, lan aku gak bakalan isao bebas.
Aku kepengen bebas”, Jawab e Arum

“Hoalah mbak mbak, sampean niku lo wis diwenehi


urip mulya kok malah pengen urip rekasa. Wong aku wae sing
pingin urip kaya awakmu wae susah biangetttt, kawet mbiyen
durung isa keturutan.”, sambate Asih.

Arum wiwit gawe rencanane.

“Ahaaa, aku nduwe ide Sih.” Arum sajak yakin karo


rencanane.

“Kepriye mbak? Apa idene?” pitakone Asih marang


Arum.

“Kepriye lek awake dhewe bertukar posisi wae. Aku


dadi awakmu lan awakmu dadi aku. Awakmu kan isa
manggon neng omahku. Awakmu bisa ngrasakake dadi wong
sugih kaya aku mengko. Cocog apa oraaa????”

Nalika Asih isih mikir, Arum terus nyritakake penak e


manggon ing omah e dheweke. Krungu tawaran sing
manggon ing omah mewah, lan bakal nuntun perusahaan sing
diimpeni, dheweke langsung nerima.
Wong loro mau banjur nglatih awake dhewe-dhewe
tumindak sing beda kaya biasane. Arum kudu siap dadi wanita
desa sing urip e susah, mangan apa enek e, lan alus.
Suwalike, Asih kudu dadi wanita sing elegan, teges, lan ngerti
sikap e wong sug5eh.

Arum lan Asih wiwit ijolan posisi. Asih bali menyang


pabrik ketemu karo pengawale (Deni) kanthi gaya Arum. Dene
Arum, bali menyang desa minangka Asih, katon anteng lan
nyenengake peran, sanajan isih rada pekewuh karo urip ing
desa.

Arum seneng karo perkara-perkara sing sepele, kayata


njaga sawah, dolanan ing kali lan sapanunggalane. Nalika
tekan omahe Arum, Asih kepethuk karo ibune lan nyritakake
rencanane dheweke karo Arum. Mbok Ningsih wiwitane ragu-
ragu, amarga dheweke wedi yen rahasia sing ditutupi bakal
kebongkar. Nanging amarga panjaluke Asih lan Arum, Mbok
Ningsih ora bisa muni ora, banjur setuju marang keputusane
bocah kembar seje pak seje ibuk kuwi.

Isuk-isuk ing pabrik, Asih disambut dening manajer


operasional enom sing nggantheng, apik, lan nyenengake.
Yaiku Rendi, sing sejatine duwe tujuwan licik sing pengin
nguwasani bisnis kasebut.

Wiwitane, Rendi percaya yen dheweke bisa mangaribawani


Arum sing sejatine ora cerdas. Ora kaya Asih sing meranake
Arum, dheweke pancen pinter, aktif, lan seneng karo desain
tas.

Ing desa, Arum sibuk nolak Asep, putrane juragan


desa, lan nanggepi Pedekatane Dimas, bocah cupu,
sederhana, lan seneng tetulung marang liyan. Padahal
sadurunge Asih ngladeni Asep supaya bisa ditraktir mangan,
lan nolak Dimas amarga dheweke seneng ngganggu. Asih
nesu nalika krungu critane Arum babagan iku, Arum malah
ngguyu kepingkel-pingkel.

Trik jahate Rendi wiwit diluncurake kanthi meneng-


meneng, dene Asih wiwit luluh. Sanalika Arum cemburu
amarga sadurunge dheweke nganggep Rendi iku keren. Arum
cerdas njaluk Asih nyedhaki Deni amarga kabeh lap6uran
menyang bapake asale saka Deni. Asih awal e wegah amarga
Deni cerewet, mesthi ngelengake hal ini itu. Rendi uga ora
seneng marang Deni, sing marai rencanane kehambat. Huru-
hara wiwit kedadeyan.

Deni wiwit curiga karo Asih, amarga sipat asline Arum


galak, cuek, lan ora nggatekake, nanging Asih katon grapyak
lan tresna marang kabeh karyawan ing omahe. Asih nggolek
alasan yen dheweke kudu miwiti ngganti sikap. Deni dadi
seneng karo perubahan iku, Deni dadi seneng karo Asih.
Rendi dadi luwih pegel lan njajal nyilakani Deni, nanging tetep
gagal. Nalika Deni seneng karo Asih, Asih wis kenek rayuan e
Rendi lan dheweke pacaran.

Arum jengkel karo Asih amarga wis ngrebut Rendi


saka dheweke. Arum saya suwe saya pegel karo Asih sing
karo Rendi, nalika dheweke ora tahan kanggo ndelok
kemesraane Rendi karo Asih, dheweke nekad teka ing omah
lan mbukak rahasia sing didhelikake karo Asih, lan mbok
Ningsih. Dheweke teko pas sak keluarga mangan bareng ing
omah.

Nalikane kabeh wong padha kumpul, Arum teka sak


penak e dhewe, dadi kabeh kaget ndeleng kamiripan Arum lan
Asih. Nalika Arum lan Asih nyritakake kabeh, ing pawon mbok
Ningsih ora bisa nahan tangis eling kedadeyan kasebut nalika
Asih wis dipasrahake dening bapak lan ibune Arum marang
dheweke. Nalika kabeh isih padha bingung karo apa sing
dicritakake Arum lan Asih, ujug-ujug Deni mlebu kanthi nesu.

Deni mbubarake kabeh rencana jahat sing digambar


dening Rendi. Sejatine dheweke wis nate curiga karo Rendi
lan akhire dheweke ngerti babagan kepribadian Rendi sing
asli. Kabeh padha nesu karo Rendi. Nalika bapake Arum
ndukani Rendi, ibune Arum ngomong karo mbok Ningsih
babagan rahasia sing didhelikake nganti saiki.

"Iki katon kaya wektu sing tepat kanggo mbubarake


kabeh mbok!" Ujare ibu Arum.

Mbok Ningsih setuju, bapake Arum kuciwa marang apa


sing ditindakake Rendi nganti saiki, lan pungkasane dheweke
dipecat, lan ngongkon Deni supaya nyeret Rendi menyang
penjara. Masalah wis wiwit ana dalan padhang.

Nganti jaman semana Mbok Ningsih nyritakake jaman


biyen Arum lan Asih sing dipisah nalika isih bayi, Asih
dipasrahake marang Mbok Ningsih amarga kahanan ekonomi
sing angel, nalika Arum, sing terus gabung karo bapak lan
ibune nganti saiki. Arum lan Asih nangis krungu critane Mbok
Ningsih. Arum lan Asih takon geneya bapak lan ibune bisa
nyimpen rahasia kasebut, sanajan Mbok Ningsih wis suwe urip
karo keluargane. Bapak lan ibune uga nerangake alasan
nyapo Arum lan Asih bisa kepisah nganti saiki. Dheweke
ngrungokake lan ngerti amarga kabeh iki wis kebacut. Asih,
sing sadurunge kecewa karo bapak lan ibune, dheweke wis
ngapura, nganti pungkasane kabeh mbalek dadi kulawarga
sing lengkap.
SUKOSEWU
Anggitane: Juwita Ragil Nareswari /22/8B

Sukosewu yaiku salah sawijining panggonan kang ono


ing Desa Sukorejo Kecamatan Sukorejo. Panggonan iki lagi
didadekake wisata karo warga. Panggonan iki awujud taman
seng akeh wit-witan kang rindang, suasane sing sejuk, lan
cocok gawe rekreasi karo konco utawa keluarga. Saben Bulan
Agustus dienekake Festifal Sukosewu kanggo mengeti
kemerdekaan Republik Indonesia lan agenda resik desa serta
kanggo promosekne Wisata Sukosewu iki.

