Anda di halaman 1dari 6

Gunggungipun tembang macapat

Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika:

1.      Mijil
2.      Kinanthi
3.      Sinom
4.      Asmarandana
5.      Dhandhanggula
6.      Gambuh
7.      Maskumambang
8.      Durma
9.      Pangkur
10.  Megatruh
11.  Pocung

 Watak lan Gunane Tembang Macapat


Nama Sekar :Watak Ginanipun
Mijil : asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe prihatin
Kinanthi : seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna, mulang
Sinom : ethes, prasaja piwulang, wewarah
Asmaradana : tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan, mulang, tresna
Dhandhanggula : luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih nandhang tresna,
mbuka sekar/ srat, mahyaaken kahanan menapa kemawon cocok
Maskumambang : nelangsa, ngeres-ngeresi, sedhih mahyakaken raos panalangsa
Durma :keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu, perang
Pangkur : sereng, nepsu, gandrung pitutur radi srengen, gandrung
Pocung : sembrana, parikena, lucu cangkriman, crita lucu, guyon
Gambuh : sumanak, sumadulur mulang, pitutur
Megatruh : prihatin, getun, keduwung, sedhih cariyos ingkang sedhih, getun
Balabak : sembrana, saenake, lucu guyonan sakepenake, sembrana
Wirangwong
Wibawa :mahyakaken keagungan, kaendahan, piwulang
Girisa : gagah, wibawa, wanti-wanti piwulang, kasepuhan
Jurudemung : kenes (genit) mancing brahi

Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan Tembang Macapat


1.      Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2.      Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3.      Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4.      Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
5.      Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
6.      Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
7.      Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8.      Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9.      Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
10.  Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11.  Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-
ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi
abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing
ngisor iki:

1.        Maskumambang
Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa
wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé
ngambang nyang kandhutané ibuné.

Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i)


Sanadyan wong tuwa (6 a)
Yen duwe watek tan becik (8 i)
Miwah tindak tan prayoga (8 a)

2.        Mijil
Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.

Lan dimantep mring panggawe becik (10 i)


Lawan wekas ing  ngong (6 o)
Aja kurang, iya panrimané (10 é)
Yen wis tinitah marang Hyang widhi (10 i)
Ing badan puniki (6 i)
Wus pepancen ipun (6 u)
3.        Sinom
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya
bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.

Nulada laku utama (8 a)


Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i)
Wong Agung ing Ngeksi Ganda (8 a)
Panembahan senapati (8 i)
Kepati amarsudi (7 i)
Sudaning hawa lan nepsu (8 u)
Pinesu tapa brata (7 a)
Tanapi ing siyang ratri (8 i)
Amemangun karye naktya sing sasama (12 a)

4.      Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah
panguripan ing alam ndonya.

Dadiya laku nireku (8 u)


Cegah dhahar lawan guling (8 i)
Lawan aja sukan sukan (8 a)
Anganggowa sawatawis (8 i)
Ala wateke wong suko(8 o)
Nyuda prayitna ning batin(8i)

5.      Asmarandana
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau
wis dadi kodrat Ilahi.
Aja turu soré kaki (8 i)
Ana Déwa nganglang jagad (8 a)
Nyangking bokor kencanané (8 é)
Isine donga tetulak (8 a)
Sandhang kelawan pangan (7 a)
Yaiku bagéyanipun (8 u)
wong melek sabar narima (8 a)

6.      Gambuh
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké
antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa
urip bebrayan.

Sekar gambuh ping catur (7 u)


Kang cinatur polah kang kalantur (10 u)
Tanpa tutur katula-tula katali (12 u)                  
Kadaluwarso katutur (8 u)
Kapatuh pan dadi awon (8 o)

7.      Dhandhanggula
Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan.
Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi
wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

Lamun sira anggeguru kaki (10 i)


Amiliha manungsa kang nyata (10 a)
Ingkang becik martabate (8 é)
Sarta kang wruh ing hukum (7 u)
Kang ngibadah lan kang wirangi (9 i)
Sokur oleh wong tapa (7 a)
Ingkang wus amungkur (6 u)
Tan mikir paweweh ing lyan (8 a)
Iku pantes sira guranana kaki (12 i)
Sartane kawruhana (7 a)
8.      Durma
Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa
welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh
rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka
piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.

Wusnya tibeng bentala prabu Rahwana (12 a)


Pancasonane dadi  (7 i)
Sirna tatu nira (6 a)
Tung tumpulih sedaya (7 a)
Nepak bau kradha angrik (8 i)
Ndedel ngawiyat (5 a)
Ngusir nanendra peksi (7 i)

9.      Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir
tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.

Sekar Pangkur kang winarna (8 a)                             


lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i)
ala lan becik puniku (8 u)
prayoga kawruhana  (7 a)
adat waton puniku dipun kadulu (12 u)                           
miwa ingkang tatakrama (8 a)
den kaesthi siyang ratri (8 i)

10.  Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan
marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

Na ra kena sinelak selak pineluk (12 u)                


Mring kang ngadhang adhang sisip (8 i)
Yen loro anggepi reku (8 u)
Teman kether maring ngening (8 i)
Adoh kae let tan adoh (8 o)

11.  Pocung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé
dikubur.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u)


Lekase lawan kas (6 a)
Tegese kas nyantosani (8 i)
setya budya pangekesing dur angkara (12 a)

Anda mungkin juga menyukai