Anda di halaman 1dari 18

TEMBANG

MACAPAT
KELAS XI
KARYA SASTRA
TEKS SASTRA TEKS NON SASTRA

Merupakan karya fiksi,


1. Lirik -> tembang
2. Epos (prosa) -> karya sastra kang awujud paragraf
(cerkak, novel)
3. Dramatik -> karya sastra kang dipentasake
(drama, teater)
TEGES TEMBANG MACAPAT

yaiku salah sawijining karya sastra


kang dilagokake kang nduweni
paugeran (aturan) tartamtu.
PAUGERAN
TEMBANG MACAPAT
1. Guru Gatra (Baris)
yaiku cacahe larik (baris) saben sapada (satu bait)

2. Guru Wilangan (Jumlah)


yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (satu baris)

3. Guru Lagu
yaiku dong dinge swara / tibane swara ing pungkasane
gatra (baris)
TEMBANG JAWA KAPERANG DADI 3, :

01 02 03
TEMBANG TEMBANG ALIT
GEDHE TEMBANG :
: TENGAHAN TEMBANG
MANTEN (SEKAR MACAPAT
WAYANG MADYA)
*Tembang macapat nduweni titi
laras (notasi) lan cakepan (lirik).

JINIS TITI LARAS TEMBANG MACAPAT


1.Titi Laras Pelog (1 2 3 4 5 6 7)
1 (ji), 2 (ro), 3 (lu), 4 (pat), 5 (ma), 6 (nem), 7 (pi)
2. Titi Laras Slendro (1 2 3 5 6)
Ora ana 4 lan 7
“MAS PUCUNG, MEGAT GAMBUH,
MIJIL KANTHI, DURPUNGKASMARAN,
SI DHANDHANG”
URUTAN LAN WATEK TEMBANG MACAPAT

1.Maskumambang
Paugeran : 4 gatra => 12i, 6a, 8i, 8a
Watek : Sengsara, ketula-tula. Mathuk kanggo nggambarake
rasa sedhih.
Filosofi : “emas” lan “kumambang”, tegese manungsa nalika
isih ana ing njero kandungan (janin)
URUTAN LAN WATEK TEMBANG MACAPAT

2. Mijil
Paugeran : 6 gatra => 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Watek : Prihatin. Mathuk kanggo critaa kang ngemu rasa
kasedhihan.
Filosofi : saka tembung wijil tegese ‘lair’. Saengga
nggambarake janin kang lair saka rahim ibu
URUTAN LAN WATEK TEMBANG MACAPAT

3. Sinom
Paugeran : 9 gatra => 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Watek : Canthas lan ethes. Prayoga kanggo aweh pitutur.
Filosofi : sinom tegese ‘enom’, nggambarake manungsa nalika
mudha kang kudu digunakake kanggo golek ngelmu.
URUTAN LAN WATEK TEMBANG MACAPAT

4. Kinanthi
Paugeran : 6 gatra => 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Watek : Seneng lan tresna. Mathuk kanggo mulang muruk
kang ngemu rasa katresnan.
Filosofi : kinanthi tegese ‘digandheng’, nggambarake
panguripan anak kang mbutuhake tuntunan lan bimbingan
URUTAN LAN WATEK TEMBANG MACAPAT

5. Asmarandana
Paugeran : 7 gatra => 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
Watek : Sedhih, sengsem, prihatin marga ketaman ing rasa
asmara, kanggo ing carita kang medharake asmara.
Filosofi : saka tembung ‘asmara’ tegese tresna, lan ‘dahana’
tegese geni. Mula nggambarake uripe manungsa kang wiwit
kenal tresna
URUTAN LAN WATEK TEMBANG MACAPAT

6. Gambuh
Paugeran : 5 gatra => 7u, 10u, 8u, 8u, 8o
Watek : Sumanak lan sumadulur. Mathuk kanggo aweh
pitutur utawa sesorah kang ngemu rasa rada sereng.
Filosofi : sawise ngenal tresna, manungsa banjur lumaku ing
tahap urip sabanjure yaiku omah-omahan.
URUTAN LAN WATEK TEMBANG MACAPAT

7. Dhandhanggula
Paugeran : 10 gatra => 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
Watek : Luwes lan ngresepake. Mathuk kanggo nggambarake
sekabehane.
Filosofi : nggambarake asil saka pernikahan kang manis.
URUTAN LAN WATEK TEMBANG MACAPAT

8. Durma
Paugeran : 5 gatra => 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Watek : Sereng, kanggo ing carita kang ngemu surasa
sereng.
Filosofi : ‘munduring tata krama’, nggambarake sipat alane
manungsa kayata nepsu, umuk, gumedhe, lsp
URUTAN LAN WATEK TEMBANG MACAPAT

9. Pangkur
Paugeran : 7 gatra => 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Watek : Sereng lan nepsu. Mathuk kanggo pitutur sereng,
crita perang, lan pambukaning crita.
Filosofi : saka tembung ‘mungkur’ tegese undur diri,
nggambarake manungsa kang tansaya tuwa lan ngalami lara
awak
URUTAN LAN WATEK TEMBANG MACAPAT

10. Megatruh
Paugeran : 5 gatra => 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Watek : Trenyuh lan memelas. Mathuk kanggo crita kang
ngemu rasa susah.
Filosofi : megat tegese ‘pisah‘ lan ruh tegese ‘nyawa’,
nggambarake kahanan manungsa kang wis tinggal donya.
URUTAN LAN WATEK TEMBANG MACAPAT

11. Pucung
Paugeran : 4 gatra => 12u, 6a, 8i, 12a
Watek : Kendho, sasenenge. Mathuk kanggo crita kang
sakepenake.
Filosofi : nggambarake kahanan manungsa nalika wis neng
alam kubur.

Anda mungkin juga menyukai