Tahun iki dienekake tanggal 3-9 Agustus 2019.


Acarane yaiku lomba bola voly, Seni musik tektor lan acara
puncak yaiku Kirab Tumpeng lan Obor s5neg ditekani Bupati
Ponorogo.

Pak Lurah ngewei piwel5eng kanggo sinoman sing


dadi panitia supaya lombane diatur kudu jujur, seportif, lan ora
oleh ono ana seng tawuran. Amarga acara iki dieneke kanggo
njalin roso rasa kerukunan lan kekeluargaan antar warga.

Tanggal 3 Agustus 2019 lomba bola voly dilekasi


sampek tanggal 6 Agustus 2019. Dina ke 1 lancar ora enek
masalah,penonton e yo rame tertib.Dino ke 1 pak lurah ningali.
Ana salah sawijining warga,

“Eeeee...Pak Lurah,monggo sekecakne”. Pak Lurah


mbales karo eseman seng bungah. Ono panitia seng ngeteri
panganan.
”Mangga Pak disambi”

”Iyo...,lingguo kene sek le aku arep takon”, Dhawuh


Pak Lurah

”Enggeh wonten nopo pak?”,

”Piye dino iki ora enek masalah opo-opo to?”.Takon


Pak Lurah.

”Alhamdulilah lancar lan mboten wonten seng


rusuh”.Jawab panitiane.

”Ya wis... dijaga terus ben ora enek opo-opo yo


lee”.Utus Pak lurah.

Dino ke 2 pak lurah ora ndelok sampek dino ke 6


utawa dino terakhir lomba bola voly.lomba yo lancar, ananging
ing dino terakhir ono salah sawijining tim seng ora trimao
mergao kalah. Ana seng fitnah nek tim seng menang kui
nyogok wasit gae duwet. Tim seng difitnah ora trimao dadi
gegeran seng gegeran seng nglibatne meh kabeh masyarakat.
Akhire panitia misah perdebatan kui, nggawe bukti vidio yen
tim sing menang ora nyogok wasit ngawe duwet. Akhire
masalah wes bar lan tim sing kalah kudu nrimo kekalahan sing
diolehne tim.Tapi panggah tim seng kalah golek kesalahan tim
seng menang, .ning njabaobo pertandingan ndadekke
gegeran seng gedi seng ora dieruhi panita. Akhire Panitia
er4oh gegeran kui saongkao salah siji panitia seng nyamar
dadi masyarakat biasa.

Panitia podo wedi yen didukani Pak lurah. Amargao


Pak lurah tau nitip pesen "yen awakmu kudu iso njogo
keamanan kegiatan supoyo supaya mlaku lancar lan ora ono
masalah opo-opo", tapi poro para panitia ora isao
nglaksanak'ake perintahe Pak lurah pas dinao terakhir yaiku
dinao ke 6 pas wayahe lomba bola voli.

Panitia sing pasrah ngadepi masalah iki ngadu ing pak


lurah.

”Pak, Sakderenge kulao sak kaoncao nyuwung


pangapunten ingkang kathah, amargi kulao sak kaoncao
dereng sanget nataoto lomba Voli kanti lancar”. Ngomong
salah siji panitia kanti ekspersi wedi lan banjur kabeh dijelasne
ing wektu kui. Pak lurah banjur nyauri,

“Uwes ora opo-opoapa-apa,kabeh kui mau digae


pelajaran suok neh ben isao dadi luweh apik”. Akhire acara
banjur dilanjutke sesok e.

Acara selanjute yaiku seni musik tektor lan acara


puncak yaiku kirap tumpeng lan obor. Seni musik tektor
termasuk kegiatan sing paling disenengi bocah-bocah lan poro
para warga. Amergo bagine dewek'e alunan swara musik seng
endah iku bisa ngambyar'ake pikiran seng susah, kesel lan
sak lia liane. Asal dewek'e isao seneng lang bungah ing acara
kasebut. Para warga padaodo sorak seneng, lan ngguyu
bareng.

Ing acara iki yo enek seng gawe kerusuhan, yaiku


wong seng ngombe omben ngrusak acara iki yaiku joget-joget
neng panggung dadi maleh nutupi dewan juri seng bagian biji.
6Ra let sui sidone wong ra nggenah kui diamanke karo
panitia bagian keaamanan. Acara dilanjutke sampek akhir.

Acara sing keri dewe yaiku acara kirap tumpeng lan


obor. Acara iki sing paling diarep-arep para marang kabeh
warga. Acara terakhir iki kabeh warga dikumpulke lan
dibarisake toto tata rapi. Setiap warga dikarep'ake meneng
anteng lan nduweni batin apaik, opo sing dikarep'ake ing
acara kirap tumpeng iki.

Kirab iki dilaksanakake bengi jam 8 bengi nganti sampe.


Kirab iki dibuak gawe tarian Gambyong lan sumetan obor Pak
lurah.

"Pak lurah dipersiap'aken mimpin warganipun, ucap


panitia kasebut". "Assalamualaikum warahmatullahi
wabarokattu, para warga Sukorejo ayo kitao sedayaoyo
sesarengan dedonga manjat'aken doa marang gusti koang
kuwosokuwasa, supoyo supaya adik-adik, rekan-rekan lan
warga sedayaoyo diparingi kesabaran, kesuksesan lan
kelancaran ing acara penutupan festifal Suko Sewu,
ngendikan Pak lurah".

Sak bare dongao iring-iringan umbul-umbul mlaku ing


barisan paling ngarep.banjur disusul barisan Pak Bupati lan
Pak Lurah.Kirab iki lancar lan khitmat.

Sak bare teko Finish Pak Bupati banjur Sambutan lan


Nutup kabeh acara seng wess dilaksanakake kanti Nyebol
Obor.

***
BALAPAN
Anggitane: Alfadhoru Gilang/3/8G

Ing jaman millennial kaya saiki, akeh bocah cilik sing


wis padha isa numpak motor. Ora diragukake maneh, bocah
saiki padha pinter-pinter wisan. Pinter numpak motor, pinter
bab teknologi, uga ora saithik sing pinter ngapusi. Kok bocah
cilik. Wong gedhi wae isih isa ngapusi.

Jamane globalisasi, jaman sarwa modern. Salah sijine


yaiku, Aji sing lagi umur 11 taun. Bocah kelas 5 SD kuwi
sajake wis kaya pembalap. Wasis banget anggone nyetir
motor. Amarga saka wis kepenake numpak motor, dheweke
banjur nyandi-nyandi gawa motor. Seje banget karo jamane
biyen sing nyandi-nyandi isih mlaku, utawa gawa pit pancal.
Bocah saiki jan, modern tenan.

