Anda di halaman 1dari 6

CONTOH TEMBANG MACAPAT

NAMA :

1. ARIF ADITYA IKSAN M.


2. ALVIN FADILAH
3. AZANDI AQIL
4. BIMA ADITYAR
5. ASROUL KHASIBIN

SMK ISLAM PEMALANG


TAHUN AJARAN 2019/2020
1. TEMBANG MIJIL

Contoh Tembang Mijil:


Deda lanne guna lawan sekti (10i)
Kudu andhap asor (6o)
Wani ngalah dhuwur wekasane (10e)
Tumungkulla yen dipundukanni (10i)
Ruruh sarwa wasis (6i)
Samubarangipun (6u)

Poma kaki dipun eling (10i)


Ing pitutur ingong (6o)
Sira uga satriya arane (10e)
Kudu anteng jatmika ing budi (10i)
Ruruh sarta wasis (6i)
Samubarangipun (6o)
2. TEMBANG MASKUMAMBANG

Contoh tembang maskumambang:


Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi (12i)
Enggal tulungana (6a)
Awakku kecemplung warih (8i)
Gulagepan wus meh pejah (8o)

Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi (12i)


Ha nemu duraka (6a)
Ing donya tumekeng akhir (8i)
Tan wurung kasurang-surang (8a)
3. TEMBANG KINANTHI

Contoh Tembang Kinanthi:


Kagyat risang kapirangu (9u)
Rinangkul kinempi-kempit (8i)
Duh sang retnaning bawana (8a)
Ya ki tukang walang ati (8i)
Ya ki tukang ngenes ing tyas (9a)
Ya ki tukang kudu gering (8i)

Anoman malumpat sampun (8u)


Prapteng witing nagasari (8i)
Mulat mangandhap katingal (8a)
Wanodya yu kuru aking (8i)
Gelung rusak wor lan kisma (8a)
Kang iga-iga kaeksi (8i)
4. TEMBANG GAMBUH

Lan sembah sungkem ipun (7u)


Mring Hyang Sukma elinga sireku (10u)
Apan titah sadaya amung sadermi (12i)
Tan welangsira andhaku (8u)
Kabeh kagungan Hyang Manon (9o)

Tutur bener puniku, (7u)


Sayektine apantes tiniru, (10u)
Nadyan metu saking wong sudra papeki, (12i)
Lamun becik nggone muruk, (8u)
Iku pantes sira anggo. (8o)
5. TEMBANG DHANDANGGULA

Contoh tembag macapat Dandanggula :


amun sira ameguru kaki  (10i)
Amiliha manungsa sanyata (10a)
Ingkang becik martabate (8e)
Sarta weruh ing ukum (7u)
Kang ibadah lan kang wirangi (9i)
Sukur oleh wong tapa ingkang wus amungkul (13u)
Tan gumantung liyan (6a)
Iku wajib guronana kaki (10i)
Sartane kawruhanana (8a)

Yogyanira kang para prajurit (10i)


Lamun bisa samiyo anuladha (11a)
Duk ing nguni caritane (8e)
Andelira sang Prabu (7u)
Sasrabau ing Maespati (9i)
Aran Patih Suwanda (7a)
Lelabuhanipun (6u)
Kang ginelung tri prakara (8a)
Guna kaya purun ingkang den antepi (12i)
Nuhoni trah utama (7a)

Anda mungkin juga menyukai