Anda di halaman 1dari 3

Amelia Kharisma Putri (03)

Xl A6

Tembang Pocung (12u – 6a – 8i – 12a)

murid iku wajib bekti lan mituhu


pituturing dwija
sabarang reh ngati ati
tata krama empan papan katindakno

Tembang Sinom (8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 8i – 12a)

Lakune bocah sekolah


Sinau rino lan wengi
Kudune bocah sekolah
Mesti pinter lan setiti
Nanging jaman saiki
Sinanune ora luhur
Karo seneng dolanan
Ora bisa migunani
Mung bisa njaluk lan nyusahke wong tuwa

Tembang kinanthi (8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i)

kabeh kudu nuntut ilmu


kanggo pedomane urip
nang donya lan nang akhirat
dene ilmu dipahami
mula akeh keuntungan
lan ketentreman urip

Tembang Mijil (10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6o)

Penguasa aja mung umbar janji


Ora ngganceng ndonya
Urip mung mikir awake dhewe
Aja mung dolan nang luar negeri
Mbokya padha tangi
Pikirna rakyatmu

Tembang gambuh (7u - 10u - 12i - 8u -8o)

Ayo padha sinau


Yen kepengin entuk akeh ilmu
Ilmu iku penting anggone wong urip
Supaya uripe maju
Yen wis maju aja sombong

Tembang maskumambang (12i – 6a – 8i – 8o)

Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi


Ha nemu duraka
Ing donya tumekeng akhir
Tan wurung kasurang-surang

Tembang asmaradana (8i – 8a – 8e – 7a – 8a – 8u – 8a)

Nang wong tuwo ojo lali


Sawise sukses ing donya
Ilingo neng dunyo kene
Ojo ngelawan wong tuo
Yen ora gelem susah
Katresnane kabeh waktu
Wong tuwo iku mulyo

Tembang dhandanggula(10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 6u – 8a – 12i – 7a)

Ilmu sing iso digowo mati.


Mung ilmu manfaat lan jariyah.
Dieling titi wancine.
Wancinane uripmu.
Merga urip ning dunya iki.
Namung urip sadela.
Bebarengan ngilmu.
Ilmu sing marang agama.
Kunci kaselamatane dunya iki.
Ing dunya lan akhirat.

Tembang megatruh (12u – 8i – 8u – 8i – 8o)

Kаbеh іku mung manungsa kаng ріnujul


Mаrgа duwе lаhіr bаtіn
Jroning urip іku mau
Iѕі ati klаwаn budі
Iku ріrаntіnе еwоng

Tembang Durma (12a - 7i - 6a - 7a - 8i - 5a - 7i)

Ingkang eling Iku ngelingana marang


sanak kadang kang lali
Den nedya raharja
Mangkono tindak ira
Yen tan ngugu ya uwis
Teka menenga
Mung aja sok ngrasani

Tembang pangkur (8a-11i-8u-7a-12u-8a-8i)

Nuntut ilmu neng sekolah


Bisa angerteni budi pekerti
Papan bisa nggo sinau
Wayah esok lan awan
Ngrungoake perintahe marang guru
Lan bisa ngerti agama
Agama kang migunani

Anda mungkin juga menyukai