Sore iku, kancane Aji sing jenenge Fatih dolan


menyang omahe.

“Jiii Aji…” Fatih mbengoki Aji.

Wektu iku kira-kira wae Aji isih ana mburi, dadine ora
ana sing sumaur.

“Jiii ayoo budhal. Dakenteni saiki ing lapangan!”


bengoke Fatih.

Pisan maneh ora ana sing mangsuli, kepara malah


tanggane Aji sing nalika iku lagi ngumbah montor ing ngarep
omah. Wong lete ora pati adoh.
“Ana apa ta Le. Ndhayoh gone wong ki mbok ya sing
becik!.” jJawabe tanggane Aji.

Wong jenenge wae jaman milenial, jaman modern.


Akeh bocah kang ora nduwe tata krama. Akeh bocah kang ora
nduweni unggah-ungguh. Mara menyang omahe kanca tanpa
tedheng aling-aling langsung bengak bengok. Ya kaya Fatih,
kancane Aji kuwi mau.

Yen dideleng saka pawakane, bocah e kuru, ringkih.


Rambute setengah disemir, kupinge tindhikan. MasyaAllah,
gawe ati ngelus dhadha. Jaman saiki kok kaya ngene.

Sing diceramahi banjur mlengos, dheweke katon isin.


Fatih mung bisa ndhingkluk sinambi ngenteni Aji.

“Siiik dhilut wae!” bengoke Aji kranga saka kadohan.

“Gek ndang, aja suwe-suwe. Selak ditinggal kancane!”


tambahe si Fatih.

“Pyaarrr….” Saka njero omahe Aji krungu swara piring


pecah.

“Heh, apa kuwi mau Ji? Kowe lagi nyapo?” Fatih sajak
kuwatir. Banjur Aji metu saka omahe.

“Hehehe… ora sengaja. Merga kesusu mbok celuk


mau piringku mrucut saka tangan Jon!” saure Aji

“Jabang bayik! Kowe mau sik madhang ta tibake!”

“Iya ta, wong urip ya luwe barang kok. Ya madhang.


Masane kowe ye ora tau dimasakake wong ngomah” jawabe
Aji.
Ora merga Fatih ora tau dimasakake dening ibune,
nanging Fatih sing seneng mangan metu njaba. Gayane kaya
wong yes. Nyandi-nyandi gawane motor. Menggok kene,
menggok warung kana, menggok angkringan kene. Uripe
pokoke ayem banget.

“Weteng wae sing digedhekke Jon Jon!” fFatih nyauri.

“Wis, aja omong wae kowe. Apa karepmu rene mau?”


pitakone Aji.

“Sida pora wingi, jarene arep nantang balapan motor?


Aku wis siyap hlo.” Swarane Fatih sajak nantang Aji

“Yeh, iki temenan ta? Tak kira yen mung guyonan.”

“Aja ngawur kowe. Ya tenanan iki ngono. Ayo gek


ndang siyap siyap. Gek budhal. Kae kancane adhewe wis dha
mlumpuk ing Lapangan.” Jlentrehe Fatih

“Yen kalah aja nangis hlo ya”, aku ngledhek

“Mesthi bakal menang aku, wong motorku paling apik


dhewe ing Desa iki kok.” Fatih sajak gumedhe.

Aji banjur ngetokake sepedhah montor keluaran


terbaru saka garasi omahe. Motor wiwit dipanasi, merga
sedina durung digawe.

Bareng motor wis panas,

“Wis siap? Ayo nyoba dijajal ing dalanan iki ya,


sadurunge balapan ning blok sawah sing sepi kana.” Jlentrehe
Aji.

“Siap wae Jon, ayo dhisik-dhisikan tekan sawahan.”


“Ngeeng ngeeng…” motor sajak digas banter, swarane
gumlegar. Para tanggane Aji padha kaget. Kaya swara
Guntur.

Bareng digas, kalorone padha adu banter. Kaya


pembalap sing arane Rossi lan Lorenzo. Udakara sak kilonan
meter, wis meh tekan dalan sawahan, Aji ngurupake klakson.
Ora nyana ora ngira jebul ana bakul bakso lewat, sing rikala
iku ora ngerti yen ana motor GP liwat.

“Thing..thing..thing..thing..thing.” swarane khas


mangkok sing dithuthuki dening sing dodol bakso.

Saka arah lawan, pranyata ana motor Rosi liwat.


Merga let e wis lumayan cedhak, tanpa pikir dawa tukang
bakso sing kaget banjur reflek ngeculake grobake. Grobak
mlayu ing tengah ratan, ditampani motor Rosi lan Lorenzo.

Kabeh padha gugupe. Kahanan ora kena direm.


Grobak bakso ketabrak motor, untung wae bakule nyisih
minggir ora ketabrak. Upamane ketabrak ngono bakal saya
akeh rugine. Aji lan kancane totalan.

“Ya Allah, grobakku… baksoku…” bengoke bakul


bakso karo sinambi nyekeli sirah sajak mumet.

Aji lan kancane bisa ngendhalekake motore. Sujune


ora melu ambruk awor grobak penthol. Bakul bakso ndheprok
ing lemah. Aji lan Fatih ngampiri.

“Sepurane pak, Sepurane sing kathah.” uUjare Aji.

“Nggih pak, anu.. anu…kula lan kanca kula mboten


sengaja.” fFatih sajak keweden.
“Kepriye ta polahmu ki le…le! Wong dalanan kaya
ngene kok mbok nggo balapan.” sSambate bakul bakso karo
nangisi grobake. Sajak ora ikhlas.

“Kowe kabeh pokoke kudu ngganti grobak lan baksoku


nganti mbalik kaya asline!” panjaluke si bakul bakso.

“Nggih, pak sepurane. Mangke kula aturaken bapak


kula. Kula ganti kalih rencang kula.” jJawabe Aji.

Pungkasane, katelune padha menyang omahe Aji.


Nemoni bapake Aji lan Fatih sing wong tuwane iku uga melu
ditekake ing omahe Aji. Padha rembugan penake kepriye.
Tanggung jawabe bocah-bocah pembalap mau.

***
KATRESNAN MARANG ALAM
Anngitane: Sepfhilla Diva Amadea/28/8D

Sinta, Rina, lan Tina mesthi mlaku-mlaku saben esuk ing


dina minggu. Katelune tansah seneng hawa adhem nalika
esuk. Kadhangkala dheweke uga sepedhahan bebarengan.
Bocah telu kuwi ora bakal bosen karo pemandangan wit-witan
sing ijo lan seger katon ngresepake. Sinta, Rina, lan Tina
yaiku wong sing cinta karo lingkungan.

“Sejuk banget ya cah hawane”

“iya e. sejuuuuk”

“Mripatku suwe-suwe sehat kok ki ngko ya. Yen


masyarake padha guyup rukun njaga karesikane lingkungan.”

“Muga wae bisa sakteruse kaya mangkene”

“Amiiin”

Karo nyawang tetanduran sing katon ijo royo-royo, lan


kahanan e dalan kang resik tur sedhep disawang, katelune
bareng-bareng nyanyi-nyanyi. Supaya nambahi gayenge
mlaku-mlaku esuk kuwi.

Sing dinyanyekke lagu sing rikala iku lagi hits ing kalangan
para mudha. Tembang e Jawa, ning dikoplokake.

“Aku ngalah dudu merga aku wis ra sayang.


Aku mundur dudu merga tresnaku wis ilang.

Nanging, aku iki ngerteni

Yen dirimu lebih sayang arek kae.

Aku mundur alon-alon merga sadar aku sapa

Mung digoleki pas atimu perih

Aku mundur alon-alon merga sadar aku sapa

Mung dibutuhna pas atimu lara.”

Lagu sing hits ing jamane iku, wis ditonton jutaan wong
ning youtube. Wiwit kondhang merga isine sing dirasa pas
karo keadaane para remaja. Mula para remaja seneng tur
gampang apal karo lagu-lagu kuwi.

Mbalik maneh ing critane bocah telu mau. Sinta mesthi


mbuwang sampah ing papane, kanthi rajin nyiram kembang,
lan mesthi mbantu ibu ne ngresiki omah. Adhewe kudu nyonto
sifat dheweke wiwit saiki. Amarga sifat tresna karo lingkungan
iki, kudu diwarisne ing anak lan putu.

Ing sawijining dina, Sinta, Rina, lan Tina weruh ana wong
sing mbuwang sampah ing kalen. Akibaté, aliran banyu ora
lancar amarga dikepaki sampah.

"Ayo ngresiki sampah ing kalen supaya banyu mili


lancar maneh," ujare Rina nalika ngajak kanca-kancane
ngresiki kalen.

"Ayooo ... Aku setuju," ujare sinta lan Tina setuju karo
pendapate Rina. Dheweke langsung njupuk peralatan kanggo
ngresiki kalen. Tanpa anteng maneh, dheweke langsung
ngresiki sampah ing kalen kanthi semangat.

Nalika ing tengah ngresiki kalen, dheweke krasa kesel


banget.

"Cah .. Aku kesel banget," ujare sinta banjur ngusapi


kringet saka bathuk.

"Istirahat sedhela wae," ujare Rina. Nalika lagi istirahat,


ujug-ujug enek bakul es krim liwat. Pungkasane, dheweke bisa
tuku es krim. Sawise tuku es krim, Tina mbuwang bungkus es
krim kanthi sembarangan. Nanging dingerteni Sinta lan Rina.

"Tin, iki bungkus es krim e sampeyan?" takon sinta.

"O..Ora," wangsulane Tina.

"Nanging, aku weruh sampeyan mbuwang bungkus es


krim kanthi sembarangan," ujare Rina.

"Ora apa-apa, sampeyan jujur, adhewe ora bakal nesu


karo sampeyan," ujare sinta.

"Yo, sepurane, aku sing mbuwang bungkus es krim,"


ujare Tina. Pungkasane, Tina ngakoni kesalahane, lan
langsung njupuk bungkus es krim lan buwangake ing tong
sampah.

Sinta, Rina, lan Tina nerusake kegiatan kanggo


ngresiki kalen maneh. Kanthi semangat lan kerja sama,
dheweke akhire kasil ngresiki kalen. Saluran katon resik lan
nggawe banyu mili lancar maneh. Dheweke seneng banget
lan bangga karo kerja kerase.
Dheweke nerusake kegiatan liyane, kayata nyiram
tanduran supaya tanduran bisa mekar. Lan nyapu pekarangan
supaya latar omah katon resik. Wong tuwane bangga banget
karo sifat cinta alam sing diduweni dheweke. Adewe kudu bisa
njaga kebersihan alam. Amergo, alam seng Indah, sejuk, lan
asri, bisa gawe adewe urip nyaman, aman lan tentram.

Nalika katelune padha reresik lan nyiram tanduran. Supaya


tambah gayeng maneh wiwit disetel radio sing wektu iku
ngepasi lagu Kartonyono Medhot janji diputer.

Kok kebangeten men


Sambat belas ra ana perhatian
Jelas kubutuh atimu
Kubutuh awakmu
Kok kebangeten men

Lara ati iki


Tambarna karo tak nggo latian
Sok nek wis oleh gantimu
Wis ra kajog aku
Merga wis tau, wis tau jeru
………………………………………..

Nambahi gayeng tenan anggone bocah telu kuwi mau


resik-resik lingkungane. Merga wis diwulangke bu gurune ing
sekolah bab karesikan lingkungan lan peduli lingkungan. Dadi
katelune katon prigel anggone ngramut tanduran. Karo nyanyi
gegojegan bareng, swasane dadi endah banget. Padha karo
endahe tanduran lan lingkungan kang wis diramut kanthi
becik.

***
LIBURAN NING BLITAR
Anggitane: Safa Elfareta Putri/29/8F

Akhir Ddesember 2018 aku lan keluargaku liburan


menyang Blitar. Aku lan keluargaku budhal menyang Blitar
minggu esuk. Perjalanan Ponorogo-Blitar rada macet,
amaerga akeh wong padha liburan. Nyoba refres saka
penggaweyan kang seminggu utuh dilakoni kanggo golek
rejeki. Tujuane dolan neng Blitar yaiku Makam Bung Karno.
Nalika arep neng Makame Bung Karno, aku lan keluargaku
numpak becak. Amarga parkire mobil ya lumayan adoh saka
lokasi.

Ing kana aku ziarah neng Makame Bung Karno. Banjur


aku tuku oleh oleh seng eneng area Makame Bung Karno. Ing
kono akeh wong dodol rena-rena. Aku tuku kaos, tas rajut,
panganan khas Blitar. Ibukku tuku petai, gula aren, karo
jajanan. Bubar blanja, aku lan keluargaku ketemu tanggaku ya
pas iku ziarah ing Makame Bung Karno.

Aku lan keluargaku mangan bakso bareng karo


tonggoku. Tujuanku keloro neng Kampung Coklat, neng kana
aku lan keluargaku mubeng-mubeng, bar kui mandhek ing
salah sijine café neng Kampung Coklat.

Ing kana akeh menu menu ombe lan panganan, banjur


kuwi aku lan keluargaku pesen ombe lan panganan. Sawise
mangan lan ngombe aku lan keluargaku ngelanjutne mubeng
mubeng lan golek oleh oleh maneh khas Kampung coklat.
Sakbare kuwi aku lan keluargaku tuku oleh oleh Akeh lan
renoa renao coklat neng kono kana lan jajanan liane. Milih
oleh oleh aku lan keluargaku tuku buah neng pinggir ndalan.
Saenadyan isih awan, bakul-bakul jajan wis padha jejer. Sing
arep tuku ya wis akeh.

Ing Blitar akeh banget wong dodol nganggo lapak ing


pinggir dalan. Ana sing dodol es jus, pitik goreing, tcem*oe,
rondhe, martabak, lan sapiturute. Aku seneng yen tuku mrana,
awit regane murah tur panggonane resik. Maklum, bakul siji
lan sijine ora gelem kalah bersaing supaya pelanggane tetep
tuku marang lapake dhewe-dhewe. Sabanjure, mobil diparkir
ing pinggir ratan sing isih longgar. Supaya kena kanggo lewat
kendharaan liyane. Aku lan keluargaku age-age pesen.

“Mas, jus alpukat siji wae.” Panjalukku.

“Aku jus Apel mas, ora kathik es”, masku uga pesen

“Bapak lan Ibu ngunjuk napa?” pitakonku.

“Ibuk tehhe anget wae ndhuk.” Batinku, kok mayar


temen pesene ibukku.

“Bapak?”

“Bapak cemoe wae. Golek sing anget-anget.”


Panjaluke bapak.

“Age-age ya mbak, selak ngelak iki!”

“Inggih, sekedhap mbak. Dipunrantos nggih.” Bakule


sajak ngakon sabar aku.

Sawise padha leren ing pinggir ndalan, aku lan


keluarga nerusake perjalanan ning Pantai Gemah Tulung
Agung. Ing perjalanan arep neng Pantai ngelewati gunung
gunung seng okeh pemandangane ijo royo royo katon asri.
“Upama wae omahe awake dhewe ing kene ya buk.”
Angen-angenku karo nyawang kaendahane alam.

“Lha kowe apa wis ora krasan manggon ana omah ta


ndhuk? Kok sajake ….”, jawabe ibuku katon curiga.

“Mboteeenn. Maksud kula niku…” urung dak bacutake,


masku nyambung

“Helleeeh, pad4ine….” Masku ngenyek

“Gur yen nduwe omah neng pegunungan ngene ki lak


katon asri ta mas. Sabendina isa nyawang alam kang ijo royo-
royo.” Bayanganku karo mesam-mesem dhewe sajak wis
kenyataan wae.

“Betul ndhuk!” pambelane bapakku

“Seje karo nggone awake dhewe ya, sabendina akeh


polusine. Ora jarang yen tanggane dhewe akeh sing padha
nduwe lara asma.

“Betul…betul…betul…” jawabku karo nerokake logate


Upin-Ipin.

Tekan Pantai aku sholat dhisek bar kuwi aku nyewa


motor triel mubeng mubeng sekitare Pantai.

“Tuluung…tuluung…tuluuung…”

Sakawit ana swarane pawongan sing njaluk tulung.


Wong-wong padha kaget. Bareng digoleki swarane asale saka
arah pantai. Jebul ana pawongan sing numpak motor trel trus
keblabasen nganti nabrak laut.

“Tulungana pak, tulungana aku”


Swasanane nggegirisi banget. Aku wae ora wani
nyedhak. Mung bapak-bapak kuwi sing akhire bisa nylametake
pawongan sing meh keleleb banyu laut.

Larah-larahe kepriye aku ora ngerti. Bakune, wong


sing meh klelep mau banjur digawa menyang Rumah sakit
supaya entuk penanganan saka pihak medis.

Sabanjure ana tragedhi kui, aku lan keluargaku


ngelanjut koceh neng pantai. Ing kono aku dolanan ombak lan
atiku seneng banget nganti ora krasa wektune wis sore terus
aku ngantri adus salin klambi, sabubare ganti klambi terus
golek maem neng sekitare pantai.

Ibuk ku neng kanaono tuku iwak tuna panggang, cumi


panggang, kepiting, urang lan, liya-liyane. Ora krasa Ibuk ku
blonjone wis akeh nganti nggawane abot. Aku karo keluargaku
mulih saka Pantai. Ing perjalanan tekao Trenggalek ya isih
tuku oleh oleh khas Trenggalek (Alen Alen, Kripik Tempe,
Krupuk Rambak, Kripik Gadung, Sale Pisang, Karo Liya
Liyane) nganti ora krasa mobile kebek jajan.

Pungkasane liburan, atiku seneng banget. Sajrone


liburan iki, akeh banget sing dak temoni. Wiwit saka
perjuwangane wong dodolan ing pinggir ratan sing tansah
kudu sabar nunggu pelanggan e ngampiri. Saliyane iku, aku
mangerteni bab kanugrahaning Gusti kang Murbeng Dumadi.
Awit saka mripat sehat iki, aku bisa nyawang kaendahane
alam. Sing pungkasan, aku mangerteni nilai-nilai sosial, nalika
para bapak-bapak sing ning pantai mau aweh pambiyantu
marang pawongan sing meh kleleb ing pantai.
Dhuh Gusti, matur nuwun dhumateng sedaya
kanikmatan ingkang sampun panjenengan paringaken
dhumateng kawula lan kulawarga.

***
KATELEDORANKU
Anggitane: Resta Nurlyando Setya P./29/8I

Kelingan jaman isih sekolah ana ing SMP. Kedadeyan


sing ngisin-ngisinake lan banget gawe cuwane wong tuwaku.
Dinane Selasa, wengi sadurunge aku sinau ngarang cerkak.
Merga oleh tugas saka pak guru basa Jawa. Wektu kuwi aku
nggawe judhul cerkak “Lintange kang Sumunar”. Karangane
wae isih durung patiya sempurna, isih kelas ecek-ecek.
Upama kenek dibiji ngono, mungkin urung tembus nilai 70.

Pak Guru bola-bali ndhawuhi siswa-siswa ne ngarang


cerkak. Amarga cerkak ngono rada kepenak nggawene.
Tinimbang nggawe geguritan sing kudu ana diksi ne, ana
purwakanthine, gaya bahasa, lan isih akeh banget syarat-
syarate gawe puisi Jawa iku. Yen cerkak lak bisa dijupukake
saka crita sadina-dina. Dadi aku bisa wae ngembangake
karyaku lewat panguripanku saben dina. Kari nuangke ing
tulisan.

“Wis jam sepuluh, ndang gage mapan ning kamar,


ndhuk!” ibuku wiwit ngakon aku turu. Jam 10 ngono dudu jam
e bocah sekolah.

Aku ora bisa turu, merga kepikiran cerkak ku. Jebul


angel banget ngarang cerkak. Kudu nggunakake basa kang
baku.

“Aaaahh, mumet” atiku nggrundel


“Inggih ibuk, niki pun meh rampung sinaune.”
Pambengokku marang ibuku.

Daksawang jam sing ana ing tembok kamarku, jarum


sing cilik ana ing pandom 11. Jarum sing dawa ana ing
pandom angka 6. Berarti iki wis meh tengah wengi?? Aku
durung bisa turu, isih mikir tembung apa sing coco2g tak nggo
nerusake nulis cerkak. Pokoke wengi iku judhule CERKAK.

Sing dak eling-eling mung tugas cerkak, liyane ora


dakgagas. Awit, pelajaran basa Jawa kuwi pelajaran sing
paling dak senengi. Mula yen ana tugas saka pak guru basa
Jawa, aku mesthi rampung dhisik dhewe. Apa maneh yen kon
nulis aksara Jawa, aku mesthi dhisik dhewe maju. Liyane isih
golek-golek conto ing pepak. Apalanku aksara Jawa wis
nglonthok ing sirah.

Mbuh, arep dakwiwiti saka ngendi olehku crita. Suwe-


suwe, mripatku wis ora kena dilekake. Nyawang kertas sajak
mblero. Ora fo2cus maneh. Tulisane dadi dhobel. Aku
ngantuk. Cerkak sing sik oleh sak lembar punjul sithik kuwi
dak glethakake. Aku wiwit mancal kemul.

“Tangi, ndhuk. Subuhan.”

Mripatku kriyip-kriyip, ndeleng jam wis jam 5. Aku


banjur myat tangi eling solat.

“Enggih, buk.”

Dina kuwi subuhanku rada telat. Biasane aku melu


jamaah subuh karo ibuku ana mesjid. Cedhak, mung satus
meteran. Jamaah Ssubuh ing daerahku ngono wonge kena
diitung tangan. Kepara ora ana sepuluh. Bangunane wae sing
katon apik, nanging isine ZONK.
“Kok kadingaren tangimu rada awan, ndhuk. Ibu ya ora
wani nangekake awakmu, sajak e rada kesel ngono sewengi
bar nggarap tugas.”

“Enggih buk, kala dalu ngantos jam sewelas mboten


saged tilem. Mikiraken tugas e pak guru Basa Jawa ngarang
cerkak.”

“Yawis, saiki ndang adus trus sarapan. Mengko


mundhak telat.”

Aku lekas nyandhak andhuk, age-age adus. Merga aku


budhal sekolah dipapag ACS, mula aku kudu ndang siyap
siyap dhisik. Supaya angkodes e ora kesuwen nunggu aku.

“Buk, kula budhal.” Karo salim ibuk

“Ora sarapan dhisik ta?”

“Mboten, nika ACS e meh dugi.”

“Sarapanmu njur kepriye?”

“Tumbas ten kantin mawon buk, napa w6nten kopsis.


Beres pun, sampun kuwatos.”

ACS wiwit budhal emnyang 0enyang sekolahan. Ibuku


ngeteraku aku tekan ngarep omah. Mesthekne yen anake
slamet munggah ACS lan slamet tekan sekolahan.

Tekan sekolahan, aku disambut bapak ibu guru sing


nalika iku isih piket ing gerbang ngarep sekolahan. Sekolah
faforit je, gurune uga faforit kabeh. Budaya saliman ditrapake.
Durung nganti tekan ngarep kelas, aku wis dibengoki
dening salah siji kancaku sing wektu kuwi ana ing sak
mburiku.

“Res, Resta….”

“Nyapo?” pitakonku singkat padhat jelas.

“Kae digoleki ibumu. Saiki karo bapak ibu guru ing


regol ngarep sekolah.”

“He? Hla nyapo ibuku mrene? Apa arep melu sekolah


aku?” pitakonku marang kancaku karo guyon.

“Embuh, ranaa dhewe njajal!”

Saka kadohan, ibuku katon ngawe-ngawe aku. Karo


nggawa selembaran kertas. Ing batin aku mikir, geneya ibuku
nututi aku sekolah. Masa lek ngeteri aku sangu? Apa dhuwitk
kaknggo bayar SPP?

“Wonten napa buk? Kok panjenengan nututi kula.”

“Ibu nemokake kertas ing ngisor meja belajarmu. Iki


kanggo apa ora?”

“Astaghfirullah. Nggih buk, penting banget niki. Tugas


saking pak guru Basa Jawa.”

“Bener ta feeling e ibuk. Iki mesthi kertas penting. Mula


daksusulake rene.”

“Alhamdulillah, matur nuwun, buk. Yen mboten wonten


kertas niki, mangke kula lak diukum ten ngajeng kelas.”

“Iya, wis kana ndang mlebu kelas.”


“Nggih, buk. Matur nuwun.” Panuwunku sinambi salim
maneh.

“Iki bekale dakgawakake, ndhuk. Kowe mau durung


sarapan ta?”

“Oo nggih. Dereng. Hehehehe”

Untung wae nalurine ibuku apik banget. Tugasku keri,


diterake ing sekolahan. Aku urung sarapan, digawani bekal.
Kurang penak piye jal dadi anak wedok?

Iki ngono merga mambengi aku turu kewengen, njur


isuke lali nyiapake buku. Untung wae ibuku cekatan, yen ora
ana ibuku paling aku wis disetrap ana ngarep kelas dening
pak guru.

“Alhamdulillah, matur nuwun ibuk. Sepurane, merga


keteledhoranku panjenengan dadi saya repot.” Batinku.

***
GUMEDHE (SOMBONG)
Anggitane: Dinda Olivia/14/8I

Ing sawijining desa, ana bocah sing sombong. Bocah


iku jenenge Tono. Tono yaiku bocah sing pancen sombong ing
desa iku. Ing wayah sore, Tono mubeng-mubeng desa kanggo
mamerake sepedhah motore sing anyar.

Motor anyare iku dudu saka asil kringete dhewe. Ning


saka dhuwike bapakane. Jan, kok ya ana wae bocah sing
kaya ngono. Kejaba yen motor e kuwi oleh asile nyambut
gawe dhewe, kerja kerase dhewe, tanggane ora patiya nyinyir.
Bareng kuwi bandhane wong tuwane wae kok isih isa
sombong.

Wayah sore ngene iki, akeh warga desa sing padha


jagongan ana ngarep omah. Sing kerja ing kantor uga wis
mulih, sing kerja serabutan wis wiwit leyeh-leyeh ing teras
ngarep omha sinambi jagong karo anak bojone. Bocah cilik-
cilik uga padha rame. Merga biasane bubar ngaji sore, bocah-
bocah isih padha seneng gegojegan bareng ing ratan.

Tanggane Tono iku ana sing mbukak TPQ. Taman


Pembelajaran Qur’an. Murite akeh banget, bocah pirang-
pirang ndesa padha nglumpuk ngaji ing kono. Merga winatese
e papan panggonan lan wong sing bisa mulang ngaji.

“Thin thin thin Thin thin thin…” swara motor anyar liwat
ing ngarep omah e para warga.
“mangga… mangga…” jebule, sing nglakson mau Tono
ndudohake yen motore anyar

Tanggane padha godhek-godhek. Nyawang motore


Tono sing kinclong. Werna abang kecampuran ireng ana
slerete putih sithik ing bageyan slebor ngarep. Bodine motor
sip, gedhe, ning dudu 0moge (motor Ggedhe).

Sadhel e motor katon empuk banget, yen disawang.


Sajak Tono iku nyaman banget mengkruk ing motore.

“Sawangen kae bu, sawangen.” Dudu nyanyi lagu


Sawangen hlo ya.

“byuh byuh byuh, anyar maneh.”

“Wingi wis pamer jam tangan, klambi, saiki motor genti


sing dipamerke.” Tanggane nyinyir

“Sesuk genti pamer apa maneh ya?”

Sajak e tangga teparone Tono wis paham yen Tono


kuwi wonge gumedhe. Ana barang anyar apa wae mesthi
dipamerake. Yen bisa dilagokake no paling kaya lagune Nella
Karisma sing judhule pamer bojo. Ning yen Tono iki pamer
motor anyar. Nyoba nyanyi sik wae lah, ben tambah semangat
maca cerkak e. hahahah

Kaya ngene rasane wong kang nandang kangen

Rina wengi atiku rasane peteng

Tansah kelingan kepengin nyawang

Sedhela wae uwis emoh tenan

………………………………………
Dudu klambi anyar sing neng njero lemariku

Nanging bojo anyar sing mbok pamerke neng aku

Dudu wangi mawar sing tak sawang neng mripatku

Nanging bojo anyar sing mbok pamerke neng aku

……………………………………….

"He para warga! delengen sepedha motorku sing


anyar." Omongan Tono sing sombong.

Para warga padha ngrumbul ndheleng sepedhahe


Tono sing anyar.

Tono ndheleng ana Rani lagi dodolan sega pecel ing


pinggir dalan, dheweke banjur marani Rani karo numpak
sepedhah e sing anyar iku.

"Ran, kowe nyapo dodol sega pecel ing pinggir dalan?"

"Aku dodol sega pecel ing pinggir dalan, amarga aku


kepingin mbantu wong tuwaku. Ora kaya kowe sing gawene
males-malesan lan pamer bandhane wong tuwamu." Jlentrehe
Rani.

"Oooo… Dhasar bocah mlarat!" Tono ngelek-ngelek


Rini karo mancal sepedha siap-siap nabrak dagangane Rani.

Tono pegel karo Rani, amarga Rani wis ngelek-ngelek


dheweke ing gerumbulan warga.

“Brok!” swarane grobage Rini sengaja ditabrak Tono.

“Dhuh Gustiiii.., dagangankuuu ….” Sambate Rini.


Pawongan sing padha nggrumbul ing dalan mau padha
ngrewangi Rani. Ana sing njupuki sayure, ana sing melu
njupuki dagangane Rani. Tangga teparo padha guyup rukun
cancut tali wanda mbiyantu Rani.

“Rasakna!” surake Tono marang Rani

“Gusti Allah ora tau sare. Kowe bakal antuk pinwales


e!” Rini karo mingsek-mingsek merga dagangane dadi
semrawut kabeh.

“Iki ndhuk, ayo tangi. Wis ora usah mikir Tono sing
pekok iku.”

“Sing sabar ya, Rani.” Tanggane sajak padha


mesakake Rani.

Tanpa nduweni rasa salah, Tono banjur bali menyang


omahe. Tekan omah, dheweke turu nganti ora shalat magrib
lan isyak. Tono kuwi wong abangan, KTP ne islam ning ora
tau salat. Islam KTP yen ngarani wong-wong. Seje karo bapak
ibuk e Tono sing dikurmati marang wong desane kana. Bapak
e Tono sholeh, ibune sholehah. Ora nate absen yen sholat ing
masjid. Mbuh kok isa-isane nduwe anak kaya Tono ngono
kuwi. Mendahneya isine wong tuwane.

Pas wayah wengi kira-kira jam 1 nan, Tono ing pawon


golek panganan, luwe merga turune isih sore. Sore mau bar
nabrak grobage Rina langsung turu. Tono kaget, dheweke
krungu swara kaca pecah.

"Grumpyang..............."

Tono noleh, "Sapa iku ?"


Tono nginceng saka cendhela kamar wong tuwane.
Dheweke ndeleng ana maling sing njukuk i emas, dhuwit lan
bandhane wong tuwane. Tono kaget, banjur metu saka omah
karo bengok,

"Maling....,maling.... maliiiiing"

Para warga padha tangi, padha mara ing omahe Tono.


Ngertakne 0ertakne keluargane Tono. Malinge wis mlayu
adoh. Tim hansip lapor ing pos pulisi sing cedhek. Para warga
padha bubar. Saloke isih padha ndeleng keluargane Tono sing
padha nangisi badhane.

Wong tuwane Tono rada wis sareh atine, wis isa


nampa kahanane. Ning Tono isih bingung amarga emas,
dhuwit e ilang kabeh dijupuk maling. Tono banjur mlebu omah
karo mondar-mandir.

"Piye iki......?Piye........?,aku wis ora nduwe apa-apa


maneh. Aku mlarat saiki!." Ketok e Tono setres kelangan
bandha donyane.

Rani krungu yen keluargane Tono kesripahan. Sesuke,


Rani ngertakne mara menyang omah e Tono.

“Pak, buk, kula ndherek prihatin.”

“Iya ndhuk, matur nuwun, muga-muga malinge ndang


bisa ketangkep.”

“Tono, sing sabar ya.” Kandhane Rani.

“Sepurane sing akeh ya Ran, aku wingi wis nabrak


daganganmu. Saiki aku oleh ganjarane saka perbuwatanku
marang awakmu.”
“Ora papa, Ton. Wis dak ngapura kesalahanmu wingi.
Ora usah dipikir kedlarung-dlarung. Mengko awakmu
mundhak lara.” Kandhane Tono.

“Aku wis ngerti saiki apa sing dikarepake dening Gusti.


Akhire aku sadhar. Aku kudu nyambut gawe, mbantu wong
tuwaku sing wis sepuh. Aku ora bakal sombong maneh. Ya iki
akibate yen aku sombong.” Wangsulane karo nangis ngguguk
ing ngarepe Rani.

“Sing uwis ya uwis, awakmu kudu ngadhepi lelakon


uripmu sing saiki wis beda karo jaman biyen. Terus semangat
lan aja pantang menyerah. Kowe kudu kuwat.”

Sabubare kedadeyan kuwi mau, Tono malih malik


grembyang 180 drajat. Dheweke dadi bocah sing seneng
gemi. Nyambut gawene mempeng. Dheweke uga kerep
mbantu Rani ing masalah apa wae. Kekarone saiki dadi dulur.

***
PENDIDIKAN KANG WIGATI
Anggitane: Amalia Permata/4/8G

Lia, bocah rolas taun kang saiki kelas enem SD ing


Bangunsari iku kalebu bocah kang pinter, landhep pikire,
wasis ing samubarang kaprigelan utamane bab pengetahuan.
Nalika iku dheweke ora kenal karo sing jenenge gadged.
Biasane bocah saiki kan samubarang tugas goleke ing
Ggadged. Jegeg tenan. Jamane sarwa teknologi.

“TengHENG-THENGtheng-THENGtheng!” swara bel


ngaso keprungu banter banget. Amarga wektu iki pas mati
lampu, dadine bel sing biasane muni saka spiker sekolahan,
dina iku kudu nggunakake bel manual sing swarane kaya
petir.

Bocah-bocah padha mlayu metu saka kelas, tumuju


kantin lan kopsis sekolah. Ora maido, wong ya padha urung
sarapan. Lembaga SD iku muride akeh banget, meh telung
atusan. Mulane nalika wayah ngaso, siswa ne padha ura
dhewe-dhewe. Paribasan manuk ngono lagi metu saka
kurungane sing wis mataun-taun ora ngrasakake kebebasane
hawa.

“Adhuh, aja disenggol ta!” sambate kancane Lia sing


nalika iku tangane digip merga mentas tiba saka undhak-
undhakan sekolah.

“Sepurane, ora sengaja”. Jelase kancane Lia sing


nyenggol mau.
“Mula ta, nduwe mripat iku dianggo. Aja mung kanggo
nyawang HP wae.” Lia wiwit pegel sajak ora trima yen
kancane sing tangane lara disenggol sithik wae.

Ora merga senggolane, merga ya pancen murid e


akeh. Dadine nalika ngaso kahanane rame banget. Njur sing
mlaku isa-isane nyawang HP. Bab kuwi sing marai Lia pegel.
Wiwit kedadeyan iku, Lia pegel banget yen ana wong mlaku
terus sing disawang HP ne.

Sewulan maneh, bakal dianakake Ujian Akhir Sekolah.


Lia sinau mempeng. Seje karo kanca-kancane sing kadhang
sok dolanan HP, sing jarene lagi tren. Lia sing wektu iku ya
kalebu generasi milenial, dheweke ora kenal sing jenenge HP.
Dheweke terus sinau mempeng ora kenal wayah.

“Ya, iki lo. Tak dudohi sing jenenge handphone ki


ngene iki lo.” kandhane Lisa sing nyoba ndudohake aplikasi
Instagram marang Lia.

“Aku ora ngerti, dolanana dhewe wae!” jawabe Lia


teges. Sajak ora seneng karo sing jenenge HP.

“Ayo Ya, awake dhewe ki generasi milenial, aja nganti


katrok ora ngerti bab perkembangan jaman. Mengko mundhak
ketinggalan informasi hlo.” Jawabe Lisa

“Pikir keri!” tandhese Lia.

Ujian Sekolah wis rampung, hasile uga wis metu.


Pemerintah Kabupaten Ponorogo ngumumake peringkat ujian
sa- Ponorogo. Lia kalebu bocah prestasi kang nyandhang
peringkat 3 besar sa- kabupaten Ponorogo.
Mendahneya bungahe kulawargane Lia marang
prestasi kang ditorehke Lia.

“Alhamdulillah, Ndhuk. Awakmu bisa nggawe bungahe


atine bapak lan ibu.” Kandhane bapak ibune Lia

“Inggih bapak. Prestasi iki bakal kula terusaken


ngantos tamat sekolah.” Sanggupe Lia marang bapake lan
ibune.

“Muga-muga kowe dadi bocah sing sholehah ya ndhuk,


bekti karo wong tuwa loro” pandongane bapak ibune Lia.

Senin isuk, bocah mlebu sekolah wiwitan ing taun


pelajaran baru. Lia saiki dadi bocah SMP. Umure ngancik
remaja. Ing pergaulane SMP, tentune uga beda karo jaman
nalika sekolah ing SD. Kancane saya akeh, teka ngendi-
ngendi. Gurune uga saya akeh. Pelajarane uga stansaya
akeh.

Rikala iku Lia oleh tugas kelompokan saka bu Guru


IPS. Dheweke lan kanca-kancane kumpul ing salah sawijine
omah e kancane sing wektu iku pas banget cedhek karo
sekolahan. Pelajaran IPS kudu merlokake HP supaya
nggampangake anggone golek materi sing wis duwulangke bu
guru.

“Arum, aku ajarana searching. Sepurane, aku lagi


ngerti sing jenenge HP.” Pisambate Lia

“Haaaa… kowe kok katrok temen ta Ya. Masa


googling golek materi wae ora bisa!”

“sasuwene iki pancen aku ora tau ndemok Hp, dadi


nganti tekan saiki gaptek aku.”
“Iya, kene dak warahi. Mengko tekan omah njaluk kon
numbasne bapak ibumu Hp ya!”

“Iya iya, tekan omah aku ngko bakal njaluk HP.”


Jelasku.

Wayah sore nalika bapak lan ibu lagi lungguh ing teras
ngarep omah, Lia sambat.

“Bapak, Lia nyuwun ditumbaske Hp nggih.” Panjaluke


Lia marang bapake

“Kok kadingaren men awakmu njaluk Hp. Ana apa


ndhuk?”

“Lia wonten tugas saking bu Guru bapak, kedah


searching wonten Hp. Kanca-kancane Lia kabeh uga wis
nduwe Hp.”

“Yawis, mengko dak tumbaske Hp sing rega sak


yutanan.”

“Alhamdulillah, matur nuwun bapak.” Bungah atine Lia.

Dina ganti wulan, wulan ganti tahun. Lia sing wiwit iku
wis kenal Hp saiki sajak e beda karo nalika jaman SD. Lia sing
sregep, Lia sing sumringah, Lia sing biasane juwara siji ing
kelas, saiki dadi kesed. Dheweke lumoh, angger diutus ibune
tuku sayur utawa resik-resik jogan wae ora tau budhal.

“Ndhuk, memeane entasana. Selak udan.” Kongkone


ibune Lia

“Nggih, sekedhap bu, taksih loading niki hlo!” jawabe


Lia
Ganti dina maneh,

“Ya, Ndhuk. Tulungana ibuk ngrajang brambang iki.”


Sambate ibune Lia.

“Nggih buk, sekedhap, meh oleh poin niki”

Akhire pakaryane ibune Lia kobra, merga Lia ora tau


gelem ngrewangi ibune. Saliyane gaweyane Ibune sing kobra,
prestasine Lia uga katon mrosot. Beda adoh nalika dheweke
isih SD. Bapak ibune wiwit bingung ngadhepi Lia sing saiki
kecandhuan gadged.

Wus ping pindho, wali kelas e Lia uga sambat marang


wong tuwane. Merga saiki Lia ing kelas mung klentrak klentruk
ora semangat sinau. Merga sewengi kokean nyawang Hp.
Akhire isuk ing sekolahan ngantuk. Kaya ngono mau sambate
wong tuwa lan guru-gurne Lia.

Pungkasane, Lia sing taune sregep sinau. Lia sing


prestasine kondhang sa- Ponorogo, dheweke kudu ngakoni
yen dheweke saiki dudu maneh Lia sing biyen. Merga
pengaruh saka Hp, Lia dadi bocah sing kesed, ora semangat,
lan apa-apa mung ketergantungan karo Hp.

Wiwit kedadeyan kuwi, akhire bapak lan ibune Lia


nduweni keputusan yen anake iku kudu mbalik kaya nalika SD
maneh. Mbuh kepriye carane, pokoke Lia kudu berprestasi
maneh. Pungkasane, Hp ne Lia sing sasuwene iki kerep
dianggo instagram-an, facebook-an, WA nan, uga main
game online, wiwit disita bapak lan ibune. Sadurunge Lia bisa
prestasi maneh, Hp ne ora bakal dibalekake.
Merga sasuwene iki ora nyekel Hp, Lia bali kaya Lia
sing biyen. Lia sing sregep sinau, mbantu wong tuwane, lan
Lia sing juara kelas.

Pranyata pengaruh HP iku gedhe banget kanggone


Lia. Nyatane, nalika dheweke nyekel Hp, dheweke banjur
ketagihan trus lali kewajibane. Bareng saiki ora nate nyekel
HP, dheweke bisa dadi juara kelas maneh. Mula, kanggone
para siswa, pendidikan kuwi penting banget. Aja dupeh
generasi milenial sing apa-apa sarwa teknologi, banjur lali
kewajibane pelajar.

***

Anda mungkin juga menyukai